Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-03, #389

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-03, #389. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-03, #389. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 3, Marêt 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kabudayan tuwin Kagunan Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 2.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Brama, pangulune agama aranana brahmana, sasewa-sogatane padha nganggoa têtêngêr ekal trisula, têmbaga rineka trisula, dèn anggoa jêjamang. Panêmbahe marang agni lan marang surya, lakune santosa, tapane yèn masa citra,[1] ora kêna mangan gêgodhongan, yèn masa srawana ora kêna tumênga ing wiyat, yèn ari raya kang sarwa manis. Larangane ora kêna ngrabèni prênah nini, uwa, bibi, kang saka lêluri lanang, lan ora kêna mapas wiji kang lagi thukul, ora kêna amatèni gêni, ora kêna mangan daging sapi, ora kêna nganggo timah. Wênang kêna angrabèni nini, uwa, bibi, kang saka lêluri wadon, wênang angrabèni prênah kadang, pulunan sarta putu, saka lêluri lanang lan saka lêluri wadon, wênang angrabèni anaking inya, utawa anaking guru, wênang mangan daging sapi manawa ginawe tămba, wênang nganggo timah manawa ginawe sarana, wênang wong wadon dicukur manawa wus luwas gêtih, wênang wong wadon bela mati lakine, wênang wong wadon disunati utawa wong lanang ditêtaki manawa [ma ...]

--- 34 ---

[... nawa] ontang-anting. Pêpaline yèn lakirabi nganggo badhudhak, para wargane pangantèn lanang padha langên taya karo para wargane pangantèn wadon, têgêse jêjogedan. Yèn mati layone diobong, paliyasaning layon dinusan banyune godhong dalima, yèn mêmulya sarana bêburuh.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Endra, panguluning agama aranana sakrama, sasewa-sogatane padha anganggoa tatêngêr ekal bajra, galihe kayu rineka bajra, dèn anggo săngga gêlung. Panêmbahe marang gunung lan marang rêmbulan, lakune lila sarta anarima, tapane yèn măngsa naya, ora kêna angêmban bocah. Yèn masa asuji, ora kêna sanggama. Yèn ariyaya kang sarwa pait. Larangane ora kêna ngrabèni prênah nini, uwa, bibi, saka lêluri lanang wadon, ora kêna ngrabèni prênah kadang saka lêluri lanang, ora kêna amisaya iwak kang lagi koyok, ora kêna mangan antêlu, ora kêna ambuwang sêsukêr ing bumi, ora kêna matèni dwipangga, ora kêna nganggo têmbaga, wênange kêna angrabèni prênah kadang kang saka lêluri wadon, prênah putu, saka lêluri lanang wadon, wênang mangan antêlu manawa ginawe tămba, wênang nganggo têmbaga manawa ginawe sarana, lan wênang wong wadon dicukur manawa kêdhi, wênang wong wadon bela mati ing lakine manawa jaka rara, kang lanang iya wênang bela mati ing rabine jaka rara, wênang wong wadon disunati manawa arêp dadi pangantèn, wênang wong lanang ditêtaki manawa lagi lair lan anaking dhukun, pêpaline manawa lakirabi nganggo sintrèn lan anjèr, têgêse para wargane pangantèn lanang wadon padha prang catur, nandukake pralambang sasmitaning pasugata. Yèn mati layone dipêtak, utawa diguwang, paliyasane layon dinusan ing lêri, yèn mêmulya sarana urup.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Wisnu, panguluning agama aranana ramana, sasewa-sogatane padha anganggoa têtêngêr ekal kalacakra, kêling rineka cakra dèn anggoa bêbadhong, basa kêling iku isining siwalan kang tuwa. Panêmbahe marang banyu lan marang udan, lakune anuraga, tapane [tapa ...]

--- 35 ---

[... ne] yèn măngsa manggasri ora kêna mangan iwak babi, yèn măngsa jita ora kêna mangan iwak wêdhus, yèn ariyaya kang sarwa gurih, larangane ora kêna ngrabèni prênah nini, uwa, bibi, kang saka lêluri lanang, ora kêna ngrabèni anaking inya, lan ora kêna matèni garudha, waraha, kuda, pênyu, bulus, sarta suwari, ora kêna mangan angombe kang angêndêmi, ora kêna nganggo parunggu. Wênange kêna angrabèni prênah putu, uwa, bibi kang saka lêluri wadon, kêna angrabèni prênah kadang, pulunan, putu, saka lêluri lanang lan wadon, wênang angrabèni anaking guru, wênang mangan sarta ngombe kang angêndêmi manawa ginawe tămba. Wênang wong wadon bela ing lakine kang mati pêrang, manawa lakine ora mati pêrang, wong wadon mung kapati brata bae, têgêse ora kêna laki, lan wênang wong wadon disunati, utawa wong lanang ditêtaki manawa anake wong edan, pêpaline yèn lakirabi anganggoa patah, kêmbarmayang, sasrahan, gunungan. Wong tuwane pangantèn lanang wadon nganggoa mangan gêdhang satugêl sewang, yèn mati layone dilarung, paliyasane layon dinusan ing banyu kêmbang, yèn mêmulya sarana pêpariman.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Bayu, panguluning agama aranana bimana, sasewa-sogatane padha anganggoa têtêngêr ekal pasu, walulang rineka puwêring sato, dèn anggoa pupuk, panêmbahe marang sangkaning angin, lan marang carat taun, sarta marang lintang, lakune angaksama, tapane yèn masa wusa,[2] ora kêna mangan iwak sapi, yèn masa wisaka ora kêna mangan iwak sikil papat, yèn ariyaya kang sarwa kêcut, larangane ora kêna ngrabèni prênah nini, uwa, bibi, pulunan sarta putu, saka lêluri lanang wadon, ora kêna ngrabèni anaking inya, anaking guru, lan ora kêna munah sato kang lagi anak-anak, ora kêna mangan iwak wadêr, ora kêna nganggo burat sari, ora kêna nugêli kuku, ora kêna nganggo salaka, ora kêna matèni calarat, têkèk, cêcak, sarta kêmăngga. Wênange kêna ngrabèni prênah kadang, saka lêluri lanang wadon, lan wênang mangan iwak wadêr manawa ginawe [gina ...]

--- 36 ---

[... we] tămba, wênang nganggo buratsari utawa salaka manawa ginawe sarana, lan wênang wong wadon dicukur manawa răndha anyar, lan wênang wong lanang ditêtaki manawa dadi pangulune agama. Pêpaline yèn lakirabi anganggoa baoyang, têgêse manawa pangantèn lanang angarak, para wargane pangantèn wadon nganggoa angadhangi warana dhingdhing, manawa rubuh sida angarak, manawa ora rubuh bali manèh, salin dina pangarake. Yèn mati layone kasetra, têgêse kadunungake ana ngara-ara utawa tanah pagunungan, kang pancèn panggonan pandokoking wangke, paliyasing layon dinusan ing banyu udan, yèn mêmulya sarana ambarang.

He, Kanwa, wadyabalanira kang agama Kala, panguluning agama aranana kalana, sasewa-sogatane padha nganggoa têtêngêr ekal suru salingga, gadhing utawa balung rineka palanangan, dèn anggoa kalung. Panêmbahe marang sarupane kang aèng, kayu watu sapêpadhane, lakune wirangi, tapane yèn masa manggakala. Manawa lêlungan ora kêna nginêp, yèn masa padrawana ora kêna mangan uyah, yèn ariyaya kang sarwa pêdhês, larangane ora kêna ngrabèni sanak kang prênah tuwa, ora kêna ngrabèni anaking inya, utawa anaking guru, ora kêna ngrabèni seje băngsa, waisya sapêpadhane, lan ora kêna ambukak lêmah kang ambaga bathari, lan lêmah mandhukul kaya punuking sapi, ora kêna amatèni sona, kalabang, sarta kalajêngking, ora kêna mangan kalapa, ora kêna nganggo êmas, wêwênange kêna ngrabèni sanak kang kaprênah ênom, wênang angrabèni tunggal băngsa, kaya ta băngsa brahmana padha băngsa brahmana, băngsa waisya padha băngsa waisya sapiturute, lan wênang mangan kalapa manawa ginawe tămba, wênang nganggo êmas manawa ginawe sarana, pêpaline yèn lakirabi nganggo galêmpêng, têgêse para wargane pangantèn lanang gêgêlutan lan wargane pangantèn wadon, êndi kang kalah didhêndha, lan ing nalika pangaraking pangantèn anganggoa edan-edanan, yèn mati layone katarabake ing sato galak, têgêse dipakakake ing sato galak, paliyasing layon dinusan ing banyu

--- 37 ---

godhong widara, yèn mêmulya sarana laku dhustha.

Sri Maharaja Kano lajêng andhawuhakên parentah panataning agama Budha: E, prakawis waradin satalatahipun nuswa Jawi sadaya, inggih punika kalêbêt pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura. Punika wiwitipun pangantèn tiyang Jawi mawi patah, kêmbarmayang tuwin sasrahan, edan-edanan, badhutan sapanunggilanipun, sigêg.

Samangke kantun angraosakên gumêlaring alam dunya. Manawi nitik anggêr-anggêring natir, sadaya ingkang gumêlar punika mêsthi alêlandhêsan anggêr-anggêr, awit saking punika gumêlaring alam dunya mêsthi wontên kajêngipun sarta wontên ingkang gadhah kajêng. Sarèhning kêkiyatanipun tiyang limrah botên sagêd angyakinakên ingkang patitis, mila limrahipun lajêng amung kandhêg ing piandêl, manawi ingkang makatên wau atas karsaning Gusti. Manungsa botên sagêd andungkap, inggil-inggiling sêsêrêpanipun tiyang limrah amung asêsèndhèn kawruh teori.

Dalil Kuran ayat 151[3] wontên pangandikaning Allah makatên: Inalillahi wa inailaihi rajingun. Têgêsipun, satuhune kita iki saka Pangeran, sarta bali marang Pangeran. Botên beda ugi makatên suraosipun, piwulang-piwulang ingkang kamot ing sêrat-sêrat teosopi. Manawi makatên, dados têtela Allah ingkang kagungan karsa anggêlar alam punika, dalasan isinipun, mawi pangangkah sadaya wau ing têmbe sagêda wangsul dhatêng Gusti, kadospundi tatanan sarta wêwatonipun, punika sampun kamot ing dalêm Kuran tuwin sêrat-sêrat teosopi. Bab punika botên badhe kula rêmbag ing ngriki, awit dêlêging sêdya kula, sagadug-gadugipun amung badhe urun udhu angginêm bab kabudayan wetanan sambêtipun kalihan kabudayan kilenan, mila amung mêthiki ingkang sambêt kalihan bab punika.

Sarèhning sipating Gusti punika: sih, wah sih ingkang botên kenging dipun gambar mawi sih ingkang dumunung wontên manungsa, mila sagêdipun manungsa sarta isining alam sadaya wangsul dhatêng Gusti (nunggil), kêdah ing têmbe, manawi kawontênanipun sampun kados kawontênaning Gusti (nunggil jinis). Miturut kawruh teosopi, sadaya isining alam punika, urut tataran ingkang sampun tinamtu dening natir, wêkasanipun sagêd sampurna salaras kalihan wataking Gusti.

Sarèhning miturut karsaning Gusti, manungsa dipun tamtokakên ing têmbe sagêd sampurna kados Gusti, ing măngka wujudipun sapunika botên utawi dèrèng, dados têtela gêsanging manungsa, kewan, têtuwuhan tuwin sanès-sanèsipun isining alam dunya punika, dhapur têtanêmaning Gusti ingkang dipun angkah majêng, diwasa sarta sampurna. Manawi manungsa nênanêm samukawis, mêsthi dipun tanêm ing papan ingkang [ing ...]

--- 38 ---

[... kang] miturut kayakinanipun, laras kalihan wiji ingkang tinanêm, kados ta manawi nanêm kobis, limrahipun dipun tanêm ing tanah parêdèn ingkang hawanipun asrêp, lajêng dipun rabuk mawi rabuk ingkang cocog kalihan dhasaring kobis, supados sagêd subur, sagêd anocogi ingkang dados pangèsthining manah. Makatên ugi mênggahing Gusti, sarèhning maha kawasa, maha wikan, dados mêsthi kemawon manawi nanêm manusa, kapapakakên ing satunggaling bênua utawi pulo ingkang samukawisipun salaras kalihan dhasaring manungsa ingkang dipun tanêm wau, supados anjalari kadiwasan sarta kasampurnanipun.

Sampun kajarwa ing ngajêng, bilih mirid suraosipun sêrat wulang wados (geheime leer), wiji manungsa saking Atlanti dados baboning wortêlras kagangsal, sarta kaperang dados gangsal perangan agêng, lajêng sumêbar sami dêdunung ing dalêm bumi punika. Ingkang kalih perangan dhatêng tanah Indhu, Arab, Ègiptê. Perangan katiga băngsa Iraniyê, băngsa Pèrsi kina anurunakên băngsa Pèrsi. Ingkang kalih perangan dhatêng tanah Eropa lèr sarta kidul.

Satunggal-tunggaling wortêlras, dangunipun pitung ondêrras. Wortêlras kagangsal inggih băngsa Ariyê ingkang taksih kita alami, umuripun sawêg dumugi nêm ondêrras. Kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng, ingkang kagolong ondêrras kapisan băngsa Indhu tuwin Mêsir, pamanggènipun dhatêng babagan kamuksan (religieus). Dene ondêrras kagangsal băngsa Tuton (Teutoon) inggih punika băngsa Slapên, Sêkandhinaphirs, Nèdêrlandêrs, Dhitsêrs, Èngêlsên sarta turunipun, dhasaripun dhatêng lampah dagang, sugih kawruh (pintêr) amiyambak (individualistisch).

Awêwaton Sêrat Pustaka Raja: ingkang dipun tanêm ing pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura punika têtiyang saking tanah Indhu, Kêling sapanunggilanipun (Asia), ingkang dhasaring wêwatakanipun religieus, sanadyan tiyang Jawi tulèn ingkang kala samantên kawontênanipun taksih prasaja ugi sampun wontên.

Wiji ingkang dhasaripun religieus dipun tanêm ing tanah ingkang êloh (pulo Jawi) tulus ingkang sarwi tinanêm, nyêkapi kabêtahaning gêsang (kala samantên) wêkasan anuwuhakên raos suka sukur ing Gusti, ayêm, têntrêm, dados papan wau sampun nama salaras kalihan dhasaring wiji.

Băngsa Tutun (Teutoon) ingkang dados baboning băngsa Slapên, Sêkandhinapirs, Nèdêrlandêrs, Dhitsêrs, Èngêlsên, ingkang pamanggènipun dhatêng lampah dagang, sugih kawruh, amiyambak (individualistisch) dipun tanêm ing tanah Eropa ingkang hawa tuwin kawontênanipun anjalari bêtahing gêsang langkung kathah tinimbang bêtahing gêsangipun têtiyang tanah Jawi (kala samantên punika ugi sampun laras kalihan kadiwasaning jiwanipun, jêr kapêksa angudi kawruh, [ka ...]

--- 39 ---

[... wruh,] ngulir budi supados pamêdaling siti sagêd anyêkapi kabêtahaning gêsang. Limrahipun ajêgan kuwatos, bokmanawi botên kasamêktan bêtahing gêsangipun, wêkasan mindêng anggèning makartèkakên nalar, ngudi dhatêng indhaking pangasilan. Dhasar wijinipun lakar sugih kawruh (pintêr), imbêt pinarsudi, lah inggih sampun lêrês kemawon, manawi băngsa Eropa pinunjul ing dalêm wètênsêkap, tèhnik sapanunggilanipun, nanging miturut anggêr-anggêring kodrat botên kasinungan manah ayêm, têntrêm, botên gadhah raos suka sukur ing Gusti (dankbaar), jêjêring pangèsthi amung anggèning badhe mêngku kadunyan. Tumrapipun ondêrras kagangsal, băngsa Teutoon sapangandhapipun, margi wau ingkang anjalari dumugi ing kadiwasan, wêkasan sampurna sagêd nunggil kalihan Gusti. Mirid katrangan-katrangan ingkang kajarwa ing nginggil, marginipun dhatêng ing kadiwasan băngsa wetanan tuwin kilenan botên nunggil, Gusti sampun angwasakakên piyambak-piyambak botên worsuh, kengingipun dipun campur amung ingkang tunggil dhasar.

Gêsanging manungsa wontên ing alam dunya, mêsthi gêgathukan utawi sêsambêtan kalihan kawontênan tuwin kadadosan ing sakiwa-têngênipun, pundi ingkang dèrèng anocogi kalihan pangraosipun, mêsthi lajêng ambudidaya ngangkah supados laras kalihan pangraosipun. Budidaya sarta pangangkah wau anjalari ajênging pikir sarta pangraos, saking dayaning angulir budi tuwin ebahing pangraos, anjalari babaripun kulturing satunggal-tunggaling băngsa. Saking ngriku lajêng anuwuhakên tatacara tuwin tatakrama. Luhur sarta andhapipun kulturing satunggal-tunggaling băngsa punika kacihna wontên ing yêyasanipun. Cihnanipun manawi kultur Jawi adhêdhasar watak kapandhitan, punika katitik wontên ing raosing sêrat-sêrat (buku), gêndhing, kasusastran, têmjung,[4] ringgit (wayang), jogèd, wanguning griya, rêca, dhuwung, pangangge sapanunggilanipun. Dados padatan, tatacara, tatakrama, dêdamêlanipun satunggal-tunggaling băngsa punika saking nglêbêt pinangkanipun, kenging kagêrba: lagu utawi lampahing jiwa (de wijze) anggèning tumindak dhatêng ing kadiwasan, mila manawi salah satunggal dipun ewahi, têgêsipun dipun santuni ingkang botên laras kalihan dhasaripun, bêbasan anyarimpung lampahing kadiwasan (rabuk ingkang botên cocog), kosokwangsulipun manawi nunggil dhasar, malah adamêl rikating kadiwasan, lajêng nama bêsutan. Bobotipun jêram kêprok punika tuwuhan tanah Jawi, nanging manawi dipun tanêm ing papan ingkang hawanipun bêntèr, raosipun malih kêcut sarta alit-alit, cara Purwarêjan dipun wastani jêram kuwik. Ingkang makatên wau bokmanawi botên beda tumraping manungsa, jêr sadaya wau ajênging kadiwasanipun sarana têdha tuwin hawa. Sarèhning angèl pamilihipun, pundi ingkang dhasaripun tunggil jinis, [jini ...]

--- 40 ---

[... s,] sarta pundi ingkang cêngkah, mila cara bodhon bokmanawi kajawi kêdah waspada, prayogi nalêsihakên kultur kita piyambak rumiyin, kenginga kangge nampèni utawi anjodhokakên kalihan kultur mănca. Awit manawi dèrèng rampung dhatêng gadhahanipun piyambak, kadospundi sagêdipun amastani manawi kultur mănca wau jodho (tunggil laras) utawi botên, wêkasan manawi anjodhokakên sagêd kalèntu. Taksih wontên sambêtipun.

Wawasan dhatêng Santun-sumantuning Kawontênan saha Padatanipun Băngsa Jawi

Punika salah satunggaling karangan ingkang kakintunakên dhatêng pangrèhing Yapha Insêtitit kangge nglêbêti pasanggiri bab tatakrama.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 2.

Ing mangke kadospundi tindak kita băngsa Jawi ing prayoginipun.

Bab pangangge

Anggènipun karsa mangagêm, kula sumanggakakên, amung kemawon kêdah ingkang jangkêp sarta runtut, saha sambada kalihan tatakramanipun.

Manawi pinuju karsa saha sagêd kalihan gampil mangagêm cara Eropa, inggih anguninganana êmpan papan saha woworanipun, manawi sadaya mangangge pêthak inggih tumut sarwa pêthak, manawi panunggilanipun sami sarwa cêmêng, inggih anulada makatên, tindak-tanduk tatakramanipun inggih anêtêpana cara Eropa ingkang sae (agêmipun para luhur) sampun nulad sasolahipun para Walandi ingkang asor, manawi nitih sêpur inggih nunggila para băngsa Eropa, ingkang balêdag. Sampun ngantos tindakan saha mara tamu mangagêm panganggening Walandi badhe tilêm (angagêm slapbruk utawi payama, dumèh taksih enggal).

Manawi pinuju kaparêng mangagêm cara Jawi, inggih ingkang jangkêp saha runtut êmpan papanipun, dipun sambadanana mawi tatakrami Jawi ingkang alus (susila, sujana, jatmika), makatên ugi manawi nitih sêpur, măngka nuju mangagêm cara priyayi luhur, inggih nitiha ing klas satunggal, apêsipun ing klas kalih. Manawi badhe nylamur cara sudra, kenging nitih klas mirah, amung pantêsipun cara sudra inggih kêdah botên ngangge canela, saha rasukan bênik lètêr, mindhak katingal botên laras anunggil kalihan para kuli ingkang cawêtan. Sampun tindakan ngagêm sande (sarung), sutra palekat, sêkar bathik Pêkalongan, nadyan gènêsa pisan tur taksih tigas, punika pirantos wontên ing dalêm kemawon.

Bab amarnèkakên pangagêman wau kêdah nolèh kasagêdanipun, manut kêkiyataning pamêdal, sampun nyêngka-nyêngka, awit pangagêman punika amung buntêl (punapa barlean [barle ...]

--- 41 ---

[... an] suda rêginipun margi kawadhahan ing dalancang utawi ing êron).

Bab pangudining kasagêdan

Ing jaman samangke sami rumaos kataman sangsara, para sêpuh saha para tarunanipun. Kados punapa para sêpuh anggèning ngaya-aya mragadi anakipun angudi kasagêdan ing pamulangan kanthi paribasan maliridi usus anêkak têlak (langkung malih bilih anakipun kathah) botên kadosa. Pun lare inggih makatên ugi anggèning ambanting raga ngudi kasagêdan, saiba rudatinipun upami botên sinambadan waragad dening tiyang sêpuhipun.

Upami sinambadan, saiba rudatinipun bilih botên sagêd angsal dhiploma. Upami angsala, lajêng sangsara malih margi botên sagêd angsal padamêlan (pasuwitan), la, sapunika kêdah wontên pambudi, lan santuna dhêdhasar.

Kauningana, yèn ing donya punika taksih kathuh[5] kawruh saha kagunan ingkang inggih wajib dipun gayuh ing tiyang, sajawining wulangan ing sakolahan, punapadene ugi dados kabêtahaning sagung kang sarwa gêsang saha kumêlip, punapaa têka lajêng kêcipuhan, punapa amung tiyang suwita ingkang sagêd mulya, manawi tiyang têtêp sampun sarwa sugih kagunan, kados taksih jêmbar sangêt papan pasabinanipun. Ingkang ăngka 1, adhêdhasara manah rahayu saha sêdya têtulung, sampun amung anjagèkakên suwita dados ingon-ingoning sami tiyang. Suwawi sami amêlasana băngsa kita, ingkang sami taksih wungkul, yutun ing manahipun, sarana dipun tuntuni ing kasagêdan, punapa ingkang sampun sami kaparsudi wau.

Kados ta: ingkang gadhah kasagêdan maos nyêrat saha petang, inggih amucala makatên dhatêng tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampun botên sagêd malêbêt ing pamulangan dhusun, wancinipun sasêlaning têtanèn, inggih punika wanci sontên, manggèn ing bale dhusun, mawi nyuwun idi parentah pulisi, kanthi amupu arta sakêdhik minăngka pituwas, manawi siyang jêngandika taksih sagêd ngupaboga têtanèn utawi ngingah rajakaya, sampun kasêsa muktèkakên badan piyambak, ingkang parlu anggalih têtulung nuntuni suka kawruh.

Ingkang gadhah kasagêdan bab tanêm tuwuh, punika langkung prayogi, mawi pawitan alit anuladhani nênanêm punapa ingkang mêmpan pasitènipun, nandangi piyambak utawi nganthi tiyang dhusun satunggal kalih. Ingkang makatên wau manawi talatèn saha tabêri sagêd mindhak-mindhak, langkung malih sinambi mranakakên ayam, kambangan utawi menda ingkang dipun opèni sae, manawi sagêd ngingah lêmbu brênggala kangge jalêran utawi pêrêsan.

Ingkang gadhah kagunan kriya, langkung malih pakangsalipun anuntuni ugi bêbêrah, andamêlakên [andamêla ...]

--- 42 ---

[... kên] samukawis, dados tiyang dhusun sagêd wêwah kagunan utawi sêsêrêpan.

Dene para taruna ingkang gadhah kagunan saking pamulangan luhur, kados ta: insinyur, dhoktêr, mistêr, paningal kula dèrèng karupêkan papan, nanging sampun supe têtulung dhatêng băngsa, liripun amarlokna kanthi mirahakên prabeyanipun, dados băngsa kita badhe angsal kacêkapan dene bangsanipun wontên ingkang gunawan sarta bèrbudiman.

Ing mangke ajêngipun para priya sampun kacêtha, dene kamajênganipun para wanita kadospundi, măngka sumêdya anjèjèri lampahipun para priya, punapa badhe angsal papan. Inggih prayogi, tamtu angsal papan, nanging sampun amasthèkakên salah satunggal. Tumrap para wanita ingkang taksih anggayuh sêsemahan, punika ingkang mêmpan saha makangsali, kajawi maos sarta nyêrat tuwin petang, anyinaua kagunan tangan tumraping wanita, rêratêng (ocal-ocalan), ngopèni griya, ngopèni tiyang sakit, kawruh usada sawatawis, mêmulang saha ngopèni lare. Manawi kèndêl makatên, ing têmbe manawi semahan taksih kasrambah kangge nglagani lakinipun. Ingkang makatên wau badhe dados pilihaning para priya.

Dene manawi malulu ngudi panggêsangan, inggih prayogi ngudi pamulangan luhur, insinyur, dhoktêr, mistêr sasaminipun, anamung manawi gadhah kagunan makatên kangge semahan, lajêng ngèthèrakên wajibing gêgriya, karantên badhe kêrêp katilar kesah, ingkang jalêr kapiran. Upami kagunanipun botên katindakakên, punika nama ngècèr-ècèr waragad. Punapa botên mêsakakên tiyang sêpuhipun. Kados, mênggah pawèstri ingkang gadhah kalangkungan makatên wau, botên dados pilihaning para priya, adhakanipun sampun botên kadugi kaêrèh ing laki, kajawi manawi ngupados priya ingkang sagêd botên susah ngêrèh, malah purun kaêrèh, botên susah kesah ngupaboga (makatên nama sungsang buwana balik).

Bab tataning sêsrawungan

Para sêpuh ingkang kanggenan lare, punapa putra piyambak punapa angkat, sami dipun tuladhanana patrap saha tatakrami tuwin pambêkan ingkang sae, sampun ngantos lare mirêng têmbung ingkang awon, saru, bêngis, dados lare botên katularan piawon saha gadhah pawitan têmbung awon, asring dipun dongèngana cariyos ingkang nêdahakên pambêkan sae-sae.

(Kauningana para guru ing pamulangan kados botên kaur mêmulang pambêkan, utawi kirang dangu ngulatakên dhatêng satunggal-tunggaling lare, mandar adhakanipun para guru pamulangan amung ambombong lare supados bingah, tandhanipun manawi nuju liburan saha dipun ajak kêkesahan. Samargi-margi lare-lare wau sami bingah-bingah [bingah- ...]

--- 43 ---

[... bingah] angêtorakên suwantên saha polah, ingkang ngantos adamêl rudatosipun para ingkang sêsarêngan utawi kapapag. Makatên wau botên amung tumrap lare alit kemawon, nadyan murid ing pamulangan têngahan, sampun katog agêngipun, inggih makatên, dados botên paja-paja guru mawi mulangakên kasusilan, kajawi amung kawruh kalairan kemawon.

Lare ingkang winulang guru Walandi wiwit alit mila ngantos diwasa pisan, parandosipun botên sumêrêp ing wêwaton tatakraminipun băngsa Eropa, sumêrêpipun amung tular-tumularing patrap ingkang dipun mêningi. Makatên ugi guru Jawi, awit pancèn botên dipun pacak ing wancining pamulangan, măngka limrahipun para guru sangêt anggêmèni saha ngaosi wanci kangge mêmulang.

Awit saking punika para sêpuh-sêpuh kêdah waspada pamawasipun dhatêng para putra saha lare wawêngkonipun, sampun ngantos ngucapakên têmbung ingkang saru, (pêprênesan saha crêmêdan utawi pacokan) inggih punika winihipun lare gadhah cipta sèdhèng. Lare sampun ngantos mirêng saha mangrêtos ing têmbung bêngis, mêmisuh, utawi nyamèkakên tiyang dhatêng sato, inggih punika winihipun watak lanas, brangasan tuwin trocoh. Manawi sampun dhêdhasar suci saha têmên, lajêng gampil ngarah rahayuning sêsrawungan, sami jalêr utawi jalêr èstri, langkung malih sami èstri, botên cêpak kenging sambekala, sambang sarawungan. Lare kapardia wicantên ingkang urut (botên mawi têmbung campuran) ingkang kêndêl saha têmên, punika nêdahakên sucining manah balaka, ngêblak. Salêbêting wicantên sampun ngantos winoran ing gujêng paribasan, pêparikan saha wiraga, awit punika dados pratandhaning tiyang ingkang watak lamis. Kapardia linggih ingkang jênjêm, botên rongèh saha jlalatan punapa malih klicatan wira-wiri.

Bab tatakrama ingkang alus

Alusing tatakrami Jawi kalihan Walandi punika mèh sami kemawon, kaot ngadêg kalihan lênggah kursi.

Băngsa Walandi katêtêpakên ing cara, rêmên têtulung ing karepotan, kasusahan saha kacilakan, langkung malih dhatêng lare tuwin pawèstri. Ingkang dipun pitulungi kêdah anglairakên saha ngatingalakên panuwun, nadyan amung prakawis alit-alitan kemawon.

Băngsa Walandi rumêksa sangêt dhatêng sêsarêngan saha pakêmpalanipun, sampun ngantos adamêl sêdhihing kiwa têngên. Botên purun udut cêlak tiyang nêdha saha tiyang èstri, punapa malih tiyang sakit. Ajrih damêl suwantên ing salêbêting kêmpalan mirêngakên lêlagon saha gêgêndhingan utawi sêsorah, sadaya wau kaanggêp ngarubiru ing katêntrêman.

Kula nate sumêrêp, pangeran putraning Raja Dhitslan, tuwin Hèrtoh ing Swèdhên

--- 44 ---

nalika rawuh ing tanah Jawi. Kula awasakên ing sadangunipun lênggah watawis kalih jam, sampeyanipun tumapat[6] têtêp tanpa mingsêd, astanipun kalih pisan tansah pinangku têkêm-tinêkêm, tanpa nolèh, ngantos kados rêca. Manawi pinuju ngandikan dhatêng kiwa têngênipun, amung mingêr sawatawis, nalika dipun sowani para agung sanès ingkang ambêbêkta, trangginas jumênêng saklangkung taklim sumèh ing netya nampi atur saha pisungsung gambar, ngantos rambah-rambah anggèning manthuk, ngatingalakên gênging suka panarimahipun kanthi mèsêm.

Inggih kados makatên ugi tatakrama Jawi ingkang sae, manawi lumampah tamban, tandang-tandukipun sarèh, wicantên lêlah cêtha, patrapipun jênjêm botên rongèh nolah-nolèh. Kajawi para militèr ingkang kapardi trangginas saha polatan ladak tajêm, tandang-tanduk kêdah sarwa cukat, makatên ugi inggih botên ngantos kadandapan, kados para murid ingkang pinisuka dening para gurunipun (kula botên mada dhatêng para guru, nanging badhe ngèngêtakên dhatêng para sêpuhipun lare).

Băngsa Prasman gadhah panitikan, tiyang ingkang udut srutu angipatakên awu srana kaslênthik, punika pratăndha tiyang botên kapama, ing griyanipun tamtu botên gadhah wadhah awu.

Makatên ugi tiyang Jawi, gadhah panitikan, manawi tiyang linggih nyat-nyatan kêdah ngadêg (botên jênak) punika pratăndha lare kirang mitadosi.[7] Tiyang ingkang lumampah bon[8] nêtêp tungkakipun, saha wicantên kêdhèpipun narithil, punika tăndha manahipun botên burus, botên tanggon dhatêng pakèwêd. Langkung malih para wanita, dados pratăndha botên bêkti ing laki.

Bab sêsrawunganing jalêr lawan èstri

Tumrapipun ingkang sampun sami sêsemahan, punika kados botên wontên pakèwêdipun, têbih sambekala, langkung malih manawi sami wontênipun ingkang jalêr. Kajawi manawi ngantos anuwuhakên pandugi botên prayogi (upami pêpanggihan salêbêting kamar piyambakan) punika sampun nama panêraking kasusilan, sanadyan manggihi dhoktêr kêdah mawia saksi.

Dene mênggah sêsrawunganing sami lare (jaka kalihan rara), punika ing kasujananipun inggih mawi saksi, ambêkta rencang ingkang têmên saha ngeman, awit prakawis sèdhèng punika, nadyan amung ingkang nglampahi piyambak ingkang pirsa, dangu-dangu tamtu kajodheran. Manawi sampun kajodheran nama sampun kasèp, ing karisakaning nama, pangaji. Langkung malih amung kenging pangintên, dipun wartosakên alampah awon. Bab piawon makatên wau, tumrap jalêr punapa sampun sagêd timbang kalihan pun pawèstri, mênggahing kukum (punika [(puni ...]

--- 45 ---

[... ka] ta ingkang kêdah wontên ngadil) manawi sampun wontên ngadiling tatakrami, kukumipun priya ingkang lampah sèdhèng kongas dados cacading pasrawungan, ing ngriku dados kêndhangsul rangah tumraping para neneman ingkang karêm sêmbranan, inggih ing wêkdal wau sawêg kenging kapitados para rara srawungan kalihan para jaka tanpa saksi.

Ewadèntên ingkang makatên wau gumantung teganing tiyang sêpuh, manut ing kapitadosanipun dhatêng lare, nolèh dhatêng dhêdhasaring watak saha piwulangipun, amung èngêta, supening manah kasmaran punika amung sagêbyaring kilat, manawi kapilut ing basa mêmanis, kados angèl pangumbahipun, sawan tuman sami kadrawasan, paribasanipun êduk cêdhakan gêni, gampil mubalipun. Makatên ugi bobot timbang nyumanggakakên ingkang sami kagungan momongan. Taksih wontên sambêtipun.

Kalatidha

Sêrat Kalatidha yasanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, kêrêp dipun ucapakên para sadhèrèk Jawi, margi têtêmbunganipun sarta suraosipun pancèn mranani. Anggènipun ngaban-abani dhatêng lêlampahan utawi kawontênan, mantêb, anglêgakakên. Kados ta: jaman edan, gunêm lêlamisan. Măngka lêlampahan ingkang kados dipun alami dhatêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita punika, ing ngalam donya botên nate sêpên, namung papanipun kemawon ingkang ngolah-ngalih, tur grad-gradanipun inggih botên sami. Benjing sèkêt utawi satus taun malih, ungêl-ungêlan ing Sêrat Kalatidha punika kintên kula taksih kocap.

Sêrat Kalatidha, saking pamirêng kula sampun dipun jarwakakên ing têmbung Walandi dhatêng Radèn Sutapa Wanabaya, anamung kula piyambak dèrèng maos yasanipun Ki Wanabaya wau. Sarta malih pamirêng kula wontên pirmah utawi sadhèrèk Jawi sawatawis ingkang ngêdalakên Sêrat Kalatidha wau. Wondene kula namung kacipratan sêrat cap-capan ingkang kawêdalakên dhatêng Radèn Sutapa Wanabaya, botên sagêd angsal cap-capan sanèsipun, dados botên sagêd nandhing-nandhing.

Ing ngandhap punika Sêrat Kalatidha kula jarwakakên gancaran, miturut sagaduging angên-angên sarta kawruh kula. Kula urut sapada-sapada, mawi kula angkani urut ing pada agêng. Ing sarèhne Sêrat Kalatidha punika mèh sadaya sadhèrèk Jawi sami kagungan, dados botên kula pacak wontên ing ngriki, murih botên angêlong papan. Têtêmbungan ingkang wontên ing salêbêting kurung, punika têtêmbungan wêwahan kula. Pikajêng kula, saupami Kalatidha punika dipun karang gancaran ingkang botên sangêt-sangêt singsêtipun, têtêmbungan [têtêmbung ...]

--- 46 ---

[... an] ingkang wontên salêbêting kurung wau pancèn kenging kawêwahakên, kaangge anggênahakên suraos. Ewasamantên, sagêd ugi lajêng gèsèh kalihan karsanipun ingkang ngarang. Ingkang makatên wau sampun saèstu kabêkta saking kalintuning panyuraos kula, ingkang jalaran saking cupêting kawruh kula.

1. Saiki kaluhuraning nagara katon wus sêpi, bubrah tataning pranatan, sabab ora ana tuladha, para mardibasa kagubêd ing kasusahan, katon cêtha asoring budine, sêpi pratandhaning tumitah. Kasusahaning jagad marga saka kabanjiran ing (pitênah) rêrubêd.

2. Ratune ratu utama, (tur) patihe patih pinunjul, para nayaka atine padha burus-burus, panêkare bêcik-bêcik, ewadene (kok) ora bisa andhidhèlake jaman rusak, malah sangsaya padha andadra, rêrubêd kang angribêdi. Rupa-rupa kamurkane uwong sanagara.

3. (Kaya) digugah prihatine kang padha ahli sastra, kagubêd ing ati susah, marga laku kikrik (wirai)[9] sarana laku dhêdhêmitan, sumanak sumlondhoh (têmbunge) ngarih-arih ngêpèk ati, apèk pamrih kauntungan, pêkolèh, wêkasan lêbur kêkarêpane (marga) ora nganggo pangati-ati.

4. Pancèn kathik kêprungu ana pawarta rame (nanging mung) kabar bêbaratan bae, gunêm lêlamisan, diarah dadine pangarêp, jêbul malah dadi kaêsuk tumiba ing buri (nanging) yèn dipikir sing têmênan: apa ta gawene dadi pangarêp (mundhak) andhêdhêr kaluputan (bae) disirami ing (banyu) lali, yèn wis thukul (mêsthine malah dadi) kêkêmbanging bilai.

5. Unining layang Panitisastra, awèh wulang awèh pêpeling, (yèn) ing jaman musibat iku, wong kang bêcik patrape (malah) tumiba asor. Dadi yèn gêlêm ngrasak-ngrasakake (piwulang, bisa kăndha): apa ta gawene anggugu pawarta ngayawara, mundhak agawe susah, aluwung nganggita carita kuna-kuna (ta) ana gawene.

6. Kêna dianggo tuladha, kêna dianggo nyaring, êndi sing ala êndi sing bêcik. Rak akèh: ta: mêsthine, lêlakon kang dadi upama, cangkrimaning (lêlakon ing) sajroning urip. Iku bakal bisa nêmokake batangane, banjur bisa nrima, bisa mupus marang pêpasthèn kang tuwuh saka panguwasaning Pangeran. Puluh-puluh dikapakake, wong kêpêksa kudu nglakoni barang sing nylênèh.

7. (Iya iki cilakane wong) ngalami jaman [jama ...]

--- 47 ---

[... n] edan, mung sarwa pakewuh thok-thok bae nalar iku. (Olèhe ora pakewuh kêpriye, ta:) arêp milu edan, ora kuwat nglakoni. (Măngka) yèn ora milu-milu, ora bisa kêduman apa-apa, wêkasan banjur kêkurangan pangan, mangkono kuwi iya wis dilalah karsaning Pangeran. (Nanging sabêgja-bêgjananea sing lali, (rak mêksa) isih bêkja sing eling.

8. (Ucape wong sing ora dhêmên): mêngkono kuwi rak mung ana ing gunêm bae, padune wong kêcuwan, ya ngono (calathune). (Wangsulanaku): Iya bênêr sing ngarani. Nanging yèn ing batinku ora mêngkono, adoh pitung bêdahab. (Wong) wis tuwa wae arêp apa ta, (patute rak ya) mung manggon ana ing panggonan kang sêpi, supaya bisaa olèh pangapuraning Pangeran.

9. Gèsèh karo kang pancèn wus kuwat, jinurung marang Hyang Widhi, satiba-tibane (êmbuh malang êmbuh mujur) kapenak bae, ora susah (karaya-raya) golèk pakolèh, bisa têka dhewe marga saking dayaning kasêktèn. Gusti Allah kang paring pitulung, alantaran pêpadhaning titah, sarwa gampang têkaning pakolèh, ewadene isih tabêri nglakokake ihtiyar.

10. Olèhe nglakoni sakuwate, tumindake mung sakêpenake, sok uga aja nganti dadi prakara. Awit ana carita sing muni (mangkene): ihtiyar iku satêmêne dadi pamilihing laku bêcik, disambi ambudidaya, nganggo awas sarta eling. (Dene) sing dipêlêng mung bisaa olèh sihing Pangeran.

11. Dhuh Gusti Allah, dhuh utusaning Pangeran ingkang sipat loma sarta asih, mugi tuwan aparinga pitulung, ingkang sagêd ngêtutakên wiwit saking wontên ing ngalam donya ngantos dumugi ing akerat, manggèn ing gêsang kawula. Sapunika kawula sampun sêpuh, wêkasanipun kadospundi. Pramila (panyuwun kawula, mugi) wontêna pitulung tuwan.

12. Sagêda sabar tuwin santosa, sagêda pêjah wontên ing salêbêting gêsang, kalis saking lampah ambêlasar, sagêda sumingkir saking lampah murka sarta botên nrimahan, punapa malih sagêda mungkul ngudi katrêsnan, sagêda tansah anggêgulang manah ingkang murih luwar saking paukuman, murih sagêd angsal kamayaran sawatawis. (Wasana) kawula namung nyumanggakakên, suwarga isi sêsêgêr.

Makatên pamaham kula dhatêng suraosing Sêrat Kalatidha. Wontên têmbungipun ingkang kula botên mangrêtos, kados ta: suha (ing pada ăngka 3) mara ati (ing pada ăngka 10).

Kusumatmaja.

--- 48 ---

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 2.

Panewu gowong sarta gripir

Sang Carudata, sampeyan wicantên, ta, sampun mawi rikah-rikuh. Ing ngriki punika rak pradata, ta.

Carudatta

O, para priyantun jêksa, kadospundi anggèn kula sagêd matur: pawèstri punika kêkasih kula. Ewadene sarèhne kula punika taksih ênèm, ênèm kula ingkang nglampahi kalêpatan. Dede kalakuan kula.

Jaksa

Pradata punika kathah sambekalanipun.

- Rikuh sampeyan, sampeyan singkirakên.@- Ingkang prêlu namung kaprawiran, kêkêndêlan. Sampeyan wicantên salêrêsipun kemawon.@- Wicantên dora, wontên ngriki botên dipun tampèni.@- Rikuh sampeyan, sampeyan singkirakên. Sampeyan punika kadangu ing pangadilan.

Carudatta

Priyantun jaksa, sintên mêngsah kula prakawisan.

Ipene Sang Prabu (ladak)

Aku, aku mungsuhmu prakaran.

Carudatta

Prakawisan kalih sampeyan niku, tumrape kula angèl tumindake.

Ipene Sang Prabu

E, durjana, rak kowe ta sing matèni Wasantasena, panganggone sêsotya pirang-pirang. Saiki kowe arêp selak, sabab kowe kuwi wong goroh muput.

Carudatta

Ah, gunêm sampeyan niku ngayawara.

Jaksa

Sang Carudata, sampun, ta, sampun. Sampeyan wicantên sayêktosipun kemawon, pawèstri punika punapa kêkasih sampeyad.[10]

Carudatta

Inggih, pancèn.

Jaksa

Sang brahmana, Wasantasena wontên ing pundi.

Carudatta

Sampun mantuk.

Panewu gowong sarta gripir

Anggènipun mantuk kadospundi, kala punapa, sintên ingkang ngatêrakên.

Carudatta (ambatin)

Kandhaku apa mêngkene wae: kesahipun botên mawi pamitan.

Panewu gowong sarta gripir

Sang brahmana, sampeyan mangsuli, ta.

Carudatta

Sampun mantuk. Punapa malih ingkang kêdah kula aturakên.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 49 ---

 


sitra. (kembali)
pusa. (kembali)
§ Surat Bakarah. (kembali)
têmbung. (kembali)
kathah. (kembali)
tumapak. (kembali)
§ Lare ingkang makatên punika, manawi mirid pirasatipun Imam Supingi, dados titikanipun prakawis sanès. (kembali)
botên. (kembali)
§ Wirai punika têmbung Arab, kosokwangsulipun crobo utawi gumampang. (kembali)
10 sampeyan. (kembali)