Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-04, #390

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-04, #390. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-04, #390. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 4, April 1931. Taun X

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kabudayan tuwin Kagunan Jawi

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3.

Santosa ing budi, madhêp, mantêp, trêsna ing liyan punika saking pangintên kula, saking nglêbêt pinangkanipun (geestelijke ontwikkeling ngipun sampun wiwit mêkrok), manawi prabot nglêbêt dèrèng sumilak, dados sawêg dumunung wontên lathi, bokmanawi sagahipun dhatêng kasantosaning budi, trêsna ing liyan sapanunggilanipun amung sakêdhap. Manawi kapêngkok păncabaya, padatan dalasan kula, bokmanawi ubaya ambalenjani. Mila lajêng wontên piwulang: marma ing sabisa-bisa bêbasane muriha tyas basuki (Wedhatama). Awit ingkang dados sambekalaning trêsna punika: jail, drêngki, srèi, dahwèn, sêndhon, para waonan, suthik asor kudu luhur, rêmên goroh, sapanunggilanipun. Manawi watak-watak wau sampun dipun olah, kados kemawon gampil dipun purih trêsna ing liyan. Mila sintên ingkang sampun santosa budinipun, mantêp ing samukawis ingkang sampun kamanah lêrês, trêsna ing liyan, punika têtela manawi cara teosopi, badanipun astral tuwin pikiran, sampun wiwit diwasa. Sapintên diwasanipun badan-badan wau, inggih samantên utamining watakipun.

Kajawi sampun wontên têtuladan, kala jaman Majapait têtiyang Jawi sampun wiwit diwasa kalairan tuwin kabatosanipun, ugi ing dalêm cariyos ringgit (wayang), wontên lampahan ingkang suraosipun suka tuladha ing

--- 50 ---

bab pilahing kalairan tuwin kabatosan, inggih punika manawi botên kalèntu anggèn kula nyuraos, kala Radèn Sumantri suwita Prabu Arjunasasra. Sasampunipun Radèn Sumantri katampi pasuwitanipun, lajêng dipun biyantokakên dhatêng nagari Magada, dening kinêpung ing ratu sèwu nagari, amargi sami ngajêngakên Dèwi Sêtyawati. Sadumugining Magada, ratu sèwu nagari kenging kaundurakên dening Radèn Sumantri, sarta têluk sarwi sami nyaosakên putrinipun. Dalasan para putrinipun kairid dening Radèn Sumantri sowan Sang Prabu Sasrabahu. Sadèrèngipun dumugi ing ngarsa nata, Radèn Sumantri darbe unjuk, sarèhning putri utami, pisowanipun kêdah rinêbat ing pêrang. Prabu Sasrabahu nayogyani panyuwunipun Radèn Sumantri, wêkasan prang tandhing, Prabu Sasrabahu mèh kalindhih, lajêng tiwikrama. Ing ngriku Radèn Sumantri lajêng ngalumpruk tanpa bayu, nalăngsa minta aksama. Sapunika sang prabu gêntos kagungan pêpanggil. Radèn Sumantri kadhawuhan mutêr taman Sriwêdari dumunung ing wukir Nguntara, kabêktaa dhatêng Maèspati, wêtah sampun ngantos wontên wêwarnèn ingkang ewah, dalasan talaganipun sampun ngantos asat, badhe kagêm lêlangên jangkêpipun anggèning palakrama. Manawi Radèn Sumantri botên sagêd mutêr taman wau, dadosa mêngsah salami-laminipun. Radèn Sumantri nyandikani lajêng pamit, sadumugining jawi lênguk-lênguk sarwi karuna, dene rumaos botên kaconggah mujudakên pamundhutipun sang prabu. Botên dangu Radèn Sukasrana dhatêng awor angin, sasampunipun bage-binage, takèn dhatêng ingkang raka, punapa sababipun têka arawat waspa. Radèn Sumantri prasaja bilih dèn utus dening sang prabu kinèn mutêr taman Sriwêdari nanging botên kaconggah, panggenanipun malih sumêrêpa, mirêng namanipun kemawon sawêg sapunika. Gunggunganipun, Radèn Sukasrana nyagahi, nanging gadhah panyuwun dhatêng ingkang raka, manawi sampun kalampahan, kaparênga andhèrèk, awit botên sagêd pisah. Radèn Sumantri nyagahi panyuwunipun ingkang rayi, ugêr taman Sriwêdari sagêd kalampahan dipun putêr. Ingkang raka nuntên dipun gendhong. Radèn Sukasrana lajêng mahawan ing ngawiyat, sakêdhap dhatêng ing wukir Nguntara. Sarèhning Radèn Sukasrana sumêrêp manawi dadosing taman sarana cipta, mila pamboyongipun ugi kêdah anandukakên dayaning cipta. Sasampunipun ingkang raka dipun purih malêbêt ing balekambang, Radèn Sukasrana nuntên angubêngi taman kaping tiga, lajêng wiwit manêkung, sidhakêp asuku tunggal, ngêningakên cipta, katarima ing dewa dados saciptanipun, sakala taman Sriwêdari ebah, jumêgur swaranira, sanalika sirna taman Sriwêdari. Radèn Sukasrana nuntên mêsat ing gêgana, niyup anjujug sacêlaking pura Maèspati. Sadhatêngipun ing ngriku lajêng manungku cipta malih, taman Sriwêdari cinipta sakala dados [dado ...]

--- 51 ---

[... s] jangkêp botên wontên ingkang kacicir. Kocapa têtiyang sanagari, sami alok manawi wontên taman tiban saking swarga. Wêkasan katur sang prabu. Srinata nulya têdhak kalihan kang garwa. Dupi Radèn Sumantri wuninga manawi sang prabu rawuh, ngatag ingkang rayi kinèn angiwa, mindhak damêl kuciwa anggèning suwita, margi kang rayi kuciwa ing warni. Radèn Sukasrana botên purun. Radèn Sumantri angagag-agagi sanjata cakra supados ajrih, nanging sampun karsaning dewa, sanjata cakra lumêpas angengingi Radèn Sukasrana, pêjah sanalika.

Ingkang makatên wau minăngka pralampita, sintên ingkang badhe angangkah kadunyan, mawia sarana Radèn Sukasrana (kawruh kadunyan, wètênsêkap), nanging supados Radèn Sumantri sagêd nunggil dados warangkanipun Wisnu, Sukasrana kêdah dipun pêjahi, awit manawi Radèn Sukasrana dèrèng pêjah (lêrêm), saèstu botên sagêd ênêng, êning, wêkasan botên awas lan eling. Miturut wêwarahipun paduka Nyonyah Ani Besan ingkang kamot ing buku Karma tuwin Margining Kasiswan, kadospundi ingkang dados ciptaning manungsa, inggih makatên wujudipun. Ingkang makatên punika kenging kapêsthèkakên. Amung kemawon sarèhning natir punika adil, mila botên kenging anyupèkakên nalar, têgêsipun manawi ingkang dados ciptanipun dipun samêktani yêktos, inggih tumuntên kalêksanan, kosokwangsulipun manawi sasêkecanipun gèk èngêt gèk botên, sampun mêsthi kemawon dangu.

Sagadug-gadug kula badhe nalusur yêyasanipun băngsa kita Jawi, sambêtipun kalihan dhasaring wêwatakanipun.

1. Bab wanguning griya

Sasumêrêp kula kemawon wanguning griya cara Jawi tulèn punika: 1. Limasan, 2. Klabang nyandêr, 3. Pacul gowang, 4. Joglo, 5. Joglo tawon boni, 6. Joglo cêblok, 7. Sêmar tinandhu, 8. Traju mas, 9. Dara gêpak, 10. Joglo gajah ngoling, 11. Joglo lugas, 12. Kampung, 13. Joglo sinom, tuwin sanès-sanèsipun. Wanguning griya samantên kathahipun utawi langkung wau saking pamanggih kula sampun laras kalihan raos utawi kabêtahaning jiwa ingkang badhe angênggèni. Limrahipun griya cara Jawi tulèn (ingkang taksih kathah ing dhusun) punika mawi pandhapi. Pandhapi makatên, gladri ngajêng botên dipun ênggèni, amung kangge sadhiyan manawi wontên tamu. Sarèhning dhasaripun wêwatakanipun tiyang Jawi sumadhèrèk, rêmên katamuan, wontên sabab sawatawis kemawon, tăngga têpalih sami angrubung (botên egoistisch) mila anggèning damêl griya, kajawi ingkang prêlu dipun ênggèni piyambak, ugi nyadhiyani papan kangge tamu ingkang amot radi kathah. Manawi awit saking kacingkrangan, ngantos botên kaconggah mujudakên pandhapi, sagêdipun [sa ...]

--- 52 ---

[... gêdipun] amung griya satunggal, ewadene godhagan ing nglêbêt (jogan), larasipun kalihan agêng aliting griya, kenging katêmtokakên wiyar. Sênthong patilêman ngantos botên kamanah. Beda kalihan griya wangun kilenan. Pandhapi ingkang limrah mêsthi botên mawi. Ingkang kathah gladri ngajêng kapêsthi cêkap meja satunggal, kursi sakawan utawi nêm. Panggenan pot sawatawis, cêkap, ringkês, awit ingkang mêsthi amung nyadhiyani prêlunipun batih. Dados saupami griya kangge tiyang Jawi, gladrinipun ngajêng karingkês, sasat nuntun dhatêng wataking jiwa ingkang winarăngka ing badan, supados amung ngraosna batihipun piyambak. Mila sanadyan sakawit watakipun wiyar (sumadhèrèk), nanging manawi dipun kulina, amargi kapêksa botên wontên papanipun, dangu-dangu dhatêng pundi purugipun. Manawi sagêd malih yêktos adhasar kilenan, punika prayogi kemawon, awit ing ngrika ugi sampun kayasakakên margi ingkang manawi dipun turut, inggih anjog ing kasampurnan. Wangsul manawi botên sagêd malih, harak badhe dhawah têngah. Ing măngka miturut anggêr-anggêring kajiwan, kathah botên sagêdipun.

Ing iring ngajêng, griya Jawi tulèn, panggenan regol dipun wontêni griya alit, kala-kala ingkang kobêr malah mawi wadhah toya. Punika kajêngipun dhasaring jiwa ingkang dumunung ing guwa garbanipun tiyang Jawi, anyadhiyani sadhengah tiyang langkung ing ngriku. Manawi kajawahan utawi kabênteran supados ngaub, manawi ngêlak dipun sadhiyani toya. Manawi kobêr utawi wontên wragadipun, prayoginipun griya ing regol dipun lêstantunakên, jêr anênuntun raos dhatêng ajênging kadiwasanipun jiwa. Griya Jawi sisih nglêbêt mawi potangaring,[1] sarta kaperang dados tigang sênthong. Sênthong têngah dipun wastani kobongan. Limrahipun ing ngriku dipun angge papan pasimpênan donya brana, nanging ugi kathah ingkang namung dipun isèni kajang sirah, guling, minăngka pasrèn. Sangajênging kobongan jogan wiyar, pirantos kangge manggihakên pangantèn tuwin palênggahanipun tamu èstri. Punika ugi wangsul dhatêng dhasaring tiyang Jawi ingkang adhêdhasar watak bêkti, amargi limrahipun pangantèn bakda panggih, lajêng dipun ngabêktèkakên dhatêng para sêpuh ingkang wajib binêktenan. Dados inggih nama lampah ingkang anênuntun dhatêng raos kaalusan, wah ing dalêm pasamuan gadhah damêl mantu, pakêmpalan ingkang makatên tatananipun, tumrapipun băngsa Jawi sampun nyakecakakên pandulu.

Amung kemawon, griya wangun Jawi, ingkang kathah ing dhusun-dhusun, dèrèng kamanah sambêtipun kalihan kasarasan. Ingkang limrah tanpa candhela sacêkapipun, supados hawa sagêd mlêbêt mêdal sontan-satun. Sênthong kiwa têngên limrahipun ugi dèrèng anyêkapi kabêtahaning gêsang jaman sapunika, amargi [a ...]

--- 53 ---

[... margi] kalitên, botên cêkap kangge panggenaning patilêman, sandhangan tuwin kabêtahan, ingkang pancèn lêrêsipun kêdah kasèlèh ing ngriku. Kathah kemawon para nyewa griya ingkang mawi potangaring, kapêksa patilêmanipun dipun sèlèh ing jogan têngah, makatên ugi lêmantun. Awit saking punika, mila ukuraning sênthong parlu kêdah kawiyarakên. Kobongan têngah limrahipun samangke ugi sampun tanpa damêl. Tinimbang papan mirungga, prayogi dipun bêdhah têmbing ngrika, lajêng dipun sukani kontên, kenging kangge palênggahan utawi papan nêdha. Manawi gadhah damêl mantu utawi sanès-sanèsipun, ingkang prêlu lênggahan ing ngajêng kobongan, kontên katutup, sagêd wangsul dados kobongan malih kados sawaunipun.

2. Bab ringgit (wayang)

Saking rumaos kula sami-sami kagunan Jawi, ringgit (wayang) punika ewoning têtingalan ingkang cocog piyambak kalihan raos Jawi. Bobotipun sampun ngancik ing jaman ingkang limrah dipun wastani jaman kamajêngan, ewadene têtingalan ringgit mêksa taksih dados kalangênaning băngsa kita kalêbêt ngajêng. Mirid dhatêng wujudipun, garapanipun, cariyosipun tuwin tabuhanipun, sajak sampun jumbuh kalihan dhasaripun băngsa kita Jawi. Sarèhning punika gambaring tiyang, mila manawi dipun raosakên sarana lêlandhêsan kawruh gambar, pinanggih nyêngkalipun. Awit manawi mirid kawruh gambar, tiyang punika irungipun botên lancip. Lancip-lancipipun amung saambangir, astanipun botên mèh dumugi suku. Ringkêsanipun manawi dipun udhari, awêwaton kawruh gambar, kathah ingkang botên laras kalihan kawontênaning tiyang. Ewasamantên manawi dipun ewahi, dipun turutakên kalihan perangan badaning manungsa awêwaton kawruh, tumrap pangraos tuwin sêsawangan jawi lajêng botên sakeca. Dados têtela manawi wayang punika kajawi nawung raos ingkang lêbêt, ugi sampun rumasuk dhatêng rahipun tiyang Jawi. Limrahipun satunggal-tunggaling lêlangên, punika mêmpan lan mapanipun, sêsambêtan kalihan umur, nanging tumrapipun wayang botên makatên: lare, jaka, tiyang sêpuh inggih mathuk, langkung-langkung para ingkang ahli raos. Ingkang makatên wau sarèhning angèl anggèn kula madosi sababipun, mila lajêng radi pitados, bilih ingkang yasa wayang dalasan ingkang andhapuk tabuhanipun punika, sarjana ingkang sampun katarimah.

Dèrèng dangu punika ing antawising para mudha, wontên ingkang nyobi, ngewahi wancining ringgitan, kalarasakên kalihan kawontênanipun gêsang padintênan, inggih punika wanci wiwitipun ringgitan dipun ewahi: jam sakawan sontên dumugi sanga dalu. Nanging botên widada, amargi katingal cêblèh sarta botên sakeca dhatêng pangraos.

Kula sampun nate dipun cariyosi tiyang

--- 54 ---

sêpuh, bilih cêcriyosan tuwin kawontênaning wayang punika, kajawi isi têtuladan kawruh lair tuwin batos, ugi dados prasêmoning kasidan jati. Cariyosipun tiyang sêpuh wau makatên: wayang sakothak punika, ibaratipun titah ing ngalam dunya. Mila winastan wayang, awit sajatosipun, manungsa dalasan ingkang gumêlar sadaya punika, ayang-ayanganing Gusti (de openbaring van God), gadêbog minăngka prasêmoning bumi ingkang kita dunungi, atêgês wayang wontên ing panggungan. Kêlir minăngka badan, ki dhalang anggèning molahakên ringgit, wontên sawingkinging kêlir (aling-aling badan), samobah-mosiking ringgit, dumunung wontên ki dhalang sarta ki dhalang ingkang karya lampahan. Miturut dalil Kuran, makatên Warobboeka jach loekoe majasa wajachtaroe makana lahoemoel chijarotoe têgêsipun: Dene Pangeranira iku nitahake barang kang dikarsakake, lan amilih barang mau, ora ana pamilih tumraping manungsa (manungsa ora bisa duwe pamilih). Dene balencong ngibarat pêpajaring jagad kita pribadi, inggih Nur Mukhamad. Sanadyan ki dhalang kuwaos amolahakên sarta andhapuk lêlampahaning ringgit, ananging mênggah sajatosipun, ugi winisesa ing ringgit. Amargi manawi tanpa ringgit, ki dhalang botên sagêd anêdahakên purba wisesanipun. Mila tinêmbungakên amisesa, winisesa, daya-dinayanan, botên sagêd pisah, pindha satu lan rimbagan, latu kalihan urubipun, kaca kalihan ingkang ngilo.

Suraos ingkang kajarwa ing nginggil punika, laras kalihan dalil Kuran, tuwin sêrat inleiding tot Joga karanganipun Nyonyah Ani Besan, kala anggêlarakên pamanggihipun systeem Sankya tuwin Wedanta tumrap bab Allah. Miturut dalil Kuran, surat Nur ayat 16 makatên: Wallahoe akroboe min chablil warid = Allah iku luwih cêdhak katimbang otot gulu iring kiwa. Inleiding tot Joga bladz. 56: Het Zelféén, alomtegenwoordig, al-door-dringend. Er bestaat niets buiten 't Zelf-dat is het uitgangspunt van den Wedanta. Alles doordringend, alles beheerschend alles bezielend is 't Zelf overal tegenwoordig = suraosipun kirang langkung makatên: miturut pamanggihipun Wedhanta: Gusti Allah punika amung satunggal, anglimputi isining alam sadaya, ing pundi kemawon, ing ngriku wontên Allah. Allah anarambas ing sadaya ingkang gumêlar, Allah amurba misesa sagunging dumadi sarta Allah anjiwani sadaya isining alam, botên wontên ingkang marojol saking wêwêngkoning Allah.

Saking karsanipun ingkang nganggit wayang, botên namung minăngka prasêmon dununging Allah kalihan kawula kemawon, ugi nawung raos sanès, inggih punika dados prasêmoning gêsanging manungsa wontên ing ngalam dunya, ngantos kukud anilar alam dunya punika. Miturut cariyosipun tiyang sêpuh, [sê ...]

--- 55 ---

[... puh,] lênggahipun makatên: lampahan ringgit sadalu punika, minăngka prasêmon kawontênaning gêsang kita wontên ing ngalam dunya. Sontên jêjêr gêndhing salendro pathêt nêm, dumugi antawising jaman sawêlas utawi kalih wêlas dalu. Jêjêr punika limrahipun, narendra awawan sabda kalihan patihipun, anggèning badhe ngêlar jajahan, utawi sanès-sanèsipun, ringkêsanipun kemawon anggusthi ingkang dados pangèsthining manah ingkang tumuju dhatêng kadunyan, laras kalihan pathêt nêm. Bakda punika lajêng pagêlaran, kyana patih andhawuhakên karsa nata, nuntên bidhal sawadyabala. Samangke lajêng jêjêr sabrangan, angrêmbag ingkang dados èsthining panggalih, limrahipun sambêt kalihan jêjêr kapisan. Nuntên prang gagal. Wadyabala pêthukan wontên ing margi, nanging botên wontên ingkang pêjah, sami simpangan. Lampahan dumugi samantên limrahipun sampun jam sawêlas utawi satêngah kalih wêlas. Taksih wontên sambêtipun.

Wawasan dhatêng Santun-sumantuning Kawontênan saha Padatanipun Băngsa Jawi.

Punika salah satunggaling karangan ingkang kakintunakên dhatêng pangrèhing Yapha Insêtitit kangge nglêbêti pasanggiri bab tatakrama.

Sambêtipun Pusaka Jawi ongka 3.

Bab kaborosan padintênan

Gêsangipun tiyang Jawi ing padintênan punika racak-racakipun sami nyêngka ukur, amargi kêkathahên tuladan ingkang kasandhang, upami anggènipun nênulad wau mawi dugi-dugi inggih prayogi, kabêkta botên anyatitèkakên dhatêng sangkan paraning arta, kabujêng sugih pêpenginan ingkang botên kacandhêt, satêmah gêsangipun tamtu sarwa cingkrang.

Tiyang ingkang sugih anak, sugih kalangênan, gadhah pakarêman saha kasênêngan, sadaya wau amung anggêga ardaning pêpenginan, botên pisan-pisan angèngêti sapintên pamêdalipun kacocogakên dhatêng tumanjanipun, inggih punika kalêpatan ingkang ăngka 1.

Ingkang ăngka 2, tiyang Jawi botên angèngêti manawi tiyang punika kathah sandhunganing lêlampahan, pakèwêd ingkang tuwuh dumadakan, saha kuwajiban ingkang botên kenging dipun selaki. Inggih punika: tiyang kêdah ambayar griya, minăngka pasewan utawi tambal sulam. Ingkang gadhah anak, badhe nyandhangi, wragading pamulangan, gadhah damêl saha kasripahan, sapiturutipun. Sadaya wau limrah botên dipun èngêti sadèrèngipun, ingkang limrah anjagèkakên pitulunganing liyan, utawi nyorok pamêdal ing wingking (srana nyambut), ingkang măngka sapêngkêripun botên lajêng angirid, dados kalajêng cuwak wêwah cingkrangipun.

Ingkang ăngka 3, tiyang Jawi sugih têtuladan, kautamèn ingkang mawi waragad, tanpa dipun sumêrêpi parlu tuwin nalaripun. Inggih [Ing ...]

--- 56 ---

[... gih] punika bab amêmule para lêluhur, utawi wilujêngan, kondangan (kêpungan).

Ing kina sadèrèngipun wontên agami, tiyang Jawi sampun gadhah bujana nêdha eca sêsarêngan tiyang kathah, ing dintên kalamangsaning bibar panèn, punapa ingkang katanêm bakuning panggêsangan, ingkang taksih kalampahan dumugi sapunika dening tiyang tani winastan bêrsih dhusun, ingkang dipun mêmule dhanyang makayangan, kang cikal bakal smara (rumêksa) bumi, tuwin para lêluhur, makatên punika bêktan pangidhêp dhatêng para lêluhur, mamêtri.

Sarêng tiyang Jawi ngangge agami Indhu, sumêrêp petangan dintên pawukon sasaminipun, lajêng gadhah pamêmulèn milujêngi badan, sabên dintên wêdalanipun taunan, mawi mêmule dhatêng para dewa, winastan sriyatan (têtulaking kala), manut pawukon.

Sarêng ngangge agami Eslam, pancènipun sami kasuwak. Rèhning tiyang Jawi kêkah, inggih dipun lumuhi kalilan, ananging kawêwahan donga Arab. Saha mèngêti lêlabêtanipun para nabi, kados ta: Suran, Muludan, Ruwahan, malêman, ariayan sapaiturutipun (ing wulan Siyam Sawal saha Bêsar). Minăngka santunipun mêmule dhatêng dhanyang makayangan. Bêrsih dhusun winastan rasulan, supados malik pangidhêpipun dhatêng para nabi, botên dhatêng dhêmit saha para dewa. Bab dhatêng lêluhur kasantunan ing wulan Arwah (Sakban).

Ananging tumindakipun tiyang Jawi sadaya wau taksih kaangge, botên santun-sumantun, măngka sajatosipun ing agami Eslam utawi Kristên, botên wontên babarpindhah. Wênang tiyang nêdha eca, sabên ariadèn saha dintên wêdalan, tanpa ujub, tanpa donga, ingkang katêdha inggih punapa ingkang kaanggêp eca. Ulam menda kasate saha gule. Makatên wau tiyang Jawi inggih wontên ingkang ngangge, măngka kêpunganipun inggih kaanggêp baku. Ing kinanipun, inggih wujuding ambêngan ingkang kinêpang wau srananing nêdha eca, amung wujud tumpêng asrêp, janganan kêkuluban saha lalaban, godhogan sakathahing pala pêndhêm sarta wowohan, awis sangêt mawi ulam-ulaman, ayam kambangan utawi sanès-sanèsipun, dêstun amung tigan.

Para tiyang Jawi têngahan, madya, sampun anindakakên rangkêp, enjing kêpungan, nalika dintên wêdalanipun, kinêpang tăngga têpalih lare-lare, dumunung wilujêngan sidhêkah, sontênipun ulêman para mitra nêdha eca. Mawi mragad menda, kaolah sate gule cara Arab. Wontên ingkang pancèn sanès sèntri,[2] sugatanipun mawi: bakmi, kimlo, cara Cina. Sawênèh ingkang agêng manahipun, mawi sugata, kênthang bêstik, sop, sêlat, têtularan Walandi. Kalamăngsa mawi klênengan, wacucalan, tayuban.

Dados têranging panggêsanganipun tiyang Jawi punika kawratan ing têtuladan, margi saking ginalandhang [ginala ...]

--- 57 ---

[... ndhang] ing pêpenginan. Upami gadhah pamêdal pintên kemawon, manawi pêpenginanipun botên kawatês, caranipun botên kasinggêt, tamtu inggih taksih cingkrang kemawon, langkung malih manawi mawi kawimbuhan ing lêlangên, saha pakarêman, kados ingkang kawrat ing Sêrat Mim: la. Tamtu dhumawah ing sangsara. Manawi sampun sangsara lajêng muring-muring dhatêng sintêna ingkang katuju.

Bekaning lêlampahan

Băngsa Jawi punika kalêbêt tiyang ingkang agêng manahipun. Saking gênging panggayuhipun, têmah lena panjagining badan, inggih punika manawi gadhah prêlu angangkat anak, kados ta manawi gadhah damêl anyunatakên, anêtakakên, punapa malih mantu, saha gadhah anak utawi putu, mawi dipun jagongi langkung agêng wiwahanipun, anulad patrapipun băngsa sanginggilipun ingkang sarwa-sarwi (botên kêkirangan), amiwaha anak putu punika inggih lêrês pantês saha wajib, ananging sampun ngantos langkah saking takêraning badan, manuta ing sapangkating darajat saha kacêkapanipun, sampun sinêngka, awit kathah kemawon tiyang amiwaha anak mawi pasamuan ingkang wragadipun srana anyênyambut ngantos botên ngèngêti ing wingking (ginêmipun kados punagi: ngrasakake lulung[3] alan-alang). O, makatên punika pancèn sanès kaprawiran ingkang pantês kapamèrakên ing kathah. Upaminipun tiyang gadhah anak utawi putu, mawi dipun jagongi saha andhatêngakên tamu sapêkên muput, utawi amung sapindhah, ing sapêkênipun mawi winiwaha kalênengan utawi wayangan. Punika pancèn nyulayani ing pangajêng-ajêng. Awit mênggah griya ingkang kanggenan bayi, dipun dhatêngi tiyang kathah, wontên dilah kathah punika angrisakakên kasarasaning lare, punapa malih ingkang èstri mêntas ambabar anak wau nama tiyang sakit, sagêd ugi dumugi jalaraning tiwas. Punapaa têka abingah-bingah ingkang angêtog kêkiyatan saha mamrih pangalêmbana. Punapa malih tiyang nyunatakên jalêra èstria, punika tata Eslam panjagining kasarasan ugi, têmbung sunat wau, wênang, sanès prêlu tuwin wajib, pramila botên pantês dipun wiwaha agêng-agêngan, cêkap dipun tênggani saakrab kemawon.

Tiyang mêmantu angêntas anak èstri, punika wontênipun prêlu andhatêngakên sanak sadhèrèk saha mitra tăngga têpalih, punika bakunipun supados anêksèni dhauping anakipun karabi dening sintêna. Wontênipun kawiwaha wayu[4] murih utamaning tindak, supados pun mantu jalêr wau ngèngêti bilih anggèning angrabi mawi kasêksèn ing tiyang kathah saha rinagadan kathah, dados awrat upami amindhaha.

Ing jaman kina tiyang andhaupakên anak wau amung anêksèni makatên, lajêng sêsarêngan nêdha eca, asuka parisuka. Nalika [Nali ...]

--- 58 ---

[... ka] jaman Indhu, utawi kabudan Jawi, wontên kupiya mêmantu punika kathah paliyasanipun, warni nênêm (amriksanana Sêrat Pustaka Rajapurwa, jaman panjênênganipun Prabu Kano, ing taun surya 316, candrasangkala 325), wontênipun mawi panggih kaarak, andrawina bujana, bêdhudhakan (bêksan) bêntoyang, gêgulutan, sintrèn saha sasrahan patah kêmbarmayang, punika kala jaman samantên. Sarêng jaman ing karaton Dêmak, sadaya wau sampun kasuwak, ingkang prêlu: ningkah, inggih punika nêksèkakên prajangji talak nikah, sri kawin (kasagahaning jalêr, panêdhaning èstri). Sajawinipun punika nama kautamèn (sunat) têgêsipun sanès prêlu sarta wajib.

Kajawi punika, bab patraping panglayon, inggih punika pangupakaraning layon, dumugi jaman samangke inggih taksih campuran, bakunipun panglayon wau, dipun sucèni kapêtak tumuntên ingkang lêbêt. Makatên wêwarahing agami Eslam, lajêng dipun ajèkakên dening para warisipun ingkang taksih gêsang, laminipun samarêming manah, inggih punika sakaraosing (eklas), lila dhatêng waris ingkang ajal wau, utawi manut sakiyating nyunggata akrab ingkang sami ngaji sabên sontên. Dene kurban sêsaji ingkang winastan kekah punika tata kanabean, lêrêsipun linaksanan nalika bayi lair.

Nalika jaman kabudan Jawi, panglayon punika inggih warni nênêm, kados tataning agami warni nênêm wau, inggih ing jamanipun Prabu Kano, mawi ginuyang: lăndha mêrang kêtan cêmêng, ron dalima, utawi ron widara. Patraping sawa, wontên ingkang kaluwêng, katarang, katarab, kalarung, kabêsmi, kapêtak. Wilujênganipun amung ambal kaping tiga, winastan panguntur, panatas saha panitis. Sarêng dumugi jaman agami Eslam Kajawèn, katata: surtanah, nigang dintên, mitung dintên, kawandasa, sarta satus dintên, pêndhak sapindhah, kaping kalih, sèwu dintên, mawi kekah. Makatên punika dhapukan Jawi kairibakên tataning tiyang tapabrata, anggèning mèngêti saya awis, pamurihipun botên sanès amung sagêda rila dhatêng ingkang pêjah. Awit inggih raos lila wau ing sadhengah agami ingkang ngagêm minăngka pangiringipun layon ingkang prayogi.

Bab cara ingkang campuran wau têlênging manahipun tiyang Jawi anggènipun nêdya anggayuh gêsang utami, ananging manawi botên patitis saha angèngêti takêran kêkiyatanipun, asring kawalik dados jalaraning kanisthan.

Ing samangke tiyang Jawi sampun karaos badhe niyat angringkês cara, anata padatan, kados punapa tatacara sapunika ingkang katingal ing sabên dintên turut margi, tiyang Jawi sami mangangge tanpa tata, ngantos angicalakên jêjêring pangangge Jawi. Sawênèh sarungan gêmbaya, mawi kêbayak Cina (pulkah) udhêng pathon

--- 59 ---

(Mêduran) kangge kesahan. Sawênèh jingkêngan mawi jas-jasan, sarungan Pakalongan utawi palekat. Sawênèh cara Walandi mawi cripu ngangge kêthu. Sawênèh cara Wlandi udhêng-udhêngan (awit taksih ngingah rambut), ugi wontên ingkang sampun gundhul. Sawênèh cara Wlandi wêtah gundhulan.

Wah, makatên punika pancèn ambingungakên sawangan, ingkang nyandhang kados inggih bingung piyambak.

Upami sagêda naracak cêtha, cara Jawi dêlês, punapa cara Wlandi wêtah, punika sae. Wontên paribasan Jawi: salin busana salin wiraga. Soka tiyang salin wiraga, punika inggih salin cipta, cipta ingkang botên ajêg puni[5] têbih dhatêng katêntrêman. Suwawi kagaliha.

Bab tata srawungan ing pasamuwan

Tiyang Jawi ugi badhe risak, jalêr èstri sami padudon, pun jalêr anyêgah supados ingkang èstri sampun ngantos kasukan (kêrtos), pun èstri purun, ugêripun tiyang jalêr anyuwak tayuban. Rêmbag padudon wau pancèn prayogi kalaras, upami sampun sagêd kacara kêmpalaning pasamuan wau, jalêr èstri anunggil dados sapapan, kados inggih sampun sagêd satimbang, punapa kasukan sadaya, punapa jogedan sadaya (bêdhudhakan cara kina).

Amung samangke pawèstri Jawi purun tumut dhangsahan ing băngsa Walandi, punika inggih sae mênggah babarpindhah imah-imah Walandi. Awit mênggah sajatosipun dhangsahan punika sanès kasaenan, punika panêraking kasusilan dhatêng sakathahing agama. Tiyang Yahudi ingkang amundhi agami Ibrahim saha Musa punapadene Isa, tiyangipun èstri botên kenging mêdal ing radinan tanpa kêkudhung, saha gêgêpokan salanggatan kalihan tiyang jalêr sanès akrapipun, yèn wontên pawèstri cukuran tanpa kêkudhung, punika pratăndha tiyang awon (palanyahan). Makatên ugi tiyang Arab, ingkang amundhi agami Eslam, sangêt anyiwêr dhatêng èstri, kados pangrimating rajapèni. Dene pawèstri ingkang kaumbar punika tiyang tumbasan.

Ing Buda Kajawèn kathah lupiyan, kasêbut ing Sêrat Rama. Bêktinipun Dèwi Sita dhatêng Sri Rama, sampun prasêtya, botên badhe purun kagêpok ing jalêr sanès kajawi pangidhêpanipun Sri Rama (makatên pangandikanipun dhatêng Anoman).

Ing Sêrat Pustaka Rajamadya. Dèwi Artati, ugi prasêtya dhatêng laki Radèn Jakapramana (jêjuluk Prabu Dewasraya). Botên badhe purun kagêpok sadaya gêsang ingkang pipat[6] jalêr, kajawi lakinipun. Dyan Jakapramana ugi animbangi, botên badhe ngewahakên ciptanipun dhatêng sadhengah kang sipat pawèstri.

Dados sampun cêtha manawi bab sarawunganing jalêr lawan pawèstri wau tanpa wangênan, sampun [sampu ...]

--- 60 ---

[... n] kenging winastan kamajêngan ingkang nêrak kasusilan. Gêrbanipun dados badhe nama awon.

Ewadene panyuwaking kasusilan ingkang makatên wau prêlu angumbar dhatêng pawèstri, inggih sumăngga, ananging mawia watêsan saprayoginipun. Tiyang butajêngan punika tumrapa jalêr punapa pawèstri inggih awon, ananging tanpa wiweka ing patrap, punika punapa inggih botên badhe nama awon. Tamat.

S.H.K.

Sapa Salah: Sèlèh

Kacariyos ing nagari Basorah wontên sudagar neneman sugih. Semahipun sakalangkung endah warninipun, tanpa timbang ing salêbêting nagari ngriku. Pawèstri wau tiyang sêpuhipun inggih sudagar sugih. Sudagar neneman wau sakalangkung sih trêsnanipun dhatêng semahipun. Dèrèng ngantos lami anggènipun sami pêpasihan, dilalah, saking kodrat iradatipun Pangeran ingkang murbèng tuwuh, pawèstri wau tilar donya. Ingkang jalêr sangêt anggènipun karungrungan. Layoning semahipun tansah dipun pangku, dipun liling-liling, botên suka dipun kubur. Makatên wau ngantos sawatawis dintên laminipun. Pun layon dilalahipun inggih botên risak. Sanak sadhèrèkipun sami mituturi murih sagêdipun lilih. Pamanipun wicantên makatên: Kêpriye, ta, tèn, karêpmu iku. Layone bojomu kok ora awèh dikubur. Kuwi rak kasêlak rusak. Karo manèh rak iya ora pantês, ta, kowe tansah sêsandhingan karo jisim wae. Wong urip iku momorane rak ya wong urip. Sarta nganggo carane wong urip. Kowe kok ora mangan, ora ngombe, ora turu. Mêngkono kuwi rak dudu carane wong urip. Wong bojomu wis mati, dipundhut marang sing kagungan, kowe kudu mupus. Layone dibêciki, ditunggalake karo sing wis padha tinggal donya.

Sudagar wau mangsuli sarwi nangis: O, paman, kula botên sagêd pisah kalihan semah kula. Satilaripun semah kula punika, pangraos kula jagad punika sêpên amamring. Paningal kula pêtêng, botên wontên trontong-trontongipun. Punapa ta ingkang kula êntosi wontên ing donya. Waunipun, nalika semah kula taksih gêsang, manawi semah kula anglêrêsi kêkesahan, kenging kula êntosi dhatêngipun. Sadhatêngipun ing griya kenging kula criyosi kawontênan utawi lêlampahan ing sadangunipun kula katilar punika. Manah kula lajêng karaos lêga. Manawi kula badhe nindakakên padamêlan ingkang ragi pakèwêd, kula sagêd rêrêmbagan kalihan semah kula. Manawi kula sayah-sayah mantuk saking padamêlan, dipun papagakên [papa ...]

--- 61 ---

[... gakên] semah kula, ulatipun sumèh, manah kula kraos asrêp, sayah kula prasasat larut sadaya. Kula lajêng sagêd rêrêmbagan kalihan semah kula. Sadaya pakèwêd, dipun rêmbag tiyang kêkalih. Ing sapunika: kiwa têngên, ngajêng wingking, punika wontênipun namung angin kemawon. Katingalipun kados sagantên tanpa têpi. Ginêm kula botên wontên ingkang nampèni. Raosipun sêpên sangêt, ngungkuli wontên ing satêngahing sagan[7] wêdhi ingkang ngênthak-ênthak. Botên wontên pantoging pangajêng-ajêng kula. Ingkang punika panêdha kula dhatêng sanak sadhèrèk, kula dipun pêtaka gêsang-gêsangan kemawon nunggil kalihan layoning semah kula, dados saluwang.

Pamanipun amangsuli: Mangkono iku rak dudu padon arane. Kok lumraha, wong uwong urip kok dikon mêndhêm, kathik amor dadi saluwang karo mayid. Kêjaba ora lumrah, iya ora diparêngake marang pranataning agama. Wong mati kudu ditindakake miturut pranatan tumrap wong mati. Wong urip kudu nganggo caraning wong urip. Cêkake panjalukmu mangkono iku ora bakal tumindak.

Sudagar wau mangsuli malih: Manawi sanak sadhèrèk botên sagêd minangkani panêdha kula punika, kula gadhah panêdha sanès ingkang kintên-kintên sagêd tumindak, makatên: layoning semah kula dipun sèlèha wontên ing baita, badhe kula tênggani piyambak. Baita kajêngipun kentir ing sapurug-purug, dados kula taksih kêmpal kemawon kalihan semah kula. Kajêngipun kula pêjah wontên satêngahing sagantên, kêmpal kalihan layoning semah kula.

Panêdha makatên wau lajêng dipun rêmbag dhatêng para ahli. Pêpuntoning rêmbag, panêdhanipun sudagar wau dipun turuti. Layoning semahipun sudagar neneman wau kausung dhatêng baita. Dene ingkang jalêr ngêtutakên sarta nênggani layonipun ingkang èstri wontên salêbêting baita. Baita lajêng kentir katut lampahing angin tuwin arus. Dangu-dangu dumugi ing satêngahing sagantên. Sudagar nem-neman wau botên maèlu dhatêng gumulunging alun sarta kocak-kocaking sagantên. Botên nêdha, botên ngombe, botên tilêm. Manahipun sakalangkung prihatos. Ingkang dipun pêpuja namung semahipun kemawon. Sihipun dhatêng ingkang èstri prasasat tanpa wangênan.

Sudagar neneman wau tansah ngêsah sarta nangisi ingkang èstri, sambatipun makatên: Nimas, genea ta, kowe kok mênêng bae. Sapanên, ta, aku. Yèn pancèn kowe sida marak ing ngarsane kang Maha Kawasa, aku êntènana ana ing bukur pangarib-arib. Ora kêlar aku pisah suwe-suwe karo kowe. Dêlêngên ta kaananku saiki ênggonku nglabuhi awakmu. Bapa biyung, sanak sadulur tak tinggal, băndha donya [do ...]

--- 62 ---

[... nya] tak culake, kagawa saka trêsnaku mênyang kowe. Dilallah karsaning Allah, sudagar wau lajêng mirêng swara saking tawang, namung botên katingal ingkang gadhah swara. Makatên ungêling swara:

He, anak Adam, manira kautus marang Hyang kang Maha Wasesa. Hyang Maha Wasesa wus anguningani marang gunging sih katrêsnanira marang bojonira kang marak ing pangayunane Hyang Maha Wasesa. Saking bangêting prihatinira, Hyang Maha Wasesa andhawuhake timbalan kanugrahan marang sira, diparêngake sira duwe panuwun, bakal kalêksanan. Yèn pancèn bangêt panuwunira murih baline bojonira mênyang ngalam donya, iya diparêngake, ananging uripe iku kudu nganggo umurira. Mungguh umurira iku saiki isih patang puluh taun. Yèn sing saparo sira wènèhake marang bojonira, dadi umurira isih kari rong puluh taun.

Tiyang neneman wau sangêt anggènipun niling-nilingakên swara wau. Satêlasing swara lajêng ngaturi wangsulan makatên: O, pukulun, sakalangkung panuwun kawula bab rumêntahing sih wilasanipun Hyang Wisesa dhatêng badan kawula. Kawula pundhi-pundhi ing êmbun-êmbunan. Kawula pancèn trêsna sangêt dhatêng semah kawula, pramila umur kawula ingkang sapalih kawula sukakakên dhatêng semah kawula, sok ugi semah kawula sagêd gêsang kados wingi uni.

Satêlasing aturipun tiyang neneman wau pawèstri ingkang sampun dados layon wau lajêng katawis mindhak sêgêr badanipun, kêkêtêgipun katingal andharêdhêt wontên ing dhadha. Cahyanipun mantun pucêt. Dangu-dangu lajêng krugêt-krugêt, mripatipun tumuntên mêlèk. Tiyang neneman wau bingahipun botên kenging winiraos, angungkuli manggih kancana sarêdi agêngipun. Semahipun lajêng dipun pitulungi, dipun tangèkakên. Sanajan badanipun katingal sêgêr, anamung kêkiyatanipun prasasat botên wontên, lajêng dipun upadosakên toya kangge ngraupi sarta ngombèni. Sasampunipun kambêtan toya, katawis manawi mindhak kêkiyatanipun. Ingkang jalêr sangsaya mindhak bingahipun. Badhe pitakèn dhatêng ingkang èstri bab kawontênanipun ing salêbêtipun pêjah utawi salêbêtipun botên èngêt punika, dipun sarèhakên, ngêntosi manawi ingkang èstri sampun pulih sayêktos kêkiyatanipun.

Wondene baitanipun taksih lastantun kentir, katut lampahing angin, dangu-dangu katanggrok ing pulo suwung. Wontên ing ngriku tiyang kêkalih wau sami minggah ing dharatan, malêbêt ing salêbêting wana, badhe ngupados wowohan ingkang kenging katêdha. Ing salêbêting sami malampah.

Tiyang neneman wau nyariyosakên lêlampahanipun piyambak, sarta nyariyosakên raosing manahipun ing salêbêtipun semahipun pêjah wau. Sarampunging cariyos, [cari ...]

--- 63 ---

[... yos,] karaos arip, lajêng nêmbung badhe tilêm, amargi sampun pintên-pintên dintên botên tilêm. Ingkang èstri inggih mrayogèkakên. Tiyang neneman wau lajêng mapan tilêm, sirahipun dipun tumpangakên ing pangkoning semahipun. Angkahipun, manawi sampun tangi, badhe nêdha dipun cariyosi bab raos pangraosing semahipun ing sadangunipun pêjah punika. Botên dangu tiyang neneman wau lajêng tilêm kapatos.

Gantos kacariyos. Ing salêbêting sudagar neneman wau tilêm, wontên baita kapal kèndêl ing pasisiring pulo ingkang dipun ênggèni sudagar dalah ingkang èstri wau, prêlunipun badhe mêndhêt toya. Nangkodaning kapal tumut mandhap, badhe ningal-ningali kawontênaning pulo wau. Panganggenipun sarwa gumêbyar, pawakanipun dhegus kados satriya ing buwana Kêling, ratuning băngsa Sindu, inggih Sang Sinduraja. Dèrèng ngantos têbih anggènipun lumampah ing pulo wau, wasana dumugi ing panggenanipun pawèstri ingkang mangku sirahing semahipun ingkang tilêm wau. Sang nangkoda sumlêngêrên sumêrêp endahing pawèstri wau. Pangraosipun kados aningali widadari kamanungsan. Têmah kasmaran, lajêng thukul manahipun ingkang botên sae. Pawèstri dipun cêlaki, sarta dipun pitakèni: Kaparênga kula anilakrami, sintên sampeyan punika, dene wontên ing salêbêting pulo suwung ijèn makatên. Punapa janma manungsa, punapa jin, punapa prayangan, punapa pêri. Kalihan malih sintên ingkang tilêm, sirahipun dipun tumpangakên ing pangkon sampeyan punika.

Pawèstri wau amangsuli: Kula punika inggih manungsa, semahipun tiyang ingkang tilêm punika. Sampun dangu anggènipun botên tilêm, pramila sapunika anggènipun tilêm sangêt kapatos. Semah kula punika sangêt sihipun dhatêng kula. Makatên ugi kula inggih sangêt sih kula dhatêng semah kula. Wondene jalaranipun kula samangke sami wontên ing ngriki, amargi ingkang wau sami numpak baita, baitanipun kandhas ing pulo ngriki.

Nangkoda wicantên malih: Sang sulastri, manawi nitik lêkêring wadana, sarta sèdhêting sarira, kintên kula sampeyan punika trahing awirya. Kula botên mangrêtos, dene sampeyan dados semahipun tiyang punika. Sapisan: tiyang punika warninipun awon, kaping kalih: tingalipun malarat. Kaping tiga: nitik dêdêg pangadêgipun, sarta cangkokaning paraupanipun, punika namung bèbèting tiyang alit kemawon. Dados, sorwa-sarwi botên timbang, sampeyan angsal semah ingkang makatên. Pancènipun, manawi andadosakên sarjunipun sang sulastri, kula kadugi nalangi samukawis ingkang murugakên dhanganing panggalihipun sang sulastri. Manawi sampeyan kapengin ngagêm mas intên, rajabrana, kados-kados botên badhe kacuwan. Badhe lêlangên nitih baita, utawi sarawungan [sarawung ...]

--- 64 ---

[... an] kalihan para luhur utawi para hartawan, inggih botên badhe dhumawah ing ngandhap.

Kajawi punika taksih kathah malih pangrimukipun nangkoda wau dhatêng pawèstri semahing sudagar wau. Taksih wontên sambêtipun.

Sêrat Cap-capan Enggal

Kula sampun tampi sêrat cap-capan enggal, karanganipun Tuwan Phan Dhèik ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Kêmbang Sêtaman I, II, III aksara Latin.

Kêmbang Sêtaman IV, V aksara Jawi.

Isinipun sami kalihan cap-capan ingkang sampun-sampun, namung dipun lêrêsakên aksaranipun, pundi ingkang klèntu pangêcapipun. Ewasamantên mêksa taksih wontên ingkang klèntu. Gambar-gambaripun wontên ingkang dipun santuni, wontên ingkang wêwahan.

2. Ngrewangi Apa Ngrusuhi I, II, III aksara Jawi. Punika inggih botên ewah, namung kalêrêsakên kalintunipun pangêcap. Namung mêksa taksih wontên kalintunipun sawatawis. Eman-eman.

3. Boekoe peladjaran bahasa Melajoe jilid II, karanganipun Mas Marjana, isi 60 kaca. Punika lajêngipun sêrat jilid I. cara Mlayunipun ragi mindhak rêsik.

4. Wêwarah Mursida Jati, jilid I, wêdalan toko buku S.M. Diwarno ing Kitha Agêng Ngayogyakarta. Bukunipun alit, pranêmbêlasan, dados sapalihing buku-buku ingkang limrah kangge wontên ing pamulangan, isinipun 15 kaca. Ngrêmbag bab iktekad, miturut wêwulang warni-warni utawi mijil saking lêpasing angên-angên.

Rêdhaksi matur nuwun.

Sa.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3.

Ipene Sang Prabu

Wasantasena kogawa mênyang patamanan kawak kang dadi duwèkku, ana ing kono kopatèni nganggo jirêt, marga kowe melik dhuwite, măngka dhuwite mung sêthithik. Saiki kowe kăndha: sampun mantuk.

Carudatta

Gunêm sampeyan ngayawara.

- Awak sampeyan niku botên katêlêsan ing banyuning mêndhung.@- Praupan sampeyan plêk kaya panjawating manuk bêluk.

- Ênggih kaya godhèng[8] trate ing măngsa bêdhidhing.@- Nglisi botên bisa burêk.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 65 ---

 


patangaring (dan di tempat lain). (kembali)
santri. (kembali)
§ lulung ?. (kembali)
wau. (kembali)
punika. (kembali)
sipat. (kembali)
sagantên. (kembali)
godhong. (kembali)