Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-07, #394

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-07, #394. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-07, #394. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 7, Juli 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 6.

6. Bab jinis sarta cacahing ringgit (wayang)

Ringgit ingkang limrah dados têtingalanipun băngsa kita ing tanah Jawi wêdal sapunika, kantun sakawan warni, inggih punika: 1. Ringgit purwa, 2. Ringgit gêdhog, 3. Ringgit krucil utawi klithik, tuwin 4. Ringgit golèk. Dene ringgit bèbèr sarta ringgit madya wontênipun ing gêsang padintênan awis-awis kasrambah.

Lampahan ingkang tumrap ing ringgit purwa, ingkang kalimrah ing padhalangan, sarta wontên ringgitipun, punika miturut Sêrat Pustaka Rajapurwa wiwit cêcriyosanipun para dewa putranipun Sang Hyang Jagatnata gangsal, angejawanthah jumênêng nata wontên ing pulo Jawi, Sumatra tuwin Bali, 1. Sang Hyang Sambo ajêjuluk Raja Maldewa, angadhaton ing nagari Mêdhangprawa, dumunung wontên ing tanah Sumatra. 2. Sang Hyang Brahma ajêjuluk Sri Maharaja Suna, akêkitha Mêdhanggili, tanah Bantên, 3. Sang Hyang Endra, ajêjuluk Sri Maharaja Sakra, yasa kitha ing Mêdhanggana, dumunung ing tanah Prabalingga, 4. Sang Hyang Wisnu ajêjuluk Sri Maharaja Suman, akêkitha ing Mêdhangpura, kalêbêt tanah Têgal. 5. Sang Hyang Bayu, ayasa nagari wontên ing Mêdhanggora, kalêbêt talatah Bali, ajêjuluk Sri Maharaja Bima. Lêlampahanipun karaton gangsal wau ing padhalangan ugi dèrèng nama kalimrah yêktos, têgêsipun tiyang dèrèng limrah nanggap ringgit lampahan jamanipun karaton gangsal wau, namung kala-kala miturut [mi ...]

--- 98 ---

[... turut] piandêlipun băngsa kita, manawi ringgitan ingkang magêpokan bangsaning ngruwat pagêblug, sarta bangsaning pakaulan, kados ta: 1. Lampahan Banjaran Jali, 2. Lampahan dhaupipun Sri Maharaja Suman (Wisnu) kalihan Dèwi Pratiwi. 3. Lampahan pakukuhan, 4. Lampahan ngruwat. Bangsanipun lampahan ringgit ingkang kados makatên punika, limrahipun dipun wastani lampahan sêpuh, botên rame. Miturut piandêlipun ingkang nanggap namung dipun pêndhêt sawabipun, dene ingkang kalêbêt ing lêlampahan ngriku para jawata, para pandhita. Sanadyan rêmbag tatacara wontên ing ngriki nama nyalêmpit, ewadene kula sêlak-sêlakakên. Minăngka dados pasaksèn, manawi kagunan, tatakrama, tatacara utaci[1] kulturipun satunggal-tunggaling băngsa punika, babaraning dhasaripun satunggal-tunggaling băngsa ingkang gadhah kultur wau, urut-urutan agêgandhengan, saking nglêbêt mêdal. Miturut agami Islam tuwin kawruh teosopi, kados ingkang kocap ing Pusaka Jawi ăngka 2 băngsa Jawi malah lêrêsipun băngsa Asia, dhasaring wêwatakanipun religieus mila tatacaranipun ingkang tulèn, manawi kalêgan manahipun lajêng kaul, atêgês suka sukur ing Gusti. Manawi wontên pagêblug sarta sanèsing kadadosan ingkang botên nyakecakakên gêsanging têtiyang ing padununganipun, lajêng wilujêngan, utawi nanggap ringgit lampahan kados ingkang kajarwa ing nginggil. Ingkang makatên wau, wangsul kalihan dhasaripun (religieus) awit pangupadosing kabêgjan tuwin kawilujêngan botên adhêdhasar materialistisch adhêdhasar idealistisch, wujudipun botên lajêng anêngênakên kawruh kasarasan, tuwin kadhoktêran, mawi ngajêng-ajêng barkahing para dewa tuwin pandhita.

Punapa ngupaya kasarasan tuwin kabêgjan, sarana wilujêngan sarta ngalap barkahing para dewa ingkang jalaran nanggap ringgit, punika sampun awêwaton kawruh ingkang absah. Punika dèrèng kenging kapasthèkakên. Nanging anggènipun wilujêngan sarta gadhah cipta ngalap barkah punika atêgês sumendhe ing Gusti, sanadyan sakêdhik utawi kathah gadhah kapitadosan dhatêng pêpasthèning Gusti, awit piyambakipun mêsthi mangrêtos manawi wujuding sêkul, ulam sarta ringgit botên sagêd nulak bêbaya. Dados saupami ingkang kalèntu punika dununging panêmbah, lêrêsipun botên dipun pinangkani saking ringgitan sarta wilujêngan, ingkang lèrègipun nyuwun barkahing dewa. Dados ingkang dèrèng lêrês, rak namung caraning manêmbah. Nanging watakipun ingkang bakti, miturut kawruh kajiwan, sampun lêrês, sampun wangsul kalihan dhasaripun.

Mangsuli bab ringgit purwa. Umumipun lampahan ringgit ingkang dipun sênêngi tiyang kathah, punika wiwt wontênipun pratapan Saptarga, dados wiwit lêlampahanipun Bagawan Manumaya saking Martawu, ngantos dumugi ing prang Bratayuda. [Bratayu ...]

--- 99 ---

[... da.] Dene ingkang têtêp bêbasan kalêbêt ing balung sungsum punika, tumrapipun para ingkang rêmên nanonton ringgit, lampahan sasampunipun nata Pandhawa, Dwarawati tuwin Ngastina wontên. Punapa ingkang dados sababipun, kula piyambak botên sagêd andugi. Nanging limrahipun manawi ringgitan, lampahanipun botên ngucapakên kraton têtiga wau: sami gêla. Bokmanawi kabêkta saking wêdaling ringgit ingkang dados kasênênganipun. Umumipun ringgit ingkang dipun sênêngi băngsa kita Jawi punika 1. Prabu Krêsna, 2. Nata Pandhawa sadaya, 3. Radèn Gathutkaca, 4. Radèn Ăntasena, 5. Radèn Abimanyu, 6. Radèn Irawan, 7. Radèn Priyêmbada, 8. Radèn Wijanarka, 9. Radèn Sêtiyaki, 10. Prabu Baladewa, 11. Adipati Karna, 12. Radèn Anoman, 13. Prabu Dasamuka, 14. danawa cakil, 15. Prabu Boma Nrakasura, 16. Petruk dalah Nala Garèng tuwin Sêmar. Bagong botên. Dene ringgit èstri: Wara Sumbadra, Wara Srikandhi tuwin Banowati. Anggèn kula sagêd mastani manawi ringgit samantên kathahipun, kalêbêt manahipun sadhèrèk băngsa Jawi, punika kajawi sami kalair gêla, manawi lampahanipun botên ngucapakên saperangan saking ringgit-ringgit wau, ugi katitik wontên grêngsêngipun para ningali. Sanadyan sawaunipun katingal radi lolop, nanging manawi salah satunggal saking ringgit wau mêdal, lajêng katingal sumringah polatanipun. Sajak migatosakên. Manawi pangintên-intên kula wau kapara yêktos, sagêd ugi badhe dados katrangan, ingkang anjalari ringgit sanès-sanèsipun botên katingal majêng. Awit tumrapipun băngsa kita Jawi ingkang rêmên ringgit, dhatêng ringgit ingkang kajarwa ing nginggil, sajak sampun têpang sangêt. Manawi pinuju ningali ringgit tansah angajêng-ajêng wêdalipun. Manawi salah satunggal saking ringgit-ringgit wau, wontên ing salêbêting sangsara, kajawi Prabu Dasamuka, manahipun para mirsani sami karaos, ing sêmu badhe nulung-nulungana. Raosing manah ingkang kados makatên punika, wontênipun sampun kina-kumina, malah kathah ingkang ngantos nangis. Kosokwangsulipun ringgit-ringgit ingkang anjalari tuwuhing panandhang, kados dipun gêcêk-gêcêka. Dene raos sênêng manawi Prabu Dasamuka mêdal, punika botên sabab badhe tumut sênêng manawi antuk kabêgjan, malah kosokwangsulipun. Sarèhning ringgit satunggal punika sugih piawon, ing măngka kasêktènipun ngungkuli ringgit mèh sakothak. Mila dipun ajêng-ajêng mêdalipun. Kosokwangsulipun manawi Prabu Krêsna tuwin Anoman lajêng mêdal, para ingkang ngrêtos wataking ringgitan sampun ayêm, awit kumaranipun rawana masthi sirna dening kalangkunganipun ringgit kalih wau.

Miturut sêrat kawruh asalipun ringgit sarta gêgêpokanipun kalihan agami ing jaman kina anggitanipun [anggitanipu ...]

--- 100 ---

[... n] Dr. G.A.J. Hazeu kagubah ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja, cocog kalihan pamanggihing sawênèhing dhalang. Ringgit purwa wau yasanipun para panjênênganing nata Jawi, tuwin para wali ing jaman kina, wiwit saking taksih pasaja, tansah dipun wangun ngantos dados sampurna. Dene tabuhanipun ringgit purwa punika găngsa salendro. Rêsikipun ricikaning ringgit botên badhe kula rêmbag ing ngriki. Para putus bab punika kados langkung salêsih panggarapipun. Dene ingkang dados pamanahan kula, punika bab cariyosing ringgit sambêtipun kalihan dhasaring băngsa Jawi, tuwin ajêng unduripun têtingalan wau.

Mênggah ingkang amurwani mangun wadananing ringgit purwa punika, miturut sêrat kawruh asalipun ringgit ingkang kajarwa ing ngajêng, kala jumênêngipun Panêmbahan Senapati ing Mataram: Arjuna wănda jimat, Bima wănda mimis, tanpa dodot, namung cawêt polèng. Sarampungipun, lajêng kaparingan sangkala mêmêt awarni Dewa Bathara Guru nyêpêng têkên cis. Ing wingkingipun mawi umbul-umbul. Sangkala ingkang kados makatên wau têgêsipun taun 1541.

Kala jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Anyakrawati ingkang seda ing Krapyak, ugi kaparêng amangun wandaning ringgit purwa: Arjuna wănda jimat, Bima wănda mimis, Suyudana wănda jangkung, ratu danawa wănda barong, sawadyabalanipun sami mripat kalih, tanganipun wingking taksih irasan. Dêdamêl ingkang bangsaning lêlandhêp dipun wêwahi, kados ta: jêmparing, dhuwung, sapanunggilanipun. Wiwit kala samantên ringgit wacucal wiwit dipun sopak bau lêngênipun, namung Bathara Guru ingkang tanganipun taksih irasan. Langkung malih ing Jawi Wetan tuwin Kilèn, botên kambah babarpisan.

Kacariyos, sarampungipun lajêng kaparingan sangkala mêmêt awarni dênawa mirunggan, tangan kêkalih kasopak, mripat satunggal, nyangkêlit dhuwung. Ing padhalangan dipun wastani danawa panyarèng (danawa cakil), têgêsipun sangkalan wau tangan yaksa tataning jalma (1552).

Taksih awêwaton sêrat kasêbut ing nginggil, kacariyos sajumênêngipun Prabu Anyakrakusuma, nata ing Mataram, ringgit purwa wandanipun dipun bangun malih: Baladewa wănda gègèr, Krêsna wănda gêndrèh, Arjuna wănda mangu, ringgit lanyapan dêdêgipun sangkuk, mripat kajaitakên, Sumbadra wănda rangkung, Banowati wănda golèk, Sêmar wănda brêbês, Bagong wănda gilut, Petruk wănda jlêgong.

Dene ingkang mêwahi kêthèk, Sunan Giri. Sunan ing Benang mêwahi liman, kapal tuwin parampogan. Sunan Kalijaga nganggit balencong, kêlir tuwin gadêbog.

Mênggah ringgit gêdhog, panganggitipun mirit sêrat kasêbut ing ngajêng, kala taun 1485, dene ingkang nganggit Sunan ing Giri. Tabuhanipun găngsa pelog. Lampahanipun sasumêrêp kula, anyariyosakên lêlampahanipun [lêlampah ...]

--- 101 ---

[... anipun] nagari sakawan: ing Kêdhiri, ing Jênggala, ing Singasari, ing Ngurawan tuwin ing Bali.

Kala alitan kula, ing tanah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu, Ngayogya, Surakarta, Madiun, sanadyan botên kathah kados ringgit purwa, ewasamantên taksih wontên para priyayi tuwin para sugih ingkang kaparêng ringgitan ringgit gêdhog, nanging dumugining dintên punika têtingalan ringgit wau, kantun wontên ing wiraosan, langkung malih ing Jawi Wetan tuwin Kilèn, botên kambah babarpisan.

Dene ringgit kalithik utawi krucil punika ingkang kadamêl kajêng, wandanipun mirid ringgit purwa, tanganipun wacucal, tabuhanipun găngsa salendro. Mênggah lampahanipun, anyariyosakên lêlampahanipun nagari: Pajajaran, Majapait, tuwin ing Balambangan.

Sasumêrêp kula sami-sami ringgit, ringgit krucil wau katingal mundur piyambak. Kula mèh botên nate mrangguli, ringgit krucil dipun angge pasamuan tiyang gadhah damêl ingkang yêktosan. Sabên-sabên kula sumêrêp, ingkang mêsthi barangan, wah katingal botên jangkêp sadayanipun, amracihnani manawi kirang pajêng.

Dene ringgit ingkang mèh imbang-imbangan majêngipun kalihan ringgit purwa, punika tumrapipun tiyang talatah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu tuwin kiwa têngênipun, ringgit golèk. Ringgit golèk wau ingkang kadamêl kajêng, wangunipun ngemba wujuding tiyang, mawi dipun cèt utawi dipun praos. Sandhanganipun ugi kados tiyang Jawi jaman sapunika: bêbêdan, rasukan cêkak, dhuwungan sarta jilidan. Wontên ingkang udhêng-udhêngan jêplakan, para raja makuthan. Wontên ugi ingkang ngangge udhêng gilig. Pirantosing ngringgit, gadêbog, blencong, tanpa mawi kêlir, gangsanipun salendro. Ringgit golèk wau anyariyosakên lêlampahanipun tiyang agung Menak (Sayidina Ambyah) satriya ing Kuparman, mêngsah kalihan para raja ing wawêngkon tanah Asia, Aprika tuwin Eropa. Kenging katêmbungakên prang agami, amargi Sayidina Ambyah wau agaminipun agami Ibrahim, para raja ingkang têluk lajêng sami ngrasuk sarengat Ibrahim. Miturut cariyos padhalangan, sintên ingkang sampun manut agami Ibrahim, kêdah têtak.

Miturut kitab Bagayudayan lan kitab Kisatul Ambiya, ing sêrat wedha agama, sahadatipun: ashadu alla ila haillolah, wa ashadu ana Ibrahima kalillollah, têgêsipun: anêksèni ingsun ing dalêm atiningsun, satuhune ora ana Pangeran nanging Allah, lan anêksèni ingsun, satuhune Kangjêng Nabi Ibrahim iku pawong mitrane Allah.

Salatipun ing dalêm sadintên sadalu kaping 24 waktu.

Musakapipun kitab: 10 jilid.

Siyamipun sabên dintên Jumuwah, namung sadintên kemawon.

--- 102 ---

Ingkang dipun karamakên, sato kewan ingkang măngsa daging, wowohan ingkang mawi êri, gêgodhongan ingkang anggatêli.

Ingkang dipun kalalakên, sato kewan ingkang botên măngsa daging, unjuk-unjukan sajêng sapanunggilanipun.

Manawi salakirabi kaningkahakên bapa, kaki, sadhèrèk jalêr. Tiyang jalêr wênang wayuh kalih. Dhudha răndha ingkang tinilar pêjah bojonipun, kenging emah-emah malih.

Manawi pêjah jisimipun kêdah kapêndhêm ing siti ingkang sukci, inggih punika siti ingkang dèrèng kawartos dados jêlantah, têgêsipun: siti ingkang dèrèng kawutahan ing rahipun tiyang kinaniaya, utawi katetesan ing rahsanipun tiyang ingkang jina (bandrèk).

Mênggah lampahan ringgit golèk wau kathah, sairib ringgit purwa. Kajawi lampahan ingkang limrahipun dipun têmbungakên lampahan carangan, kathahipun lampahan tumrap ringgit golèk, sampun kamot ing Sêrat Menak jilid satunggal dumugi pitu, wiwit cariyosipun Prabu Sarehas tapa ing dhasaring samodra, ngantos dumugi bêdhahipun nagari Jambenambar, wêwah sêrat-sêrat ingkang ngêwrat cariyos lêlampahanipun Kangjêng Nabi Mukamad, sarta sêrat prang ing Lakad, ingkang anyariyosakên sedanipun tiyang agung Menak, amargi prang cidra dipun pluwang dening Raja Lakad.

Mênggah sababipun tiyang agung Menak alêlana andon prang, punika botên amung sabab amradinakên agami Ibrahim kemawon, inggih ugi saking pandamêlipun marasêpuh Prabu Nusirwan, nata binathara ingkang kèlu dhatêng aturing patihipun nama Patih Baktak, ingkang wêkasanipun pêjah amargi dipun masak bubur, dening mantunipun piyambak, Sang Dipati Umar Umaya.

Sampun kajarwa ing ngajêng, bilih tumrapipun ing talatah Banyumas, Bagêlèn, Kêdhu sarta kiwa têngênipun, ringgit golèk wau dipun ajêngi ing sadhèrèk kathah, beda kalihan ringgit gêdhog, krucil tuwin madya, bokmanawi sababipun ingkang adhakan: sapisan, wujud lan panganggenipun ringgit sakeca tumrap sawangan Jawi, kaping kalih lampahanipun kathah, kaping tiga kathah ringgit ingkang kalêbêt manahipun băngsa kita Jawi, kados têtiyang agung Menak saandhahanipun sadaya, inggih punika para raja-raja ingkang sampun kabawah ing nagari Kuparman. Kaping sakawan lampahanipun kathah ingkang elok-elok, botên beda kados cariyosipun ringgit purwa, kapara ngungkuli, kados ta: cariyosipun tiyang sagêd mabur, sagêd amblês ing bumi, sagêd ngical, botên pasah dening dêdamêl, sarta sanès-sanèsing kasaktèn, punapadene cariyosing jim. Kaelokan tuwin kasêktèn ingkang kados makatên wau, tumrap pangraosipun băngsa kita Jawi sampun sakeca, malah manawi botên makatên, têgêsipun [têgê ...]

--- 103 ---

[... sipun] cariyos babagan paprangan ingkang amung mawi dêdamêl, upaminipun sanjata sagêd mungêl kaping satus, motor mabur, mriyêm sapanunggilanipun, rumaosipun kirang bukêt, cêblèh. Kaping gangsal cacriyosanipun magêpokan kalihan agami, wiwit agami Ibrahim, ngantos gantos agami Mukhamad. Malah wontên ingkang saking cacriyosanipun ringgit, magêpokan kalihan kawontênan kita. Kaping nênêm, sanadyan dèrèng nyamèni ringgit purwa, nanging sampun nama kathah têtuladanipun babagan piwulang lair tuwin batos, punapa malih dhalangipun, racak-racak wasis banyolan.

Mirid saking kawontênanipun, kintên-kintên ringgit golèk gampil tumularipun dhatêng sanès nagari, ugêr sarana dipun lanting dening satunggaling bêbadan. Awit kajawi kawontênan ingkang kawursita ing bab satunggal dumugi nênêm kasêbut ing nginggil, ugi umumipun para priyantun putri sami rêmên maos Sêrat Menak. Dados manawi wontên ringgitipun, nama kalêrêsan dene dipun cariyosakên sarana wujud, ingkang sampun dipun tata prayogi.

Manawi sagêd kalampahan sagêd tumular mangetan sarta mangilèn, sokur sagêd mêdal saking tanah Jawi, botên namung saya wiyar têbaning kagunan, inggih ugi sambêt kalihan kamajênganing ekonomi, ingkang sajak sawêk dipun udi dening para panjuring kabangsan.

Mangsuli bab ringgit purwa, sami-sami kagunan Jawi, saking rumaos kula, ringgit purwa punika suraosipun ingkang magêpokan piwulang kalairan tuwin kabatosan, kathah piyambak. Ingkang makatên wau gumantung wontên drajating pangraosipun ingkang nampèni. Saya lêmbat pangraosipun ingkang ngolak-alik, saya muluk suraosipun. Botên beda kados panampi kita tumrap suraosing Kuran, namung kaotipun Kuran langkung wiyar têbanipun. Pikajêngan kula botên anyamèkakên Kuran kalihan ringgit, nanging wiyaring têbanipun manawi dipun suraos, kadosdene Kuran.

Sang sarjana H. Dachlan ingkang kawical putus ing Kaislaman, mêdharakên pamangghipun ing orgaan Rasa No. 7 makatên: "Kuran itu dikatakan chosusul lafdi umumul fili, artinya: tertentu lafalnya, umum pekerjaannya. Terangnya ini perkataan begini: Maksudnya lafalnya tidak kena diobah lagi, adapun perbuatannya bolehnya menjalankan, sasukanya, asal saja itu pekerjaan cocog sama maunya itu lafal, sebab lafal-lafal Kuran itu tidak ditentukan buat jaman dulu kala saja, tetapi boleh dipakai sampai dijaman sekarang juga, kerana peraturan-peraturan itu menurut jamannya, dalilnya begini: A'saru bika sabia 'zzamanina. Artinya peraturan-peraturan itu menurut jaman kita sekarang ini."

Amargi suraosing Kuran punika lêbêt sarta gawat, mila Imam Gajali ngandika makatên: Kuran iku diturunake marang wong turu, mulane tumurune Kuran iku kayadene sasmita kang diturunake ana sajrone pangimpèn, ana kang cêtha lan ana kang wujud pralambang.

--- 104 ---

Awit saking punika, tumrap tiyang ingkang rahsa jatinipun taksih tilêm, mêsthi taksih pêjah pangartosipun, mila taksih pêtêng panampinipun dhatêng suraosing piwulang luhur. Ingkang makatên wau botên beda, mênggah panampi kita tumrap suraosing lampahan ringgit purwa. Lampahan ringgit purwa, manawi dipun suraos saking nglêbêt, saya muluk, saya bablas, saya wiyar. Ingkang makatên wau botên anggumunakên, jêr ingkang yasa sarjana băngsa Jawi, ingkang sampun angsal drajat wali, sarta para nata tanah Jawi jaman sasampuning Majapait, jamanipun sami anêngênakên dhatêng babagan kasuksman. Mila layak kemawon, manawi yêyasanipun angêmu suraos lêbêt. Awit sampun dados wataking manungsa, sadaya pakartinipun ngêmu raos. Samukawis ingkang dados têtêlênging manahipun, kados ta: tiyang ingkang sawêg sênêng kasukan kêrtu, sanadyan kala samantên anyariyosakên lêlampahaning tiyang ingkang sawêg kojur, ewadene anggènipun mastani mêksa mawi têmbung tumraping kêrtu: kête, kêbêlah kêpatangatusan. Manawi sawêg sêngsêm dhatêng kawruh kabatosan, nadyan ginêman bab punapa kemawon, ingkang sampun kalampahan, lajêng anjog Gusti Allah, pêpêsthèn, sapanunggilanipun.

Kala punapa wiwitipun wontên ringgit, sarta sintên ingkang yasa sakawit. Miturut sêrat-sêrat babagan kagunan Jawi, sêrat kabar sapanunggilanipun, taksih dados panggalihanipun para sagêd, dèrèng wontên katranganipun ingkang gumathok, miturut sêrat asalipun ringgit ingkang kagubah ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja kasêbut ngajêng, têtela pamanggihing para sarjana, tumrap purwanipun wontên ringgit (wayang) warni-warni. Manawi mituturut[2] cariyos Jawi, kacariyos wiwitipun wontên ringgit purwa, nalika jumênêngipun Prabu Jayabaya ing Pamênang kala taun suryasangkala: 861, nanging namung kacorèk ing rontal. Manawi miturut ing sêrat-sêrat kina, kacariyos kala jumênêngipun Prabu Èrlangga ing taun Isaka 950 sampun wontên têtingalan ringgit. Awit saking punika, têtela manawi wontênipun ringgit sampun kina sangêt. Ingkang nganggit Sêrat Tangtu Panggêlaran, sagêd amastani manawi wontênipun ringgit wau, nalikanipun para dewa taksih sami angejawantah ing ngarcapada.

Sanadyan rêmbag tumrap kagunan ringgit, pêrlu kêdah kasumêrêpan kala taun pintên wiwitipun, nanging kanggenipun ginêm bab ringgit purwa ing ngriki, bokmanawi radi kirang parlu, amargi kajêng kula amung badhe anyumêrêpi wiwitipun wontên ringgit purwa ingkang kêlampah ing dintên punika, larasipun kalihan dhasaripun băngsa Jawi sapunika.

Sampun kajarwa ing ngajêng, manawi ringgit purwa ingkang kalampah ing dintên punika, yasanipun para wali tuwin para nata ing tanah Jawi, wiwit sabakdanipun Pabu Brawijaya ing Majapait pungkasan, inggih punika jumênêngipun Radèn [Ra ...]

--- 105 ---

[... dèn] Patah Sultan ing Dêmak ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar, nuju ing taun candrasangkala 1437 utawi taun Ngisa 1515, sapangandhapipun taksih dipun bêsut dening para nata tuwin para wali sabakdanipun Dêmak, ngantos sampurna, kados kawontênanipun sapunika. Manawi punika dipun tandhing kalihan katrangan-katranganipun para sarjana ingkang wêwaton sêratan ing blebekan têmbagi, katingal sulaya. Ewasamantên rumaos kula piyambak, mêksa gadhah piandêl manawi ringgit purwa ingkang kalampah dintên punika, kathah èmpêripun manawi yasaning para nata ing tanah Jawi, tuwin para wali sabibaring Brawijaya wêkasan mangandhap. Dene kacariyos wontênipun ringgit purwa sampun makina-kina punika, mirid jangkêping katrangan, kula inggih andhèrèk. Nanging wujud, wangun, lampahan ingkang sambêt kalihan raos Jawi sabakdaning Majapait (sasampunipun ngrasuk agami Islam) kintên kula botên kados ringgit purwa sapunika. Mila makatên amargi raos, nama, wujud sarta tabuhanipun ringgit purwa laras kalihan raosipun têtiyang Jawi ing jaman sapunika. Sanadyan sapintên kasagêdanipun satunggaling băngsa ing dalêm adat, tatacara tuwin têmbungipun liyan băngsa, nanging kintên-kintên botên sagêd dumugi raosipun. Sampun malih dumugining raosipun, sanadyan ikêtaning ukara kemawon awis sangêt ingkang botên anggarênjêl. Ingkang kaping kalih: para wali ing jaman Dêmak punika, manawi kula botên kalèntu, sanès băngsa Arab, langkung malih para wali sabibaring Dêmak. Namung agami ingkang rinasuk, agami saking tanah Arab, wah racak-racak sami ahli kasusastran Jawi, imbêt, ahli raos, mila inggih sampun lêrês manawi sagêd angukur raosipun têtiyang Jawi, sarta anggitanipun angêmu raos ingkang lêbêt sarta luhur, jêr kajawi para wali, para nata Jawi, ingkang kaparêng ambangun ringgit, ugi sami anêngênakên dhatêng babagan kasuksman. Kosokwangsulipun manawi blêgêring ringgit purwa namung dipun sawang sarta dipun raosakên saking ing kalairan kemawon, tumrapipun sawangan sapunika, dèrèng patosa mungguh, manawi punika salah satunggaling kagunan Jawi ingkang adiluhung. Saking pamanggih kula, manawi botên kalèntu, adi sarta luhuripun, dumunung wontên ing raosipun. Ingkang kaping tiga: sasumêrêp kula, manawi botên kalèntu, wiwit kala samantên (jaman Dêmak) tumrapipun băngsa kita Jawi, botên wontên trajang utawi iktekat ingkang rosa, ingkang sumukipun ngantos sundhul ing dhasaring wêwatêkan, liripun: trajang matêrial ingkang santêr, ingkang direct ngantos sundhul ing dhasar kita ingkang lêlandhêsan kasuksman. Wontênipun pangudi dhatêng matêrial namung salimrah, dèrèng kenging katêmbungakên santêr, dene ingkang indirect kula botên sagêd matur. Taksih wontên sambêtipun.

--- 106 ---

Toya Gêsang utawi Maul Hayat

Anuju satunggiling dintên ratuning para jim sowan ing ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman Ngalaihi Salam, ngunjukakên maul hayat, dipun wadhahi tuwung bêling dipun lambari lèngsèr kancana. Nalika samantên kangjêng nabi lênggah siniwaka, kaadhêp para raja ingkang sami ngèdhêp ing panjênganipun.[3] Unjukipun makatên: Gusti, kawula kamipurun angunjukakên maul hayat ing ngarsa dalêm, kabêkta saking anggèn kawula sumungkêm ing sampeyan dalêm. Sakalangkung anggèn kawula mundhi-mundhi sarira dalêm, sabab kawula sumêrêp, bilih sampeyan dalêm ratu binathara, ngratoni ingkang sarwa kumêlip. Botên namung janma manungsa kemawon ingkang wontên ing sangandhaping pada dalêm, dalah sawarnining sato tuwin lêlêmbat, punapadene angin tuwin jawah, mêndhung sarta kilat, sadaya wontên ing salêbêting pangawasa dalêm. Jagad wetan, jagad kilèn sami suyud angabêkti ing sampeyan dalêm. Isèn-isèning alam donya dalah isèn-isèning alam sonyaruri sadaya kawêngku. Ingkang punika kawula rumaos eman, manawi sampeyan dalêm botên sagêd lastantun angratoni jagad sadaya ngantos ing dintên kiyamat. Eman-eman manawi sampeyan dalêm ngantos anêmahi surud kadosdene limrahipun putra Adam. Kawula dalah rerehan kawula para jim sadaya rumaos sami bêgja angabdi ing ngarsa dalêm, sabab sami sumêrêp, bilih sampeyan dalêm adil paramarta, wicaksana linangkung, priksa dhatêng samukawis ingkang gaib sarta ingkang lair. Wondene ingkang kawula unjukakên punika maul hayat. Pangajêng-ajêng kawula mugi sampeyan dalêm karsa angunjuk toya punika. Kasiyatipun toya gêsang punika makatên: manawi panjênêngan dalêm sampun ngunjuk toya punika, badhe lastantun sugêng ngantos dumugi ing dintên kiyamat. Punapa malih botên badhe ngraosakên gêrah ing salami-laminipun, sarta lastantun ênèm, botên sêpuh-sêpuh.

Makatên unjukipun ratuning jim wau dhatêng Kangjêng Nabi Suleman. Kangjêng Nabi Suleman inggih têrang pamidhangêtipun dhatêng unjuking ratunipun êjim. Sanajan Kangjêng Nabi Suleman saèstu wicaksana linangkung, putus dhatêng saliring kaanan, priksa dhatêng panjing suruping lêlampahan, ewasamantên botên karsa paring wangsulan ing sanalika, katindakakên kanthi musawarah rumiyin. Anggènipun makatên wau inggih kabêkta saking wicaksananipun, sabab priksa: manungsa punika sanajan pinunjula kados punapa, mêksa dados pencokaning sipat lali sarta klèru.

Kangjêng Nabi Suleman kagungan kawula agung-agung ingkang dados juru ngaturi rêmbag. Kados ta: ratuning para lêlêmbat, ratuning sadaya sato kewan, anama Sang Singaraja, ratuning sadaya [sada ...]

--- 107 ---

[... ya] băngsa ibêran, anama Sang Garodharaja. Ratuning sadaya sawêr, anama Sang Nagaraja. Tuwin sanès-sanèsipun, sami gadhah kalantipan utawi kawruh piyambak-piyambak. Wiwitanipun Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Nagaraja: He Nagaraja, kapriye rêmbugira mungguh ature raja jim iku. Bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Sang Nagaraja munjuk: Gusti, saking pamanggih kawula, kajawi saking karsa dalêm, prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat punika, supados panjênêngan dalêm sagêd sugêng ngantos ing dintên kiyamat. Sampun kathah titahing Pangeran ingkang mrasudi murih sagêd lêpat ing pêjah ngantos dumugi dintên kiyamat, anamung botên sagêd kalêksanan.

Tumuntên Kangjêng Nabi Suleman andangu dhatêng Sang Garodharaja: He Garodharaja, kapriye panêmunira mungguh prakara iku.

Sang Garodharaja munjuk: Gusti, saking pamanggih kawula pancèn prayogi sangêt, manawi sampeyan dalêm karsa ngunjuk maul hayat punika, supados sagêd sugêng botên mawi nandhang gêrah salami-laminipun, sabab sêsakit punika pancèn mêngsahing badan. Sampun kathah rekadayaning manungsa ingkang nêdya kaangge nêbihakên sêsakit. Anamung saprika-sapriki dèrèng wontên ingkang sagêd manggihakên sarana ingkang kaangge nulak sêsakit. Măngka sêsakit punika manawi anglêrêsi manggèn ing badan, raosipun botên sakeca. Prakawis punika, sadaya titah inggih sampun sami sumêrêp.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng andangu dhatêng Sang Singaraja: He Singaraja, kapriye panêmunira mungguh ature raja jim iku: maul hayat bêcik ingsun unjuk apa ora.

Sang Singaraja munjuk: Gusti, saking pamanggih kawula inggih prayogi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat, supados sampeyan dalêm wangsul dados ênèm malih, sarta mindhak endah warna dalêm, tur badhe botên sêpuh-sêpuh ngantos dintên kiyamat. Anamung sajatosipun, kawula punika botên patos limpad ing kawruh. Sami-sami bêbujêngan asuku sakawan ingkang dados andhahan kawula, pun landhak punika ingkang limpad sangêt, ngungkuli sasaminipun bêbujêngan. Ingkang punika mugi wontêna karsa dalêm andangu dhatêng pun landhak.

Kangjêng Nabi Suleman andangu: Si landhak saiki ana ngêndi, dene ora ana katon sewaka ana ing ngarsaningsun.

Singaraja amangsuli: Gusti, pun landhak mêmpên wontên ing salêbêting êsongipun.

Kangjêng Nabi Suleman lajêng dhawuh dhatêng kapal titihanipun: He, jaran, mara enggal timbalana si landhak, kerida ing salakunira. Kapal matur sandika sarwi nêmbah, lajêng mundur saking pasewakan, murugi panggenanipun pun landhak. Sarêng sampun dumugi sangajênging songipun pun landhak lajêng andhawuhakên timbalaning ratu gustinipun makatên: He, landhak, aku ngêmban timbalane

--- 108 ---

kangjêng nabi, ratuning kutu-kutu walangataga, kowe didhawuhi sowan saiki uga, kerida ing salakuku. Mulane aja klayatan, enggal ayo dak irid.

Landhak amangsuli saking salêbêting êsong: Sang kuda, kula katimbalan ing ratu gusti kula, yèn ing waktu samangke, kula dèrèng sagêd sowan, mênggah konjukipun dhatêng sang prabu, murih botên andadosakên dukanipun, kula sumanggakakên ing sampeyan. Pun kapal botên sagêd amêksa dhatêng pun landhak, lajêng wangsul sowan ing ngarsanipun kangjêng nabi, ngaturakên salampahing dinuta. Sarta anggènipun munjuk, botên dipun kirangi utawi dipun wêwahi. Kangjêng Nabi Suleman duka lajêng dhawuh dhatêng sagawon: He, sona, sira ingsun utus, timbalana si landhak, kerida ing salakunira, aja tan ora. Yèn ora gêlêm karananing apik, sira wasesaa. Yèn mêksa băngga rampungana. Sagawon nêmbah lajêng mundur saking pasowanan, lampahipun ngèjèg amurugi panggenanipun pun landhak. Sadumugining sangajêngipun êsonging landhak lajêng jugug anggègès kalihan wicantên mawi sumbar-sumbar makatên: He, landhak, aja tambuh, têkaku ing kene iki diutus Kangjêng Nabi Suleman, ratuning Masrik Magrib, ratuning kang sarwa kumêlip ing ngalam donya, ratuning băngsa lêlêmbut lan băngsa gaib-gaib, ratu wicaksana linuwih, adil ora lêlemeran. Aku ngêmban dhawuh animbali kowe kerida ing salakuku. Yèn kowe mogok ora gêlêm sowan, masthi kowe bakal wêruh marang krodhaku. Kêpriye saiki karêpmu, gêlêm sowan krananing apik, apa ora.

Pun landhak mirêng wicantênipun sêgawon, manahipun nratab. Enggal-enggal mêdal saking ing êsong lajêng tumut salampahing sagawon. Sadumugining ngarsanipun Kangjêng Nabi Suleman lajêng sujud, sirahipun konjêm ing siti, rumaos ing lêpatipun, botên sagêd kumêcap.

Kangjêng nabi taksih mangku duka, andangu dhatêng Sang Singaraja: He, Singa, kêpriye, kok gèsèh karo aturira. Sira matur mratelakake yèn si landhak pinunjul ing kalantipan. Ingsun timbali, nalika kang ingsun utus si jaran, si landhak ora gêlêm têka. Măngka jaran iku padha-padha sato asikil pat,[4] mulya dhewe. Barêng kang ingsun utus si asu, banjur sumrinthil bae. Măngka asu iku padha-padha sato kalêbu asor.

Singaraja lajêng andhawuhakên pangandikanipun Kangjêng Nabi Suleman wau dhatêng pun landhak. Landhak lajêng amangsuli atur dhatêng Sang Singaraja: Ki lurah, sangêt kaluhuran dhawuh pangandikanipun kangjêng nabi punika. Anamung mugi andadosakên kawuninganipun ki lurah. Sadaya-sadaya punika wau akanthi wêwaton ingkang êsah. Nalika kula tampi timbalan ingkang kaêmban dhatêng pun kapal, manah kula botên ngêdhap, botên [bo ...]

--- 109 ---

[... tên] uwas, sabab kula sumêrêp, bilih kapal punika sae sarta burus manahipun, tur têmên. Saatur-atur kula tamtu dipun unjukakên lugu kemawon. Botên dipun wêwahi, botên dipun kirangi. Anamung pun sagawon punika botên makatên. Sagawon punika asor bêbudènipun, awon manahipun. Kula kuwatos, bokmanawi atur wangsulan kula botên dipun aturakên lugu dhatêng kangjêng nabi. Kula kuwatos bokmanawi anggènipun ngaturakên wau mawi dipun wêwahi utawi dipun kirangi, tamtu sagêd adamêl bêndunipun kangjêng nabi, ingkang tundonipun sagêd adamêl tiwasing badan kula, jalaran lajêng manggih pidana ingkang kabêkta saking anggènipun ngamandaka utawi damêl-damêlipun sêgawon. Pramila sarêng sagawon andhawuhakên timbalanipun kangjêng nabi, kula lajêng enggal-enggal sowan.

Kangjêng Nabi Suleman têtela pamidhangêtipun dhatêng wangsulanipun pun landhak dhatêng Sang Rajasinga, lajêng ngandika dhatêng landhak: He, landhak, manira wus miyarsa têrang marang wangsulanira marang Si Singabarong. Ing samêngko ingsun mundhut rêmbugira, kapriye mungguh panêmunira marang ature raja jim iku bab maul hayat kang diunjukake marang ingsun. Apa bêcik ingsun unjuk, apa ora.

Landhak amangsuli atur: Gusti, tamtunipun sampeyan dalêm sampun ngawuningani mênggah kasiyatipun maul hayat punika. Manawi sampeyan dalêm ngunjuk maul hayat punika pancèn saèstu badhe botên seda salaminipun, ngantos dintên kiyamat, sarta botên badhe nandhang gêrah ing salami-laminipun. Punika sadaya prakawis ingkang sae-sae. Anamung inggih wontên prakawis ingkang botên sae, ingkang mijil saking kasiyat wau.

Kangjêng nabi andangu: Apa alane.

Landhak amangsuli atur: Gusti, mênggah botên saenipun makatên. Sarèhne sampeyan dalêm sagêd angsal kasiyatipun maul hayat, tamtu inggih lajêng badhe sagêd sugêng ngantos dintên kiyamat. Anamung garwa dalêm ingkang sampeyan dalêm sihi, badhe ngrumiyini seda. Makatên ugi putra wayah dalêm, sarta para abdi dalêm mantri ingkang sampeyan dalêm sihi, inggih sami ngrumiyini sowan ing pangayunanipun Pangeran. Sabên-sabên panjênêngan dalêm badhe asring angraosakên kacuwan ingkang tanpa kêndhat, lajêng karaos kantun anggana wontên ing ngalam donya. Lah punapa sakecanipun gêsang ingkang makatên punika. Punapa pikantukipun gêsang ingkang miyambaki makatên punika.

Kangjêng Nabi Suleman midhangêtakên atur wangsulanipun landhak ingkang makatên wau sakalangkung rêna panggalihipun. Tuwung ingkang isi toya gêsang lajêng dipun asta, kadhawahakên ing ngarsanipun, satêmah pêcah. Toya gêsang amblambang lajêng sirna.

Dumugi samantên cariyos bab awon tuwin saenipun [sa ...]

--- 110 ---

[... enipun] toya gêsang utawi maul hayat tumrapipun manungsa. Sapunika kula badhe nyariyosakên bab Kangjêng Nabi Suleman, miturut panganggêpipun tiyang Yahudi, tuwin tiyang Nasara sarta tiyang Arab.

Têtiyang Yahudi sami ngangge agami miturut sarak ingkang kaampil dhatêng Kangjêng Nabi Musa Kalamullah, awêwaton dhawuhing Pangeran ingkang kasêrat ing papan sela, awujud pêpacak sadasa warni, katurunakên wontên ing rêdi Sinai. Têtiyang Jawi mastani rêdi Tursina. Wondene kitabipun anama Torah utawi Torèt, utawi prajangjean lami. Miturut pitajêngipun băngsa Yahudi, wontên ungêl-ungêlan ing pintên-pintên panggenan, ingkang mratelakakên bilih Gusti Allah aparing prajangji, badhe anurunakên nabi agêng, ingkang badhe ngêlun jagad sadaya. Tumurunipun mawi kamulyan ingkang sakalangkung-langkung. Asmanipun kasêbut Mèsiyas. Dhawuh prajangji ingkang makatên wau taksih dipun ajêng-ajêng sarta tansah dipun êntosi kalêksananipun.

Sarêng Kangjêng Nabi Suleman jumênêng ratu ing nagari Betalmukadas utawi Betalmakdis, utawi ing Yerusalèm, katawis bilih kawicaksananipun punjul ing apapak, kamulyanipun inggih linangkung. Ing wiwitanipun, băngsa Yahudi ngintên, bilih inggih Kangjêng Nabi Suleman punika nabi ingkang dipun jangjèkakên ing Pangeran, inggih ingkang asma: Mèsiyas. Kangjêng Nabi Suleman kajawi katawis kawicaksananipun ingkang mrojol ing akêrêp, inggih ngarang sêrat pintên-pintên kathahipun sarta awarni-warni, ingkang uwosipun piwulang dhatêng manungsa, langkung-langkung dhatêng băngsa Yahudi. Inggih nganggit sêrat bab kewan-kewan tuwin sapanunggilanipun. Ing alami-lami, sarêng Kangjêng Nabi Suleman sampun ngajêngakên seda, paprentahanipun adamêl awratipun băngsa Yahudi, pramila lajêng sami anggraita, bilih kangjêng nabi wau dede Mèsiyas ingkang kadhawuhakên Pangeran, ingkang kasêbut ing Sêrat Torèt wau. Sasedanipun kangjêng nabi, tiyang Yahudi lajêng tuwuh malih pangajêng-ajêngipun dhatêng nabi ingkang asma Mèsiyas wau.

Nalika Kangjêng Nabi Ngisa anggêlarakên wêwulang bab panêmbah utawi pangabêkti dhatêng Gusti Allah, botên dipun ajêngi dhatêng têtiyang băngsa Yahudi, sarta botên dipun akên, bilih punika Mèsiyas, sabab rawuhipun botên kanthi kamulyan ingkang agung. Prakawis punika botên kula panjang-panjangakên cariyosipun, sabab punika lajêng badhe magêpokan kalihan piandêl. Makatên ugi sarêng Kangjêng Nabi Muhamad anggêlarakên wêwulang bab panêmbah sarta pangabêkti dhatêng Pangeran, inggih botên dipun pitajêng, sabab saking pangraosipun, taksih dèrèng cocog kalihan pratelan ingkang kawrat ing sêrat prajangjean lami. Pramila anggènipun [ang ...]

--- 111 ---

[... gènipun] ngajêng-ajêng rawuhipun Sang Mèsiyas, lastantun ngantos dumugi sapriki.

Mênggah panganggêpipun băngsa Nasara dhatêng Kangjêng Nabi Suleman: Kangjêng nabi namung kaanggêp ratu ingkang wicaksana linangkung, sarta mursid, punapa malih mulya sangêt. Malah kanabeanipun botên (patos) dipun akêni. Sarta kacathêt bab kalintuning tindakipun, anggènipun paring palilah dhatêng sawênèhing garwanipun, anggènipun adamêl griya kadewan, ingkang kaangge papan pamujan garwa wau. Pramila lajêng kadukan ing Pangeran (makatên punika piandêlipun băngsa Nasara) têdhakipun botên kaparêngakên lastantun jumênêng ratu. Anggènipun jumênêng ratu namung sakêdhap. Nagari Palèstinah lajêng pêcah dados kalih. Ingkang sadasa perangan ngratu dhatêng senapatinipun Kangjêng Nabi Suleman. Ingkang kalih perangan dipun ratoni putranipun Kangjêng Nabi Suleman, prakawis cariyos punika inggih kula jugag samantên kemawon.

Sapunika bab panganggêpipun têtiyang băngsa Arab dhatêng Kangjêng Nabi Suleman. Panganggêp wau lajêng tumular-tular dhatêng têtiyang ing tanah Indhonesiah, ingkang sami sinau agami Islam. (Têtiyang ngriki kajawi sinau agami Islam, inggih nular bab cêcriyosan utawi dêdongengan bêbêktanipun băngsa Arab wau).

Ingkang rumiyin kula badhe ngaturakên bab panganggêpipun têtiyang Arab, ingkang cocog kalihan panganggêpipun têtiyang Yahudi sarta têtiyang Nasara. Ing ngandhap badhe kula aturakên panganggêp ingkang gèsèh.

Têtiyang Arab sarta têtiyang Asiah sadaya ingkang sami sinau utawi ngrasuk agami Islam, dalah têtiyang nusantara utawi Indhonesiah, sarta tiyang Aprikah, punapa malih tiyang Eropah, sarta têtiyang Amerikah tuwin tiyang Ostraliah, ingkang sami sumêrêp dhatêng cêcriyosanipun Kangjêng Nabi Suleman, sampun sami arug sadaya mastani bilih Kangjêng Nabi Suleman pancèn wicaksana linangkung, ngungkuli para ratu ing sajagad rat pramudita. Makatên ugi sami ngakêni gunging kamulyan sarta kaluhuran tuwin kasugihanipun. Cariyos bab rajaputri ing Saba, ingkang kawastanan ing têtiyang Malayu: Putri Balkis, punika dipun akêni ing nyata utawi têmênipun. Sang rajaputri wau anggènipun karaya-raya marak ing ngabyantaranipun Kangjêng Nabi Suleman kabêkta saking anggènipun kapencut mirêng kaluhuranipun, sarta kabêkta saking anggènipun kumawula (cariyos punika kasêbutipun wontên ing dêdongengan ingkang saking tanah Arab, karumpaka sae sangêt, ngungkuli pangrumpakanipun têtiyang Yahudi sarta têtiyang băngsa Nasara). Prakawis ingkang kasêbut ing nginggil punika, panganggêpipun tiyang sajagad sampun sami. Anamung kajawi punika têtiyang Arab gadhah panganggêp, bilih Kangjêng Nabi Suleman inggih angratoni sadaya sato kewan, sarta mangrêtos dhatêng basaning sawarnining sato. Sarta angratoni [a ...]

--- 112 ---

[... ngratoni] lêlêmbat, angin, jawah, sarta sadaya ingkang kumêlip ing donya. Dados angratoni sadaya titah utawi makhluk. Sadaya titah ingkang wujud punapa kemawon, pundi ingkang botên purun ngèdhêp dhatêng panjênênganipun, tamtu dipun pêrangi, dipun purih têlukipun, sarta kaprêdi supados sami purun nêmbah ing Allah ingkang sanyata. Salêbêting Sêrat Ambiya, sarta Sêrat Sèwu Satunggal Dalu, Sêrat Kancil, tuwin Sêrat Paramayoga utawi sêrat sanès-sanèsipun, sami nyariyosakên bab luhuring kamulyanipun Kangjêng Nabi Suleman, sarta agênging pangawasanipun. Cuthêl.

Wondene bab panganggêp dhatêng Sang Mèsiyas, sarta dhatêng para nabi sanès-sanèsipun, botên kula cariyosakên ing ngriki, jalaran punika botên kalêbêt dhatêng cariyos maul hayat ingkang kasêbut ing nginggil. Prakawis punika kenging kula cariyosakên ing măngsa sanès utawi ing papan sanès.

Kusumatmaja.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 6.

Wiraka

Inggih sandika (lunga, ora suwe nuli mêtoni manèh ing kalangan): kula sampun mrika, sumêrêp wontên bangkenipun tiyang èstri dipun olor-olor ing kewan galak.

Panewu gowong sarta gripir

Kêpriye wêruhmu yèn iku bangkene wong wadon.

Wiraka

Sagêd kula sumêrêp saking kêkantunaning rambutipun, baunipun, tanganipun, sarta sukunipun.

Jaksa

Ah, ana ing jagad iku pangadilan iku kok akèh têmên pakewuhe.

- Sangsaya rêsik, sangsaya rêsik panitipriksane.@- Tinêmune kok sangsaya mundhak-mundhak pakewuhe.@- Kawruhing pangadilan êntèk gusis.@- Si angên-angên kêntekan daya kayadene sapi kang kêlêbu ing êmbag ana ing rawa.

Carudatta (ambatin)

- Kayadene kêkêmbangan kang lagi wiwit mêgar.@- Kinrubut ing tawon kang arêp ngombe.@- Iya mangkono iku gambare wong kang nêmu bêbaya.@- Bilaine anumpa-numpa, kagawa saka ananing prakara kang gothang.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 113 ---


utawi. (kembali)
utawi.
miturut. (kembali)
miturut.
panjênênganipun. (kembali)
panjênênganipun.
papat. (kembali)
papat.