Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-01, #387

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-01, #387. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-01, #387. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapha Insêtitit (JAVA INSTITUUT.)

--- 1 ---

Ăngka: 1, Januari 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Ngèlmu Alam

Sêsorahipun Mas Adisasmita ingkang dipun ajangi ing Pahêman Radyapustaka kala malêm Rêbo kaping 23 Juli 1930.

Kathah sêrat-sêrat ingkang nyariyosakên: ngèlmu alam, bab dumadosing alam. Sêrat Jawi ingkang ngêwrat kawruh punika: satunggal Sêrat Darmasonya, kalih Sêrat Jitabsara. Sêrat-sêrat Walandi ingkang isi kawruh bab alam ingkang kajuwara: anggitanipun Tuwan Phlam Mariyon, nama Sêrat: Hemel en Aarde têgêsipun: langit lan jagad, Sêrat De Wereld voor de schepping van den Mensch têgêsipun: jagad sadèrèngipun manungsa katitahakên. Sêrat De Wonderen des Hemels têgêsipun: kaelokaning alam. Taksih kathah malih karanganipun sarjana Eropah sanèsipun, kirang prêlu yèn ta kasêbutna sadaya.

Ing ngriki namung mêndhêt pêpiridan saking Sêrat Darmasonya, kalihan Sêrat Hemel en Aarde kasêbut ing ngajêng. Sêrat Darmasonya punika karanganipun Êmpu Yogiswara ing Mamênang, isinipun kaperang dados 16 perangan, inggih punika:

Perangan 1: nyariyosakên gumêlaring jagad.@Perangan 2: nyariyosakên kasidan jati.@Perangan 3: nyariyosakên wêwijanging wiji.@Perangan 4: nyariyosakên wêwahing kodrat cêcamboran.@Perangan 5: nyariyosakên babaring kaanan.@Perangan 6: nyariyosakên dumadosing manungsa.

--- 2 ---

Perangan 7: nyariyosakên wêwijanganing wiji-wiji.@Perangan 8: nyariyosakên tarbukaning wiji.@Perangan 9: nyariyosakên wimbuhing pangraos.@Perangan 10: nyariyosakên asaling panguripan.@Perangan 11: nyariyosakên upakartining otot.@Perangan 12: nyariyosakên lampahing rah.@Perangan 13: nyariyosakên beda-bedaning raos.@Perangan 14: nyariyosakên sakawitipun wontên salat.@Perangan 15: nyariyosakên gumêlaring siti.@Perangan 16: nyariyosakên sarining siti, ingkang dados panggêsanganipun sadaya tumitah.

Dene sêrat Hemel en Aarde wau inggih kaperang dados 16 bab.

Bab 1, nyariyosakên alam gumêlar.@Bab 2, nyariyosakên kawruh palintangan.@Bab 3, nyariyosakên jagad.@Bab 4, nyariyosakên lampahing jagad.@Bab 5, nyariyosakên kadadosan dening lampah-lampahing jagad.@Bab 6, nyariyosakên dumadosing jagad, umuring jagad, sapanunggilanipun.@Bab 7, nyariyosakên pirantos-pirantos kangge ningali lintang-lintang.@Bab 8, nyariyosakên surya sarta lintang-lintang.@Bab 9, nyariyosakên kawontênanipun surya,@Bab 10, nyariyosakên wulan.@Bab 11, nyariyosakên pangetang têbih cêlakipun lintang-lintang, wulan, sapanunggilanipun sarta agêng alitipun, punapadene awrat ènthèngipun.@Bab 12, nyariyosakên lintang-lintang ingkang dados kukubanipun surya (De planeten van ons zonnestelsel).@Bab 13, nyariyosakên lintang-lintang kumukus, lintang-lintang alihan, sarta pamor-pamor.@Bab 14, nyariyosakên sêsawangan ing langit salintang-lintangipun De sterren hemel.@Bab 15, nyariyosakên cacahipun lintang-lintang lan têbih cêlakipun.@Bab 16, nyariyosakên sêsawangan ing langit ingkang prêlu kapèngêtan.

--- 3 ---

Karoncèn manawi kula tandhing sadayanipun, kula namung mêthik sawatawis bab-bab ingkang nunggil, utawi ngèmpêri cariyosipun, nanging beda dhapukanipun, tuwin sanès oreanipun. Kula botên ngaturakên pamanggih utawi wawasan, pundi ingkang sakintên lêrês, pundi ingkang sakintên lêpat, dene ngèngêti beda-bedaning lagon. Lagonipun băngsa kilenan punika manawi badhe nitipriksa samukawis ingkang angèl, beda adêganipun kalihan lagonipun băngsa wetanan, kalêbêt băngsa Jawi. Băngsa kilenan ngangge kalêpasaning nalar sarana awêwaton papriksan ingkang kasat mata. Băngsa wetanan, manawi kapêntog ing angèl, nalar rumaos cupêt, lajêng anêngênakên kalêpasaning raos, sarana margi salarasing ênêng lan êning.

Miturut Sêrat Darmasonya, gumêlaring jagad ingkang kaping sapisan, punika dipun wastani sonyaruri, têgêsipun suwung utawi sêpi. Pramila dipun wastani makatên, awit titahing Allah dèrèng sami dumados. Ingkang dumados namung surya, wulan, lintang, tuwin amun-amun, inggih punika kodrating Pangeran ingkang rumiyin piyambak, kodrat sakawan punika langgêng wontênipun, jêjêg ing wujudipun. Sami kasinungan wahyu panguripan. Ing têmbe kawasa anartani panguripan kita punika sadaya.

Dene wujud utawi agêng alitipun, punapadene panguwaosipun beda-beda. Pratelanipun makatên:

1. Wulan, wujudipun sumorot, asêmu jêne maya-maya, kuwaosipun ing têmbe mahanani martaning rad raya punika sadaya.

2. Lintang-lintang, wujudipun biru asêmu ijêm maya-maya, kuwaosipun ing têmbe ugi badhe mêwahi martaning jagad punika sadaya.

3. Surya, wujudipun abrit amangkara-kara, kuwaosipun ing têmbe badhe mahanani gêsanging jagad raya punika sadaya.

Lintang punika agêngipun anglangkungi wulan, panggenanipun ngumandhang wontên ing sanginggiling wulan, êlêt tigang atus pandulu. Dene surya punika agêngipun langkung saking lintang, panggenanipun ngumandhang wontên ing sanginggiling lintang, ugi êlêt tigang atus pandulu.

4. Amun-amun, punika agêngipun sasurya, rupinipun cêmêng mêlês amaya-maya, kuwaosipun dados kêkandhanganipun sadaya dumados. Saking lêmbatipun kabasakakên: botên kenging jinumput. Agêngipun angèbêki bawana.

Ing salêbêting alam sonyaruri, jagad punika taksih jênjêm, pramanêm, angin dèrèng wontên lumampah, toyaning sagantên dèrèng wontên tumitah, wontênipun namung suwung, tumalawung tanpa ujung, namung sirat soroting surya sumêbar angèbêki sabawana punika sadaya. Soroting surya anggadhahi daya:

--- 4 ---

bêntèr. Bêntèring surya tumanduk ing swasana utawi amun-amun, dumugi lintang-lintang tuwin wulan, sami kumaringêt. Dene karingêting wulan sarta lintang wau dhawah ing rêdi cakrawala, prênahipun saimbanging jagad ingkang sisih lèr (Noordpool) karingêting wulan lan lintang punika dipun wastani tirta prawita, têgêsipun toya ingkang kawitan.

Sarêng sampun antawis lami, toya kawitan wau sagêd mili tanpa kêndhat, lajêng angubêngi sakukubaning jagad punika sadaya. Ing ngriku tirta prawita lajêng nama: tirta kumandhanu, têgêsipun: toya mili malêngkung, rupinipun pêthak kados kapuking kapas.

Sarêng ilinipun tirta kumandhanu dumugi ing imbanging jagad ingkang sisih kidul (Zuidpool) têmahan têmpur kalihan bêntèring surya, lajêng sami arêbat daya. Saking kiyating sakalih-kalihipun, lajêng andayani ebahing jagad. Awit saking dayanipun ingkang sami rêbat daya wau, wêkasan wulan, lintang-lintang, surya sarta amun-amun, tumut ebah mubêng nyakra panggilingan. Ing ngriku purwanipun wontên: dalu kalihan rintên.

Jalantahing tirta kumandhanu sarta jalantahing bêntèripun surya, ingkang kasar-kasar, sami tumus dumugi ing salêbêting jagad, lajêng ngwontênakên sagantên. Jalantah ingkang alus sami wangsul dhatêng ing rêdi cakrawala malih (Noordpool) makatên ing salami-laminipun.

Ilining tirta kumandhanu punika saking daya prabawanipun piyambak, prabawa punika dipun wastani: bayu. Bêntèring surya punika ugi mawi daya prabawanipun piyambak. Daya prabawa punika dipun wastani: angin. Nalika tirta kumandhanu têmpur kalihan bêntèring surya, daya prabawa kalih wau inggih punika bayu kalihan angin, nunggil dados satunggal, lajêng dipun wastani: moruta, têgêsipun: woring kalih. Maruta punika anut salampahipun tirta kumandhanu, awit dening kawon dayanipun. Dados ing mongsa punika bawana sampun kadunungan kodrat camboran kalih prakawis, inggih punika: toya kalihan maruta. Sêsêbutan: alam sonyaruri santun nama: alam tirtayoga, jêr ing măngsa punika: toya tumitah.

Kawontênanipun toya ing têmbing lèr lan têmbing kidul (ing Noordpool lan Zuidpool) anjêndhêl, awit saking asrêp dening têbih saking sêsipataning surya. Dene toya ingkang dumunung ing perangan têngah sami ajèr. Yèn kataman asrêping dalu sagêd kêmpêl, nanging namung sawatawis, botên ngantos katawis. Pratandhanipun bilih toya punika yèn wanci dalu sagêd kêmpêl ing sawatawis, katitik saking dhawahing bun ingkang saking ing awang-awang, ingkang tamtu ing wanci dalu, dêrêsipun manawi ing wanci bangun enjing.

Ing jaman tirtayoga punika thêthukulaning bumi sampun gumêlar rupi-rupi, punapadene sato kewan sampun dumados awarni-warni,

--- 5 ---

awit saking rêmbês jêbusing sari bumi saya ngrêbda.

Manungsa ingkang tumitah ing jaman punika, raganipun taksih sami alus-alus, awit dèrèng katabêtan dening sari bumi ingkang kasar, sarta dèrèng sami nyandhang lan nêdha. Ingkang minăngka dados pangangge panglimputing badan, wujud urubing cahyanipun piyambak. Dene ingkang dados têdhanipun sadaya sarwa sari. Ing nalika punika dèrèng wontên suka lan prihatos, dèrèng wontên sakit lan pêjah. Măngsa wau dipun wastani jaman kajiwatan, têgêsipun jaman kaalusan, jêr sami abadan alus, sabên muksa taksih kuwawi ambêkta raganipun piyambak-piyambak. Ing têmbung Jawi dipun wastani jaman purwa, têgêsipun jaman wiwitan. Ing têmbung Sansêkrita dipun wastani masidham, têgêsipun jênjêm utawi jêjêg. Ing têmbung Arab dipun wastani adam, têgêsipun: kawitan.

Manungsa ing jaman punika gêsang anut pakartining pramana, păncadriya dèrèng pêncar, cahyaning pramana dèrèng wigar, êmpaning karsa dèrèng tumangkar. Sami lêpas paningalipun, amargi kalis dening dayaning pajaripun surya. Sami atas-atas pamirênganipun, awit botên katabêtan dening kumaraning jagad. Sami têrus-têrus panggandanipun, awit dening kalis saking ambêt-ambêtaning jagad. Sami têtêp pamicaranipun, awit dening namung nuhoni krêntêging cipta ingkang sajatosipun, inggih punika ingkang taksih maligi dèrèng kawoworan ing karsa.

Miturut sêrat karanganipun sarjana Phlam Mariyon, nama Hemel en Aarde dumadosing jagad kapratelakakên makatên:

Kala kinanipun jagad punika beda isèn-isèn sarta beda kawujudanipun kalihan sapunika. Rumiyinipun jagad punika wujud barang bêntèr sangêt. Saking sangêting bêntèr ing ngriku botên wontên titah gêsang. Pangintên punika wau awêwaton:

I. Wanguning jagad.

II. Ewahing wangun ing imbang lèr lan ing imbang kiduling jagad. Dados pegos anggêrus (alfplatting).

III. Beda-beda sarta warni-warnining sap-sapan ing bumi.

IV. Wontênipun rêdi latu.

V. Wontênipun lindhu.

VI. Kanyataan, bilih ukuraning bêntèring siti saya lêbêt, saya inggil. Têgêsipun saya cêlak kalihan pusêring jagad saya bêntèr.

Jagad punika mubêng nyakra manggilingan. Ubêngipun warni kalih, sapisan ngubêngi indhênipun, kaping kalih salêbêtipun ngubêngi indhênipun piyambak, punika kalihan malampah ngubêngi surya. Kathah lintang-lintang ingkang ugi lumampah ngubêngi surya, ubêngipun sami ajêg, laminipun ngubêngi ngantos kêmput punika ugi ajêg. [ajê ...]

--- 6 ---

[... g.] Bab ubênging jagad, wulan sarta lintang-lintang ngubêngi surya punika nuwuhakên têtêping pangintên, bilih sadaya wêwujudan wau dumadosipun gêgayutan kalihan surya.

Sarèhning nalika Pangeran sawêg anitahakên sadaya kodrat wau botên wontên ingkang sagêd nêksèni, măngka badhe nyipta utawi anggagas kadospundi mênggah dumadosipun kodrat-kodrat kasêbut ing ngajêng, punika sagêdipun namung sarana nitik kawontênan ingkang gumêlar, lajêng dipun gathukakên kalihan nalar, wusananipun, ngwontênakên teori. Miturut teori ingkang awêwaton kawruh nyata, surya punika ing sakawitipun awujud kados pêdhut ampak-ampak kêmpal, ebah, mubêng, ngubêngi indhênipun piyambak. Ubêngipun botên patosa rikat. Pêdhut ampak-ampak wau sayêktosipun: gas (gasmassa) sadaya bageanipun sami anggadhahi daya tarik-tinarik. Inggih daya tarik-tinarik punika ingkang dados sababipun, dene bageaning pêdhut ampak-ampak wau sami lêstantun kêmpal, botên oncat. Awit saking daya panggèndèng ingkang dumunung ing sadaya bagean, surya lajêng ebah, ebahipun mubêng.

Wujudipun surya ingkang sakawit bundêr kêplêng kados mimis. Ubênging surya mahanani santuning wangun. Imbanging surya kalih pisan dados trèpès (afgeplat), ubêngipun surya saya dangu saya rikat, salêbêtipun surya mubêng ngubêngi indhênipun, punika wontên daya kalih warni, inggih punika daya tarik-tinarik ingkang kasêbut ing ngajêng, kalihan daya oncat mêdal. Ing têmbung Walandi daya kados makatên punika namanipun middelpunt vliedende kracht, lampahing daya kalih warni punika diya-diniya. Ingkang satunggal nêdya mlêbêt dhatêng pusêring surya, satunggalipun nêdya mêdal dhatêng sajawining surya. Daya mêdal wau langkung kiyat tinimbang daya mlêbêt. Peranganing surya ingkang kaprênah ing jawi lajêng oncat, pêthal saking surya.

Pêdhut pêthalan saking surya lêstantun mubêng kados ubênging surya, awujud buwêngan kados wêngku ing sakubênging surya, nanging wêngku wau botên gathuk kalihan surya, ubênging buwêngan sami rikatipun kalihan surya. Ananging surya lastantun anggènipun saya rakêt kêmpaling pêperanganipun, wujudipun suda agêngipun. Sarèhning saya alit, dados ubêngipun surya angubêngi indhênipun inggih saya bantêr. Santêring ubêngipun surya andadosakên saya agêngipun daya nêdya mêdal, dados langkung agêng tinimbang daya nêdya mlêbêt. Salêbêtipun daya kalih sami rêbat prabawa, mênang kiyat daya ingkang nêdya mêdal. Ing ngriku peranganing surya ing têmbing jawi lajêng pêthal malih awujud buwêngan kados wêngku. Buwêngan ingkang kaping kalih punika ugi ngubêngi surya, nanging têbanipun ugi alit tinimbang buwêngan ingkang rumiyin. Ubêngipun langkung rikat. Rikatipun [Rikatipu ...]

--- 7 ---

[... n] sami kalihan surya wêkdal kala ngêculakên perangan pinggir wau.

Bab daya kêkalih anggènipun sami diya-diniya, lajêng mujudakên buwêngan wêngku, punika dumugi titimăngsa dumadosipun lintang-lintang ingkang nama Mèrkurius, kalampahan rambah kaping 8.

Buwêngan ingkang kapisan danguning dangu dados kêmpal akêmpêl, wujud kodrat ingkang bundêr kêplêng wangunipun. Dados lintang planit ingkang nama Nèptunus (Neptunus) dumados nalika jaman surya ngubêngi indhênipun taksih 165 taun laminipun.

Buwêngan ingkang kaping kalih dangu-dangu ugi dados kêmpêl, dados kodrat ingkang bundêr kêplêng wangunipun, lajêng dados lintang planit ingkang nama Uranus (Uranus).

Makatên sapiturutipun, sabên buwêngan wêngku satunggal wasananipun dados kodrat ingkang wangunipun bundêr kêplêng. Buwêngan ingkang kaping tiga dadosipun kodrat bundêr kêplêng nama lintang planit Saturnus (Saturnus). Buwêngan ingkang kaping sakawan dados lintang planit anama Yupitèr (Jupiter). Buwêngan ingkang kaping gangsal dados lintang planit anama (Mars). Buwêngan ingkang kaping nênêm dados jagad ingkang kita ênggèni punika. Dados jagad punika sajatosipun ugi lintang planit, nunggil kawontênanipun sarta nunggil kawujudanipun kados lintang-lintang planit: Nèttulus,[1] Uranus, Saturnus, sarta Marês ingkang kasêbut ing ngajêng.

Buwêngan ingkang kaping pitu dados lintang planit anama Phènus (Venus). Buwêngan ingkang kaping wolu dados lintang planit anama Mèrkurius (Mercurius).

Dumadosipun jagad ingkang kula ênggèni punika, kala surya sampun rikat lampahing ubêngipun. Kala samantên dangunipun surya ngubêngi indhênipun namung kantun ing dalêm 365 dintên, măngka ing sakawit dangunipun surya ngubêngi indhênipun punika ngantos 165 taun. Ringkêsipun: jagad punika kadadosan saking cuwilaning surya.

Nalika samantên, jagad punika awujud wangun lan kawontênanipun taksih sairib kalihan surya, taksih wujud pêdhut kêmpal, ugi lastantun mubêng, ngubêngi indhênipun piyambak, sarta ugi ngubêngi surya. Wondene ubênging jagad punika ugi mahanani daya kalih ingkang sami rêbat kêkiyatan. Cêngkahing daya kêkalih satunggal nêdya mêdal, satunggal anggèndèng mlêbêt, andadosakên plêsating peranganing bumi ing bagean ing jawi kaprênah ing garis lini. Cuwilan wau ugi dados buwêngan pêdhut, mubêng, ngubêngi jagad. Lajêng kêmpêl dados bundêr kêplêng, inggih punika dados wulan. Dados gampiling rêmbag, wulan punika cuwilaning jagad. Utawi: wulan punika asal saking jagad, jagad punika asal saking surya.

--- 8 ---

Kala dumadosipun wulan, lampahing bumi mubêng, ngubêngi indhênipun punika dangunipun 27 dintên lan 7 jam.

Sarèhning jagad punika lastantun mubêng, sadaya peranganipun, sadaya isinipun ugi sami tumut mubêng. Ing salêbêtipun sami mubêng, sadaya perangan wau sami têmpuk. Têmpuking perangan pintên-pintên èwu yuta laminipun, andadosakên indhaking bêntèr, lajêng mujudakên urub, utawi sumarot.[2] Bumi punika dumunung wontên ing kêkandhang ingkang tanpa têpi, tanpa arah, sarta sakalangkung asrêp. Awit saking dayaning asrêp ingkang sangêt punika, bêntèripun bumi saya suda, samantên punika ing perangan ing jawi, awit bagean ing jawi punika ingkang kataman ing asrêping kêkandhang (hemelruimte). Dangu-dangu bumi ingkang suwaunipun awujut pêdhut kêmpal, ing perangan jawi mindhak padhêt dados cuwèr.

Bumi lastantun mubêng, bêntèripun tansah suda-suda. Kêmpaling sadaya bagean saya rapêt, wujudipun saya alit. Wêkasanipun dados kodrat kêmpêl. Sajatosipun wujudipun bumi inggih saya alit, nanging inggih angsal wêwahan saking dening wontên pintên-pintên èwu yuta pamor, inggih punika batu pamor ingkang sami dhumawah ing angganing jagad.

Pangeran anggèning nitahakên jagad punika laminipun sampun mayuta-yuta taun. Sadaya kodrat ing alam punika tansah ewah gingsir ing salami-laminipun. Sanajan manungsa botên sagêd nyipati piyambak nalika dumadosipun sadaya kodrat isèn-isèning alam, ewadene manungsa sagêd nyipta angetha-entha kalayan kalêpasaning panyipta, kanthi kêplasing angên-angên, nratas samudayaning aling-aling. Wontên ing panyipta katingal nalika kodrat-kodrat wau sawêg nêngah-nêngahi dumados, lajêng wiwit sumorot, nanging sorotipun taksih surêm, tumuntên sumorot gumêbyar kadosdene surya ing wêkdal sapunika, lajêng wiwit suda bêntèripun, tumuntên wiwit nglangit utawi ngintip. Intip saubênging jagad saya kandêl, bêntèripun ing jawi saya suda, wusananipun lajêng tampi bêntèr saking surya sarta tampi pêpadhang saking soroting surya ugi, ing ngriku nuntên wiwit wontên titahing Pangeran ingkang tinitah gêsang. Gêsangipun taksih prasaja sangêt. Danguning dangu mindhak-mindhak saya sampurna anut indhak ajênging kasampurnanipun kawontênan ing jagad, ngantos dumugi dados awujud kados rupinipun jagad ing jaman ingkang kita alami punika. Panyiptaning manungsa taksih botên purun kèndêl, kanthi ngèngêti bilih sadaya kodrating alam saisèn-isènipun sadaya, punapadene sadaya titah tanpa kalangkungan, sadaya wau amêsthi sami kapurba dening kanyataan tigang prakawis, inggih punika: purwa, madya tuwin wasana. Buntasing panyipta sampun sagêd mastani, bilih ing têmbenipun jagad ingkang kita ênggèni punika inggih taksih [ta ...]

--- 9 ---

[... ksih] lêstantun ewah gingsiripun, anyêlaki dhatêng ing alam wasana. Namung pintên yuta taun malih dangunipun, dumuginipun ing alam wasana punika, manungsa dèrèng sagêd sumêrêp.

Wondene urut-urutaning lêlampahan wiwit ing jagad wontên titah gêsang kapratelakakên makatên:

I. Lampahan ingkang kapisan kasêbut nama: Azoische Periode inggih punika alam dumadosing sap-sapaning siti ingkang kawitan. Ing alam punika Pangeran iyasa dhêdhasar awujud sap-sapaning siti wontên tigang sap. Inggih punika sap-sapan ingkang sêpuh piyambak, dunungipun ing sapunika wontên ing sangandhaping sadaya sap-sapan siti. Tanêman ingkang tumitah kala samantên namung Zeewier, inggih punika têtuwuhan ingkang thukul wontên ing toya sagantên, wujudipun kados jamur payung klaprêt-klaprêt, kumambang anut ilining toya sagantên. Dene sato kewan ingkang wontên sawêg bangsaning kewan ingkang gadhah balung ula-ula nanging tanpa sirah (koplooze gewerweldedieren).

Lampahan Azoische Periode punika kaperang dados tigang bagean, inggih punika bagean purwa, bagean madya, sarta bagean wasana.

Sirnaning bagean wasananing Azoische Periode gantos ngancik dhatêng lampahan ingkang kaping kalih.

II. Namanipun alam kawitan. Ing têmbung Walandi dipun wastani Primaire Periode nalika alam kawitan punika Pangeran ambukani iyasa arêng sela, prêlu kangge wêwadhahing titah ingkang nunggil laras sagêd gêsang wontên ing wadhah wau. Tanêm tuwuh ingkang tumitah sawêg bangsaning pakis (Varens) dene kewan ingkang tumitah bangsaning ulam. Jaman kawitan punika inggih kaperang dados 3 bagean. Inggih punika bagean purwa, madya lan wasana.

III. Sirnaning bagean wasana tumraping jagad kawitan, santun lampahan ingkang kaping 3 namanipun ing basa Walandi Secundaire Periode, têgêsipun jaman kaping kalih. Nalika jaman punika Pangeran ambukani iyasa gamping minăngka ajanging gêsang. Tanêm tuwuh ingkang tumitah kala samantên godhongipun tanpa gogrog. Sato kewan ingkang tumitah ing ngalam donya bangsaning kewan ambrangkang, kados ta: kadhal, cêcak, bunglon, baya.

IV. Lampahan Secundaire Periode punika ugi kaperang dados tigang bagean, inggih punika bagean purwa, bagean madya, sarta bagean wasana. Sirnaning bagean wasananing Secundaire Periode gêntos lampahan ingkang kaping sakawan, dipun wastani Tertiaire Periode têgêsipun jaman kaping tiga. Kala samantên Pangeran ambukani iyasa pasir, lêmpung, marmêr gips sarta gamping kasar. Tanêm tuwuh ingkang tumitah bangsaning têtuwuhan ingkang godhongipun asring dhawah. Dene sato kewan enggal, [eng ...]

--- 10 ---

[... gal,] ingkang wontên: kewan nêsêpi. Sarta Pangeran kala alam Tertiaire Periode wiwit nitahakên sato ingkang wontên iribipun kalihan manungsa.

V. Jaman Tertiaire Periode punika ugi wontên peranganipun tiga, inggih punika: purwa, madya, sarta wasana. Wasananing alam punika wau lajêng santun alam ingkang kaping gangsal. Ing basa Walandi dipun wastani: Quarternaire Periode têgêsipun alam kaping sêkawan. Ing nalika alam ingkang kaping gangsal punika Gusti Allah wiwit nitahakên manungsa. Dene kewan sampun pêpak, lami-lami manungsa wiwit katuwuhan akal nênanêm sarta ngingah sato kewan. Jaman Quarternaire Periode punika ugi kaperang dados tigang bagean, inggih punika bagean purwa, bagean madya, sarta bagean mudha. Ing bagean mudha ing salêbêtipun lampahan ingkang kaping gangsal punika wiwit sumoroting kasusilan, kasagêdan sarta kaalusaning bêbudèn.

Bêbayanipun Tiyang Jêjodhoan

Ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr punika Radèn Dhoktêr Sutama sêsorah wontên ing Surabaya bab kawontênanipun tiyang pêgatan ing tanah Indhonesiah sarta bab kathahing lare utawi bayi ingkang pêjah. Sêsorahipun lajêng kaêcapakên adhapur buku, dipun sêbar dhatêng para têpangan utawi para têtiyang ingkang pantêsipun tumut mrihatosakên bab-bab punika wau. Anggènipun anggênah-gênahakên prakawis punika mawi dipun bêbukani nyariyosakên prakawis kalih warni wau tumrapipun ing tanah Eropah.

Ing ngriki kula inggih badhe tumut-tumut ngrêmbag prakawis punika.

Mênggah jêjodhoan punika tumrapipun manungsa, sampun kaparêngakên dhatêng Gusti Allah, malah kadhawuhakên supados bêbranahan.

Dados tiyang jêjodhoan punika pancèn anglampahi prakawis ingkang andadosakên kaparênging Gusti Allah. Tiyang èstri imah-imah punika saking karsanipun Gusti Allah, kapêthol saking tiyang sêpuhipun, kakêmpalakên kalihan semahipun, supados dados satunggal utawi sajodho. Wontên agami ingkang mulangakên makatên: Apa kang wus dikumpulake ing Gusti Allah, manungsa aja agawe pisahe. Kajêngipun: Tiyang jêjodhoan punika sampun ngantos pêpêgatan. Anamung sarèhning manungsa punika pancèn tukang nyahak pangawasa, dados kathah pranatan-pranatanipun Gusti Allah ingkang dipun trajang. Saking sangêting atosipun manahipun (jalêr èstri sami kemawon) tarkadhang tiyang jêjodhoan kêpêksa kêdah pêpêgatan, margi lajêng botên sagêd rukun. Manawi sampun makatên punika, dipun rukun-rukunakên [rukun-ru ...]

--- 11 ---

[... kunakên] mêksa cabar. Ing salêbêting griya prasasat wontên pêrang ajêgan. Tumrapipun tiyang jalêr utawi tiyang èstri lajêng kados manggèn wontên ing salêbêting naraka ing donya. Jampinipun lajêng: pêpêgatan. Anamung jampi ingkang makatên punika botên sae manawi lajêng kaèngsrèng kemawon. Mindhak manuh.

Tiyang jêjodhoan punika kêdah sampun sagah nyanggi bot repotipun tiyang jêjodhoan, jalêr èstri kêdah ngangkah sagêdipun nêtêpi kuwajibanipun tiyang salakirabi. Tiyang jêjodhoan punika tulung-tinulung. (Tiyang dipun pitulungi punika pancèn sakeca). Anamung inggih kêdah wani nyanggi botên sakecanipun.

Tiyang jêjodhoan, sanajan pancèn kadadosakên sajodho utawi dados satunggal, anamung sarèhne jalêr èstri sami manungsa, dados inggih sami gadhah angên-angên piyambak-piyambak. Angên-angên wau tarkadhang sami, tarkadhang gèsèh. Manawi kalêrêsan gèsèh, prayogi karêmbag. Manawi pangrêmbagipun kanthi têtêmbungan ingkang aris utawi alus, inggih sagêd kapanggih cocogipun. Manawi mêksa gèsèh, kêdah gêntos ngawon. Tiyang èstri manawi tansah kapurih ngawon kemawon, tamtu botên sagêd. Punapa malih tiyang jalêr. Saenipun inggih kêdah gêntos ngawon punika. Dados tarkadhang-kadhang salah satunggal kêdah purun nandhang gêla sawatawis. Manawi prakawisipun ingkang dados dêrdah botên adamêl bêbaya, dipun tindakna makatên-makatên inggih botên ambêbayani. Namung sagêd sok kirang sae, saking pangraosipun tiyang ingkang ngawon.

Wontên ing ngriki kula botên sagêd anjaringi utawi andumuki sadaya lêlampahan, namung sagêd ngaturakên kupiya sakêdhik. Kados ta manawi ngrêmbag prakawis panganggenipun anak. Manawi pinuju kêpanggih gèsèh rêmbagipun, punika manawi sampun sami ngêdalakên pamanggihipun piyambak-piyambak, pêpuntonipun kenging ngawon salah satunggal, sabab prakawis punika kalêbêt botên ambêbayani.

Mênggah bêbayanipun tiyang jêjodhoan punika adatipun wontên ing salêbêtipun sadasa taun ingkang wiwitan. Nyêngkanipun dumugi kalih dasa taun.

Tiyang pêpêgatan, pundi ingkang gadhah sêdya kêpengin pisah, ing nalika thêlipun, tamtu karaos lêga. Anamung sasampunipun punika lajêng wontên ingkang karaos kaduwung. Ing salêbêting pêpisahan, adatipun tiyang èstri ingkang nandhang susah, nandhang sangsara, nandhang wirang, nandhang samukawis ingkang botên eca-eca. Tarkadhang lajêng sagêd suda kasusilanipun. Sagêd bibrah angên-angênipun. Pramila wontên băngsa ingkang gadhah pranatan: tiyang èstri

--- 12 ---

manawi katilar pêjah ing semahipun, kaanggêp utami manawi purun bela pêjah. Punika inggih namung anjagi sampun ngantos tiyang èstri nandhang warni-warni ing salêbêtipun dados răndha. Dene manawi anggènipun dados răndha margi pêgatan, lajêng sok dados pocapan, dipun ingsêb-ingsêb, kaupadosan punapa ingkang dados jalaranipun pêgatan.

Wontên tanah ingkang tiyangipun anggampilakên utawi angènthèngakên sangêt dhatêng pêgatan. Ingkang makatên punika punapa pancèn sampun dados cara, punapa kaanggêp dados kabrêgasan. Punika têtiyang sanès nagari botên sagêd mangrêtos. Ing ngandhap punika wontên pêthikan saking cathêtanipun sadhèrèk Radèn Dhoktêr Sutama, anggènipun nyukani Tuwan phan Dhêr Plas.

Ing Bandhung kala taun: 1926@Tiyangipun: 23230.@Ingkang pêgatan: 17397@Ingkang wangsulan: 657@Ingkang pêgat lajêng: 16740@Dados ingkang pêgat lajêng: 72%@Ing taun 1927 pêgat lajêng: 67,3%@Ing taun 1982[3] pêgat lajêng: 70,9%.

Ing Sumêdhang sarta ing Krawang ingkang pêgat lajêng inggih langkung saking 50% ing salêbêtipun măngsa ingkang kasêbut ing nginggil.

Ing Bêtawi, ing Mèstêr Kornèlis, sarta ing Bogor, ing sataun-taunipun, salêbêting măngsa ingkang kasêbut ing nginggil, sakêdhik-kêdhikipun ingkang pêgat lajêng: wontên 33,3%, kathah-kathahipun 47%, dados mèh sapalih.

Ing Jawi Têngahan sarta ing Jawi Wetan, ing salêbêting sêratipun sadhèrèk Radèn Dhoktêr Sutama botên wontên cathêtanipun. Kintên kula inggih ragi kathah, namung tamtunipun botên kados ing tanah Jawi Kilèn. Punika wau sadaya pancènipun kenging dipun prasudi murih sudanipun, sabab pêgatan punika tumindakipun pancènipun namung kangge jêjampi pamungkas kemawon, botên kaangge glangsaran.

Ing tanah Eropah punapa Amerikah, kula kasupèn, pawartosipun wontên cara jêjodhon ingkang ragi anèh. Sadèrèngipun ningkahan, tiyang jalêr sarta tiyang èstri ingkang badhe jêjodhoan adamêl prajanjian adhapur kontrak, mratelakakên laminipun anggènipun badhe salakirabi. Upami tigang taun. Manawi sampun kalampahan jêjodhoan tigang taun, anggènipun bêbrayan gêsang kaanggêp sampun pêdhot, lajêng karêmbag malih, kalajêngakên punapa botên. Manawi badhe kalajêngakên, inggih kêdah adamêl kontrak malih. Lampah makatên wau punapa sampun kalampahan punapa dèrèng, kula botên sumêrêp. Sabab pamirêng kula saking sêrat pawartos, tur sampun ragi dangu pamaos kula. Manawi wontên lêlampahan ingkang makatên sayêktos,

--- 13 ---

pangraos kula anggènipun ngènthèngakên bab salakirabi kok sangêt têmên, namung kaanggêp kados tiyang malêbêt bêbêrah, mlêbêt dhatêng Dhèli utawi Surinamah. Witikne: ningkah ingkang dipun sombat-sambut kados buku bibliotik inggih wontên. Dados êliding dongèng: desa mawa cara, nagara mawa tata.

Kusumatmaja.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 12

Panewu gowong sarta gripir

Manawi makatên biyungipun Wasantasena inggih kasangkut ing prakawis.

Jaksa

Pancèn inggih. E, upas, mara, biyunge Wasantasena undangên, nanging sing sarèh, ya, aja gawe kagèt.

Upas

Inggih sandika. (Lunga, ora suwe bali mêtoni ing kalangan karo êmbok-êmbokane para palanyahan) sampeyan tumut kula, bok nyai.

Nyai

Anakku lunga mênyang panggonane têpungane prêlu sênêng-sênêng sarana ênome. Lah wong iki kandhane kok mêngkono: sampeyan tumut kula, sampeyan dipun timbali jêksa. Dadi rasane awakku lês-lêsan kaya sumaput, atiku tab-taban. Priyantun, sampeyan rumiyin, kula sampeyan têdahakên panggenanipun gêdhong pradata.

Upas

Bok nyai, sampeyan tut wingking kula. (Sakarone banjur padha mlaku ing kalangan) punika gêdhongipun pradata. Sampeyan malêbêt, (banjur padha mlêbu).

Nyai (nyêdhak)

Mugi sami kasugêngan, panjênêngan para priyantun.

Jeksa

Wilujêng sadhatêng sampeyan, nyai, sampeyan linggih.

Nyai

Mugi kasêmbadana pamuji punika (banjur lungguh).

Ipene Sang Prabu (ngerang-erang)

We lah, kowe têka nyai jomblang.

Jaksa

Dados, sampeyan niku biyunge Wasantasena.

Nyai

Pancèn inggih.

Jeksa

Yèn makotên, saniki Wasantasena têng pundi parane.

Nyai

Dhatêng griyanipun kawanuhan.

Jaksa

Sintên jênênge kawanuhan niku.

Nyai (ing batin)

Pitakone kok nêgês-nêgês têmên (nyuwara) makatên punika pantêsipun ingkang pitakèn rak tiyang-tiyang punika. Yèn jêksa andangu makatên punika rak botên tumrap.

--- 14 ---

Jeksa

Sampeyan êmpun isan-isin, sing takon niki pangadilan.

Panewu gowong sarta gripir

Nyai, sing takon niki pangadilan, sampeyan botên ajêng dinapak-napakake. Ta, sampeyan matur.

Nyai

Kadospundi. Pangadilan?. Yèn makatên para priyantun kula aturi mirêngakên. Ingkang dipun purugi anak kula punika putunipun lurah juragan Winayadata, anakipun Sagaradata, namanipun suci linangkung, kasêbut nama: Carudata. Griyanipun ing kampunging para kriya. Anak kula anggènipun sênêng-sênêng ngangge ênèmipun inggih wontên ing ngriku.

Ipene Sang Prabu

Para priyantun, saniki sampeyan sami mirêng piyambak. Niku ditulisana. Ênggèn kula prakaran niki kalih Carudata.

Panewu gowong karo gripir

Carudata kok dadi têpungane. Harak ora ana alane.

Jeksa

Saiki Carudata kêsangkut prakara.

Panewu gowong sarta gripir

Inggih makatên.

Jeksa

Danadata, Wasantasena dhatêng griyanipun Sang Carudata. Punika sampeyan sêrati dados paugêran ingkang kawitan. Êlo, Sang Carudata barang kok prêlu dak undang. E, ora dhing, sing ngundang pangadilan. Upas, Sang Carudata undangên, sing sarèh olèhmu ngundang, aja nganti gawe kagèt utawa gragape, ya. Karo manèh aja kocara-cara ngundang uwong-uwong kae. Kăndhaa mangkene: sarèhne sampeyan kêsangkut ing prakawis, sampeyan dipun purih dhatêng ing ngarsaning jaksa.

Upas

Inggih sandika (lunga, ora suwe mêtoni manèh ing kalangan karo Carudata). Sampeyan tumut kula, priyantun.

Carudatta (mikir-mikir)

Sarèhne aku wis wêruh têmênan marang sang prabu kang marga saka asal-usule sarta wêwatêkane.

Bab timbalan iki kok nyalawadi têmên tumrape marang pêpasthène awakku.

(Batine diolak-alik)

Apa konangan, yèn wong sing minggat, luware saka ing rante, lunga saparan-paran kae, aku sing nyingkirake nganggo nunggang kretaku.

La apa sang prabu mirêng saka ature para têlik. Dadi lakuku iku dhapur kêna ing gugat.

Ah, wis, gagas-gagasan iki marakake apa, ta. Aku tak mênyang gêdhong pradata. Mas upas, kula sampeyan têdahakên marginipun dhatêng gêdhong pradata.

--- 15 ---

Upas

Sampeyan tut wingking kula. (Banjur padha mlaku ing kalangan).

Carudatta (wêdi)

Êlo, kae apa. Manuk kae swarane kok êrak. Aku ujug-ujug diirid utusane kyai patih.

Mripatku sing kiwa kok kêdhutên[4] nrithil. Ngalamat ala iki marakake wêdiku.

Upas

Anggèn sampeyan ngêtutakên lampah kula ingkang ngatos-atos, sampun mawi anggragap.

Carudatta (Mlaku ing kalangan karo ngingêtake kiwa têngên)

Gagak sing mencok ing wit mati kae ngawasake Hyang Surya. Matane sing kiwa mêmêdèni kae mêsthine ngingêtake aku.

(Banjur ngingêtake panggonan seje)

Wah, ula kuwi sisike irêng mêlêng-mêlêng ngêlar kombang.

- Kaya salaka makilat putih siyunge, ilate mèlèd-mèlèd kêthêr karo ngawasake aku.

- Nyandêr marang aku sajak nêpsu. Awake mlêmbung karo lenggok-lenggok.

- Yèn mlaku sangsaya pating prenggok, maune turu ana ing dalan sing arêp dak liwati.

Karo manèh:

Sikilku kêplèsèd, măngka dalane ora pati jênês.

- Lan mripatku kêdhutên, bauku kiwa iya kêdhutên.

Lan manèh unine manuk kae adate dadi ngilapate pati kang siya-siya.

Yèn wis mangkono, sarupaning ihtiyar banjur tanpa daya.

Muga-muga para dewa ngingêra dadine bêcik bae, ta.

Upas

Sampeyan tut wingking kula, priyantun, punika gêdhongipun pradata. Sampeyan malêbêt.

Carudatta (Mlêbu, ngingêtake ngiwa nêngên)

Wah, gêdhong pradata iki kok endah têmên, sabab

- Bale iki kêbak para mantri padha sêmèdi, kayadene sagara kêbak banyu.@- Kêbak upas, kang măngka alun lan bukure.@- Têlik-têlik rèntèp iku minăngka iwake dhuyung lan bayane,

- Dadi panggonane gajah lan jaran[5] apindha kewan alasan.

--- 16 ---

- Wong kang duwe gugat pating brêngok, kaya swaraning gagak.@- Diênggoni para glipir kang măngka ulane.@- Gêgisike (sagara mau) adhapur kawicaksanan, kang tinêtêl padhêt dening wong-wong kang padha ala kêkandhutane.

Ya wis, karêbèn (nuli mlêbu, nuli alok, sirahe kêbêntus, nuli anggagas:

- Êlo, iki ana apa, mripatku kiwa kok kêdhutên, tur ana ing dalan aku kêpêthuk ula malang ing marga.@- Karo manèh ana manuk muni ngêrês-êrêsi ati. Muga-muga kang Murbèng Pasthi paringa salamêt.

Wis, tak mlêbu (banjur mlêbu).

Jaksa

Iki Sang Carudatta.

- Mripate ămba nganti têkan ing suluhan.@- Praupan kang mangkono gambare iku rak ora bisa dadi wadhahing laku ala. Ora bisa. Ora tinêmu ing nalar.@- Tumrape marang sapi, gajah, jaran, sarta manèh manungsa padha bae. Candrane dadi titikaning wêwatêkane. Ora kêna dicolong.

Carudatta

Mugi para priyantun jaksa sami kasugêngan. Kalihan malih para priyantun sanès-sanèsipun, punapa inggih sami kasugêngan.

Jaksa (pakewuh)

Bagya ing sadhatêng sampeyan. Upas, sang brahmana iki aturana palinggihan.

Upas (Anggawa palungguhan)

Punika palênggahan, sampeyan lênggahi. (Carudata banjur lungguh).

Ipene Sang Prabu (nêpsu)

Êlo, kowe, wong sing matèni wong wadon kae. Kok kowe... iki. Pangadilan kene iki kok apik têmên. Kok adil têmên. Ana wong matèni uwong kok diwènèhi palungguhan (lagu ladak) ya wis bèn, bèn diwènèhi palungguhan.

Jaksa.

Sang Carudata, sampeyan punapa trêsna dhatêng anakipun tiyang èstri punika. Utawi bokmanawi sampun têpang.

Carudatta

Tiyang èstri pundi.

Jaksa

Punika lo (Nudingi biyunge Wasantasena).

Carudatta (ngadêg)

Êmbok nyai, kula ngaturi kasugêngan.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 17 ---


Nèptunus. (kembali)
Nèptunus.
sumorot. (kembali)
sumorot.
1928. (kembali)
1928.
kêdutên (dan di tempat lain). (kembali)
kêdutên (dan di tempat lain).
§ Gajah sarta kapal punika kangge nindakakên paukuman, dipun purih ngidak-idak utawi nujahi tiyang ingkang tampi paukuman. (kembali)
§ Gajah sarta kapal punika kangge nindakakên paukuman, dipun purih ngidak-idak utawi nujahi tiyang ingkang tampi paukuman.