Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-04, #383

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-04, #383. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-04, #383. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka 4, April 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan.

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapha Insêtitut (JAVA INSTUTUT)[1] Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 4.

1. Pasanggiri, 2. Papriksan bab katabêrènipun tiyang siti, 3. Sayêmbara tumrap kagunan pandamêling barang mas lan salaka, 4. Anggêr-anggêr tumrap pradata Jawi, 5. Moncèripun panguwaos Walandi wontên ing Indhiya wetan.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 81 ---

Ăngka 4, April 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pasanggiri

Ngimpun dolanan sarta lêlagonipun lare-lare.

Pasanggiri punika lêrêsipun sampun sawatawis lami, nanging awit saking wontên pambênganipun, sawêg sapunika sagêdipun mariksa tuwin mutusi panandhingipun.

Mênggah wontênipun karangan namung 5, sadaya basanipun Jawi. Nanging gunggung kêmpalipun kagolong taksih nguciwani, botên wontên ingkang nêtêpi yêktos kados pêpanggilipun, kawrat ing samakipun sêrat Pusaka Jawi wulan Juli taun 1923, utawi ing Sêrat Djawa 1923 kaca 192.

Angsal-angsalaning panandhing, karangan 5 wau ingkang prayogi piyambak kintunanipun sadhèrèk Mas Arta Pracaya, isi III bab anggènipun andèkèki katêrangan kirang nyêkapi, ewadene ugi katawis manawi dipun pêng panggarapipun, nanging sêmunipun kasêsa. Awit saking punika botên sagêd angsal ganjaran ăngka I, namung dhawah ăngka II (arta kathahipun f 50).

Sor-soranipun punika wau: kintunanipun sadhèrèk Duryat Darmaatmaja, namung isi 18 bab, nanging panggarapipun sampun ngèmpêri pêpanggil, pantês ingalêmbana. Dipun angsalakên ganjaran ăngka III (kathahipun f 25).

Dene karangan sanèsipun, isinipun sami taksih tangèh anggènipun ngèmpêri

--- 82 ---

pêpanggiling pasanggiri, pramila botên sagêd angsal ganjaran.[2]

Wasana muga sami andadosakên kauningan, sarta sadhèrèk kêkalih ingkang sami angsal ganjaran wau kaajêng-ajêng kaparêngipun ngintuni ngalamat dalêmipun ing sapunika, dhumatêng panitranipun Java Instituut Kadipala, Surakarta.

Juru panandhing.

Papriksan Bab Katabêrènipun Tiyang Siti

Parêpatanipun kumisi ingkang kapatah nitipriksa kawontênaning katabêrènipun tiyang siti nêtêpakên pratelan kalih rupi ingkang kawrat ing ngandhap punika, kacirèn aksara A tuwin B isi pitakèn warni-warni.

Saking pamanggihipun kumisi wau, panindaking papriksan bab kawontênanipun samangke, katabêrèn saha kagunanipun tiyang siti, punapadene patukanganipun (damêl barang-barang limrah utawi barang adèn-adèn) makatên ugi bab rekadayanipun nyaèkakên utawi ngajêngakên katabêrèn wau (samangke sawêg tumrap ing pulo Jawi, Madura tuwin Bali rumiyin) punika prayogi sarana:

a. Nyuwun pitulunganipun para priyagung bupati ing pulo-pulo wau murih sagêd gampil anggènipun mangsuli pitakèn-pitakèn ingkang kawrat ing pratelan aksara A. Amila pratelan punika (kasêrat ing basa Walandi tuwin Malayu) kaaturna dhatêng para prayagung bupati wau.

b. Rêrêmbagan kalihan para prayagung bupati tuwin sanèsipun ingkang karsa migatosakên bab punika, ingkang ing wêwêngkonipun utawi padununganipun wontên panggaotanipun tiyang siti ingkang kawical agêng, inggih punika tumrap wangsulanipun pitakèn-pitakèn ingkang kawrat ing pratelan aksara B.

Pratelan A (Papriksanipun Yapha Insêtitut)

1. Katabêrèn saha kagunan, patukangan damêl barang-barang limrah utawi adèn-adèn, ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika sarta ingkang katindakakên tiyang siti wontên ing griya ingkang mligi kangge panggaotan, utawi wontên ing griyanipun pyambak, punika tumrapipun ing wawêngkon panjênêngan, pundi ingkang kawical agêng. (Anggènipun mangsuli pitakèn punika cêkap amung sarana nyorèki mawi patêlot abrit ing sangandhaping namanipun padamêlan-padamêlan ingkang kawrat ing ngandhap punika kemawon, ingkang ing wêwêngkon panjênêngan wontên).

--- 83 ---

I. a. Nganam tudhung, kranjang, dhus (pêthèn) bumbungan, karung utawi goni, kanthongan ingkang kagandhulakên)... krukup lalêr, dolanan lare, pirantos misaya ulam, ingkang badhenipun rupi-rupi, kados ta: dêling, panjatos, ron pandhan, lontar, ron gêbang, sada kalapa, sada arèn, mendhong, wlingi sasaminipun, rêmbulung utawi klokopan kirai sasaminipun, duk tuwin sapanunggilanipun.

b. Nganam gêlaran tumrap jrambah tuwin tumrap sanèsipun.

c. Damêl sikat sasaminipun, kèsèd sasaminipun, ingkang kadamêl bangsaning sêpêt, kados ta: sêpêt kalapa, sêrat nanas utawi sanèsipun.

d. Damêl dhadhung utawi tangsul, ingkang kadamêl bangsaning sêpêt utawi klokopaning kêkajêngan.

II a. Damêl barang tênunan limrah. (Lurik, polèng sapanunggilanipun).

b. Damêl barang-barang tênunan sutra mawi bênang mas utawi salaka utawi botên mawi. (Songkèt utawi polos).

c. Damêl barang-barang tênunan ingkang kawastanan ikat (kain kasang, kain gubah), ingkang dipun damêl kapas.

d. Damêl barang-barang tênunan ikat, badhenipun sutra (cindhe utawi cindhèn).

e. Damêl barang-barang tênunan. Badhenipun agêl (bagor).

f. Damêl barang-barang tênunan kangge sabuk (sêtagèn)

g. Damêl barang-barang tênunan mawi badhe sanèsipun ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil (kados ta: widuri, sêratking[3] gêdêbog pisang sapanunggilanipun).

h. Damêl renda-renda bênang limrah utawi bênang sutra utawi bênang mas, bênang slaka.

i. Nyulam mawi bênang limrah tuwin bênang sutra, bênang mas utawi slaka, kêtèp sarta sanès-sanèsipun ing kopyah, cênela (kasut) èpèk (sabuk) trumpah, sapanunggilanipun.

j. Damêl pasmèn.

k. Ngronce mote kangge ngrêngga cênela, èpèk, kanthong wadhah yatra sasaminipun.

III. a. Nyêrat (ambathik, tuwin ngêcap montên).

b. Nyêrat (ambathik) tuwin ngêcap sutra (lukcan)

c. Nyêrat (ambathik) tuwin ngêcap mawi prada.

d. Mulas sêratan (bathikan) inggih punika nyêlêp, nyoga tuwin sapanunggilanipun.

e. Damêl badhe tritik, jumputan tuwin sêkaran.

f. Damêl plangi

--- 84 ---

IV. Damêl barang-barang jêne tuwin slaka (mawi rêrênggan sêkaran tinatah utawi patrap sanèsipun, mawi rajawêrdi, damêl sêkaran ing jêne utawi salaka mawi toya kêras, damêl rêrênggan mawi bênang mas utawi slaka, mawi rêrênggan pating prênthil, email, sangub, nyêpuh utawi nglapis jêne utawi slaka, ngêdus nèkêl, ngêtrap sela (intên sasaminipun) ngangge suwasa, balèn, nèkêl tuwin sapanunggilanipun).

V. Damêl barang-barang jênean sarana dipun êcor mawi nindakakên patrap-patrapipun damêl rêrênggan (kados ta: natah sêkaran utawi pêpêthan sanès-sanèsipun, ngangge email utawi rajawêrdi cêmêng, trancangan, rêrênggan mêndul utawi dhêkok, sapanunggilanipun) damêl găngsa jênean.

VI. Damêl barang-barang têmbagi.

VII. a. Damêl dhuwung, waos tuwin dêdamêl sanèsipun ingkang kangge upacara (mawi pamor utawi botên).

b. Damêl pirantos-pirantosing têtanèn, tuwin barang-barang tosan sanèsipun.

c. Damêl tapêl kapal.

d. Damêl barang-barang mawi kawat tosan (krodhong dilah sasaminipun).

VIII. Damêl barang-barang blèk:

a. Barang-barang tumrap parluning tiyang gêgriya.

b. Rêrênggan wuwunging griya.

IX. a. Damêl barang-barang kajêng pirantosipun tiyang gêgrila[4] utawi mèbêl (mawi rinêngga utawi botên).

b. Damêl kareta, dhokar sasaminipun, grobag, damêl rodha kareta utawi dhokar utawi grobag.

c. Damêl balungan griya, badhenipun kajêng (saha ingkang ingukir, kori, gêbyog tuwin sapanunggilanipun).

d. Damêl barang-barang tumrap parlunipun tiyang gêgriya (gamparan, enthong sapanunggilanipun).

e. Damêl barang-barang alit mawi ingukir (pêthèn, gayor alit, sapanunggilanipun).

f. Damêl barang-barang kajêng sarana binubut, dipun grantos utawi dipun tèmplèki.

g. Damêl wayang kajêng (wayang golèk tuwin wayang krucil).

h. Damêl topèng kajêng.

i. Damêl răngka dhuwung tuwin ukiran.

j. Damêl têtabuhan mawi badhe kajêng (rêbab, angklung, gambang sapanunggilanipun) damêl garobogan găngsa utawi gayor.

X. Damêl barang-barang bathok kalapa.

XI. a. Damêl mèbêl dêling.

b. Damêl gêdhèg griya.

c. Damêl songsong.

d. Damêl barang-barang dêling ingkang dipun angge ing

--- 85 ---

griya (sêngkêran pêksi, bumbung celengan, sapanunggilan).[5]

e. Damêl barang-barang dêling mawi sêkaran ingkang kabêsmi.

XII. a. Damêl lapak wacucal, pakean kapal, sabuk tuwin èpèk wacucal, sêpatu wacucal, kasut tuwin trumpah.

b. Damêl ringgit wacucal (ringgit purwa), jamang utawi makutha tuwin praba tumrap ringgit tiyang, kêpêt wacucal, lêt-lêt maos, sapanunggilanipun.

c. Damêl barang-barang ngangge wacucaling sawêr, mênyawak sapanunggilanipun.

d. Nyamak wacucal.

XIII. Damêl barang-barang singat, balung, pênyu, kima, gadhing, giwang, akar bakar sapanunggilanipun.

XIV. Damêl barang-barang sela.

a. Damêl tègêl jrambah, umpak, talêsing griya tuwin sanèsipun, kangge yasa griya.

b. Damêl lumpang, pipisan, pot sêkar tuwin pirantos sanès-sanèsipun tumrap tiyang gêgriya.

c. Damêl maejan, rêca sasaminipun.

XV. Damêl pot-pot (damêl barang-barang siti mawi rêrênggan utawi lugas, ngobong barang-barang siti, damêl barang-barang siti mawi dipun gilapakên kados bêling).

XVI. Damêl banon tuwin gêndhèng

a. Nyithak sarta ambêsmi banon.

b. Nyithak sarta ambêsmi gêndhèng limrah.

c. Damêl gêndhèng ingkang wangunipun botên kados gêndhèng limrah (kados ta: ingkang dipun wastani Echtsche pannen, gêndhèng mawi rêrênggan. Gêndhèng wuwung tumrap payon atêp, sapanunggilanipun.

d. Barang-barang sanèsipun tumrap tiyang yasa griya, kados ta: tembok sumur sasaminipun.

XVII. Ambêsmi gamping.

XVIII. Damêl manisan, sale pisang, jênang, satu (jênang dodol, satu asêm, sapanunggilanipun) sêtrup, acar, sêle.

XIX. Damêl gêndhis (gêndhis kalapa, gêndhis arèn, sapanunggilanipun).

XX. Damêl galêpung.

XXI. Damêl lisah (lisah klêntik, lisah jarak, tuwin sapanunggilanipun).

XXII. Damêl lisah wangi (lisah kênanga, lisah rêgulo sapanunggilanipun) ambar sasaminipun, bangsaning dupa (dupa, sêtanggi). Damêl barang-barang mawi oyod larasêtu. Damêl jampi-jampi.

XXIII. Damêl srutu tuwin sigarèt.

XXIV. Damêl dolanan lare tuwin barang-barang alit-alit mawi badhe rupi-rupi (kajêng, blèg, dêling, dlancang, woh jali, rambut, wulu, sisik, sapanunggilanipun) damêl sêkar-sêkaran utawi wowohan, badhenipun dalancang utawi lilin.

--- 86 ---

XXV. Ngêcap sêrat-sêrat tuwin nyamak buku.

XXVI. Damêl pangangge, kopyah, kêthu utawi krêpus, sasaminipun, damêl kasur.

2. Punapa ing bawah panjênêngan wontên panggaotan sanèsipun ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau sarta ingkang kawical agêng, inggih punika katabêrèn tuwin kagunan, patukangan damêl barang-barang limrah utawi adèn-adèn, ingkang katindakakên tiyang siti wontên ing griya ingkang mligi kangge nyambut damêl utawi ing griyanipun pyambak. (Kapratelakna cêkakan kemawon).

3. Pintên cacahipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl (tukang-tukang tuwin kuli-kuli kapratelakna pyambak-pyambak) ing satunggal-tunggaling pakaryan utawi panggaotan ingkang panjênêngan pratelakakên wau (kenging kakintên-kintên kemawon), epahan utawi pamêdalipun tukang-tukang tuwin kuli-kuli wau racakipun pintên.

4. Punapa panjênêngan sagêd paring katrangan ingkang parlu-parlu bab pamêdalipun barang-barang ing panggaot-panggaotan wau tuwin bab pambucalipun (panyadenipun).

5. Mênggah saking panggalih panjênêngan, rêrigên punapa ingkang parlu utawi prayogi katindakakên, murih icaling utawi saening kawontênan-kawontênan utawi lêlampahan, ingkang dados pêpalang tumrap majêng utawi agênging panggaotan. Tumrap sagêdipun angsal băndha-băndha tuwin pirantos-pirantos, tumrap lampahing padagangan nyade barang-barang pamêdalipun panggaotan wau.

6. Rêrigên punapa ingkang sampun katindakakên ing wawêngkon panjênêngan, sarta rekadaya punapa ingkang sampun katindakakên, kangge ngajêngakên utawi minăngka panggasah tumrap panggaotan utawi panggaotan-panggaotan, sarta pikantukipun kadospundi.

Bab wontênipun rêrigên wau panampinipun para tukang kadospundi. Wohipun kadospundi.

Pretelan[6] B (papriksan Yapha Insêtitut)

Pitakèn-pitakèn ingkang kawrat ing ngandhap punika kêdah kawangsulan, sasagêd-sagêd tumrap satunggal-tunggaling panggaotan ingkang kawical agêng ing wawêngkon panjênêngan, ingkang kawrat ing pratelan aksara A panunggilanipun pratelan punika.

I. Kawontênanipun sapunika

1. Sapintên agênging panggaotan (upami sarana dipun pratelakakên cacahing panggenan nyambut damêl, kathahipun têtiyang siti ingkang sami nyambut damêl ing ngriku utawi tumrap panggenan nyambut damêl wau. Punapadene cacahing têtiyang ingkang sami nyambut damêl [da ...]

--- 87 ---

[... mêl] ing griyanipun pyambak-pyambak, utawi ing panggenan nyambut damêl alit-alitan, ingkang manawi wontên kapitunènipun kasanggi pyambak).

2. Padamêlan-padamêlan ing panggenan-panggenan nyambut damêl utawi ing griya-griya wau punapa dipun pilah-pilah, liripun, satunggal-tunggaling tiyang dipun bêbahi ngrampungakên saperanganing padamêlan, punapa satunggal-tunggalipun tiyang damêl barang satunggal sarampungipun. Manawi panggarapipun padamêlan kabage-bage, punika kadospundi pangêdumipun, sarta lampah ingkang kados makatên punika tumrapipun padamêlan tuwin para ingkang sami nyambut damêl (jalêr èstri) prayogi punapa botên.

3. Tumrap panggenan-panggenan nyambut damêl wau punapa ugi wontên têtiyang siti ingkang sami nyambut damêl ing sajawinipun panggenan nyambut damêl, upami wontên ing griyanipun pyambak. Manawi wontên, têtiyang wau dipun sukani bêbahan punapa, sarta kadospundi anggènipun ngulatakên padamêlanipun, kadospundi panatanipun bab anggènipun anglêbêtakên barang-barang ingkang sampun dados, anggènipun nitipriksa awon saening garapan tuwin bab bayaranipun. Punapa tumrapipun bab punika taksih wontên nalar-nalaripun ingkang dèrèng prayogi utawi sakeca. Manawi wontên, kapratelakna pisan.

4. Panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan-panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika punapa amung nyambut damêl angwontênakên barang-barang kathah manut pola ingkang sampun wontên kemawon, punapa inggih asring ngêdalakên barang-barang anggitan enggal, inggih punika bab pangyasa utawi rêrêngganipun. Tumrapipun bab punika punapa wontên upaminipun.

5. Panggaotan ingkang katindakakên ing griya punika parlunipun damêl barang-barang ingkang amung kasade kemawon, punapa ugi (utawi) amung mligi dipun angge pyambak kalihan batih tuwin sanak sadhèrèk. Punapa sagêd mratelakakên pintên perangan ingkang dipun angge pyambak, pintên ingkang dipun sade. Barang-barang punapa ingkang dipun angge pyambak wau.

6. Pakaryan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya wau dados panggaotan ingkang baku punapa amung dumunung sambèn. Manawi sambèn, ingkang dados panggaotan lugu punapa. Padamêlan sambèn wau tumrapipun ingkang nindakakên wontên epahan utawi pituwasipun punapa botên.

7. Têtiyang jalêr utawi èstri ingkang sami nyambut damêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika punapa sami angsal êmpingan (pursêkot) utawi mawi prajanjian ingkang katamtokakên. Manawi lêrês [lêrê ...]

--- 88 ---

[... s] makatên, sapintên pursêkotipun wau, limrahipun sintên ingkang nyukani pursêkot punika sarta prajanjianipun kadospundi. Dene prajanjian ingkang katamtokakên wau ungêlipun kadospundi. Punapa nate wontên prakawis bab punika, sarta kadospundi anggènipun ngrukunakên.

8. Bab tiyang ingkang sami nyambut damêl sagêd angsal pursêkot punika tumindakipun punapa botên damêl èwêd-pakèwêd tumrap ingkang sami angsal pursêkot tuwin ingkang nyukani pursêkot. Makatên ugi prajanjian bab nyambut damêl, punika punapa wontên èwêd-pakèwêdipun. Manawi èwêd-pakèwêdipun wau dados jalaraning kawontênan ingkang botên prayogi, mugi kapratelakna.

9. Kadospundi kawontênanipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya. Punapa wontên ikang kenging kaanggêp cêkap. Manawi wontên, punapa mênggah ingkang dados sababipun (saking dugi-dugi utawi ingkang sampun kasumêrêpan) dene gêsangipun têtiyang wau langkung cêkap tinimbang tukang ingkang kathah-kathah. Bêbathèn saking anggènipun nindakakên panggaotan wau katanjakakên utawi kacanthèlakên punapa.

10. Punapa wontên dhusun-dhusun utawi kampung ingkang pancèn panggenanipun tukang-tukang ingkang nindakakên panggaotan warni satunggal, sarta punapa wontên tanah-tanah panggenanipun tiyang damêl barang-barang tumrap panggotan warni satunggal. Dhusun-dhusun, kampung-kampung utawi tanah-tanah wau dunungipun ing pundi, sarta karaharjanipun para tukang ing ngriku kadospundi, wêwah punapa suda, cacahipun wêwah punapa suda. Punapa sabab-sababipun wêwah utawi suda wau, kenging punapa panggaotan wau nglêmpak dados satunggal ing dhusun-dhusun, kampung-kampung utawi tanah-tanah punika.

11. Para warganipun parentah dhusun tuwin para sêsêpuhing dhusun-dhusun, kampung-kampung utawi tanah-tanah wau punapa sagêd nyariyosakên mênggah wontênipun panggaotan punika ing ngriku, indhak-indhakipun, koju mujuripun tuwin suda wêwahipun, mawi mratelakakên sabab-sababipun.

12. Kawontênanipun panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya ing samangke punika punapa sêmunipun têksih ajêg kemawon sarta taksih lêstantun manut cara lami. Punapa majêng manut bangunan enggal, punapa saya dangu saya dados alit. Punapa ingkang dados sabab-sababipun ingkang parlu tumrap kèndêling pangotan,[7] utawi suda wêwahipun (majêng munduripun).

13. Ingkang sami nindakakên panggaotan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika [puni ...]

--- 89 ---

[... ka] punapa kathah ingkang waunipun sinau ing pamulangan, utawi sampun tamat anggènipun sakolah utawi amung sinau nindakakên padamêlan (kados ta: ing sakolahan patukangan utawi ing bingkil), dayaning kasagêdan pamulangan (sêkolahan), tuwin pasinaon ngêcakakên padamêlan punika punapa katingal utawi katawis ing padamêlan. Sintên ingkang nyinau murid-murid utawi sampun nyinau murid-murid. Para tukang ing samangke punika sajatosipun kadospundi anggènipun sinau kawruhipun patukangan. Punapa pancèn wontên lampah-lampahipun tiyang dados makatên punika ingkang ragi katata. Manawi wontên, kadospundi pranatanipun sarta tuwuhipun. Para tukang punika wiwitipun nyambut damêl ingkang kathah punapa wiwit taksih nèm, sarta lajêng lêstantun sajêgipun gêsang, punapa anggènipun nyambut damêl amung sawatawis măngsa. Panggaotanipun punika limrahipun turun-tumurun saking bapa dhatêng anak, punapa botên.

14. Têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika punapa taksih kathah ingkang gadhah dhasar sagêd damêl gagrag enggal, inggih punika bab patrapipun damêl barang-barang, nganggit cithakan tuwin pola enggal. Têtiyang wau samangke kadospundi anggènipun sami nyambut damêl.

15. Panyambutipun damêl tiyang-tiyang ing panggenan nyambut damêl punika pintên jam, sarta manawi nyambut damêl ing griya limrahipun pintên jam.

16. Epahanipun tiyang-tiyang ingkang sami nyambut damêl ing panggenan nyambut damêl punika pintên, sarta pamêdalipun ingkang sami nyambut damêl ing griya pintên.

17. Punapa wontên pakêmpalanipun tiyang siti ingkang nindakakên panggaotan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya, tuna bathinipun sami karaosakên ingkang sami dados warganing pakêmpalan wau. Manawi wontên, kadospundi pranatanipun pakêmpalan wau, wontênipun sampun pintên taun, kadospundi tumindakipun, punapa wontên pakèwêd-pakèwêdipun.

18. Tumindaking panggaotan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika mawi pawitan punapa. (Arta celengan, artanipun pyambak, andhil-andhil, pawitan saking tiyang mănca, saking nyambut dhatêng tukang nyambutakên arta, dhatêng apdhèling bang, bang dhusun, saking anggantosakên rajadarbe, sapanunggilanipun) têtiyang ingkang sami nyambut damêl botên ngangge pawitanipun pyambak punika punapa sami nêtêpi kuwajibanipun. Manawi botên, punapa ingkang dados pakèwêd sarta punapa sabab-sababipun.

19. Panggaotan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya wau tumindakipun punapa amung manawi wontên wêlingan kemawon, punapa [puna ...]

--- 90 ---

[... pa] ugi tumrap sade barang-barang dêdamêlanipun ing pêkên-pêkên, utawi dhatêng sanès panggenan sarana pitulungan utawi lantaranipun sudagar-sudagar. Punapa sampun nate kalampahan, padamêlan ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya kapêksa dipun kèndêlakên ing sawatawis măngsa rumiyin, awit kirang wêlingan, utawi cacahing barang-barang ingkang pajêng (kakintunakên) botên patos kathah. Têtiyang ingkang sami damêl barang-barang punika punapa sagêd gathuk utawi srawungan kalihan ingkang sami ngangge barangipun wau. Manawi lêrês makatên, kadospundi srawunganipun tiyang kalih golongan punika.

20. Têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika kadospundi sagêdipun angsal băndha-băndha utawi badhenipun ingkang badhe dipun garap tuwin pirantos, ingkang parlu kangge nindakakên panggaotan. Manawi tumbas. Tumbas dhatêng sintên, sarta kadospundi pambayaripun. Punapa asring rêkaos sagêdipun angsal băndha-băndha wau (kados ta: badhe-badhe, ubarampe sanèsipun, kajêng obong sapanunggilanipun) kados ta: botên sagêd angsal ingkang nyêkapi kathahipun, wujud utawi jinisipun botên sami, minggah mêdhaking rêrêgèn, sapanunggilanipun. Băndha-băndha wau kadhatêngakên saking panggenan ngriku kemawon punapa saking sanès nagari. Punapa băndha-băndha wau botên saking tumbas, nanging saking anggènipun nanêm pyambak. (Taksih wontên sambêtipun)

Sayêmbara Tumrap Kagunan Pandamêling Barang Êmas lan Salaka.

Apdhèling katabêrèn ing dhêpartêmèn têtanèn (Afdeeling Nijverheid van het Departement van Landbouw, Nijverheid en Handel) angwarak-warakakên, bilih benjing wontên ing pêkên taunan ingkang kaping sadasa ing Bandhung, ingkang badhe kawontênakên wiwit tanggal kaping 22 Juni ngantos dumugi tanggal kaping 7 Juli 1929 ngajêng punika, apdhèling katabêrèn wau badhe mitontonakên kagunaning para kêmasan, ing bab pandamêling barang êmas tuwin salaka. Ing ngriku barang êmas lan salaka ingkang miturut timbanganing kumisi (Jury) têtela adi pèni garapanipun, badhe kaparingan ganjaran awarni dhiplomah tuwin arta. Amila para kêmasan saindênging tanah Indiya Nèdêrlan, kaajêng-ajêng puruna nglêbêti sayêmbara punika sarana ngintuni barang-barang êmas lan salaka damêlanipun piyambak.

Ganjaranipun ingkang inggil piyambak, awujud arta kathahipun f 500,- (gangsal atus rupiyah) sarta dhiplomah. Ganjaran saha dhiplomah wau badhe kaparingakên dhatêng sintên-sintêna [sintên-si ...]

--- 91 ---

[... ntêna] ingkang ngintuni damêlanipun piyambak awarni pêthèn pirantos wadhah rokok utawi gantèn. Pêthèn wau panjangipun kêdah 15 sèntimètêr, wiyaripun 12 sèntimètêr, lan inggilipun 7 sèntimètêr, badhenipun kêdah pêpêlikan adi, dene wangun lan garapanipun punika namung manasuka, dados miturut sapamanggihipun para kêmasan piyambak-piyambak. Kumisi badhe anandhing milih kintunan-kintunan wau lan animbang pundi ingkang pantês angsal ganjaran ingkang luhur piyambak wau.

Manawi miturut panimbangipun kumisi barang-barang kintunan wau botên wontên ingkang pantês kaparingan ganjaran ingkang kasêbut ing nginggil wau, kumisi anggadhahi wêwênang nyuda ganjaran punika, dene sudan punika lajêng kawêwahakên ganjaraning barang-barang sanès-sanèsipun (ningalana prajangjian ingkang kawrat ing bab 4 wingking punika).

Kajawi ingkang kapratelakakên ing nginggil, satunggil-tunggiling kêmasan kenging tumut anglêbêti sayêmbara angrêbat ganjaran sanès-sanèsipun, sarana ngintuni barang-barang mêntas anggènipun damêl, ingkang pandamêlipun manut ing sasênêngipun piyambak. Mênggah ganjaran punika badhe kasêdhiyakakên tumrap satunggil-tunggiling golongan barang, ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap punika. Makatên ugi ingkang sami angsal ganjaran punika, inggih kaparingan dhiplomah ophisiyil saking katatêrèn.[8] Ing dhiplomah wau ugi kapratelakakên, bilih ingkang ngintuni barang, angsal ganjaran.

Ing ngandhap punika prajangjian tumrap ingkang sami nêdya nglêbêti sayêmbara:

1. Ing samăngsa-măngsa kemawon barangipun kenging kakintunakên, nanging kasèp-kasèpipun ngantos tanggal kaping 15 Juni ngajêng punika barang wau kêdah sampun dumugi ing kantoripun Afdeeling Nijverheidgoed 3 Grooteweg Buitenzorg. Pangintunipun kaprangko sarta ing wadhah utawi buntêlipun kapratelakna sapintên rêginipun. Lan malih barang wau kêkanthenan pratelan ingkang nêrangakên kalayan cêtha nama saha griyanipun ingkang ngintuni, punapadene rêginipun, manawi barangipun nêdya kasade wontên ing têntunsêtèlêng.

2. Sadèrèngipun kalêbêtakên ing pasayêmbaran, barang-barang kintunan wau badhe dipun pilih rumiyin dening kumisi. Kangge nglêbêti sayêmbara punika, satunggil-satunggiling tiyang kenging ngintuni barang langkung saking satunggil.

3. Tiyang ngintunakên barang namung prêlu kapitontonakên kemawon, dados botên kangge nglêbêti sayêmbara ngrêbat ganjaran, ugi kaparêngakên.

4. Manawi kumisi nimbang barang-barang kintunan wau botên wontên ingkang pantês kaparingan ganjaran, ganjaran punika botên saèstu kaparingakên saha lajêng kangge mêwahi ganjaraning [ganjar ...]

--- 92 ---

[... aning] golongan sanès-sanèsipu[9] sadayan[10] wau ugi namung gumantung wontên ing têtimbanganing kumisi.

5. Sadangunipun kapitontonakên ing salêbêting têntunsêtèlêng ngriku, barang-barang kintunan wau ugi kenging kasade kalayan rêgi ingkang sampun katamtokakên dening ingkang gadhah, kawêwahan 10 prêsènipun kangge nguruni waragading pêkên taunan, sêmantên wau manawi punika dados suka rênaning ingkang ngintunakên barang wau.

6. Apdhèling katabêrèn ugi wênang mitontonakên barang-barang kintunan punika wontên ing pêkên taunan lan têntunsêtèlêng sanès-sanèsipun, ingkang kawontênakên ing tanah Jawi. Sasampuning makatên, barang ingkang botên pajêng, badhe tumuntên kawangsulakên dhatêng ingkang kintun.

Barang kintunan saking sadaya kagunaning para kêmasan pribumi punika kaperang dening kumisi dados kawan golongan kados ing ngandhap punika:

I. Pangangge:

Kalung, sêngkang, giwang, anting-anting, jungkat, susuk kondhe, cundhuk mêntul, ali-ali, gêlang, kêlat bau, kukon mangkas, (tjanggai), kroncong lan sanès-sanèsipun.

II. Sandhangan lan kaprabon:

Bênik pasrèn, pêniti, pênding, timang, dhompyong, mundri, nyamat, pênthol têkên, rêrênggan dêdamêl, ukiran, garan dêdamêl, kandêlan, rêrênggan patilêman, canthelan kêlambu, cêplok guling, rêrêngganing pakehan utawi abah-abah kapal, lan sanès-sanèsipun.

III. Pêthèn, bumbungan, tuwin sanès-sanèsipun:

Wadhah pupur, brêsihan, cupon, pakinangan, bogêm, wadhah sata, wadhah ênjêt, wadhah sigarèt, conthong sêdhah, wadhah rokok, kênthi, gêlèk, gogok, pangleran toya, lantingan, ceretan, gêlas êmas utawi salaka, paidon, wadhah toya wangi, wadhah lisah majêmuk, lan sanès-sanèsipun.

IV. Baki, piring, pirantos dhahar lan sanès-sanèsing barang pasrèn:

Ing sagolong-sagolongan badhe kasêdhiyanan ganjaran tigang iji, kaundha-usuk miturut saening panggarapipun saha èdi-pènining pangrêngganipun.

Ganjaran wau inggih punika:

Ganjaran ăngka 1, dhiplomah lan arta f 250,-

Ganjaran ăngka 2, dhiplomah lan arta f 150,-

Ganjaran ăngka 3, dhiplomah lan arta f 50,-

Awit ingkang makatên wau, sadhengah barang kintunan, inggih pirantos punapa kemawon, sok ugi

--- 93 ---

badhenipun pêlikana[11] adi, sarta botên katarètès ing sêsotya, kenging kangge nglêbêti sayêmbara. Ingkang kawastanan pêlikan adi punika êmas lan salaka, lan luluhanipun pêlikan kêkalih warni wau, kados ta: suwasa, pareanom, ingkang limrah kangge ing kêmasan. Kumisi anggadhahi wêwênang ugi manawi prêlu, anyatakakên badhenipun wau sarana pitulunganing para ahli.

Pandamêl saha pangrêngganipun barang kintunan kawan golongan wau kapasrahakên miturut pamanggihipun para kêmasan piyambak-piyambak.

Ingkang sami lênggah kumisi: Paduka tuwan J.E. Jasper, Guprênur Ngayogyakarta, lan pangagênging Afdeeling Nijveiheid,[12] sarta badhenipun kawêwahan para ahli tumrap kagunan punika, lan manawi prêlu kawêwahan tiyang sanèsipun malih. Wêwahan warganing kumisi punika ing têmbe badhe katamtokakên. Pangagênging pakaryan ing Jawi ing apdhèling katabêrèn punika ingkang minăngka sèkrêtarising kumisi wau.

Dene manawi sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika wontên ingkang taksih kirang cêtha, sami kalilan nyuwun katêrangan dhatêng Afdeeling Nijverheid ing Departement Landbouw, Nijverheid en Handel ing Bogor, sadaya pitakenan wau badhe katampi saha kawangsulan kalihan suka pirênaning manah.

Moncèripun Panguwaos Walandi Wontên ing Indhiya Wetan

(De opkomst van het Ned. gezag in Oost Indie. De Jonge, deel IV)

XVII

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3

10e. Kantor sarta gudhang ing Jêpara, tumrap Kumpêni agêng sangêt pigunanipun, mila sanadyan katêmahan kadospunapa kemawon, kêdah dipun kêkahi, botên kenging tinilar galanggang, sababipun, sapisan, kangge papan patandhon utawi nglêmpakakên uwos ingkang kakintunakên dhatêng Bandha, Muluku,[13] sarta Ambon. Kaping kalih kangge patandhon nyadhiyani têdha utawi nyamêktani sanèsipun tumrap ing kapal, awujud: uwos, kacang, lisah klêntik, brambang bawang, gêndhis, blabag sarta pirantos kajêng sanèsipun, pênjalin, rajakaya utawi bêlehan sanèsipun, punapadene arak. Mênggah wigatosipun kêdah wontên ing Jêpara, amargi barang-barang wau wontên ing Jêpara ngriku panumbasipun sagêd angsal mirah. Kauningana têtandhinganipun:

Uwos (kalêbêt pari) sakoyan namung

--- 94 ---

rêgi 5 reyal, măngka wontên ing Grêsik sarta Makasar ngantos rêgi 20 dumugi 22 reyal.

Uwos pêthak ingkang ăngka satunggal (wos dhahar), sakoyan rêgi 8-9 reyal. Wujudipun wos dhahar wau kados wos Milan.[14]

Kacang sakoyan rêgi 11-12 reyal.

Lisah klêntik 8 flapkan rêgi 1 reyal.

Blabag tigang iji rêgi 1 reyal. Tumrap ing Bantên, blabag ingkang samantên agêng alitipun, wujudipun langkung asor, sabên satus rêgi 58 reyal.

Maesa rêgi 4-5 reyal.

Lilin sabên sadhacin rêgi 17-18 reyal.

Pênjalin sabongkok rêgi 1 reyal.

Kajawi punika barang-barang dagangan rèmèh-rèmèh sanèsipun sarwa mirah. Dados kathah wulu wêdal ingkang kabêkta dhatêng Maluku.

11e. Ing Japara ugi kathah sangêt mrica Jambi. Rêginipun sadhacin 3 reyal, wawrat sadhacin punika petangipun sami kalihan 120 pun Amstêrdham. Kula piyambak sampun nate ngayoni tumbas, urup-urupan sêmbêt pangaos nigang reyal angsal mrica watawis 1000 dhacin. Upami kula adarbe pawitan, kula mêsthi sagêd angsal mrica kalih baita ingkang amot ngawan atus koyan, dening nampèni mrica bantingan, awit mêntas wontên baita ngêmot mrica saking Jambi, antawis wontên 8 baita, lêbêtan dhatêng juragan Cina ingkang dhatêngipun ing Japara sabên taun ambêkta baita kalih iji, wasana botên sagêd dumugi ing Jêpara, jalaran kenging sambekala wontên ing sagantên. Mrica wau karêgenan pêjah sadhacinipun 4 reyal. Mrica wau kadadosanipun lajêng thèthèrên. Sarèhning kula botên gadhah arta, baita ingkang ngêmot mrica wau lajêng dhatêng ing Grêsik utawi panggenan sanèsipun.

Juragan mrica Jambi wau nawèni kula, sabên taun badhe ambêktakakên kula, kanthi karêgenan sadhacinipun 3½ reyal. Manawi ngèngêti bilih kula têtiyang Walandi botên kapupu beya, dados rêginipun mêsthi langkung mirah tinimbang ing Bantên. Amargi kala taun 1615 sarta 1616 wontên tiyang tumbas mrica 10 bagor rêgi 25 utawi 22 reyal. Kajawi punika sabên satus bagor kapupu beya 50 reyal. Punika wawrat 50 dhacin, măngka mricanipun langkung awon tinimbang mrica Jambi.

12e. Akalihan Cina kula ugi angsal rêmbag badhe kabêktakakên sutra kasar sarta sanès-sanèsipun, jinisipun kados sutra anggèn kula tumbas ing Bantên. Sutranipun ingkang sae rêginipun sabên 1 corge-9 dumugi 10 reyal, dene jinis sanèsipun mawi-mawi panjang wiyaripun utawi awon saenipun. Sutra gilap (kêsting, [(kê ...]

--- 95 ---

[... sting,] satijn) măncawarni ulêsipun, rêginipun ngawan reyal, bludru ulêsipun ugi măncawarni, rêginipun 5 dumugi 6 reyal. Kajawi punika barang-barang saking nagari Cina ingkang langkung mirah.

13e. Ing ngriki ugi kathah mas ore saking Banjarmasin rêgi 17 utawi 18 reyal sabên satail, satail punika sami kalihan bobot 2¼ reyal. Prayogi sangêt saupami kilak piyambak dhatêng Sukadana.

14e. Băngsa sabrang ingkang manggèn ing Jêpara ing ngriki namung: Cina, tiyang Mêlayu Guseratten, saha tiyang Jawi, anggèning ngumbara andon dagang, prêlu numbasi wulu wêdal ing ngriki sarta nyade daganganipun, kados ta: sêmbêt, pênjalin, lilin, mrica saha gêlaran. Kajawi têtiyang kasêbut nginggil ugi wontên pakêmpalan dagang saking nagari Cina.

15e. Ing nagari Mataram kathah lèpènipun watawis wontên 31. Kitha palabuhan ingkang prayogi namung ing Jêpara, jalaran baita kula sadaya sagêd labuh gampil saha sakeca, baita ngamănca ugi sami dhatêng ing ngriki. Nanging baita-baita agêng ingkang badhe mêndhêt barang ngriki, botên prayogi dhatêng ing salêbêtipun wulan ingkang kapratelakakên ing ngandhap, amargi nêngah-nêngahi măngsa rêndhêng, kathah jawah saha prahara. Tăndha yêktinipun paduka tuwan Jendral Gèrrêt Reinês, nalika ing wulan Januari ngantos nilar jangkar 6 iji wontên ngriki, saha baitanipun kêrêp katanggor siti. Dados botên prayogi manawi dhatêng ing wulan Januari wau saha Pèbruari, wontên prayoginipun ing wulan Dhesèmbêr nèm. Dene manawi măngsa katiga ing gisikipun tanah Jawi langitipun katingal sumilak rêsik. (Taksih wontên sambêtipun)

Anggêr-anggêr Tumrap Pradata Jawi

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3)

Gèsèhipun ingkang katingal jujugan, margi cêtha saking wujudipun, makatên: anggènipun anjarwakakên punika kadamêl gancaran, botên mawi lêlagon (kacundhukna kalihan ingkang kasêbut ing nginggil, bab darmasastra sarta saloka ing têmbung Jawi).

Kajawi punika gèsèhipun malih, ing jarwanipun punika wontên ingkang dipun santuni, kacocogakên kalihan kawontênan ing ngriki, utawi ingkang kalampah ing ngriki. Kados ta: dawya têgêsipun gandum, sarta panunggilanipun punika, kajarwakakên pantun. Kumba, punika namaning takêran, dipun santuni (dipun jarwakakên) gèdhèng utawi pocong. Anggènipun anjarwakakên mawi nyantuni makatên punika sampun tamtu kemawon inggih lajêng sagêd mrèntèk, [mrèntè ...]

--- 96 ---

[... k,] manawi basa Jawi kêkirangan têmbung ingkang sagêd ngêplêki kangge mratelakakên kawontênan ing tanah Indhu.

Wondene jarwanipun, wontên sawatawis ingkang pancèn nyimpang saking babonipun, punika kabêkta saking klintu tampinipun tiyang ingkang anjarwakakên, botên patos mangrêtos dhatêng têgêsing ungêl-ungêlanipun basa Indhu.

Jarwanipun ingkang cara Jawi, gèsèhipun ingkang ragi sangêt, katimbang kalihan babonipun, makatên: ingkang jarwa punika, bab lampahing anggêr-anggêr ngriki lajêng dipun gathuk-gathukakên kalihan babonipun. Wondene sagêdipun dados makatên punika jalaran:

1. Dhêdhasaring angên-angên ing ngriki kajèjèrakên kalihan dhêdhasaring angên-angênipun tiyang Indhu. Kados ta: mawi dipun wêwahi pranatan têtêmpahing dosa raja tatu. Sarta malih mawi dipun wêwahi têtêmpah tikêl kalih ing rêrêgènipun barang ingkang kacolong, sarta sapanunggilanipun (kacundhukna kalihan ingkang kasêbut ing ngandhap-ngandhap).

2. Ngewahi ungêling pranatan, murih sagêdipun cocog kalihan kawontênan utawi panganggêp ing ngriki. Jalaranipun kaewahan punika, sabab anggêr-anggêr wau kaudi kenginga kaangge wontên ing tanah Jawi ngriki.

Manawi wontên pratan[15] ingkang nyêbutakên prakawis sawatawis urut-urutan, ingkang kangge ing tanah Jawi ngriki, panjanging urut-urutan, lajêng ngungkuli ingkang kaangge ing tanah Indhu. Sababipun mindhak panjang wau botên mawi sabab-sabab ingkang sampun kasêbut ing nginggil. Tarkadhang lampahing ungêl-ungêlan, utawi urut-urutanipun inggih ragi gèsèh kalihan babon ing basa Indhu.

Sanadyan anggêr-anggêr ingkang sampun dipun jarwakakên wau wontên ingkang nama anjangkêpi kêkiranganipun, ewadene pranatan ingkang kasêbut ing babon inggih wontên ingtang[16] kabucal. Ingkang kabucal punika namung ingkang dhêdhasar landhêping angên-angên kemawon.

Racak-racakipun, pangarangipun ingkang kasêbut ing perangan wiwitan, akosokwangsul kalihan pangarangipun ingkang kasêbut ing perangan ingkang ngandhap-ngandhap. Perangan ing ngandhap-ngandhap punika pranatanipun cara Indhu tulèn. Dene ingkang cara ngriki namung ingkang wêwahan kemawon. Taksih wontên samêtipun.[17]

--- [0-0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


INSTITUUT (dan di tempat lain). (kembali)
INSTITUUT (dan di tempat lain).
§ Ewasamantên, Yapha Insêtitut badhe ngaturi lêlintuning kangelan, nyaringgit. Mugi karsa paring adrès. (kembali)
§ Ewasamantên, Yapha Insêtitut badhe ngaturi lêlintuning kangelan, nyaringgit. Mugi karsa paring adrès.
sêrating. (kembali)
sêrating.
gêgriya. (kembali)
gêgriya.
sapanunggilanipun. (kembali)
sapanunggilanipun.
Pratelan. (kembali)
Pratelan.
panggaotan. (kembali)
panggaotan.
katabêrèn. (kembali)
katabêrèn.
sanès-sanèsipun. (kembali)
sanès-sanèsipun.
10 sadaya. (kembali)
sadaya.
11 pêlikan. (kembali)
pêlikan.
12 Nijverheid. (kembali)
Nijverheid.
13 Maluku. (kembali)
Maluku.
14 § Melaenscherijs. (kembali)
§ Melaenscherijs.
15 pranatan. (kembali)
pranatan.
16 ingkang. (kembali)
ingkang.
17 sambêtipun. (kembali)
sambêtipun.