Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-05, #391

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-05, #391. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-05, #391. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 5, Mèi 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kabudayan tuwin Kagunan Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4.

Miturut karsanipun ingkang nganggit wayang, punika minăngka prasêmonipun lare, wiwit umur nêm taun sampun tumangkar păncadriyanipun. Saya agêng păncadriya saya tumangkar, tumuju dhatêng kadonyan, raosipun salaras kalihan pathêt nêm. Ubaling păncadriya wau satêmah dados kamurkan. Nanging sarèhning sawêg nêdhêng-nêdhêngipun, taksih wanci tumambirang, pikajênganipun taksih sarwa rosa satimbang kalihan badanipun, mila dèrèng sagêd mêjahi ubaling păncadriya (prang gagal dèrèng wontên ingkang pêjah). Ringgitan manawi sampun dumugi prang gagal, sampun dumugi wanci jam sawêlas utawi satêngah kalih wêlas, nuntên jêjêr pandhita tuwin bambang, têgêsipun manawi mênggahing tiyang sampun umur kawan dasanan. Larasipun wiwit ewah. Samangke wiwit tumuju dhatêng dhasar kapandhitan, wiwit sagêd nyandhêt ubaling hawa napsu, mila dipun pralambangi bambang prang kalihan danawa, rasêksa sirna dening bambang. Wiwit bakda prang gagal, gêndhing gantos pathêt sanga, dumugi lingsir dalu. Nuntên gantos raras pathêt manyura. Manyura wêrdinipun mêrak. Manawi manungsa sampun wanci lingsir, samukawisipun sarwa suda, sampun nyêlaki (mêraki) kukud. Ing ngriku wangsul jêjêr sabrangan malih, rêmbag lajêngipun ingkang sampun kocap nalika sontên, nuntên prang sampak, Arya Wrêkodara wuru prang mêngsah danawa, wêkasan danawa sirna larut, lajêng tayungan mantuk, tancêb kayon bibar. Têgêsipun manawi manungsa

--- 66 ---

dumugi ing sakaratil maot, ing ngriku dumugining panggodha, rêridhu warni-warni, wontên awarni bapa biyung, wontên ingkang memba sadhèrèk, wontên ingkang awarni brêkasakan, sami anggora-godha amrih sasaring lampah. Karsanipun ingkang nganggit, asung pêpèngêt, supados kados Ariya Wrêkodara, anggèning ambengkas sagunging pangrêncana ing alam ngriku. Kayon (gunungan) atêgês kayun (urip), minăngka dados baboning dumadi. Manawi alêlandhêsan raos, gunungan punika sadalu namung mêdal kaping tiga: sontên, sadèrènging jêjêr, têngah dalu, lajêng bibar tancêp kayon. Punika minăngka prasêmoning manungsa wontên ing donya: lair, gêsang, nuntên pêjah.

Mênggah panampi kula, kajawi kagunan wayang punika isi suraos kados ingkang kajarwa ing nginggil, ugi satunggal-tunggaling lampahan (lakon) mêngku pralampita sarta têtuladan warni-warni. Emanipun sasumêrêp kula, dèrèng wontên pakêmpalanipun para ahli raos sarta ahli budi, ingkang kaparêng ngadani andhapuk lampahan enggal, ingkang piridanipun laras kalihan jaman ingkang kita idaki. Kula sêring ningali ringgitan, lampahanipun enggal, limrahipun tinêmbungakên lampahan carangan. Nanging ingkang kathah: dhapukanipun dhalang limrah, têgêsipun botên ahli raos tuwin kawruh, mila ingkang kathah lampahan carangan punika amung sarame. Nanging manawi dipun sèlèhakên dhatêng babagan kasuksman, sarta babagan kadonyan, anggaronjal. Kula andhèrèk sangêt sarta suka sukur ing Gusti, dene sapunika para sarjana sampun kaparêng angadani, ngajêngakên kawruh padhalangan.

3. Bab dhuwung

Bab kawruh dhuwung dalasan prabotipun, kajawi kawruh kula botên paja-paja dumugi, èngêt kula sampun sêring dipun rêmbag dening para sarjana, ingkang lêbda ing dalêm babagan punika. Mila kula amung badhe anglairakên raosing manah kula ing bab dhuwung, sambêtipun kalihan băngsa kita Jawi.

Saking rumaos kula ing wêkdal samangke, dhuwung punika sampun suda pigunanipun. Kala jaman kina kajawi kathah ingkang ampuh, ugi dados praboting pêrang ingkang baku. Suda têgêsipun dèrèng ical sadaya pigunanipun. Sarta ingkang ampuh ugi taksih wontên, nanging kintên-kintên cacahipun botên kathah.

Dhuwung punika kajawi kagunan Jawi ingkang kagolong adiluhung, ugi sêsambêtan kalihan êmpaning tatakrama Jawi, têngêring băngsa Jawi, raos (smaak) Jawi, punapadene panggaotan Jawi. Sadaya wau botên pisah kalihan kagunan, tatakrama tuwin kultur Jawi. Sarèhning dhasaripun tiyang Jawi, utawi kenging katêmbungakên jiwanipun têtiyang Jawi punika religieus, mila babaripun lajêng awujud tatakrama, tatacara, padatan, yêyasan, ingkang angêmu [angê ...]

--- 67 ---

[... mu] raos religieus. Dados turut utawi kenging katêmbungakên dados rabuking kabatosanipun. Mila pundi ingkang botên cêngkah kalihan gêsang padintênan (samenleving) prayogi dipun gêgêsang, dipun saèni, dipun praboti mawi dandosan ingkang condhong. Ingkang sampun kalimrah, tiyang punika ugêr alus bêbudènipun, inggih sugih tatakrama. Dhasaring tiyang Jawi awatak kapandhitan, dados sampun mungguh manawi sugih tatakrama. Dhuwung punika ugi gandhengan kalihan kagunan jogèd. Manawi tiyang ambêksa botên ngangge dhuwung, kajawi botên sakeca wontên ing sawangan, ugi raosipun kirang srêg, sêmakipun kirang, punapa malih tumrap bêksan wirèng, ringgit tiyang sapanunggilanipun, taksih parlu ngangge dhuwung. Kajawi punika dhuwung saprabotipun, kados ta: kandêlan, wrăngka sapanunggilanipun, punika dados panggaotanipun băngsa kita Jawi. Tumrapipun băngsa kita ingkang economie nipun taksih risak, parlu pados wêwahing panggaotan. Gampil manawi economie kita sampun sae, wênang nandhing milih. Gampil ambucal sêpatu lami, manawi sampun angsal sêpatu enggal.

Sarèhning samênlèpêng dhasaripun sampun botên patosa ngajêngi dhatêng dhuwungan, nanging saking pamanggih kula parlu dipun gêgêsang, amargi kagunan Jawi adiluhung sarta gêgandhengan kalihan bab warni-warni, mila panganggenipun kemawon, ngêmungna ing wanci ingkang parlu dipun aosi, utawi ing wanci ingkang kapêksa kêdah ngangge.

Dhuwung damêlaning para êmpu ing jaman kina sami ampuh-ampuh, sarta sawabipun sagêd angayomi kawilujênganipun ingkang gadhah, punika jalaran ingkang damêl, wiwit pangupayaning tosan, dumugi nalika anggarap, kabatosanipun tansah dipun urubakên. Pamanthênging cipta ngantos sagêd anjalari ampuhing dhuwung. Sarèhning ingkang makatên wau kasagêdan sarta gadhahanipun têtiyang Jawi piyambak, sagêd ugi ing têmbe wontên ingkang kaparêng ngurubakên, jêr kêkiyatan wau botên kesah-kesah, taksih dumunung ing manungsa.

4. Bab gêndhing

Kawruh kula tumraping gêndhing, ugi sami kemawon cingkrangipun kalihan tumraping dhuwung. Kalêrêsan sangêt, dene sampun kathah para putus ing gêdhing ingkang sami kaparêng angrêmbag, langkung malih ing wêkdal sapunika, para luhur tansah angudi kamajênganipun. Mila sagadug-gadug kula ing ngriki kula namung badhe angginêm, manawi gêndhing Jawi punika, têtêp babaranipun dhasaring raos Jawi. Tăndha yêktinipun, bobotipun kula punika sanès tiyang ahli gêndhing, pangartosan kula dhatêng gêndhing namung kados tiyang limrah, ingkang botên sinau gêndhing, ewadene manawi kala-kala mirêngakên klênengan, ingkang wiyaganipun jangkêp, [jangkê ...]

--- 68 ---

[... p,] thuthukanipun runtut, tumanduking pamirêng bêblês dumugi raosing manah, kula kêcapi, raosipun cês asrêp, aring, ayêm, têntrêm, wêkasan anuwuhakên panalăngsa, èngêt dhatêng kasaenan, èngêt ing Gusti. Kosokwangsulipun, manawi mirêngakên musik, sanadyan kraos manawi sakeca, nanging tumanduking manah buyar, sênêng, purun, tatag (brani). Sarèhning kula dèrèng pitados, bokmanawi ingkang makatên wau namung kula piyambak, mila sêring kula sêmantakakên dhatêng priyantun sanès, ingkang tunggil bobot sarta ingkang botên, kadospundi nduking[1] raos, manawi pinuju amirêngakên klênengan sarta musik. Ingkang kathah wangsulanipun sami kalihan pangraos kula. Sanadyan para ingkang dèrèng kaparêng ngraosakên, têgêsipun anggèning mirêngakên suwantêning găngsa, taksih adhêdhasar sênêng, sarta katrocoban raos dhatêng sindhèning waranggana, ewasamantên mêksa kadhasaran raos aring. Dados kandêl tipising pangraos ayêm, têntrêm, punika gumantung ing kita piyambak. Manawi cuwil: tipis. Manawi botên: kandêl.

Kacariyos jaman kawalean, Kangjêng Sunan Bonang punika, ugêr bakda salat mahrib, lajêng tata-tata gêndèr, kagêm pancalan ngambah alam luhur. Ingkang makatên wau kula pitados tumrapipun panjênênganipun wali, ancik-ancik suwantêning gêndhing, sagêd mahawan alam luhur. Bobotipun namung tiyang sakula kemawon, gêndhing Jawi kawawa andamêl ayêm, têntrêming manah.

Putus dhatêng gêndhinging liyan băngsa lakar sae, minăngka ragi dipun gêsang asêsarêngan. Nanging gêndhingipun piyambak, parlu dados pandhêmèn, sarta dipun upakara, supados saya diwasa, minăngka rabuking dhasar kita. Taksih wontên sambêtipun.

Cariyos Lajêngipun: Kêkesahan dhatêng Rio.

I. Wiwit sakit

Sadhatêng kula saking Rio, namung lêt sawatawis dintên, kula lajêng nyambut damêl malih. Raosing badan kula mindhak kiyat, anggèn kula kasupenan suda sangêt. Pancèn kraos sangêt tungtuming badan sarta èngêtan kula kangge ngaso satêngah taun, tur wontên ing Rio inggih botên ngaso sangêt-sangêt, mawi anggarap Bausastra Jawi - Malajêng. Nanging sarèhne pandamêlan namung maligi satunggal, dados manah botên kumrungsung. Botên nate ngraosakên kaêrèh ing êjam kados nalika wontên ing tanah Jawi. Wontên ing ngrika, ingkang ngêrèhakên, namung manah kula piyambak. Botên nate kaconthalan ambujêng sêpur. Botên nate kagêlak [ka ...]

--- 69 ---

[... gêlak] dhatêng ungêling klonèng, sapanunggilanipun.

Lêt watawis sataun saking anggèn kula dhatêng saking Rio, kula kacandhak sakit bêntèr. Kula jampèni tablèt kinah mègèk kemawon. Sarêng kapriksa dhatêng Tuwan Dhoktêr Opringkah, jêbul katawis manawi sakit tipus. Sarêng sampun angsal sadasa dintên anggèn kula sakit, raosipun botên kantên-kantênan, raosing badan kados dipun godhog. Dipun ès, botên kraos mindhak sakeca. Ingkang kula marêmi sakêdhik, manawi bathuk kula tèmpèli kuningan, asrêpipun sakeca. Dene ingkang kenging kalêbêt ing wêtêng namung powan kalihan toya.

Pancènipun kula inggih doyan dhatêng powan, ananging sarêng sabên dintên, rintên dalu namung kapurih ngombe powan kemawon, botên dangu kok lajêng bosên. Tur wêtêng botên kraos luwe. Dados, yèn kapurih ngombe powan, botên ajêng.

Kula badhe nyêlani cariyos rumiyin, prakawis ingkang anjagi dhatêng badan kula.

Kula cariyos dhatêng tuwan dhoktêr, bilih kula inggih purun kabêkta dhatêng ing griya sakit Petronelah, nanging tuwan dhoktêr cariyos, bilih botên prêlu, sabab wontên ing griya bab panjagèn sampun mitadosi. Ingkang anjagi:

1. Semah kula,@2. Adhi kula, pun Arjunatin, murid dhoktêr sampun mèh mêdal saking pamulangan.@3. Ipe kula: murid pêrplihstêr.@4. Bakyu kula, ibunipun Dhoktêr Sutama.

Nglajêngakên cariyos ing nginggil.

Sarêng kula sampun botên ajêng dhatêng powan, ingkang sami jagi sakalangkung kuwatos, sabab, ingkang nama rijêki namung powan. Manawi kula kêkah botên purun ngombe powan, sampun saèstu badan botên kuwawi. Botên dangu amasthi lajêng tiwas. Dipun pêksa-pêksa dhatêng ingkang sami jagi, dipun arih-arih, kula mêksa puguh, botên purun ngombe powan. Ingkang kula ajêngi namung toya. Arjunatin kok nakal, kula dipun wadulakên dhatêng tuwan dhoktêr. Sanalika tuwan dhoktêr dhatêng. Kula kapurih ngombe powan, mawi dipun cariyosi makatên: Mantri, anggèn kula mriki punika prêlu ngombèni powan dhatêng sampeyan, yèn sampeyan botên purun ngombe powan malih, sabên-sabên mangsaning ngombe, kula dhatêng mriki, ngombèni sampeyan.

Manah kula rikuh sangêt, kula inggih lajêng ngombe: glêgêg-glêgêg têlas sagêlas. Wiwit nalika punika, kula mantun mogok. Manah kula isin dhatêng tuwan dhoktêr. Ingkang sami nênggani lajêng sami ayêm manahipun.

Nalika sangêt-sangêtipun sakit kula, Tuwan Dhoktêr Opringkah sabên dintên nuwèni kula. Tarkadhang sadintên ngantos kaping kalih. Makatên punika [pu ...]

--- 70 ---

[... nika] ngantos gangsal wêlas dintên utawi kalih dasa dintên, kula sampun radi kasupèn.

Anuju satunggaling dintên, tuwan dhoktêr botên tuwi, margi kathah pandamêlanipun. Wanci dalu kula dipun tuwèni dhatêng Arjunatin, pangraosipun, kêtêg kula alon sangêt, tarkadhang kados ical. Lajêng kapurih anjagi dhatêng bakyu wadana. Arjunatin ethok-ethok badhe dhatêng pakiwan. Blas, dhatêng dhoktêran.

II. Salêbêtipun sakit

Prakawis ing nginggil punika wau sumêrêp kula, nalika kula sampun saras, dipun cariyosi dhatêng ingkang sami jagi. Semah kula sumêrêp manawi adhinipun botên wontên, manahipun botên sakeca sangêt, sampun ngintên manawi sakit kula sangêt. Pamanahipun makatên: Iki, nèk aku ditinggal bapakne thole kapriye polahku. Mênyang êndi paranku. Aku wis ora duwe bapa biyung. Kathik barang-barang pating bêkakrah. Gèk sapa sing tak ngèngèri. Ngèngèr mênyang sadulur, sêdina rong dina bisa bêcik, nèk lawas-lawas rak ya gawe ribêde sêdulur. Aku dhewe iya ribêd. Sêdulur măngsa kayaa bojo. Bojo kuwi sênajan sok padu, nanging yèn ana kana-kana rak ora tau ngrasani. Ngèngèr anak, anakku isih bakal, durung kuwat. Bok aja mati dhisik, bojoku. Tak êtutake têkan Rio, têkan Singgapura, têkan ing Johor, saiki aku kok arêp ditinggal.

Lampahing angên-angên makatên wau namung sakêdhap sangêt. Kula dipun ulig-ulig, dipun brengkal kalihan dipun tangisi. Katawis manawi taksih gêsang, manahipun radi ayêm.

Watawis jam tiga dalu Tuwan Dhoktêr Opringkah dhatêng kairingakên dhatêng Arjunatin. Kula gumun dene dalu-dalu makatên dhatêng nuwèni kula. Kêtêg kula dipun priksa, katawis yèn pancèn botên ajêg lampahipun. Nanging cariyosipun botên dados punapa. Kula dipun pitakèni makatên: Kadospundi. Wangsulan kula: Bêntèr sangêt, tuwan. Sarêng sampun mratikêlakên bab pangupakara, sarta sampun ngarêm-arêmi manah kula, sarta manahipun ingkang sami jagi, tuwan dhoktêr lajêng wangsul.

Sadangunipun kula sakit, bêntèring badan kula ajêg dipun ukur, sadintên sadalu kaping sakawan, punika botên wontên ingkang ngantos dumugi 40 [derajad]. Inggil-inggilipun namung 39.9 [derajad]. Taksih wontên sambêtipun.

Sapa Salah: Sèlèh

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4

Semahing sudagar: wiwitanipun puguh, ketang trêsnanipun dhatêng semah. Ananging sarêng karoban [karo ...]

--- 71 ---

[... ban] ing mêmanis, dangu-dangu kagiwang. Dhasar taksih anèm, măngka lajêng dipun gunggung-gunggung endahing warninipun, dangu-dangu kasupèn dhatêng kasusilan. Sirahing semahipun kasèlèhakên alon-alon, lajêng tumut nangkoda kapal wau minggah dhatêng baita. Baita lajêng mancal.

Sarêng sampun antawis ragi dangu, sudagar neneman wau nglilir. Sumêrêp bilih semahipun botên wontên, nuntên dipun upadosi, wasana lajêng sumêrêp tapaking tiyang lumampah dhatêng pasisir, tumuntên dipun turut dumugi ing pasisir. Wontên ing ngriku sumêrêp baita kapal kêthap-kêthap, sêmunipun mêntas saking ing pulo ngriku. Purugipun mangalèr. Sudagar wau lajêng anggraita, bilih semahipun dipun plajêngakên ing tiyang, katumpakakên ing baita wau. Têlas manahipun, rumaos bilih sampun kasêpênan ing pitulung. Nolèh ngiwa, nolèh nêngên, ngajêng wingking sampun sêpên. Tumuntên tumênga ing tawang, nênuwun ing Pangeran, mugi kaparingana pitulung. Botên dangu lajêng katingal wontên baita kêthap-kêthap saking kidul amurugi pulo panggenanipun. Tiyang wau lajêng sukur ing Allah, sarta andêdonga, mugi-mugi baita kapal wau mampir ing panggenanipun ngriku, sagêda mitulungi badanipun.

Baita sangsaya dangu katingal sangsaya cêtha, wasana lajêng kèndêl ing pulo ngriku, badhe mêndhêt toya kangge sangu. Nangkodanipun tumut mandhap dhatêng dharatan, dipun panggihi dhatêng sudagar wau. Sudagar lajêng nyariyosakên lêlampahan sarta kasangsaranipun. Kyai nangkoda wêlas manahipun, nêdya badhe mitulungi. Wicantên makatên: Anggèr, sapunika kajêng sampeyan kadospundi. Tiyang neneman amangsuli: Manawi andadosakên kaparêng dhangan panggalihipun kiyai, kula nyuwun pitulung, mugi baita ingkang mlajêngakên semah kula punika dipun tututi, sagêda kula ngudi wangsulipun semah kula. Kula piyambak ing waktu samangke botên gadhah sarana, botên gadhah saraya, botên gadhah daya. Pramila sangêt-sangêt panyuwun kula dhatêng kyai, kaparênga paring pitulung dhatêng tiyang ingkang kasangsaya kados badan kula punika. Pamuji kula mugi-mugi Gusti Allah paring wêwalês sih rahmat dhatêng kyai ing dêlahan.

Kyai nangkoda amangsuli: Anggèr, prakawis panêdhanipun anggèr botên kula awratakên. Têtulung dhatêng sasamining tumitah punika rak sampun dados kuwajibanipun manungsa. Suwawi sami minggah dhatêng ing baita. Kula badhe tumuntên ambêdhol jangkar, nututi baita punika.

Kyai nangkoda lajêng minggah dhatêng ing baita kalihan sudagar wau. Sasampunipun rampung anggènipun mêndhêt toya, lajêng enggal-enggal ambêdhol jangkar. Kalêrêsan anginipun sae. Sadaya layar dipun babar. Baita [Bai ...]

--- 72 ---

[... ta] lajêng mancal, lampahipun sumrapat kados kabalangakên.

Sarêng sampun sawatawis dintên, baita ingkang mlajêngakên semahing sudagar wau labuh jangkar wontên ing satunggaling nagari. Wondene baita ingkang nututi, botên dangu inggih dumugi ing ngriku, sarta tumut labuh jangkar wontên ing sacêlaking baita wau. Kyai nangkoda lajêng wicantên dhatêng sudagar ingkang kasangsaya wau: Coba sampeyan tingal-tingali ing baita punika, semah sampeyan wontên ing ngriku punapa botên. Manawi têtela wontên ing ngriku, sagêd lajêng milênggah dhatêng pangagênging palabuhan.

Sudagar wau talatos anggènipun angungak-ungak ing baita ingkang kadakwa mlajêngakên semahipun. Sarêng sampun angsal sawatawis dintên, kalêrêsan sagêd sumêrêp dhatêng semahipun, manglong-manglong wontên ing candhelaning baita. Têtela sumêrêpipun bilih punika semahipun. Pramila lajêng enggal-enggal cariyos dhatêng kyai nangkoda. Kyai nangkoda lajêng wicantên: Manawi pancèn sampun yakin semah sampeyan wontên ing ngriku, suwawi sapunika sami sowan dhatêng pangagênging palabuhan.

Tiyang kêkalih wau lajêng sami mandhap ing dharatan. Sadumugining ngajênganipun pangagênging palabuhan, sudagar wau ngaturakên lêlampahanipun, prakawis semahipun kabêkta mlajêng juragan ingkang baitanipun anglêrêsi labuh jangkar wontên ing palabuhan ngriku, sarta mratelakakên bilih semahipun yakin wontên ing salêbêting baita wau. Lajêng nyuwun adil. Pangagênging baita lajêng dhawuh ngaturi priyantun jaksa sarta nimbali juragan wau. Sarêng juragan sampun dumugi ing ngajênganing pangagênging palabuhan, lajêng dipun dangu dhatêng jaksa: Kyai juragan, niki ontên wong nonoman, andakwa sampeyan. Jarene sampeyan mlayokake bojone. Saniki bojone jarene ontên ing sajrone prau sampeyan, niku nyatane kêpripun.

Juragan ing sawatawis ragi anggragap, nanging lajêng mantun sarta mangsuli sarèh: Priyantun, kula punika wiwit alit ngantos sapriki, anggèn kula semah namung sapisan, inggih angsal semah kula punika. Semah kula punika: semah jaka lara.

Priyantun jaksa lajêng andangu dhatêng sudagar: Sak niki sampeyan êmpun krungu dhewe wangsulane kyai juragan, pripun karêp sampeyan.

Sudagar amangsuli: Inggih, kula sampun mirêng aturipun juragan punika. Anamung aturipun punika dora. Pawèstri punika salêrêsipun semah kula, dipun plajêngakên. Murih panjênêngan priksa dhatêng lêrêsing atur kula, prayogi pawèstri punika katimbalan ing ngarsanipun pangadilan ngriki, supados sagêd [sa ...]

--- 73 ---

[... gêd] matur piyambak. Tamtu lajêng têtela bilih punika sajatosipun semah kula.

Jaksa lajêng dhawuh dhatêng kyai juragan, supados benjing-enjing sowan malih ambêkta semahipun, badhe dipun dangu piyambak. Têtiyang ingkang sami gugat-ginugat lajêng sami bibaran, wangsul dhatêng baitanipun piyambak-piyambak.

Juragan wau sadumuginipun ing baita lajêng manggihi pawèstri ingkang dipun inggatakên, wicantên makatên: Yayi, aku iki mau ditimbali marang panggêdhene plabuhan, jalaran tămpa gugate bojomu. Aku digugat amarga mlayokake bojone. Aku matur marang jaksa, yèn saliramu iku bojoku jaka lara, sarta matur yèn ora tau rabi-rabi manèh nganti saprene. Bojomu banjur duwe panyuwun, animbali saliramu mênyang ngarsane pangadilan. Iya dikaparêngake. Didhawuhake marang aku. Sesuk aku didhawuhi sowan manèh anggawa saliramu. Aku iya saguh. Kang iku yayi, yèn saliramu pancèn trêsna têmênan marang aku, sesuk yèn saliramu didangu pangadilan, matura kaya aturku iku mau, murih bisane cocog. Dadi aku karo saliramu bisa lastari jêjodhoan.

Pawèstri wau inggih sagah. Enjingipun sami rêruntungan sowan ing ngarsanipun pangadilan. Sudagar neneman inggih sampun dhatêng ing ngarsaning pangadilan, kaêtêrakên nangkodanipun. Jaksa lajêng andangu dhatêng pawèstri wau: Êmbok êmas, kula tămpa gugate wong nonoman niki. Kăndha yèn sampeyan niku bojone. Dadine saniki pisah, criyose marga diplayokake têng juragan niku. Kula ajêng wêruh sabênêre, pripun, coba sampeyan kăndha sing satêmêne mawon. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Kula nuwun, anggèn kula nêmpuh byat botên anolèh githok, andhèrèk ombyaking para sarjana, angginêm bab kagunan tuwin tatacara Jawi, punika botên sabab saking sampun putus ing bab wau. Punika botên, mawi sangêt, namung kabêkta saking rêmên, ngiras sinau sarta ngandharakên kadadosan ingkang sampun gumêlar, bokmanawi dados ular-ularing panggalihan. Awit saking punika, manawi wontên kêkiranganipun, mugi para maos sampun kirang pamêngku.

Ing Pusaka Jawi ăngka 2 sampun kula wiwiti angginêm bab yêyasan Jawi, sambêtipun kalihan dhasaring wêwatêkanipun tiyang Jawi, ing mangke sagadug-gadug kula, badhe anglajêngakên bab yêyasan [yêyasa ...]

--- 74 ---

[... n] Jawi, ingkang miturut pamanggih kula, sèlèhipun sambêt kalihan dhasaring têtiyang Jawi, ingkang adhêdhasar watak wijsgeering kados ing ngandhap punika:

1. Bab kagunan bathik

Bab munduripun panggaotan bathik, botên prêlu kula ambali ing ngriki, awit sampun radi dados rêmbag, sarta sampun dados panggalihanipun para ingkang sami manggaota bathik, kadospundi rekayadanipun, supados sagêd wangsul kados ingkang sampun-sampun, minggahipun sagêdipun saya majêng.

Dene ingkang dados raosing manah kula, punika bab cengkok, corèk sarta sêsêkaranipun, ingkang sambêt kalihan raos Jawi, utawi jiwanipun têtiyang Jawi. Pikir, asta, suku sapanunggilanipun punika pirantosing jiwa (jiwanipun tiyang Jawi), ingkang minăngka kangge anglairakên rahsa tuwin kagunanipun. Mila manawi miturut kawruh kajiwan, sadaya yêyasanipun tiyang Jawi ingkang tulèn, sanadyan sampun dipun ewahi, dipun bêsut - sarana kagunan mănca ingkang nunggil laras. - Punika nalaripun mêsthi laras utawi srêg, tumrap pănca indriyanipun tiyang Jawi. Jêr punika uwohing raosing jiwa, utawi kenging katêmbungakên ingkang kinajêngakên dening jiwanipun tiyang Jawi. Dados inggih nama rabuking jiwa, utawi sarana ingkang dados pancadaning ontwikkeling ngipun jiwa. Kosokwangsulipun manawi botên angsal rabukan ingkang salaras, botên angsal têdha ingkang jodho, saèstu ajênging kadiwasanipun botên sagêd bablas. Botên beda kalihan kawontênanipun kangkung ingkang dipun tanêm wontên ing êntasan. Kajawi kêra, raosipun utagi[2] botên eca. Langkung malih manawi dipun tanêm wontên ing tanah Eropa. Upami dhasaring kangkung kados dhasaring klapa, sampun mêsthi botên sagêd gêsang.

Rêmbag bab kamajênganing jiwa wontên ing ngriki, kajêng kula lèrègipun botên tumuju dhatêng bab kasukcianing jiwa. Dêstun namung dumugi ing kawontênaning jiwa ingkang tumuju dhatêng ing evolutie, ingkang lampahipun tanpa sangsaya. Têgêsipun anggèning jiwa tumindak tumuju dhatêng ing kamajêngan, wontên ing margi tanpa manggih pakèwêd, wêkasan lampahipun rikat. Manawi miturut pamanggih teosopi, têmbung jiwa tumindak tumuju dhatêng ing êndoning kasukcian, punika ugi dèrèng nama lêrês. Têmbung makatên punika tumrapipun namung kangge anggampilakên piwulang, awit sajatosipun kawontênaning jiwa punika ajêg, botên majêng, botên mundur, botên ênèm botên sêpuh, mila têmbungipun ingkang prayogi, punika sanès malampah tumuju dhatêng ing kasukcian, punika buntêlipun ingkang ambuntêli jiwa: saya tipis.

Pikir, raosing manah tuwin pêpenginan, punapadene badan wadhag, punika praboting jiwa, utawi ingkang limrahipun tinêmbungakên [tinê ...]

--- 75 ---

[... mbungakên] tumpakaning jiwa, kalanipun angambah ing alam dunya tuwin alam ingkang langkung luhur. Ing măngka drajating pikir, raosing manah tuwin pêpenginan, sarta badan wadhag, punika kêdah salaras kalihan drajading jiwa. Manawi jiwanipun saya majêng, tumpakan utawi prabotipun ingkang awarni pikir, raosing manah tuwin pêpenginan, punapadene badanipun jasmani inggih majêng (sae), awit kawontênan utawi bobotipun kêdah tunggil laras. Manawi botên nunggila tataran, botên sagêd kêmpal. Dados sapintên ajênging jiwa, inggih samantên ajênging têtumpakanipun, ing măngka manawi tiyang pikiripun sae utawi diwasa, pêpenginan sae, wataking badanipun jasmani sae, liripun botên kêsèd, malah srêgêp, pamanggènipun botên namung wontên eca tuwin sakeca kemawon, malah sarwa saukur, punika botên atêgês mundur, malah kosokwangsulipun, bêbasan sadaya trajang sarta tindak-tandukipun urut margi lêrês sarta mapan. Mila atur kula kasbut ing ngajêng, rêmbag bab ajênging jiwa, sanès rêmbag bab kawruh kasukcianing jiwa, punika namung bab lampahing jiwa, ingkang nêdhêng tumuju dhatêng ing kasukcian. Ewasamantên manawi namung trimah ngangkah rikating tindakipun dhatêng ing kasukcian kemawon, wêkasan lajêng dados sukci, punika malah ingkang kalêrêsan, jêr ingkang makatên wau ingkang dados pungkasaning panggayuh. Saiba prayogi tuwin sakecanipun, manawi tiyang gêsang pikiripun tumuju dhatêng ingkang sarwa lêrês, pêpenginan sarta raosing manahipun dhatêng ingkang sarwa sae, punapadene badanipun jasmani botên ngêsèd, botên karêm nêdha tuwin tilêm. Sigêg.

Mangsuli bab corèk, sêsêkaran sarta ukêling bathikan asali. Kajawi wêwarnèn ingkang kados makatên wau, tumanduking sêsawangan tuwin raos Jawi sakeca, ugi kasrêgêpan ambathik punika anama pakarti ingkang anênuntun dhatêng watak sarèh, sabar, sarta tlatos. Sarèhning gumêlaripun sapunika, cengkok, corèk sarta sêsêkaran, dipun wowori gagrag, ingkang saking rumaos kula sulaya kalihan raosing kagunan bathik, mila tundonipun lajêng botên anyakecakakên sawangan, kajêngipun ingkang nganggit sêsêkaran tuwin wêwangunan gagrag enggal wau, ngangkah supados bab katabêrèn bathikan saya majêng. Nanging kabêkta saking dèrèng mirantos kawruhipun, satêmah botên anyakecakakên sawangan, dening dipun sêlani sêsêkaran sarta gambar ingkang botên rujuk kalihan kagunan bathik, kados pamanggihipun sarjana J. Kats ingkang kocap ing Pusaka Jawi ăngka 6 taun I, kados ta: sêsêkaran gagrag Eropa, pêndhêtan saking buku pola sulaman, gambar kewan, têtuwuhan, lokomotip, sarta sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi ...]

--- 76 ---

[... pun] ingkang pancèn botên laras kalihan raosing bathikan.

Bab kagunan gambar punika kalêbêt kawruh adiluhung. Bobotipun mawi pirantos potlot sarta dalancang, manawi dèrèng dipun sinau wêwatoning nyorèk sarta ukuran, trimah badhe anggambar wujuding meja kemawon, mêksa botên maujud ingkang nyakecakakên sawangan. Punapa malih amujudakên lokomotip, wah pirantosipun namung canthing.

Kosokwangsulipun salêbêting kiwa têngênipun kalih dasanan taun, kagunan bathik katingal wontên majêngipun, inggih punika ingkang kathah bangsaning taplak meja, pasrèn tembok ingkang rinêngga ing gambar ringgit (wayang) ingkang apik garapanipun, awit ingkang anggarap lakar sampun lêbda ing dalêm babagan punika, mila wujudipun beda kalihan sêsêkaran sarta wêwangunan ingkang dumunung ing sinjang, kados ingkang kula aturakên ing ngajêng. Malah sapunika, sanadyan dèrèng wradin ing saindênging pulo Jawi, wontên panindaking praktik ingkang pantês sinudarsana, inggih punika tiyang botên prêlu amola, sadèrèngipun montên ingkang badhe kabathik, sampun dipun corèk mawi potlot.

Ambokmanawi kagunan bathik, saya rikat ajêngipun, manawi dipun lanting dening pakêmpalan-pakêmpalan Jawi, ingkang ngudi dhatêng ajênging putra Endhonesia, punapadene pakêmpalan ingkang ngudi dhatêng babagan kasuksman, sarana angwontênakên buku pola-pola, utawi kawruh ingkang mêmpan tumraping kagunan bathik.

Sampun sawatawis dangu, ing jagad teosopi, dipun prayogèkakên botên ngêmungakên marsudi prakawis kabatosan kemawon, ugi supados anggarap babagan kalairan, nanging kêdah adhêdhasar raos pasadherekan, punika cocog kalihan kadis pangandikanipun Kangjêng Nabi Mukamad: Ora bêcik wong kang ninggal kadonyan, kang marga anglakoni akerat. Lan uga ora bêcik wong kang ninggal akerat, kang marga golèk donya. Karo-karone kudu dipakolèh barêng, krana donya iku bisa nêkakake ing akerat. Lan sira kabèh aja nganti dadi tanggunganing manungsa liyan. Awit saking punika mirit sêrat wulanan Organ Tiyosopi, ing kalangan tiyosopi, para warganipun sami angadani pakaryan kalairan, miturut kasagêdanipun para lid ing satunggal-tunggaling losê. Wontên ingkang ngadani bab kawruh pangrèh praja, wontên ingkang sêsambêtan kalihan volksraad, wontên ingkang ngadani bab tatanan buwèn, wontên ingkang ngadani panyêgah candu, wontên ingkang ngadani supados têtiyang dhusun gêsangipun anolèha badan, sampun royal-royal, gadhah

--- 77 ---

damêl agêng-agêngan, mawi tanggapan ingkang têmênipun sanès ukuripun, jèmèh sapiturutipun.

2. Bab mahat lisah wangi

Kala alitan kula mèh sadaya para băngsa têngahan punapa malih para priyantun agêng, sami mahat lisah wangi piyambak, ingkang kadamêl sawarnining sêkar, kados ta: lisah kênanga, lisah mlathi, lisah găndapura, lisah kêmuning, lisah mawar, lisah arumdalu, lisah candhana, lisah jêbad sapanunggilanipun. Garapan sarta pirantosipun pasaja sangêt, liripun botên prêlu mawi pirantos ingkang neka-neka, minggahipun bangsaning mêsin. Para maos kados sampun sami pirsa mênggah wujuding pirantos kangge mahat. Kajawi lisah bangsaning lisah jêbadan, lisah-lisah kasêbut ing nginggil, gandanipun jojog nyongklang kemawon kalihan lisah wêdalan tanah Eropa. Ananging tumrapipun lisah bêjadan,[3] sasumêrêp kula dèrèng wontên lisah wêdalan tanah Eropa ingkang sagêd nyamèni gănda tuwin awètipun, wah panganggenipun irit sangêt, sanadyan namung sadulit, lajêng dipun usap-usapakên ing agêm-agêman, utawi kacu, ewadene dipun sabun kaping gangsal dèrèng ical gandanipun. Aruming lisah damêlan Jawi ingkang bangsaning lisah jêbadan wau, rumaos kula, botên amung kèndêl wontên ing jawi, sagêd narambas dumugi ing pangraos. Kagunan wau sapunika sampun mèh ical babarpisan, amargi saking kadhêsêk dening dayaning lisah wêdalan tanah Eropa, sarta wêdalan sanès-sanès nagari, ingkang gampil angsalipun sarana arta sakêdhik utawi kathah, botên andadak kangelan mahat. Nanging saiba emanipun manawi kasagêdan wau badhe ngantos kalajêng sirna. Upami sagêd gêsang malih, botên ngêmungakên murakabi dhatêng băngsa kita tumraping kabatosan kemawon, dening gănda arum ingkang mêdal saking thêthukulan ing tanah Jawi, ugi badhe amêwahi êtukipun panggaotan Jawi, ingkang ing wêkdal sapunika nêdhêng dados panggalihanipun para ingkang nêdya ngajêngakên gêsanging Indhonesiêrs. Emanipun sagêdipun kalampahan ambokmanawi angèl. Tumrapipun para trêsna ing kagunan Jawi, ingkang ugi atêgês trêsna ing băngsa utawi siti wutah rahipun, bokmanawi ragi gampil kalampahanipun. Sagêd ugi lajêng kaparêng sami mahat lisah wangi kados jaman ingkang sampun kapêngkêr botên beda kados grêngsênging agêm-agêman lurik ing wêkdal sapunika. Nanging sagêdipun dados panggaotan, punika ingkang radi wêgah ngraosakên. Awit saupami wontên ingkang ngadani mahat lisah wangi, sêdya badhe kasade, kangge panggaotan, ingkang tumbas punapa wontên, amargi lisah wangi ing toko-toko kathah wah mirah. Sarêng dumugi ngriki anggèn kula ngraosakên, lajêng anglês raosing manah. Ewasamantên sarèhning gêsanging [gê ...]

--- 78 ---

[... sanging] samukawis winêngku dening anggêr-anggêring kodrat, sintên ingkang wuninga, wêdaling lisah wangi damêlan Jawi anyarêngi măngsakala băngsa kita wêwah kandêl trêsnanipun dhatêng kulturipun piyambak, kados radi kandêlipun dhatêng lurik ing wêkdal sapunika. Ing ngriku wancinipun lisah wangi pahatan Jawi, sanadyan grêmêt-grêmêt, sagêd tumindak.

Botên beda kados kawontênaning lurik, sanadyan wontênipun sampun wiwit kina-kumina, sarta golonganing pangangge Jawi asali, nanging manawi kita botên angajêngi, sabab kapencut dhatêng wêwarnèn enggal, sampun mêsthi dangu-dangu badhe sirna, awit ingkang andamêl (nênun) botên purun. Wêkasan kita piyambak ingkang badhe kapitunan, dening kecalan kagunan kita ingkang asali. Awit saking punika, margi ingkang sae piyambak kangge anggêgêsang kagunan Jawi, punika kita têtiyang ing tanah Jawi utawi kita Indhonesiêrs, wajib rêmên, trêsna, medahakên dhatêng damêlanipun băngsa kita piyambak, ingkang sakintên pantês tumrap tiyang pasahan, kados pamanggihipun paduka Nyonyah A.J. Resink Wilkens (Pusaka Jawi taun I ăngka 11-12). Dene ingkang taksih pasaja utawi para, badhe wontên papanipun piyambak. Nanging ugi kêdah dipun udi kaindhakanipun.[4]

Manawi kula botên kalintu anggèn kula mastani, sadaya băngsa ingkang sampun inggil kawruhipun, mêsthi gadhah kultur piyambak, jêr punika agêgandhengan kalihan dhasaring kabatosanipun. Luhur asoripun drajating kamanungsaning satunggal-tunggaling băngsa, punika katitik wontên ing kulturipun.

Wontên paribasan dhusun mêkatên: bêcik nambal tinimbang bakal (ambakali). Panganggêp awon sarta saening kultur kita, punika dumunung wontên ing kita piyambak, manawi kita sampun mantêp nganggêp, saèstu badhe sae sarta murakabi, malah tiyang sanès badhe tumut ngaosi. Kosokwangsulipun, manawi sadèrèngipun sampun kawijèn gêla, nyapèlèkakên, inggih badhe pinanggih sapelenipun. Tiyang sanès namung kantun anggrubyug. Atur kula ingkang kathah-kathah wau, wosipun cumanthaka, tanpa mawi nolèh badan, atur pamrayogi dhatêng băngsa kula ingkang dèrèng migatosakên dhatêng kultur kita piyambak, ingkang miturut kawruh kajiwan tuwin kayakinan kula piyambak, lair batos murakabi, ambrêkahi dhatêng kabangsan kita, ugêr patitis, mawi nalar panggarapipun.

Nitik dhatêng tatakrama, tatacara, padatan, kagunan, gêgayuhan Jawi kacihna manawi dhasaring kulturipun sampun luhur. Dhasaring wêwatakanipun sampun sagêd amribadi, utawi sampun sagêd ngadêg kamanungsanipun. Mila kantun mêwahi sarta ngirangi, dipun condhongakên [condhong ...]

--- 79 ---

[... akên] kalihan kajênging jaman, kanthi angèngêti sampun ngantos nyimpang kalihan dhasaripun ingkang religieus. Taksih wontên sambêtipun.

Ratapratala utawi Mrêcakathika.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4

Jaksa (gunêman lirih marang panèwu gowong sarta gripir).

Ngawon-awon dhatêng Sang Carudata punika sasaminipun rak kados sumêdya anjunjung Hyang Girinata,

- Utawi nêdya nyigar samodra,

- Utawi nêdya andêkêp angin.

(Calathu sêru)

Iki rak Sang Carudata, măngsa bisaa wong kang mangkono nglakoni piala.

- Mripate ămba nganti têkan ing suluhan.@- Praupan kang mangkono gambare iku rak ora bisa dadi wadhahing laku ala. Ora tinêmu ing nalar.@- Tumrape marang sapi, gajah, jaran, sarta manèh manungsa padha bae. Candrane dadi titikaning wêwatêkane. Ora kêna dicolong.

Ipene Sang Prabu.

Pripun, ta, prakara niki olèhe mriksa kok baukapine mêkotên.

Jaksa.

Sampeyan minggat, wong buyan.

- Sampeyan niku wong asor bêbudène, ngucapake unèn-unène wedha.@- Kok botên gograg ilat sampeyan.@- Ing wayah bêdhug awan mandêng srêngenge.@- Kok botên andadak wuta mripat sampeyan.@- Tangan sampeyan, sampeyan blusukake ing gêni murub.@- Kok botên mlonyoh sanalika.@- Sampeyan ngala-ala Sang Carudata.@- Sampeyan kok jêbul botên diuntal ing bumi.

Măngsa ênggih Sang Carudata kok nglakoni piala.

- Wong êmpun anglumpukake isèn-isèning sagara.@- Nganti sagara mung kari alune mawon.@- Sarta êmpun andarmakake

--- 80 ---

bandhane kabèh botên nganggo diitung.

- Pripun lêlumbunging kautaman, bisane nglakoni panggawe ala kang mung marga melik dhuwit. Tumrape têng mungsuhe mawon rak agawe jiji.

Ipene Sang Prabu

Pripun, ta, prakara niki olèh mriksa kok baukapine mêkotên.

Nyai

E, wong buyan, brahmana kuwi wis tau dititipi pêthèn isi mas intên. Ing wayah bêngi dicolong maling, banjur diijoli kalung mutyara, pèni-pènining sagara papat. Kandhamu jare kok anglakoni panggawe ala kang marga melik marang dhuwit.

(Marang Carudata) O ênggèr, anak kula.

O gêndhuk, Wasantasena, kowe ambok enggal têkaa, ta. Banjur nangis.

Jaksa

Sang Carudata, wangsulipun Wasantasena dharat punapa numpak kareta.

Carudatta

Anggènipun wangsul, kula rak anglêrêsi botên wontên, ta. Dados kula botên sumêrêp: anggènipun wangsul punapa dharat punapa numpak kareta.

Wiraka (mêtoni ing kalangan mungêr-mungêr)

- Sarèhne aku saiki mêmungsuhan têmênan.@- Kang marga disawiyah, dicêcamah lan dirèmèhake.@- Dadi mau bêngi: dinane kêbak prihatin.@- Êmbuh mawane, saiki wis dadi rina padhang anjingglang.

(Banjur kaya mlêbu ing gêdhong, blêng, karo gunêman) wis saiki aku tak mlêbu mênyang gêdhong pradata.

Kula ngaturi kasugêngan, para bêndara jaksa.

Jaksa

Êllo, kok Wiraka, lêlurahe wong Jaganagara. E, Wiraka, ana apa kowe mrene.

Wiraka

Kula nuwun, sarêng Aryaka minggat, lajêng gègèr. Kula ambujêng, kêpapag kreta tutupan. Kula manah-manah lajêng wicantên dhatêng Ki Lurah Candhana makatên: Sanajan niku êmpun sampeyan priksa, kula mêksa ênggih ajêng tumut mriksa. Kula lajêng dipun jêjak dhatêng Ki Lurah Candhana. Sarèhne sapunika panjênêngan sampun mirêngakên paturan kula, putusaning prakawis kula sumanggakakên dhatêng para bêndara.

Jaksa

Lah kowe apa wêruh, kreta kuwi kretane sapa.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 81 ---


tanduking. (kembali)
tanduking.
ugi. (kembali)
ugi.
jêbadan,. (kembali)
jêbadan,.
§ Kula mirêng: Nyonyah Rèsing badhe ngintunakên pakêm bab pandamêlipun lisah racik dhatêng pakêmpalan Yapha Insêtitit. Sa. (kembali)
§ Kula mirêng: Nyonyah Rèsing badhe ngintunakên pakêm bab pandamêlipun lisah racik dhatêng pakêmpalan Yapha Insêtitit. Sa.