Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-06, #385

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-06, #385. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1929-06, #385. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka 6, Juni 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapha Insêtitut (JAVA INSTUTUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 6.

1. Tiyang Gajahmati lan tiyang Pinggir.

2. Kadhaton.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 127 ---

Ăngka 6, Juni 1929. Taun VIII

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Tiyang Gajahmati lan Tiyang Pinggir.

(Sêsorahipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wontên ing Pahêman Radyapustaka nalika 18/19 April 1929).

Kados ingkang sampun kula prasabênakên nalika kula murwakani sêsorahipun Ismu Subrata, amarêngi dintên malêm Sênèn kaping 17 Marêt kapêngkêr punika, awit saking putusanipun rêpatan pangrèhing Radyapustaka nalika kaping 22 Pèbruari 1929 dalu punika kula katêtêpakên damêl sêsorah bab asal-usulipun tiyang Gajahmati lan tiyang Pinggir, kangge nyambêti sêsorahipun Ismu Subrata bab tiyang Kalang kala samantên, amargi tiga pisan wau sanadyan samangke wontênipun ing ngriki sampun carub wor babarpisan kalihan tiyang Jawi, ngantos sirna tabêt tilasipun asaling ngamănca, nanging sajatosipun dede tiyang Jawi walaka kados kita sadaya punika. Sarèhne bab wontênipun tiyang Gajahmati sarta tiyang Pinggir punika nama kawruh sayêktos, murih sampun tuna dungkap wancinipun, pamrayoginipun saudara dr. Pigeand[1] andharan kula punika supados kasêrata kemawon. Wasana ambokmanawi andharan kula mangke wontên kuciwanipun, dene kêkirangan prabot-prabot punapadene saking kêkirangan sêsêrêpan kula, mugi sami ngêgungna ing pamêngku.

Kauningana, tuwuhipun anggèn kula tumandang marsudi bab asal-usulipun tiyang Gajahmati tuwin tiyang Pinggir, punika kala taun 1921 nalika kula kadhawuhan nyathêti pusaka dalêm: nama, wujud, sumimpên, kagêm sarta asal-usulipun miturut pratelanipun ingkang gadhah kawajiban ngrêksa utawi nyêpêng, pinuju nyêrati asal-usulipun pusaka dalêm carak Kyai Nangkula Sadewa, ingkang kala

--- 128 ---

samantên kula manah têmtu wontên nalurinipun, cariyosipun cêkakan makatên:

Nalika jaman Majapait wontên tiyang èstri anggarap sabin manggih carak[2] ingkang sakalangkung endah, dhasaripun singat banthèng kalapis ing salaka pinatik kancana tinatah lung patran angrawit, tiyang èstri wau saking ajrihipun kanggenan barang ingkang sakalangkung adi, panggihanipun carak wau kaunjukakên sang nata, lajêng kagêm nyaraki titihan dalêm turăngga, dene ingkang manggih kaganjar pangkat lurah, kawajibanipun namung nyaraki titihan dalêm kemawon, namung sarèhning tiyang èstri, kadhawuhan ngawontênakên wakil ingkang ngêmbani nyanggi damêl ingkang dados wajibipun.

Nalika jaman kraton Dêmak ugi wontên lêlampahan ingkang ngêplêki kalihan jaman Majapait ingkang kula cariyosakên wau, namung lajêng katêtêpakên pisan, bilih kalênggahanipun lurah ingkang ngaturakên panggihan carak, kaparingakên run-tumurun dhatêng waris èstri, botên kalilan dhatêng waris jalêr, anggèning makatên punika minăngka pangèngêt-èngêt dening ingkang kaparingan drajad sakawit tiyang èstri, dene carak sarèhne wujudidhun[3]

sakêmbaran, kaparingan nama Kyai Nangkula Sadewa, sarta kajawi kangge nyaraki titihan kapal, ugi ingandikakakên ngangge[4] nyaraki titihan dalêm liman, amargi kacariyos bilih Sinuhun Sultan Dêmak, punika kaparêng sangêt nitih liman, awis-awis sangêt nitih titihan. Sawêg kaenggalan kangge nyaraki liman sapisan, limanipun wau sanalika ambruk pêjah, botên kasumêrêpan darunanipun. Awit dening kala samantên abdi dalêm tukang nyaraki kêkalih wau golonganipun dèrèng gadhah nama, mila sabab saking pêjahipun titihan dalêm liman wau, kaparêng dalêm lajêng kanamakakên golongan Gajahmati, ngiras kangge mèngêti pêjahipun titihan dalêm liman. Kajawi punika wontên malih, tilasipun naluri, ingkang dados cihnanipun bilih ingkang dados sapisan wau tiyang èstri, inggih punika anggèning manawi mangangge agêng dodotipun sêmbagi, saha pangampilipun carak sarana dipun êmban cindhe, punapadene manawi nyaraki pangigêlipun mawi ulat-ulatan èstri, sarta linggihipun timpuh, makatên punika lastari ngantos sapriki. Namung bab waris èstri sampun kasuwak nalika jumênêngipun patih swargi Radèn Adipati Sasranagara, murih sagêda sami kalihan tatananipun para abdi dalêm sadaya. Wondene kuwajibanipun, kajawi nyaraki botên ngarung, amargi punika wajibipun gamêl, wangsul iyasa cumêthi, sambuk tuwin sadaya tamparan ingkang dados kabêtahanipun titihan dalêm.

Sadhèrèk, ingkang nênangi manah kula botên pitados dhatêng andharan ingkang tharik-tharik wau, punika sajatosipun wontênipun tatanan [ta ...]

--- 129 ---

[... tanan] waris èstri amargi pamanah kula punika têmtu kêkantunanipun tatacaranipun tiyang Gajahmati, naluri dhatêng tatacaraning lêluhuripun, ka[5] Walandi mastani: matriarchaat, inggih punika tatacara ingkang pancêring waris wontên èstri, măngka sasumêrêp kula tiyang Jawi punika, kala jaman punapa kemawon ngangge cara patriarchaat, inggih punika pancêring waris wontên jalêr, dados kasêlak mokal manawi tataning waris èstri tumrapipun tiyang Gajahmati wau, namung ajalaran agênging ganjaran mêmanggih carak. Têka kathah têmên malèncèngipun gancaran[6] dalêm kalihan tatacara ingkang kagêm kraton dalêm piyambak, inggih punika cara patriarchaat, lajêng paring ganjaran ingkang anuwuhakên cara matriarchaat mila ing sakadar kula lajêng ngudi, kintên-kintên punapa darunanipun, dene tiyang Gajahmati gadhah cara matriarchaat wau. Pambudi kula lajêng angsal sêsêrêpan kados ing ngandhap punika:

1. Karanganipun Tuwan Rouffaer, wosipun cariyos bilih tiyang Gajahmati punika têlukanipun ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, saking nagari Sêngguruh talatah Pasuruhan. Rumiyinipun nama nagari Gajahmada, sarêng bêdhah kasantunan nama Gajahmati dening prajurid Mataram, minăngka pangerang-erang dhatêng têtiyangipun ingkang sami kadamêl tawananipun. Dados têgêsipun Gajahmati punika dede namaning golonganing abdi dalêm, namaning băngsa kados upaminipun: Cina, Arab, Walandi, Indhu lan sasaminipun.

2. Karanganipun Tuwan Altona, nyariyosakên dhusun-dhusun ing tanah Bojanagara ingkang samangke taksih dipun dunungi tiyang Gajahmati, nanging sampun sami botên wontên ingkang sumêrêp asal-usulipun. Pamanggihipun Tuwan Altona, tiyang Gajahmati punika asli saking sabrang, kuciwanipun botên mratelakakên punapa sababipun dene darbe pamanggih makatên.

3. Ing Ind. Gids. taun 1884 jilid I wontên karanganipun Tuwan E. Rudolph ing Salatiga, nyariyosakên bilih tiyang Gajahmati punika kala rumiyin ugi karan Windusara, sarta gadhah pangintên bilih kinanipun gadhah cara matriarchaat kados pamanggih kula. Anggèn kula ngrêmbag tiyang Gajahmati kula punggêl samantên rumiyin, samangke santun ngrêmbag bab tiyang Pinggir.

Kauningana, anggèn kula madosi aluranipun tiyang Pinggir, punika angsal-angsalan kula gotèk langkung kathah katandhing kalihan bab tiyang Gajahmati, sanadyan cêcriyosanipun tamtunipun warni-warni, namung dhongipun satunggal, inggih punika:

Tiyang tawanan saking Blambangan nalika nagarinipun dipun gêpuk kadadosakên karang abang dening Sinuhun Sultan Agung, ingkang jalêr kangge coban manawi kraton iyasa dêdamêl, ingkang èstri kagêm inya samăngsa ingkang sinuhun kagungan putra. Wontênipun nama Pinggir kabêkta saking prênahing nagarinipun. Para sadhèrès[7] [sadhèrè ...]

--- 130 ---

[... s] kampun[8] nguningani piyambak Balambangan wontên poncot wetan sapinggiring sagantên. Ewadene kula manah prêlu ngandharakên gotèk bab aluranipun tiyang Pinggir ingkang mawarni-warni wau, ing pangangkah supados sampun ngantos anjalari adamêl kagèt sarta kirang dhamang, manawi anggèn kula sêsorah punika mangke ing wêkasan adamêl putusan (conclusie) inggih namung sagaduking pamanggih kula.

Satunggaling kaol: nagari Blambangan punika dipun bêdhah dening Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram. Sarêng sampun têtela panungkulipun, sang ratu kalêstarèkakên jumênêngipun mêngku kawibawan kados ingkang sampun, namung sabên kalamăngsa kemawon kadhawuhan sowan asok bulu bêkti dhatêng Mataram. Sasedanipun sang ratu wau tilar putra kêmbar, ingkang sêpuh nama Pangeran Cindheamoh, ingkang ênèm Pangeran Kêmbar. Dhawuh saking Mataram putra kalih wau kinèn sami jumênêng mêngkoni Blambangan, sarta lêstari dados talatahipun nagari Mataram. Sarêng jumênêngipun Ingkang Sinuhun Sultan Agung, Pangeran kêkalih wau sami mirong kampuh jingga, têmahan nagarinipun dipun gêpuk, rajabrana jinarah, sang pangeran kalih pisan dalasan kawulanipun sadaya kabêkta dados tawanan dhatêng Mataram, namung labêt saking Sinuhun Sultan Agung gêng kapranan dhatêng kadigdayan sarta kalimpadanipun dhatêng pangulahing ayuda, tiyang Blambangan wau kadadosakên prajurit sinêlir nama prajurit Balambangan, dipun pangagêngi dening Pangeran Cindheamoh sarta Kêmbar wau. Kajawi punika manawi Ingkang Sinuhun iyasa dêdamêl, mawi kacobakakên tiyang Btambangan[9] rumiyin, supados angsal sawab têguh timbulipun, wêkasan anglêpatakên aji jaya kawijayan. Sintên ingkang kataman sagêd lonyoh lêbur tanpa kukupan.

Sajêngkaripun karaton Mataram pindhah dhatêng Surakarta, tiyang Pinggir wau lêstari kadamêl coban manawi kraton iyasa tosan aji, măngka têtiyangipun sami botên kêdhotan kados lêluhuripun nalika jaman Mataram, mila inggih kathah ingkang dados tiwasipun, wêkasan kathah ingkang minggat dhatêng Ngayogya ngungsi tumut dêdunung sanak sadhèrèkipun, ingkang kapasrahakên dhatêng kraton Ngayogya marêngi nalika palihan nagari, amargi kacariyon[10] nalika nagari kasigar samăngka, kawula dalêm tiyang Pinggir ugi katut kapalih kados abdi dalêm sanès-sanèsipun, mila dumugi sapriki ing Ngayogya taksih kathah tiyang Pinggir.

Kangjêng Gusti Mangkubumi (putra dalêm kaping III) nguningani icalipun wulucumbu dalêm tiyang Pinggir makatên andadosakên sungkawaning galihipun, mila botên talompe dhawuh nimbali dhatêng Ngayogya, nimbali wangsulipun dhatêng Surakarta. Tiyang Pinggir wau matur sandika, dhatêngipun Surakarta kairid pinisêpuhipun nama: Jathasura, Surawikatha, Surawilarsa tuwin Bêndung. Kaparêngipun Kangjêng Gusti Mangkubumi kaparingan [kaparinga ...]

--- 131 ---

[... n] siti 400 pangkon ing Kartasura ingkang samangke dados kalurahan Kartasura lan Ngadirêja, supados sami ngêmpal dhêdhukuh ing ngriku. Panyuwunipun dhatêng ingkang rama kaparênga anggêsangakên prajurit Balambangan malih. Nanging murih sagêd lêstari tiyangipun, sampun ngantos minggat malih kasuwaka anggènipun dados coban, dene minăngka lêlintu anggèning kapundhut sawabipun, bojonipun kemawon kapundhuta nginyani putra dalêm ingkang sinuhun, ingkang supados putra dalêm ingkang dipun sêsêpi tiyang Pinggir wau, sagêda kasawaban têguh yuwana kados lêluhuripun tiyang Pinggir ing nguni. Panyuwunan makatên punika kaparêngakên sadaya, malah tiyang Pinggir lajêng karangkul kados jaman Sultan Agungan, sarta malih sarèhne dados sami nunggil sêsêpan kalihan putra-putra dalêm, tiyang Pinggir wau satêngah kaanggêp putra dalêm piyambak wujudipun, manawi salakirabi sampeyan dalêm kaparêng malèni piyambak, namung kêdah mawi ngunjukakên tindhih arupi: suruh sagulung, jambe samayang. Makatên punika mulabukanipun tiyang pinggir dados inya sarta adhêdhukuh ing Kartasura.

Wontên kaol malih ingkang andorakakên bilih tiyang pinggir rumiyin nate minggat jalaran saking tintrimipun anggèning kawajibakên dados cobèn, punika têbih sangêt, tiyang Pinggir botên nate minggat, wontênipun namung mantuk dados coban, punika sawêg jamanipun sampeyan dalêm kaping VII kemawon, ajalaran sampun botên wontên paprangan, dados inggih mèh sampun botên nate iyasa dêdamêl, dene ingkang dados inya sapisan kaparingan pangkat lurah, kawênangakên udhêt abrit, ngêrèhakên sadaya inya. Nama inya Bugêl. Run-tumurun dhatêng anak putu ngantos dumugi kasuwakipun, wondening tandhanipun inya ingkang tiyang Pinggir sayêktos punika toyanipun sêsêpan sêmu wulung. Ananging sanadyan tiyang Pinggir punika danguning dangu jalaran saking kadhêsuk ing jaman, sampun purun salakirabi kalin[11] băngsa sanèsipun, kinanipun ngangge adat endogamie, ewadene saking saening jinisipun (edele van het ras) ngantos dumugining akiripun jaman, mêksa taksih sagêd kasumêrêpan tulèn lan botênipun saking wuding[12] toya sêsêpan. Kajawi wulunging toya sêsêpan wau taksih wontên titikanipun malih, ingkang nêmênakên tulèning asal, inggih punika ingkang turunanipun Pangeran Cindheamoh kukunipun jêmpolan tangan, têmtu suwèk, turunipun Pangeran Kêmbar rajah ing èpèk-èpèk, wontên pusêripun. Wasana lêlajênganipun kadospundi lêlampahanipun pangeran kêkalih wau sarta ing pundi sumarenipun, botên wontên ingkang sagêd nyariyosakên. Wondene ingkang nama tiyang Minggir punika namung ingkang èstri, jalêripun limrah nama tiyang tani. Sêsêrêpan kula piyambak ing dhusun Candhiraga saêlèripun Pracimaarja, wontên gumuk nama Rêdi Wijil, punika

--- 132 ---

ingkang sumare karan Kyai Cindheamoh putra Majapait. Punapa punika inggih Cindheamohipun tiyang Pinggir punapa sanès, kula botên têrang. Kajawi punika tumrapipun sêsorah kula dalu punika botên prêlu dados prabot, mila dados inggih sampun botên prêlu karêmbag.

Wontên kaol malih, mulabukanipun tiyang Pinggir dados inya, punika naluri Kangjêng Pangeran Pugêr nalika timuripun botên wontên toya sêsêpan jodho, namung tansah mular kemawon. Sarêng kasêsêpan tiyang Pinggir, sanalika lajêng kèndêl, sarta sagêd jodho sapanginggilipun. Sarêng akiripun Kangjêng Pangeran Pugêr wau sagêd jumênêng nata P.B.I. Putra-putra dalêm inggih kadhawuhan ngêmpèngi tiyang Pinggir.

Kaol tigang warni ingkang sampun kula andharakên wau, punika sami namung sarining panaliti kula wontên ing Kartasura. Saupami kula cariyosna sadaya kados salugunipun, bokmanawi sadalu dèrèng sagêd kêmput, mila inglih[13] namung kula pêndhêt samantên kemawon. Dene wosipun ingkang dados bêtah kula:

1. Tiyang Pinggir asli boyongan lajêng dados coban.

2. Ingkang nama Pinggir namung èstrinipun kemawon.

3. Kinanipun botên kenging salakirabi rabi mêdal saking bangsanipun piyambak, Walandi mastani endogamie, kosokwangsulipun, eogamie.[14]

4. Manawi salakirabi ingkang malèni sampeyan dalêm piyambak.

Warni sakawan punika ingkang ngèmpêri kawontênanipun tiyang Gajahmati ăngka 2, inggih punika ingkang nama Pinggir namung ingkang èstri, dados têgêsipun pancêr èstri. Măngka tiyang Gajahmati pancêring waris ugi wontên èstri, dados kalih pisan ngangge cara matriarchaat. Ăngka 3 nêtêpakên ngangge cara endogamie, punika pamanggih kula tuwuhipun saking cara matriarchaat wau, amargi manawi salakirabinipun punika mêdal saking bangsanipun piyambak, sampun tamtu badhe sirna matriarchaat tipun. Amargi băngsa sanès-sanèsipun sami ngangge cara patriarchaat.

Sanadyan cariyosipun tiyang Gajahmati kala wau botên wontên antawisipun ingkang nêtêpakên salakirabinipun kêdah botên mêdal saking bangsanipun piyambak, ewadene nyumêrêpi glagating tatacaranipun, matriarchaat kintên kula kinanipun inggih kaawisan kados caranipun tiyang Pinggir, jalaran sami ngangge cara matriarchaat wau, dados tamtu inggih botên nyirnakakên caranipun piyambak, malah sagêd ugi tiyang Gajahmati kalihan tiyang Pinggir makatên tunggil jinis sanès nagari, Walandinipun: twee stammen van een ras.

Ing Ngayogya ugi wontên tiyang Pinggir sami adêdunung wontên kampung Pinggiran sakidul Gadhing, karanipun ing ngrika inggih tiyang Minggiran. Cariyosipun Êmbok Ajêng Sinduprêtăndha,

--- 133 ---

randhanipun lurah Pinggiran rumiyin, samangke sampun ngumur 74 taun, ingkang miwiti ngagêm inya tiyang Minggiran, punika Ingkang sinuhun sultan sapisan, ngantos dumugi Sinuhun Sultan kaping VII, punapa sababipun ngagêm inya tiyang Minggiran, piyambakipun bètên[15] mangêrtos. Wondene wontênipun nama tiyang Minggiran, kabêkta saking griyanipun kaprênah sapinggiring kitha Ngayogya, dados namung karaning dhusun. Mênggah aslinipun saking Blambangan nalika jaman Sultan Agungan, dhatêngipun Ngayogya nyarêngi nalika palihan nagari. Wontên cariyosipun malih saking Kangjêng Pangeran Danurêja, makatên:

Kacariyos salêbêtipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi ngraman, adhêdhukuh wontên ardi Sundara, kagungan putra miyos kakung kanamakakên: Radèn Mas Sundara, punika ingkang kadhawuhan nginyani tiyang saking Blambangan. Dhawuh dalêm, manawi putra dalêm R.M. Sundara wau sagêd lêstari wilujêng botên wontên satunggal punapa, dipun kauli: samăngsa anak palihanipun imah-imah, ingkang sinuhun kaparêng ningkahakên piyambak, minăngka ganjaraning biyungipun anggèning ngêmpèngi sarta andhèrèk kasakit-sakit salêbêtipun wontên paprangan. Wasana sayêktos sagêd wilujêng sadayanipun, Kangjêng Pangeran Mangkubumi sagêd jumênêng sultan ing Ngayogya, inya wau kaganjar pangkat lurah saturun-turunipun pancêr èstri, mawi kagadhuhan siti sakidulipun nagari. Sarèhning siti wau kalêrês wontên poncoting kitha, mila inggih karan dhusun Minggiran, tiyangipun nama tiyang Minggiran. R.M. Sundara wau akiripun sumilih kapraboning rama jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Sultan kaping II. Kaparêng dalêm napak titis sarira dalêm, putra-putra dalêm ugi kadhawuhan ngêmpèngi tiyang Minggiran.

Namung samantên sêsêrêpan kula saking Ngayogya. Sanadyan sajarahipun beda kalihan ing Surakarta, ewadene wontên ingkang sami raosipun inggih punika:

1. Ingkang Sinuhun Sultan kaparêng malèni.

2. Pangkating lurah tumurun pancêr èstri.

Samangke mangsuli malih dhatêng sêsêrêpan Surakarta kalihan ringkêsan sarta sêsêrêpan sanès-sanèsipun, inggih punika: ingkang sapisan, limrahipun tiyang Surakarta, tiyang Pinggir makatên kawastanan tiyang ingkang dumunung sapinggiring bangawan, botên sumêrêp manawi punika asli saking Blambangan adêdunung ing Kartasura, dados nama kacawuh kalihan tiyang Minggiran, inggih punika lêrês tiyang ingkang dêdunung sapinggiring bangawan, dede sapinggiring sadhengah lèpèn. Dados têgêsipun, bab wontênipun tiyang Pinggir asli Blambangan, limrahipun tilang[16] Surakarta sampun sami botên sumêrêp, kajawi para abdi dalêm èstri ingkang kina, amargi nama gulat-gulêt sadintên-dintênipun. Wondene tiyang èstri kina wau sumêrêpipun namung anggèning tiyang Pinggir wau asli saking Blambangan nalika jaman Mataram, anggènipun rumiyin kagêm [kagê ...]

--- 134 ---

[... m] coban, manawi salakirabi ingkang malèni sampeyan dalêm piyambak, jalaran saking anggènipun dados kêkasih dalêm. Sarta èstrinipun kajawi dados inyanipun putra-putri dalêm, inggih dados abdi dalêm jamban, ugi ambucal sadaya sêsukêr ing ngriku. Kawajiban ambucal sêsukêr makatên punika pamanggih kula nunggil raos kalihan cobanipun tiyang jalêr, wosipun ngêsorakên drajadipun tiyang Pinggir "vernerderend" tuwuh saking anggèning piyambakipun punika asalipun tiyang tawanan= slaaf.

Radèn Pangulu, kaum Kartasura, Kyai Muhammad Ilham ing Langênarja, sarta pradikan ing Jatisaba, sami nyariyosakên bilih wontênipun tiyang Pinggir kagêm coban, punika jalaran piyambakipun tiyang tawanan saking Blambangan, dados dipun pêjahana dipun pisakita, sampun kalal kemawon. Manawi salakirabi kêdah ngangge wali kakim, sarta talakipun namung kalih, punika sadaya klêbêt wajib wêwênangipun tiyang tawanan. Malah sêsêrêpanipun pradikan Jatisaba, tiyang Pinggir sarta Gajahmati, punika sajatosipun anggèning dados tiyang tawanan= slaaf sapriki dèrèng dipun mradikakakên.

Tuwan Winter amêwahi sêsêpan kawrat ing Tijdschr. v. Ned. Ind. taun kanêm jilid I suraosipun: tiyang Pinggir punika manawi wontên prakawis botên kenging dados saksi. Dene cariyos sanèsipun sarta karanganipun para Walandi taksih kathah, kados ta: tuwan Veth, (Java dl. lp. 390) Rooffaer (Enclyclop v. Ned Indie III p. 264) Rudolph. (Ind. Gids 6e jrg. dl. lp. 85) Altona (tijdschr. Bat. Gen. dl. XII aflev. 2) lan sanès-sanèsipun. Nanging sadaya punika langkung cêkak sarta kawon salêsih kalihan ingkang sampun kula andharakên wau, dados kula manah sampun botên wontên paedahipun saupami kula cariyosna sadaya, dene pathining cariyos-cariyosipun ingkang sawêg kemawon kula andharakên punika:

1. Tiyang Pinggir, punika tiyang tawanan. slaaf Arabipun, Abid, dadosipun têmbung Jawi abdi, dumugi dintên punika dèrèng dipun mardikakakên (dipun luwari anggèning dados tiyang tawanan). | 2. Manawi salakirabi kêdah ngangge wali kakim. | 3. Manawi wontên pangadilan botên kenging dados saksi. | 4. Talakipun kalih.

Dados gunggungipun kêmpaling pathining gotèk wau warni-warni.

1. Tiyang Pinggir asli tawanan saking Blambangan. | 2. Ingkang nama Pinggir namung ingkang èstri. | 3. Kinanipun botên kenging salakirabi kalihan băngsa sanès. | 4. Manawi imah-imah ingkang malèni sang nata piyambak. | 5. Pancêring waris èstri. |

--- 135 ---

6. Anggèning dados tiyang tawanan dumugi sapriki dèrèng dipun mardikakakên. | 7. Manawi imah-imah kêdah ngangge wali kakim. | 8. Manawi wontên prakawis botên kenging dados saksi. | 9. Talakipun namung kalih.

Saking pangintên kula sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula ngèbèr dêdongengan asal-usulipun tiyang Gajahmati tuwin tiyang Pinggir, samangke prêlu ngupadosi sababipun punapa, dene băngsa kalih warni wau sami gadhah tatacara warni-warni, ingkang talêsipun sulaya sangêt kalihan tatacaranipun tiyang Jawi walaka, pamanggih kula makatên:

Pancêring waris èstri kalihan ingkang winastan Pinggir punika namung èstrinipun, punika pamanggih kula nunggil têgês synoniem amargi sok ugi warisipun èstri, bakuning băngsa inggih wontên èstri. vrouwelijk erf recht inggih punika ingkang winastan matriarchaat. Kawontênan makatên punika sadlerengan radi mokal, nanging sajatosipun botên, ing tanah Minangkabo Sumatra, inggih wontên cara makatên, malah dumugi sapriki taksih tumindak. Kangge pasêksèn sakêdhik, dhatuk tumênggung, patih Têrbêskikkêng Inlansê Adpisir, ing Batawi ingkang sadhèrèk ngriki kathah ingkang sampun têpang utawi uninga, punika rumiyin namanipun Sutan Tumênggung, angsalipun sêsêbutan dhatuk sawêg sawatawis taun saking bibèkipun ingkang tilar donya. Sutan Maharaja tilas warga rad kawula, punika manawi kula pitakèn anakipun, wangsulanipun kalayan gujêngan: aku ora duwe anak, kuwi anake bojoku. Punika dede sêmbranan, têtêp atasipun tiyang Minangkabo makatên, kawastanan cara matriarchaat wau.

Caranipun tiyang Minangkabo manawi salakirabi, punika botên kok èstrinipun lajêng kaboyong ingkang jalêr, malah jalêripun ingkang ambruk dhatêng griyanipun ingkang èstri, kinanipun wontênipun ngriku satêngah dipun anggêp batur. Caranipun tiyang Gajahmati lan Pinggir, manawi ningali kawontênan makatên punika lajêng kacocogakên kalihan pamanggih kula sampun botên kenging dipun selaki malih bilih tiyang Pinggir lan Gajahmati wau jaman rumiyin ngangge cara matriarchaat. Mila sambêtipun kalihan punika, lajêng ngawisi sampun ngantos salakirabi kalihan băngsa sanès (endogamie) dening băngsa sanès-sanèsipun sami ngangge cara patriarchaat. Dados manawi lajêng ajak bêbesanan, saèstunipun badhe kecalan cara, awit saking kawon kathah cacah jiwanipun sarta kawon wêwênang. Ing alami-lami sarêng kawon suk kalihan jamanipun, sawêg sami purun jêjodhoan kalihan sanès băngsa, wêkasanipun, inggih kecalan lacak sayêktos, malah samangke asal-usulipun kemawon, sampun botên wikan.

--- 136 ---

Sanadyan tumrapipun tiyang Gajahmati botên wontên cariyosipun manawi gadhah cara endogamie, ewadene sarèhne ugi ngangge matriarchaat, kintên kula rumiyinipun inggih botên purun salakirabi kalihan sanès băngsa, malah sagêd ugi sakalih-kalihipun wau nunggil jinis, sarta nunggil aslinipun.

Wontên pasêksèn malih tumrap anggèning tiyang Pinggir lan Gajahmati ngangge cara matriarchaat inggih punika anggêr-anggêr bab 18 sarta nawala pradata bab kaping 24 sami mungêl, bilih pabên bab salakirabi tumrap tiyang Kalang kuwawi jalêripun, manawi tiyang Gajahmati lan tiyang Pinggir kuwawi èstrinipun. Sanajan ungêling anggêr kêkalih wau namung sami kêmêngan[17] kemawon, ewadene pamanggih kula sampun cêtha manawi kaparêngipun ingkang iyasa rumiyin mathok bab wawênangipun erfrecht, punapa malih manawi nyumêrêpi panyuraosipun tuwan Mounier bab 24 nawala pradata wau, nalaripun tamtu lajêng saya gamblang dhakêng[18] kaparêngipun ingkang iyasa. Tuwan Mounier anggènipun nêgêsi têmbung: kuwat= wênang, utawi: baku, dados bakuning tiyang Pinggir lan Gajahmati punika èstri. Dene anggèning kapacak ing anggêr wau, kintên kula sabab saking kaparêng dalêm angidèni anghènipun[19] kawula dalêm tiyang tawanan anglêstarèkakên tata ngadatipun piyambak, Walandinipun "eerbiediging van andermans geloof" utawi vrijheid van Godsdienst cariyos kula makatên punika amargi sagêd ugi tiyang tawanan wau sami kalilan lastari ngangge agaminipun piyambak, samantên wau manawi gadhah agami piyambak.

Anggèning kacariyosakên bilih tiyang Pinggir sarta tiyang Pajahmati punika tiyang tawanan ingkang ngantos dumugi sapriki dèrèng sami dipun mardikakakên, punika tumrapipun tiyang Gajahmati kula dèrèng angsal pasêksèn ingkang gumathok, kajawi namung saking cariyosipun pradikan Jatisaba kala wau, namung tumrapipun tiyang pinggir, pasêksènipun sampun maton sangêt, wujudipun: sabên bakda Siyam sampeyan dalêm maringi pitrah dalêm kawula dalêm tiyang Pinggir dhatêng pangulon, kasarêng kalihan pitrah dalêm pitrahipun putra-putri dalêm jalêr èstri, sadhèrèk dalêm sêpuh anèm, priyantun dalêm santana dalêm sarta abdi dalêm jalêr èstri sadaya, dados têgêsipun tiyang Pinggir punika kaanggêp dados kukuban dalêm= eigendom= slaaf; tandhanipun sampeyan dalêm botên mitrahi kawula dalêm sanès-sanèsipun. Punika sampun cocog kalihan cariyosipun mitra kula băngsa Arab, awêwaton anggêr agami, suraos bilih tiyang tawanan= abid= slaaf, makatên wajib dipun pitrahi, jalaran punika dipun ewokakên ngamal. Băndha= rijkdom= bezit. Wondene punapa sababipun dene tiyang Pinggir taksih

--- 137 ---

kaparingan pitrah (= dèrèng kamardikakakên) tiyang Gajahmati sampun botên (= sampun mardika), punika kintên kula namung saking kalepyan kemawon, kalih pisan sampun utawi dèrèng sami kamardikakakên dening ingkang kagungan. Mardikanipun punika ambokmanawi namung saking kadayan suwakipun sadaya tiyang Abid (slaaf) ing tanah Jawi kawrat wèt katitimangsan kaping 7 Mèi 1859 ondonnansi kaping 7 Mèi 1859 ăngka 46, mila paring dalêm pitrah taksih kalantur sapriki.

Bab anggèning kacriyos manawi salakirabi ingkang malèni sang nata piyambak, jalaran saking anggènipun dados kêkasih dalêm sarta kaanggêp kulit daging piyambak punika sajatosipun botên makatên. Punika yêktinipun wali kakim kados cariyosipun Radèn Pangulu, kaum Kartasura tuwin Kyai Muhammad Ilham, amargi miturut anggêr agami, tiyang Abid, makatên botên wênang malèni, jalaran piyambakipun botên mardika utawi dèrèng têtêp manungsanipun "onmondig" makatên malih sarira dalêm sang nata punika wênangipun malèni namung dhatêng putra santana dalêm piyambak sarta dhatêng sadhengah kawulanipun, ingkang kasêpênan waris, punika winastanan wali kakim. Sarèhne miturut ngadatipun piyambak tiyang Pinggir lan Gajahmati punika ngangge cara matriarchaat, têgêsipun waris èstri, măngka miturut anggêr agami Islam tiyang èstri makatên botên wênang malèni, dados sampun saya cêtha bilih kanggening sampeyan dalêm, malèni punika botên sabab saking tiyang Pinggir wau kinasih, namung maligi[20] sabab saking botên wênang malèni utawi wali kakim.

Gandhèngipun kalihan punika lajêng sampun cêtha kemawon anggèning tiyang Pinggir botên kenging dados saksi, amargi piyambakipun rak dipun anggêp onmondig jalaran saking botên mardika, dados kadospundi sagêdipun manjing dados saksi. Miturut cariyosipun Tuwan Wintêr ing Tijdscha v. Ned. Ind nalika pangadilan dalêm taksih wontên ngasta dalêm, ingkang botên kakengingakên dados saksi ing pangadilan punika:

1. Tiyang èstri. | 2. Lare. | 3. Tiyang ingkang botên jangkêp kaèngêtanipun. | 4. Tiyang awon (eerlooze lieden). | 5. Tiyang pidak pêdarakan= personen, die een laag of gemeen beroep uitoefenen. | 6. Tiyang Pinggir. Dados tiyang Pinggir punika kaewokatên[21] tiyang 5 golongan wau.

Namung punapa sababipun dene tiyang Gajahmati botên katut kasêbut, măngka ing nawala pradata, anggêr-anggêr kapratelakakên, punika wêktu samangke kula dèrèng sagêd anggagapi, ambokmanawi ing têmbe angsal wêwêngan malih.

--- 138 ---

Prakawis talak kalih punika miturut cariyosipun mitra kula băngsa Arab awêwaton kitab Al oem lic sjafii sampun dados wajib wênangipun tiyang Abid, wontênipun kasuda kalihan wêwênangipun tiyang limrah= burger Mohamedaan, jalaran piyambakipun kaanggêp botên têtêp manungsanipun, nunggil kaol kalihan anggènipun botên wênang dados saksi sarta botên wênang malèni, dados inggih sampun cocog kalihan cariyosipun Kyai Muhamad Ilham sarta kaum Kartasura.

Sasampunipun anggrejah sadaya wajib wênangipun tiyang Pinggir lan Gajahmati awêwaton warni-warni, pamanggih kula samangke prêlu ngupadosi aslinipun tiyang kalih golongan wau supados anambahi dhamanging manah. Namung sarèhne bab punika kula sampun kecalan lacak, dados pangupados kula inggih namung gagap-gagap, lowung kangge sambèn lêlinggihan.

Miturut limrahipun cariyos, tiyang Pinggir makatên aslinipun boyongan saking Blambangan. Wontên satunggaling kaol saking Rajêgwêsi ing Bojanagara utawi saking Sêngguruh, nanging manawi ningali anggèning gadhah cara matriarchaat punika kula lajêng nuwuhakên pamaibên, jalaran sampun kula cariyosakên kala wau. Tanah Jawi punika kina-makina caranipun patriarchaat dados kasêlak mokal bilih ing Blambangan wontên cara ingkang nyulayani sangêt kalin caranipun tiyang Jawi limrah, dening Blambangan punika taksih siti tanah Jawi. Mila pangupadosipun pamanggih kula inggih kêdah dhatêng tanah sabrang ingkang wontên cara matriarchaat.

Pamanggih kula makatên punika, angsal biyantu saking Tuwan Rudolph. Dene cariyosipun, nalika jaman Majapait sarta Mataram, inyanipun putra-putri dalêm punika kapêndhêtakên saking Blambangan utawi saking Bali, amargi kacariyosakên bilih toyanipun sêsêpan langkung sae tinimbang toyanipun sêsêpan tiyang Jawi. Sanajan bakuning cariyosipun Tuwan Rudolph wau namung tumrapipun inya sarta taksih miring, ewadene sarèhne inya kraton kala samantên tamtu mêndhêt tiyang Pinggir, dados cariyosipun sang sastrawan wau sampun kenging kula angge ancêr-ancêr pangupados kula dhatêng sajawining tanah Jawi, punapa malih anggèning tiyang Blambangan langkung sae toyanipun sêsêpan, pangraos kula inggih sampun gadhah têgês manawi punika dede tiyang Jawi walaka, amargi manawi tiyanga Jawi tulèn, punapa sababipun dene toyanipun sêsêpan langkung sae. Mokal sangêt. Namung Tuwan Rudolph kula sulayani sakêdhik, dene pangupados kula botên dhatêng Bali, jalaran agaminipun tiyang Bali makatên Siwah Buda, limrahipun botên gadhah cara matriarchaat. Namung kadospundi pangupados kula, punika ingkang dados pamanahan lêbêt. Mila coba dipun saranani saking ngupadosi aslinipun tiyang Gajahmati kemawon, ambokmanawi lajêng sagêd angsal aluran.

--- 139 ---

Tuwan Altona gadhah kintên bilih tiyang Pinggir sarta Gajahmati punika aslinipun saking tanah sabrang, lêbêtipun tanah Jawi mêdal ing Blambangan, mila katêlahipun asli saking Blambangan. Wontênipun lajêng karan tiyang Gajahmati jalaran saking anggèning cêmêng-cêmêng sarta agêng inggil dêdêgipun.

Kula kala wau nyariyosakên bilih abdi dalêm Gajahmati makatên manawi pinuju pasamuwan agêng dodotipun sêmbagi utawi kurasi, dados beda kalihan kănca-kancanipun sadaya. Kajawi punika sayêktosipun taksih wontên malih bedanipun, inggih punika ukiranipun gana dhapur kodhok mêthongkrong, dede tunggaksêmi. Makatên punika sanajan kula dèrèng nêtêpakên punapa bakuning ukiraning tiyang Jawi rumiyin, tunggaksêmi punapa gana, nanging guru wujudipun sapunika kemawon, ukiranipun tiyang Gajahmati punika nyalênèh sangêt, pamanggih kula ugi sampun kenging kangge ancêr-ancêr malih asalipun tiyang saking sabrang. Wondene sasumêrêp kula, ingkang ngangge ukiran sawarni makatên punika tiyang Sumatra, măngka saindhonesiah ingkang gadhah cara matriarchaat sasumêrêp kula namung tiyang Sumatra, kados cariyos kula kala wau, makatên malih ing tanah Sumatra ugi kathah kapalipun, dados manawi kula piyambak, sampun purun mastani, bilih tiyang Gajahmati wau aslinipun saking Sumatra, dhatêngipun ngajawi kaboyong kangge Abid, dening pêrang kalihan tiyang Jawi kasoran, namung kala taun punapa dhatêngipun, punika ingkang kula botên sagêd angintên-intên, jalaran saking sêrat babad sêpên babarpisan.

Samangke saking pundi aslinipun tiyang Pinggir. Mirid tunggilipun cara matriarchaat kalihan tiyang Gajahmati, pamanggih kula sagêd ugi nunggil asal, namung beda jinisipun kemawon, Walandinipun: "twee stammen van het zelfderas" kalih-kalihipun saking Sumatra. Namung punapa jalaranipun kanamakakên tiyang Pinggir sarta lêbêtipun dhatêng tanah Jawi punapa inggih lêrês mêdal Blambangan. Kados pangintênipun Tuwan Altona punika, kula dèrèng sagêd nêtêpakên, namung wosipun kemawon tiyang Pinggir punika asli saking tanah sabrang ingkang nagarinipun gadhah cara matriarschaat, wontênipun tanah Jawi kadadosakên Abid, dumugi sapriki dèrèng dipun mardikakakên. Namung punika sêsêrêpan kula.

Kadhaton

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5)

Sakilèning pandhapi wingking ugi mawi patamanan sakalangkung sae, mawi gêbalan rumput, ginula-gula, sinêlanan sêsêkaran măncawarni, saking katêbihan katingalan pindha babud ginêlar. Kajawi punika, sampun wontên têtanêmanipun ingkang agêng-agêng: sakalangkung ayom. Asri angraosakên. Sarta malih ing ngriku mawi dipun pirantosi bandulan [bandu ...]

--- 140 ---

[... lan] sasaminipun, kangge amêng-amênganipun putra dalêm timur.

Sakidul kilèning pandhapi wingking, wontên griyanipun panjang mujur mangilèn, punika pasowananipun abdi dalêm ingkang rumêksa Prabasasana.

Ing sakilèning patamanan, wontên bangsalipun kawastanan Pracimanadi.

Sawêwêngkonipun Langênkatong, Sasana Adi, Madusuka ing sajawining kaputrèn.

Ha: Langênkatong

XLVIII

Sawetaning dalêm Langênkatong, salèring margi têrusan saking Wiwarapriya, wontên gêdhongipun panjang mujur mangalèr nêkuk mangilèn, saking kidul sasinggêt kangge pangrantunan ladosan wedang manawi wontên pasamuwan. Salèripun malih sasinggêt, punika gêdhong Kridhawaya, gêdhong wedang sabakakasipun. Salèripun malih sasinggêt, kangge wadhah bakakas gadhuhanipun abdi dalêm punakawan sewaka: kêcohan sasaminipun.

Bagean ingkang lèr mujur mangilèn ingkang wetan piyambak sasinggêt, gêdhongipun punakawan sewaka. Sakilènipun malih sasinggêt, gêdhongipun abdi dalêm panakawan rênggapura. Kamaripun ingkang sisih wetan, kangge kantor pasowananipun wadana rênggapura. Ingkang kilèn kangge wadhah bakakas. Èmpèripun ingkang kidul kangge gêdhongipun panakawan Langênkatong. Sakilènipun malih, kantor pangagêng kumisi pasamuwan karaton. Ingkang pungkas kilèn sabagean, gêdhong rêksabusana: pasimpênan agêm dalêm cara Walandi.

Sawetan pandhapi langênkatong wontên griya alit majêng mangilèn, punika gêdhongipun abdi dalêm rêksawarastra sapirantosipun.

Na: Sasana adi

XLIX

Sangajêng pandhapi paran karsa wau wontên palataranipun ragi wiyar, sarta wontên regolipun mêdal mangalèr dhatêng radinan, punika kori talangpatèn, sapunika kasantunan nama: rêksadwara. Warninipun sae, kapêtha loji, mawi kamar wetan kilèn, kangge pacaosan saha pasowananipun abdi dalêm kadipatèn, saha abdi dalêm prajurit prawiranom.

L.

Ing jawi sisih kilèn, wontên brakipun prajurit trunasura. Sanginggilipun wontên panggungipun, kangge parumatanipun kantor rêksawahana: prabot kênèk kusir Walandi sarta Jawi, kalamăngsa ing ngriku kangge angungêlakên Kodhokngorèk.

Ca: Madusuka

LI.

Sakilèn griya kampung ing madusuka (XXXVII) punika ing bandêngan. Ing ngriku wontên balumbang wiyar, kaprigi ing pasangan banon. Satêngahing balumbang wontên mêsjidipun alit kawastanan Pulo Bandêngan. Marginipun mawi undhak-undhakan [u ...]

--- 141 ---

[... ndhak-undhakan] saking wetan minggah mangilèn. (Bokmanawi punika bêsutan prasada ing jaman kina).

Sawetaning pulo wontên griya ingkang gathuk kalihan têngganing priyantun dalêm, winastan ing mantênan wau (XXXIII).

LII.

Ing sakidulipun pulo wontêlih[22] toya sakalangkung agêng kangge patandhon toya sumur bur ingkang ngoncori jamban-jamban salêbêting karaton.

Sakilèning sumur bur wontên griya panjang nama kantor pantiarta, kangge pasowananipun abdi dalêm garap ing madusuka, ingkang anindakakên kas ing ngarsa dalêman sapanunggilanipun. Ingkang rumêksa abdi dalêm panêgar gamêl, pacaosanipun wontên ing ngriku.

LIV.

Sakilènipun gêdhong pantiarta, wontên korinipun mêdal mangilèn anjog dhatêng langênsari, ing ngriku panggenanipun kapal titihan dalêm, sarta kagungan dalêm kapal rakitan.

LV.

Salèripun kori wontên siti inggil mawi undhak-undhakan saking wetan, winastan têlih. Ing ngajêng bak toya oncoran saking umbul Pêngging ingkang anjog ing karaton, mawi katalang.

LVI.

Sawetaning undhak-undhakan têlih wontên maligi alit, padalêmanipun Kangjêng Kyai Pamor. Inggih ingkang karan pamor Prambanan.

LVII.

Sakidulipun wontên griya, kangge wadhah bakakasipun abdi dalêm Madusuka.

LVIII.

Salèring têlih, wontên masjidipun alit langkung asri, winastan masjid Pudyasana. Masjidipun dhapur tajug sêmar tinandhu. Srambinipun dhapur limasan sinom kalabang nyandêr, pacul gowang. Ing ngriku pasowanan saha pacaosanipun abdi dalêm suranata.

LIX.

Salèring pagêr capuri ing bandêngan, ugi wontên dalêmipun sakalangkung sae, winastan ngendragupita. Ing mangke kasantunan wêwangunan kagêm sakolahan kasatriyan, probêl.

LX.

Sawetanipun wontên gêdhong mujur mangetan, kangge pasimpênanipun kagungan dalêm ringgit wacucal, sarta gêdhong găngsa. Ingkang kagêm wontên paran karsa.

LXI.

Sawetanipun wontên margi mangidul anjog palataran paran karsa.

LXII.

Sawetaning margi wau, wontên gêdhongipun majêng mangilèn, punika kantor rêksawahana.

Mêdal saking srimanganti lèr

Mangsuli kori srimanganti lèr (XII) dhapuripun joglo sêmar tinandhu, kiwa têngênipun mawi rêca kêkalih kêmbar warninipun, punika rêca ingkang rumêksa candhi, ngapit-apit pipining kori ingkang malêbêt candhi. tempel wachter adêgipun nalika ing taun 1718 ing ngriku pacaosanin[23] abdi dalêm kaparak sarta gêdhong.

--- 142 ---

LXIII.

Lèripun wontên palataranipun, utawi pamêngkang, wetan kilèning palataran wontên bangsalipun agêng, ingkang sisih kilèn nama: bale marakata, dhapur limasan sinom traju mas, punika pasowanipun apdi[24] dalêm bupati, kaliwon, panèwu, mantri, golongan lêbêt.

LXIV

Ingkang wetan, nama: bale marcukundha, ugi dhapur limasan sinom traju mas, punika pasowananipun abdi dalêm prajurit, pangeran kolonèl, mayor kaptin, upsir jawi lêbêt.

LXV.

Sawingking bale marcukundha wontên griya los panjang mujur mangalèr, majêng mangilèn, kawastanan panti pidana. Punika pawarangkanipun santana dalêm.

LXVI.

Salèring srimanganti, wontên regolipun agêng, kawastanan kori kamandhungan. Griyanipun joglo sêmar tinandhu.

LXVII.

Salèring regol wontên griyanipun, winastanan balerata, ing ngriku ugi wontên rêcanipun agêng kêmbar warninipun, langkung agêng tinimbang rêca srimanganti. Ngapit-apit margi angajrihi. Rêca punika ugi rêca ingkang têngga pangapit kori candhi.

LXVIII.

Sawetaning regol kamandhungan, wontên griyanipun gêdhong salirang mujur mangetan, punika kangge pasimpênanipun kagungan dalêm joli.

[Grafik]

Masjid dhusun Puluhan, tanah Kradinan, bawah Bèji (Klathèn). (Kasêbut ing Pusaka Jawi 1928 ăngka: 11-12 kaca 173).

[Grafik]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]


Pigeaud. (kembali)
Pigeaud.
§ Carak= singat banthèng kangge wadhah toya, pirantos ngumbah cangkêming kapal. (kembali)
§ Carak= singat banthèng kangge wadhah toya, pirantos ngumbah cangkêming kapal.
wujudipun. (kembali)
wujudipun.
kangge. (kembali)
kangge.
kangge. (kembali)
kangge.
ganjaran. (kembali)
ganjaran.
sadhèrèk. (kembali)
sadhèrèk.
sampun. (kembali)
sampun.
Blambangan. (kembali)
Blambangan.
10 kacariyos. (kembali)
kacariyos.
11 kalihan (dan di tempat lain). (kembali)
kalihan (dan di tempat lain).
12 wujuding. (kembali)
wujuding.
13 inggih. (kembali)
inggih.
14 exogamie. (kembali)
exogamie.
15 botên. (kembali)
botên.
16 tiyang. (kembali)
tiyang.
17 kèmêngan. (kembali)
kèmêngan.
18 dhatêng. (kembali)
dhatêng.
19 anggènipun. (kembali)
anggènipun.
20 malige. (kembali)
malige.
21 kaewokakên. (kembali)
kaewokakên.
22 wontên malih. (kembali)
wontên malih.
23 pacaosanipun. (kembali)
pacaosanipun.
24 abdi. (kembali)
abdi.