Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-05, #384

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-05, #384. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-05, #384. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 5, Mèi 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapha Insêtitut (JAVA INSTUTUT)[1] Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 4.[2]

1. Papriksan Bab Katabêrènipun Tiyang Siti, 2. Pangalêmbana sarta Ganjaran ing Salêbêting Tèntunsêtèling Sinjang ing Ngayogyakarta, 3. Moncèripun Panguwaos Walandi Wontên ing Indhiya Wetan, 4. Anggêr-Anggêr tumrap Pradata Jawi, 5. Sêrat Enggal, 6. Pawartos Saking Rêdhaksi, 7. Kadhaton.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 97 ---

Ăngka: 5, Mèi 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Papriksan Bab Katabêrènipun Tiyang Siti

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4.

21. Punapa ing wêwêngkon panjênêngan wontên pakêmpalan-pakêmpalan (kados ta ingkang kawastanan: Kridha) ingkang sêdyanipun angajêngakên utawi mitulungi panggaotan-panggaotan ing ngriku, ingkang katindakakên ing panggenan-panggenan nyambut damêl utawi ing griya. Manawi wontên, sampun pintên taun laminipun anggèning nyambut damêl, sarta punapa ingkang sampun katindakakên dumugi dintên punika. Pikantukipun punapa sarta niyatipun lajêng badhe kadospundi. Punapa katabêrènipun tiyang siti ing wêwêngkon panjênêngan sampun wontên ingkang dipun paringi pitulungan dening parentah. Manawi lêrês makatên, pitulunganipun punika awujud punapa. Pitulungan wau migunani punapa.

22. Kadospundi anggènipun nindakakên panggaotan ing griya. Punapa ingkang sami nyambut damêl mèh sadaya batih, punapa amung sawatawis kemawon. Anggènipun nyambut damêl punika amung ing salêbêting măngsa utawi peranganing taun kemawon. Nawi[3] namtokakên agêng aliting bêbathènipun panggaotan punika padamêlanipun pyambak para batih punapa inggih tumut kapetang.

23. Cithakan tuwin wêwangunan, punapadene sêkaran ingkang minăngka rêrênggan ingkang kangge ing panggaotan, ingkang dipun tindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing

--- 98 ---

griya, punika aslinipun saking pundi. Punapa sampun wontên pola utawi tuladhanipun lami. Pandamêlipun barang-barang punika punapa amung manut kajêngipun ingkang mêling tuwin manut ingkang dipun rêmêni tiyang kathah, punapa botên, liripun kala-kala inggih asring kawontênakên barang-barang gagrag enggal saking kajêngipun para tukang pyambak. Punapa wontên upaminipun ingkang sampun kasumêrêpan.

24. Tumrap panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya wau punapa asring ngangge wêwangunan tuwin rêrênggan tiron. Manawi lêrês makatên, pola utawi tuladhanipun saking pundi.

25. Ing panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika punapa ambokmanawi wontên têtiyangipun ingkang mligi amung damêl rancangan utawi ngèngrèng wêwangunan tuwin rêrêngganing barang. Manawi lêrês wontên, kadospundi pituwasipun têtiyang wau, kadospundi dene têtiyang wau sagêd gadhah kasagêdan samantên, sarta anggènipun sinau ngantos sagêd punika pintên dangunipun.

26. Panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika ngêdalakên barang-barang punapa, sarta kadospundi pambucal utawi panyadenipun barang-barang wau. Ing dalêm sataunipun kintên-kintên rêgi pintên barang-barang wêdalipun panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl. Dene barang-barang wêdalipun panggaotan ingkang katindakakên ing griya, kintên-kintên rêgi pintên ing dalêm sataun. Rêginipun barang-barang ingkang kadamêl ing griya, sarta ingkang botên kasade jalaran dipun angge sanak sadhèrèk utawi batih pyambak, punika kintên-kintên pintên.

27. Barang-barang wêdalipun panggaotan ingkang katindakakên ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika amung kangge kabêtahanipun tiyang siti kemawon, punapa ugi tumrap têtiyang băngsa Eropah. Tumrap barang-barang ingkang kangge têtiyang băngsa Eropah punika caking panggaotan lajêng kadospundi. Kajawi punika kadospundi sagêdipun anyêkapi kabêtahan kilenan, ingatasipun bab wêwangunan tuwin rêrêngganing barang-barang, saha punapa wontên nalar-nalar tuwin lêlampahan ingkang lajêng ngewahakên sipat utawi awon saening panggaotan. Barang-barang ingkang wangunipun tuwin rêrêngganipun kalaras utawi kacengkokakên cara kilenan punika, ingkang sami ngangge têtiyang bumi punapa têtiyang mănca.

28. Barang-barang wêdaling panggaotan, ingkang rumiyin kawêdalakên kangge nyêkapi kabêtahanipun tiyang siti, punika pundi ingkang samangke saya dangu saya sirna (botên kawêdalakên [kawêda ...]

--- 99 ---

[... lakên] malih) sarta lajêng kasantunan barang punapa (damêlanipun tiyang siti utawi tiyang mănca). Mênggah ingkang makatên punika sabab-sababipun punapa.

29. Punapa panggaotan wau samangke taksih damêl barang-barang ingkang kangge upacara utawi pameranipun tiyang siti, kados ta kangge pasrèn utawi kangge ngrêngga griyanipun tiyang siti. Manawi taksih damêl barang-barang punapa ingkang kadamêl punika sarta kathahipun sapintên.

30. Barang-barang tuwin pirantos-pirantos wêdalan utawi damêlan ing ngriku ingkang sampun botên dipun angge ing panggaotan punika ingkang pundi, sarta barang-barang tuwin pirantos-pirantos wêdalan ngamănca punapa ingkang dipun angge nyantuni ingkang sampun botên kangge wau. Barang-barang tuwin pirantos-pirantos mănca punika murugakên punapa dhatêng panggaotanipun.

31. Punapa wontên patrapipun damêl barang-barang, damêl rêrênggan tuwin pola-pola ingkang têtela cara ngriki dêlês, ingkang sampun botên katindakakên utawi kaangge ing panggaotan. Patrap enggal punapa ingkang katindakakên tumrap damêl barang-barang tuwin rêrênggan, sarta polanipun ingkang kangge pola punapa. Kenging punapadene nindakakên patrap-patrap enggal sarta ngangge pola enggal wau sarta rekanipun kadospundi. Wiwit kala punapa sarta kenging punapa dene patrap-patrap lami tuwin pola lami botên dipun angge. Punapa taksih wontên tiyang ingkang sumêrêp patrap-patrap tuwin pola lami wau sarta manawi wontên, pintên tiyangipun ingkang sumêrêp punika.

32. Barang-barang wêdalipun panggaotan punika saya lami saya mindhak punapa suda wujudipun, awon saenipun tumrap sawangan, punapadene rêginipun, sarta suda wêwahipun wau jalaran saking punapa.

33. Barang-barang wêdaling panggaotan punika amung dipun sade ing sakiwa-têngênipun panggenan panggaotan wau kemawon, punapa wontên ugi ingkang kasade dhatêng sanès panggenan. Dhatêng panggenan utawi pêkên-pêkên pundi, kathahipun sarta pangaosipun pintên (manawi parlu kataksira). Wêlingan ingkang agêng-agêng punika dipun angge punapa sarta sintên ingkang mêling kathah punika.

Punapa panggaotan punika ajêg utawi amung kala-kala kemawon ngintunakên barang-barang dhatêng yarbirês, pêkên taunan, pêkên-pêkên malêm, sêkatèn tuwin sanès-sanèsipun, inggih punika ingkang sampun kalimrah ing samangke punika. Manawi makatên wontên ing nagari-nagari pundi. Manawi ngintunakên barang-barang wau punapa nyewa bango piyambak, punapa barang-barangipun dipun dadosakên satunggal kalihan barang-barang

--- 100 ---

kintunan saking têtiyang sanès, dados dipun kintunakên dhatêng kumisinipun yarbirês, sapanunggilanipun wau. Punapa pêpajênganipun sagêd sae utawi panggaotanipun sagêd angsal kaindhakan.

34. Punapa wontên têtiyang ingkang sampun mêsthi, kados ta: sudagar-sudagar, tukang-tukang, toko, ingkang kilak barang-barang wêdalipun panggaotan sakêdhik-sakêdhik. Manawi wontên, kadospundi anggènipun kilak wau, kabayar kêncèng punapa nicil. Punapa wontên bakul ingkang dipun titipi barang-barang wêdalipun panggaotan, supados kasadèkakên. Manawi wontên, kadospundi prajanjianipun kalihan ingkang dipun purih nyadèkakên wau.

35. Punapa limrah barang-barang ingkang dipun damêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya punika dipun sadèni tukang-tukangipun pyambak, utawi batihipun, wontên ing pêkên-pêkên limrah tuwin ing pêkên taunan, utawi ing warung-warungipun pyambak, kasade ècèr. Punapa wontên barang-barang wêdalipun panggaotan ingkang dipun sade têtiyang ingkang sadean idêr utawi sudagar alit-alit ingkang midêr-midêr. Têtiyang ingkang kados makatên punika anggènipun midêr ngantos dumugi ing pundi.

36. Punapa wontên barang-barang wêdalipun panggaotan ingkang kadamêl ing panggenan nyambut damêl utawi ing griya ingkang kasade ing toko-toko kopêrasi gadhahanipun tiyang siti. Manawi wontên, kadospundi pranatanipun toko-toko wau sarta pangaosipun barang-barang ingkang kasade ing ngriku ing dalêm sataun, kintên-kintên pintên.

37. Panggenan-panggenan nyambut damêl tuwin tukang-tukang ingkang sami nyambut damêl ing griya punika punapa kêtawis sami jor-joran, satunggal akalihan satunggalipun. Manawi lêrês makatên, kadospundi patrapipun anggènipun jor-joran punika sarta wahananipun punapa.

38. Punapa taksih wontên bab-bab sanèsipun ingkang parlu kapratelakakên, tumrap panggaotan tuwin para tukang, tumrap padagangan barang-barang wêdalipun panggaotan, tuwin sapanunggilanipun, ingkang saking panggalih panjênêngan botan[4] kenging kècèr, kêdah kapratelakakên pisan, supados sagêd nguningani kawontênanipun panggaotan sadaya.

39. Punapa ing pamulangan-pamulangan andhap utawi ing kursus-kursus ing wawêngkon panjênêngan sampun wontên wulanganipun bab padamêlan tangan. Manawi sampun wontên, wontên ing pamulangan pundi. Sintên ingkang dados panuntunipun, sarta wohipun kadospundi. Punapa ing wawêngkon panjênêngan wontên têtiyang ingkang kadadosakên guru ing sanès panggenan, parlu mulang caking

--- 101 ---

padamêlan ing satunggiling panggaotan. Ing pamulangan-pamulangan utawi kursus-kursus wau punapa ugi kawulang anggambar, ingkang parlu kangge padamêlan tangan.

40. Punapa panjênêngan karsa mratelakakên cêkakan panggalih panjênêngan bab sipat saha badhe kadadosanipun ing têmbe panggaotan wau.

II. Rekadayanipun anyaèkakên panggaotan-panggaotan

1. Saking pamanggih panjênêngan, rêrigên punapa ingkang parlu utawi prayogi katindakakên, kangge nyirnakakên utawi nyaèkakên kawontênan-kawontênan ing satunggil-tunggiling panggenan, ingkang dados pêpalang ajêngipun utawi mindhakipun agêng panggaotan, utawi tumrap sagêdipun angsal băndha-băndha tuwin pirantos-pirantos, tuwin tumrap panyadenipun barang-barang.

2. Rêrigên punapa ingkang sampun katindakakên ing wêwêngkon panjênêngan, sarta ihtiyar punapa ingkang sampun katindakakên, kangge ngajêngakên panggaotan-panggaotan sarta kadospundi wohipun. Pamanggihipun pangagênging panggaotan-panggaotan tuwin tukang-tukang tumrap wontênipun rêrigên tuwin ihtiyar wau kadospundi. Sarta wohipun kadospundi.

3. Kadospundi panggalih panjênêngan, saupami tumrapipun panggaotan-panggaotanipun tiyang siti ingkang sampun agêng dipun wontênakên proefstation ingkang sagêd nindakakên panitipriksa tuwin damêl tuladha saking para sagêd, tumrap barang-barang, punapadene suka pitêdah bab ingkang parlu-parlu murih saening dêdamêlan sapanunggilanipun, punapa migunani utawi prayogi. Tumrap panggaotan punapa ingkang prayogi dipun wontêni prupsêtatsiun wau sarta kintên-kintên wohipun kadospundi.

4. Kadospundi panggalih panjênêngan, punapa parlu utawi prayogi dipun wontêni juru suka rêmbag bab katabêrèn utawi patukangan (nijverheid of ambachts consulent) manawi kagalih parlu tumrap panggaotan punapa. Saking panggalih panjênêngan kadospundi mênggah sagêdipun gathuk juru suka rêmbag wau kalihan para tukang, sarta kintên-kintên wohipun rêrigên utawi ihtiyar punika kadospundi.

5. Pasinaon bab kridhaning padamêlan utawi kagunan wontên ing pamulangan utawi kursus katabêrèn utawi patukangan, punika saking panggalih panjênêngan punapa parlu utawi prayogi kangge nyaèkakên utawi ngajêngakên panggaotan satunggal utawi langkung ing satunggaling panggenan. Manawi kagalih parlu utawi prayogi, saking panggalih [pangga ...]

--- 102 ---

[... lih] panjênêngan pasinaonipun wau kêdah katindakakên kadospundi. Punapa saking panggalih panjênêngan, kursus anggambar tuwin kursus dagang punika parlu utawi prayogi. Kursus kangge nyinau tukang-tukang ingkang sampun diwasa punika saking panggalih panjênêngan punapa inggih parlu utawi prayogi.

6. Rêrênggan, wangun-wangun tuwin pola-pola ingkang sampun dipun angge punika punapa parlu utawi prayogi dipun rimati sarana angwontênakên musium, ing satunggal-tunggaling panggenan. Saking panggalih panjênêngan kadopundi rekadayanipun angêdêgakên musium wau sarta kadospundi sagêdipun musium punika maedahi dhatêng panggaotan satunggal utawi langkung.

7. Gagasan utawi pamanggih angwontênakên panggenan-panggenan mitongtonakên barang-barang tuwin panggenan damêl pola-pola (mawi kenging katumbas utawi botên) tumrap panggaotan satunggal utawi langkung punika punapa kenging katindakakên. Mênggah panggalih panjênêngan kadospundi panatanipun ada-ada ingkang kados makatên punika.

8. Saking panggalih panjênêngan punapa parlu dipun wontêni panggenan contoning barang-barang, pola-pola, buku isi pola warni-warni sapanunggilanipun, ingkang kasukakakên utawi kasambutakên dhatêng para tukang ing panggaotan satunggal utawi langkung.

9. Mênggah panggalih panjênêngan, tukang-tukang ing panggaotan satunggal utawi langkung punika punapa parlu dipun pitulungi murih gampil angsalipun barang-barang tuwin pirantos-pirantos. Punapa parlu dipun wontêni sadhiyanipun barang-barang katandho ing gudhang utawi sanèsipun, panggenan panyadenipun barang-barang wau punapa kenging katindakakên sarana lampah sanès. Punapa kintên-kintên sagêd angsal pambiyantunipun tiyang kathah tumrap angwontênakên tandhon wau. Barang-barang ingkang kadamêl badhe punika prayogi katitipriksa rumiyin awon saenipun punapa botên. Taksih wontên sambêtipun.

Pangalêmbana sarta Ganjaran ing Salêbêting Tèntunsatèling[5] Sinjang ing Ngayogyakarta

Tèntunsêtèling ing Ngayogyakarta nalika taun 1928 punika ingkang mranata: dhepartêmèn têtanèn, bagean dêdamêlan. Dene ingkang namtokakên angsal tuwin botênipun pangalêmbana utawi ganjaran, punika pakêmpalanipun para ahli sawatawis ingkang kawastanan juri. Para ahli wau: 1. Paduka Tuwan Yaspêr, 2. Insinyur Surahman, 3. Insinyur P.H.W. Sitsên, Radèn Mas Jayadipura, Kaji Bilal, sarta Kangjêng Ratu Dèwi. Anggènipun namtokakên [na ...]

--- 103 ---

[... mtokakên] wau sami ngagêm kawruhipun piyambak-piyambak, botên mawi lêlendhotan sintên-sintên, utawi têtaringan. Satunggal-tunggaling sinjang katimbang-timbang bab sêratanipun, babaranipun, polanipun, tuwin gêbyaripun.

Sinjang-sinjang wau botên wontên ingkang sagêd angsal ganjaran ăngka satunggal. Malah sinjang ingkang kodhèn, botên wontên babarpisan ingkang sagêd angsal ganjaran andhap-andhapan kemawon.

Golongan I, sinjang praosan.

Ongka 54. Radèn Ayu Prawata, Magêlang, ganjaran ăngka 2... f 150,-

Ăngka 11 Radèn Kaji Suleman, Pakalongan, ganjaran ăngka 3... f 125,-

Golongan II, sinjang sêratan.

Ăngka 37. Radèn Ngantèn Sastradiharja, Batang, ganjaran ăngka 3... f 100,-

Ăngka 33. Radèn Ayu Sasrasugănda, Klathèn, ganjaran ăngka 4... f 75,-

Ăngka 25, Radèn Ngantèn Arjasukatma, Wanagiri, ganjaran ăngka 5... f 60,-

Ăngka 7. Bok Bèi Parikrangkungan, Sala, ganjaran ăngka 6... f 50,-

Golongan III, sinjang cap alus.

Ăngka 22. Nyonyah Te Cin Sing, Ngabeyan, Ngayogyakarta, ganjaran ăngka 4... f 50,-

Golongan IV, sinjang cap kasar.

Botên wontên ingkang angsal ganjaran.

Anggènipun namtokakên ganjaran wau mawi dipun kanthèni dhiplomah saking bagean dêdamêlan.

Sèkrêtarising juri K.G.V. Mentel.

Pangagênging apdhèling dêdamêlan ingkang ngrêmbag pakaryan ing Jawi.

Ingkang anjawèkakên Sa.

Moncèripun Panguwaos Walandi Wontên ing Indhiya Wetan (De opkomst van het Ned. Gezag in Oost Indie De Jonge, deel IV)

XVII. Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4.

16e. Sang prabu manawi badhe mangun aprang sagêd anglêmpakakên wadyabala dharatan watawis tiyang 300.000, suda wêwahipun inggih wontên kiwa têngênipun samantên wau, wadyabala ing sagantên cacah tigang dasa gangsal baita prang (galeijen) saha baita-baita agêng sanèsipun, dene wadya ing sagantên punika dêdamêlipun nama kirang samêkta, sanjata utawi obatipun namung sakêdhik.

17e. Miturut kawontênanipun têmtu kalaksanan upami adamêl prajanjian akalihan sang prabu supados băngsa Eropah ingkang kalilan among dagang wontên Mataram namung băngsa Walandi, [Wala ...]

--- 104 ---

[... ndi,] amargi katingal wutah ing sihipun sang prabu dhatêng kula têtiyang Walandi.

18e. Griyanipun Kumpêni ing Japara payonipun namung rapak utawi atêp, nanging sang prabu sampun amaringi papan wiyaripun: 50X6 kaki pasagi, kantun milih kemawon ingkang pikantuk, calon kaadêgan griya tembok kaubêngan ing pagêr banon kados bêbiting. Kyai Surandani, pêpatih dalêm, sangêt ambiyantu badhe maringi băndha banon sarta kajêng kangge upakartining angadêgakên griya wau. Malah sampun kalampah adhawuh nyithak banon 800,000, sarta ingkang 200,000, sampun kalampahan kula tampèni. Kajawi punika kula ugi sampun kaparingan sih kamirahanipun sang prabu kados ingkang kawrat ing pèngêtan ku(jurnal)la nalika kula kautus dhatêng Mataram ing taun 1614 wulan Mèi.

V. Ed. dw. dienaar.

(w.g.) B.v. Eijndhoven.

De Jonge, deel IV. No. IV. blz. 16 (Dhê Yongê jilid IV ăngka IV kaca 16)

Sêratipun gupêrnur jendral dhumatêng pangrèhing Kumpêni Indhiya Wetan.

Bantên 10 Nopèmbêr 1914.

Nalika tanggal kaping 9 April, kula nglampahakên caraka Kumêndur: Gaspar phan Suk dados wakiling parentah Wlandi, numpak baita alit anama Klèin Hèsên, tujunipun dhatêng Japara, prêlu lajêng dhatêng Mataram saha ambêkta pisungsung alit-alit. Utusan wau tumindak kanthi têmên-têmên saha prayogi, dumugi ing kadhaton katampi kalihan pakurmatan agêng saha kasêgah bujana.

Kadhatonipun sang nata têbihipun saking palabuhan Jêpara lampahan nêm dintên, ing ngrika dèrèng nate sumêrêp wujudipun tiyang pêthak. Langkung dhusun-ingadhusun, têtiyangipun èstri saha lare-lare sami sangêt gumun saha ajrih sumêrêp tiyang pêthak.

Kumêndur wau kautus dhatêng Mataram prêlu ngaturakên tabe saking Pangeran Wilêm pan Oranyê, saha nyuwun sagêda asasadherekan. Sang prabu karênan ing galih, saha ngandika bilih sampun lami kêpengin sangêt uninga tiyang Walandi tumrap pangawasanipun, kêkêndêlan saha agaminipun. Pangandikanipun malih, sang prabu punika satriya saha prajurit, sanès juragan kados sanès-sanèsipun ratu utawi pangeran ing tanah Jawi, sadhengah tiyang kaparêng manggèn wontên ing nagari Mataram saha botên kapundhutan punapa-punapa. Kula têtiyang Walandi kaparêng damêl bètèng utawi griya tembok, kenging kula angge mêmpên asingidan sarta nanggulangi salêbêtipun kalih utawi tigang dintên, samăngsa-măngsa tinêmpuh ing mêngsahipun sang prabu, utawi mêngsah kula piyambak. Manawi kalampahan ngantos makatên, sang nata kaparêng maringi bêbantu wadyabala. Kajawi punika sang prabu ugi badhe

--- 105 ---

amaringi băndha: banon, gamping saha bau sacêkapipun.

Cathêtanipun tuwan kumêndur ingkang ngêwrat sakathahing kawontênan nalika kêkesahan kados ingkang kasêbut ing nginggil, kula aturakên sarêng punika. Dene Tuwan Kumêndur phan Surêk, nalika wangsul dhatêng Jêpara wontên ing margi dumadakan kaêlud ing sakit padharan, anjalari dados lan tiwasipun atilar donya, dumugi ing Jêpara tanggal kaping 30 Juni, kunarpanipun kakubur kanthi pakurmatan sarta miturut satataning agami Kristên.

Anggêr-anggêr Tumrap Pradata Jawi

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4)

Ing perangan sapisan inggih wontên ingkang pêthikan saking babon, ananging kathahipun botên sapintêna, manawi katandhing kalihan ingkang lugu saking tanah ngriki. Ingkang pêthikan wau prasasat kasasaban ing pranatan-pranatan ingkang asli ngriki. Wujudipun lajêng kathah èmpêripun cara ngriki blêjêd.[6]

Prakawis pranatan ingkang mawi gêgantungan paukuman, katawis manawi anggêr-anggêr Jawi ingkang miturut angên-angên ing ngriki kathah bedanipun kalihan anggêr-anggêr ingkang kaangge wontên ing tanah Indhu. Anggêr cara Indhu punika mèmpêr anggêr cara Eropah: kadurjanan kaanggêp dosa dhatêng tiyang kathah. Kaanggêp kalêpatan ingkang tumanjanipun botên namung dhatêng tiyang ingkang kataman kawirangan kemawon, kaanggêp tumănja dhatêng ratu, inggih wêwakiling nagari. Pramila paukumaning kadurjanan awujud dhêndhan utawi ukuman badan. Ingkang andhawahakên paukuman: ratu. Kadurjanan botên nate kaanggêp namung adamêl pituna dhatêng tiyang satunggal, pramila inggih botên kaputus sarana têtêmpah.

Ing kapuloan Indhonesiah ngriki suraosing anggêr-anggêr botên kados ingkang kasêbut punika wau. Ing ngriki kadurjanan punika kaanggêp namung tumănja dhatêng tiyang ingkang kataman utawi kapitunan thok. Pramila tumindaking pangadilan, ingkang kaprêlokakên inggih bab tumindaking têtêmpah. Wondene anggêr ukum ingkang pêthikan saking tanah Indhu, tumindakipun ing ngriki kok inggih lajêng tunggil ancas kalihan anggêr ukum ingkang cara ngriki.

Miturut pranatanipun Sang Manu, manawi wontên kadurjanan, ukumanipun awujud dhêndhan, saking dhawuhing ratu. Dene ing anggêr ukum ing tanah ngriki mawi dipun wêwahi pranatan têtêmpah, kathahipun tikêl kalihipun pangaosing barang ingkang dados prakawis. Wondene bab rajatatu, manawi miturut [mi ...]

--- 106 ---

[... turut] Sang Manu, paukumanipun awujud dhêndhan, katur ing ratu. Yèn miturut pranatan ing ngriki mawi dipun wêwahi pranatan diyat (têtêmpah dhatêng ingkang kapitunan). Sadaya pranatan ing agama punika, dadosa ingkang pêthikan, utawi ingkang dede, tamtu wontên pranatanipun têtêmpah dhatêng ingkang kapitunan (kados ta: bab kadurjanan, bab ngrêrisakakên, ngrêbat, sapanunggilanipun). Têtêmpahipun tikêl kalih, tarkadhang sok ngantos tikêl tiga. Makatên ugi prakawis rajapêjah, sanajan tumindakipun margi saking kirang pangatos-atos, utawi margi katêmaha, kêdah ambayar diyat dhatêng ahli warisipun tiyang ingkang pêjah. Dene manawi ingkang pêjah wau tiyang tumbasan, pambayaring diyat dhatêng tiyang ingkang gadhah rencang.

Wontênipun wawasan bab kadurjanan ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên wêwênang kathah ingkang kangge anjagi badanipun piyambak. Anggêr ukum ingkang dede pêthikan (=tulèn damêlan ing ngriki) wontên ungêl-ungêlanipun bab wêwênanging tiyang asok yatra kangge lêlintuning paukuman, punapa malih bab ngaturi wakil sanak sadhèrèkipun tiyang ingkang dosa wau supados kaukum, sanajan botên anglampahi kalêpatan piyambak.

Sarêng karaton Majapait sampun risak, tiyang Indhu wontênipun ing tanah Jawi lajêng botên gadhah daya punapa-punapa. Ewadene ing sêrat anggêr inggih taksih wontên tabêt-tabêtipun anggêr Indhu sawatawis. Margi kabêkta saking lêlampahan warni-warni, wontên ingkang pranatanipun taksih tumindak ing salêbêtipun taun sèwu pitung atusan. Punika kasêbut ing Sêrat Pêpakêm Cirêbon, ingkang kaimpun nalika taun 1768, awit saking pakènipun Kumpêni Indhiya Wetan ngriki. Sêrat punika wau wontên jarwanipun têmbung Walandi sarta katranganipun, kaêcapakên paduka Tuwan Dhoktor Hazeu ing Verh. Bat. Gen jilid IV, cap-capan ingkang kaping kalih. Bab-bab ingkang kasêbut ing ngriku mawi dipun pratelakakên makatên: sêrat-sêrat anggêr-anggêr Jawi punika pancènipun prêlu dipun sinau, ananging waktu sapunika prasasat dèrèng dipun ambah babarpisan, kenging kawastanan dèrèng paja-paja dipun wiwiti.

Bab anggêr-anggêr Cirêbon wau paduka Tuwan Dhoktor Brandhês inggih nyêrati wontên pustaka warti Bat. Gen XXXII, 1889 ing centhangan kaca 139 makatên:

Sêrat anggêr ingkang kaangge gêgaran ngarang punika namanipun (namung kula turutakên sawontênipun ing ngriku kemawon): Rajaniscaya, Undhang-undhang Mataram. Jayalêngkara, Kontaramanawa, Adilola, Salokantara, Jugulmudha, Anggaskartabasa, Rajaniti. Ing kaca 159 wontên pêthikanipun sarta mawi katrangan, saking Rajaniti kawan bab, anama Sarasamurcaya. Punika wontên èmpêripun yèn sami kalihan anggêr ing Bali: Sarasamuscaya. Dene Kontaramanawa, sami kalihan Kutaramanawa, kaêcapakên Tuwan Dhoktor [Dho ...]

--- 107 ---

[... ktor] Yongkêr (botên mawi nama). Adilola punika tamtunipun inggih sami kalihan Suryangalam. Punika dadosipun jarwa ing têmbung Walandi kawrat ing pustaka warti T.L. en Vk. van N.I. 2e volgr. II, sarta jarwa ing têmbung Inggris, botên patos sae anggènipun anjarwakakên, kagunganipun Tuwan Rèplês History of Java (1830), II, Appendix C "Translation of a modern version of the Suria Alem" (kalih-kalihipun sami sajak cara enggal sangêt. Măngka pêpakêm punika cara kina lugu). Katitik saking têtêmbunganipun ingkang kaangge mastani nama-namaning prakawis sarta sloka-sloka ingkang kasêbut ing ngriku. Slokantara kalihan Jugulmudha punika nunggil kemawon. Anggèn kula mastani makatên punika, margi nama kêkalih punika dados namaning sêrat satunggal. Anggaskartabasa punika èmpêripun ingkang kawastanan ing têmbung Sangsêkrêta: Krêtabasa. Punika sajatosipun Sêrat Bausastra. Rajaniti punika namaning sêrat ingkang isi wulang lampah sae. Dene Sêrat Jayalêngkara punika, sasumêrêp kula, isi kêkidungan, nyariyosakên lêlampahanipun Panji Inokartapati dalah lêluhuripun. Sagêdipun têrang bilih sêrat-sêrat anggêr wau ing jaman rumiyin gênah kaangge, punika saking ungêl-ungêlan cara Jawi pêthikan saking Undhang-undhang Mataram, ingkang katêdhak Tuwan K.F. Holle, katunggilakên kalihan sêratan kina sanès-sanèsipun, kapanjurungakên ing pustaka warti Ind. T.L. en Vk. XVII, 349, kangge katranganipun babad-babad tanah Priyangan. Ing ngriku wontên pratelan cara Jawi mawi irah-irahan makatên: Punika undhang-undhang Mataram. Dene manawi ing pustaka warti Regt v. N.I. III kaca 99, irah-irahanipun basa Walandi makatên Uit de oendang-oendang Mataram wontên tigang bab. Kalih bab ingkang pungkasan, mratelakakên pamutusing prakawis.

Kajawi sêrat anggêr ingkang sampun kasêbut punika wau, wontên malih sêrat anggêr ingkang kaêcapakên tuwin[7] Propesor Rurdhah, kados ta: Nawalapradata: Anggêrsadasa, Anggêr Agêng, Anggêrgunung, Anggêr Arubiru. Sarta malih sêrat anggêr ingkang kamomoran pranatan Islam, anama kitab Tupah. Kajawi punika wontên malih sêrat anggêr anama: Rajakapa-kapa tuwin sanès-sanèsipun sawatawis.

Sêrat anggêr ing Bali, namanipun: Adigamadarma Wicara, Darmaupapati, Dewadhandha, Sarasamuscaya, Siwasasana, Wrêtisasana, Purwadigama, Swaradigama, Swarajambu. Sarta malih wontên ingkang anama: Kêrtasima sarta Paswara sawatawis kathahipun.

Ing sêrat piagêm kina XVI (=XIX) kasêbut ing sêrat pangimpunipun Tuwan Kohên Sêtuwar (bab piagêm kina) wontên malih namanipun sêrat anggêr ingkang miyambak. Bokmanawi punika namung namaning sêrat anggêr ingkang sapunika taksih wontên. Sêrat-sêrat anggêr ing

--- 108 ---

tanah Jawi ing jaman kina punika wontên ingkang salong sami kalihan ingkang kaangge wontên ing tanah Bali.

J. KATS. Ingkang anjawèkakên Sa.

Sêrat Enggal

Rêdhaksi tampi sêrat saking pabrik jampi Powha Cok Wan, ing Wanagiri Surakarta, namanipun Sêrat Kidungan Nirmala. Sêrat wau mawi dipun samaki karton sae, dlancangipun inggih sae, 35 kaca. Isinipun kêkidungan bab sêsakit da[8] jampinipun, mawi aksara Jawi. Kidungipun sae. Kasêlang-sêling namaning jampi-jampi warni-warni damêlan Eropah sarta damêlan Tyonghwa. Sakaca namaning jampi-jampi, sakaca kidungan. Tumrapipun tiyang ingkang anjagi kasarasaning badan, sêrat wau sae kangge simpênan. Ngiras kangge rêngêng-rêngêng manawi pinuju nganggur. Bokmanawi sêrat punika inggih kenging katêdha lêlahanan, sabab pancèn kangge nawèkakên dagangan.

Pawartos saking Rêdhaksi

I. Ngaturi priksa dhatêng para lêngganan Pusaka Jawi, bilih salêbêting wulan Mèi, administrasi badhe ngintunakên pos kwitansi dhatêng ingkang sami lêngganan, sumêrêp patumbasipun sêrat wulanan Pusaka Jawi ing taun 1929 punika. Dene manawi wontên ingkang sampun ngintunakên pos wisêl, pos kwitansi wau lajêng kawangsulna kemawon, mawi kasêratana ing gêgêripun, mratelakakên bilih sampun ambayar sarana pos wisêl.

II. Saking panêdhanipun pangrèh Taman Pustaka, Muhamadiyah ing Surakarta, sêrat wulanan Pusaka Jawi mitulungi mêncarakên pawartos kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Taman Pustaka ing Surakarta ngêdalakên majalah Kuran Jawèn, sarta Kadis Jawèn. Mawi aksara Jawi. Ungêl-ungêlanipun Kuran sarta kadis inggih kasêrat mawi aksara Arab. Dene rêginipun kêkalihipun punika dados satunggal, ing dalêm sataun f 5,- kenging kabayar sabên sakwartal f 1,25, wiwit wulan April 1929 punika. Yèn badhe tumbas adrèsipun makatên: Pengoeroes Qoer'an Djawen p/a M. Soemardi Danoesapoetro, Directeur Drukkerij Persatoean Moehammadiah Solo.

III. Wangsulan dhatêng sadhèrèk Citrasuwarna, Jagalan Sala: bab rêginipun Sêrat Kêmbang Sêtaman I dumugi V sarta Sêrat Sêkar Macapat I, II, rêdhaksi botên sumêrêp. Anamung manawi badhe ngarsakakên tumbas, yèn Kêmbang Sêtaman dhatêng toko buku J.B. Wolter ing Weltevreden. Sêkar Macapat, dhatêng toko Diwarne ing Pasar Gedé Ngayogyakarta.

Rêdhaksi.

--- 109 ---

Kadhaton

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4.

Ing Pusaka Jawi ăngka 1-2 kaca 76 ing ngandhap gêdhong Duryareka, pancènipun dados ăngka XX.

Salêbêting kaputrèn

XXI. Sakilèning dalêm prabasuyasa: wontên griya mujur mangidul, gathuk kalihan dalêm, nama: pracimarsana: dhapur limasan panjang, ingkang sisih lèr mawi kamar winastan: kamar siyaga. Wontên jambanipun, nama măndranirmala, kamar siyaga wau butul kalihan kamar prabasana.

XXII. Sakilèning pracimarsana, wontên patamananipun, satêngahing tamanan wontên maliginipun, kawastanan maligi rêtna.

XXIII. Sakiduling patamanan wontên rêrekanipun rêdi winastanan: argapura. Ing rêdi wau wontên loji alit majêng mangalèr, nama loji argapura. Kilènipun malih wontên loji winastan pracimarga.

Salèripun loji argapura, wontên papan inggil mawi pagêr banon mubêng, kawastanan endrakila. Sawetanipun loji argapura, wontên loji malih winastan ngendraya, sangajênging loji ingkang majêng ngalèr (argapura) wau: wontên kupêlipun ragi inggil, minăngka pucaking rêdi. Ngandhapipun wontên margi mangandhap dhatêng guwa, mandhap mubêng manêngên. Anjog ing pêpêthan sêndhang, ingkang toyanipun lubèr mili tanpa kêndhat, nampèni êmbês-êmbêsan saking awak-awaking rêdi, ing salèripun anjog dhatêng jurang, margining guwa wau kapasangan dilah èlêgtris, ngantos dumugi ing sêndhang, dados manawi dipun lêbêti ing wanci dalu inggih padhang.

Marginipun manawi minggah argapura, mêdal sakilèning pracimasana, minggah ngampat mangidul anjog loji argapura, sarta ing pracimaarga, wontên margi mangalèr kiwa têngênipun mawi anjurang cêrung, menggok mangetan mawi krêtêg mujur mangetan, mlangkah jurang salèring sêndhang salêbêting guwa wau. Margi lajêng nêkuk mangidul dumugi ing palataraning loji argapura. Dados margi wau ngubêngi salêkêring argapura.

Ing argapura punika sakalangkung asri, sangajênging loji-loji palataranipun rêsik ngilak-ilak, kikising palataran kagêbal rumput, ingupakara sakalangkung sae. Badaning rêdi katanêman wit-witan pawanan, jêjurang cêrung kêbak bêbondhotan, pantês dados pandhêlikaning sato wana. Lêlêngkèh, lêmpong sarta lorog, botên angantawisi bilih punika damêlan manungsa, angêplêki rêdi kodrat, saking awiging pakirtyanipun. Manawi paningal namung katujokakên dhatêng argapura, botên nolèh ngiwa, utawi botên nyumêrêpi pating janggêlêgipun dalêm agêng-agêng, punika tumalawung sarta ngalanguting raosipun manah kados wontên ing parêdèn yêktos.

--- 110 ---

XXIV. Sakiduling dalêm prabasuyasa, ingkang sisih wetan, punika wontên dalêm winastan: sasanaprabu: punika padalêman dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping IX. Sasurut dalêm, lajêng kagêm pramèswari dalêm kaping IX Kangjêng Ratu Madurêtna.

XXV. Sakiduling sasanaprabu, wontên griya alit majêng mangidul, winastan: gupit măndragini. Èmpèripun sambêt kalihan sasanabusana.

XXVI. Sakiduling gupit măndragini, wontên palataranipun. Têngah palataran wontên umbulipun. Sakidul kilènipun umbul wontên panggungipun alit inggil. Winastan jonggringsalaka.

XXVII. Sakiduling dalêm prabasuyasa, ingkang sisih kidul wontên dalêmipun majêng mangetan mawi pandhapi, winastan sasanadayinta, punika dalêmipun Gusti Kangjêng Ratu Mas pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ingkang kaping X.

Ing sasanadayinta wau rêrekanipun langkung pelag, mawi lêlangên umbul jamban sapanunggilanipun. Sakalangkung asri sarta ngrêsêpakên. Sakilèning dalêm mawi markis minăngka pandhapi wingking, balungan saka blandar pangêrêtipun kajêng tèmplèk sêkaran kadosdene sunggingan.

XXVIII. Salèr dalêm prabasuyasa, wontên dalêm inggil winastan: sanggar palanggatan. Ngandhapipun wontên dalêm kawastanan langênadi, padalêmanipun putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah. Ing ngriku wontên dalêmipun los mujur mangilèn, winastan: pamardiputri: sakilènipun wontên dalêm malih mujur mangilèn, kawastanan sasanaasri.

XXIX. Mêdal sawatawis saking wêwêngkoning kaputrèn.

Salèring pamardiputri sawatawis, wontên dalêm agêng winastan langênkatong. Dalêmipun dhapur limasan kalabang nyandêr. Mawi pandhapa lèr kidul utawi ngajêng wingking, pandhapi ingkang wingking kawastanan panêpèn, namung èmpèr kemawon, asring kagêm lênggah dhahar padintênan. Pandhapi ingkang ngajêng dados sisih lèr, dhapur diradamêta. Dalêm langênkatong punika kagêm papan sêngkêran putra wayah dalêm pangantèn, mantu dalêm kakung, putra wayah dalêm badhe supit, utawi kagêm pondhokan manawi wontên mantu dalêm ngamănca nagari ingkang sowan nyare. Adêgipun kala ing taun 1728.

XXX. Sakilèn dalêm langênkatong, wontên dalêm agêng majêng mangalèr. Dalêmipun dhapur joglo kêpuhan, kawastanan ing: sasanaadi, pandhapinipun dhapur sinom pangrawit, kawastanan ing: parankarsa.

Sasanaadi parankarsa wau padalêman dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan wiwit nalika jumênêng [jumê ...]

--- 111 ---

[... nêng] kadipatèn, ngantos dumugi sapunika taksih kagêm.

Sawingkingipun sasanaadi punika sasanaasri wau (XXVIII).

Wangsul malih dhatêng wêwêngkon kaputrèn.

XXXI. Sakilèning dalêm sasanaadi, wontên dalêmipun malih, padalêmanipun pramèswari dalêm ingkang sêpuh, suwargi Kangjêng Ratu Pakubuwana ingkang kaping X, ugi nama: pakubuwanan.

XXXI a. Sakilèning dalêm pakubuwanan, wontên dalêmipun majêng mangidul, sakalangkung asri, winastan nganjrahsari, punika ugi dalêmipun pramèswari dalêm ingkang sêpuh wau.

XXXII. Sakilèn nganjrahsari, wontên griya mujur mangidul majêng mangetan, punika têngganipun para priyantun dalêm.

XXXIII. Sakidulipun wontên kori regol majêng mangilèn, winastan ing mantênan. Kawarti ing ngajêng kagêm palênggahan dalêm Ingkang Sinuhun kaping VIII.

XXXIV. Sakilèn dalêm pakubuwanan, wontên griya alit winastan madyasuka.

Sakidulipun wontên palataran, têngahing palataran wontên umbulipun.

Sakidulipun palataran wontên gêdhong salirang majêng mangalèr, punika palênggahan dalêm manawi wungu sare enjing sontên.

Sakilènipun malih, jamban pasiraman dalêm.

XXXV. Sawetan palataran, wontên dalêmipun majêng mangilèn kawastanan madusita.

XXXVI. Sakiduling madusita: punika ing rêtna purnaman.

XXXVII. Sakilèning palataran, wontên korinipun mangilèn dumugi griya kampung madusuka.

XXXVIII. Mangsuli sakiduling sasanadayinta, wontên griyanipun jèjèr 3.

Ha. Ingkang wetan piyambak, nama: kaparakan. Wujudipun griya mawi pandhapi, pasowananipun abdi dalêm kaparak èstri, ingkang mirantosi dhahar dalêm.

Na. Ingkang têngah nama: purwakanthi, dhapuripun dalêm mawi pandhapi, pasowananipun garap Sêdhahmirahan.

Ca. Ingkang kilèn piyambak winastan gandhekan. Dhapuripun griya wau mawi pandhapi, pasowananipun abdi dalêm gandhèk èstri, ingkang rumêksa a[9] angrakit agêm dalêm pagantenan.

XXXIX. Sakidul kilènipun cakêt, wontên griya dhapur loji mawi pagêr pancaksuji tosan kawastanan pracimarêngga. Punika têngganipun [têngga ...]

--- 112 ---

[... nipun] priyantun dalêm Radèn Ayu Sumarnarukmi.

XL. Sakilènipun margi lêt mawidul,[10] punika wontên griya, winastan măndhalikan. Sarta ing karandhan. Ing mangke dados têngganipun priyantun dalêm.

XLI. Sakidulipun punika, têngganipun Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah.

XLII. Sakidulipun sêdhahmirahan, wontên dalêm alit, rakitipun pèni, mawi pringgitan saha pandhapi. Majêng mangetan, wingking salèr kiduling dalêm mawi gêdhong-gêdhong mirantos, kawastanan ing nglipura, kawarti yasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kaping IX. Ing ngajêng punika ugi asring kagêm lêlangên.

XLIII. Salèr wetanipun, wontên pêkênipun, sawetaning pêkên cakêt, punika pawon ngirasuman.

XLIV. Sakilèning nglipura, ugi wontên griyanipun winastan ing gênthan.

XLV. Sakilèn saha salèring têngganipun Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah: ugi wontên griyanipun winastan karandhan.

XLVI. Salèring karandhan ugi wontên griyanipun, punika: têngganipun para priyantun dalêm.

Sakilèning karandhan, punika wontên griya sae yasan dalêm enggal, winastan pêpantirukmi:[11] têngganipun priyantun dalêm.

XLVII. Sakilèn argapura, wontên dalêm agêng mawi pandhapi, winastan madurêtnan. Kawarti ing ngajêng padalêman dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping III ngantos karan karaton kilèn. Ing mangke kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X, madurêtnan wau kaingsêr (kapindhah) mangilèn, trêpipun wontên ing kradenayon ingkang sisih lèr, dados salèr pantirukmi. Karsa dalêm dipun yasani pêpêthan sae majêng mangetan, saha langkung asri anêngsêmakên. Kaparingan nama: karaton kilèn prabasana.

Dalêm prabasana wau dhapur loji mawi pandhapi ngajêng wingking, dalêmipun dhapur limasan jubungan, pandhapinipun dhapur joglo daringan kêbak.

Sawetaning pandhapi ngajêng, ingkang têngah lêrês mawi umbul rinêngga asri, kiwa têngêning umbul mawi palataran, kiwa têngêning palataran mawi ginula-gula saking pasangan banon, dipun tanêmi sêsêkaran warni-warni.

Salèring pandhapi ingkang wetan wontên bangsal pagongan, kawastanan: sêngganiyasa. Ing wetan mawi pagêr capuri pancaksuji tosan. Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


INSTITUUT. (kembali)
INSTITUUT.
5. (kembali)
5.
Mawi. (kembali)
Mawi.
botên. (kembali)
botên.
Tèntunsêtèling. (kembali)
Tèntunsêtèling.
§ Bab anggêr ukum Indhu sarta ukum ngadat (ing Bali) kacundhukna kalihan sêrat Hindoerecht in Indie karanganipun Tuwan Mèstêr Lèkêr Kèkêr. (kembali)
§ Bab anggêr ukum Indhu sarta ukum ngadat (ing Bali) kacundhukna kalihan sêrat Hindoerecht in Indie karanganipun Tuwan Mèstêr Lèkêr Kèkêr.
Tuwan. (kembali)
Tuwan.
dalah. (kembali)
dalah.
saha. (kembali)
saha.
10 mangidul. (kembali)
mangidul.
11 pantirukmi. (kembali)
pantirukmi.