Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-08, #396

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-08, #396. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-08, #396. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 8, Agustus 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Găndalayu 14, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7.

Saking panyawang kula, nanging sawangan saking katêbihan, wiwitipun minggah saprasakawan tataran dhatêng matêrialismê, punika sabakdanipun prang Jêpang kalihan Ruslan, saya dangu saya andêdêr, ngantos dintên punika. Sarèhning dèrèng sapintêna dangunipun, mila miturut anggêr-anggêring kodrat, ingkang anêtêpi suraosing Sêrat Jaka Lodhang, dèrèng sadaya. (Wong alim alim pulasan | jaba putih jêro kuning | ngulama mangsah maksiyat | madat madon minum main... salajêngipun. Wadon nir wadonira | prabawèng salaka rukmi | kabèh-kabèh mung marono tingalira).

Ingkang makatên wau lakar wataking manungsa (wataking badan penginan) pundi ingkang dados iktekadipun sinartan karosan, adhakanipun nyupèkakên sadayanipun. Sarèhning prabawèng salaka rukmi (materieel, stoffelijk) mila kabèh-kabèh mung marono tingalira. Manawi botên makatên, botên nama rosa. Ing măngka rosa punika pawitan agêng. Tanpa karosan, sadaya panggayuh botên kadadosan.

Miturut kawruh natirkêndhê, samukawis ingkang sagêd mumbul, punika manawi sampun pantog umbulipun mêsthi mandhap. Awit saking punika manawi mandhapipun amargi saking pantoging umbul, punika ingkang prayogi, awit mapanipun [mapanipu ...]

--- 114 ---

[... n] ing ngandhap sarana ervaring, wêkasan sagêd anêtêpi kados dhawuhipun kangjêng nabi, manawi kadonyan sarta bab akerat punika kêdah mlampah asêsarêngan. Mila Sang Arya Wrêkodara kêdah krama Dèwi Arimbi, tuwin putraning Hyang Ăntaboga, wêkasan pêputra Radèn Gathutkaca tuwin Radèn Ăntasena. Nanging manawi miturut kawruh Jawi, ingkang krama Arimbi tuwin Nagagini punika kêdah Arya Wrêkodara, lajêng badhe sagêd pêputra Arya Gathutkaca tuwin Arya Ăntasena. Nanging manawi sakula: ditya rambut gêni, upami angsal Arimbi, sagêd ugi anak-anak setan gundhul, doyan nêdha, imbêt sarwa nyênyêngit. Ewasamantên Gathutkaca tuwin Ăntasena, ing pucukaning prang Bratayuda kêdah sirna.

Mangsuli Sêrat Jaka Lodhang. Sarèhning jaman salaka rukmi dèrèng dangu lairipun, malah kănca sêpuh - sêpuh ing ngriki atêgês sêpuh jiwanipun - ingkang eling lawan waspada, ingkang angèngêti lampahan Arjunasasra, taksih kathah. Sarèhning jaman salaka rukmi dèrèng dangu tumapakipun, mila ingkang angèngêti kala Prabu Dasamuka, sampun dipun talikung kantun mithês, Sang Hyang Narada mêksa anêdhaki, dhawuh dhatêng Prabu Sasrabau kinèn angluwari, amargi rêgining tapa sèkêt taun wontên Gohmuka dèrèng cubak. Kantun sapanjalman malih. Benjing manawi Sang Hyang Wisnu sampun abala wanara, ing ngriku sirnanipun Prabu Dasamuka. Ingkang maro tingal, rak taksih kathah. Mila inggih amung para ingkang maro tingal ingkang sagêd angrêgèni luhuring kagunan wayang sawêtah.

Bab Dhukun Jawi

Wiwit kala rumiyin dumugi sapunika, kagunan kita ing dalêm babagan padhukunan pancènipun taksih têtêp luhur. Asor tuwin rèmèhipun punika botên dumunung ing kawruhipun, dumunung wontên tiyang ingkang anglampahi. Buktinipun kajawi sanès-sanèsipun ugi wontên, dintên punika panjênênganipun Dr. R. Sasrakartana kawruhipun padhukunan angorêgakên jagad. Ngantos kawruh kadhoktêran miturut Darmakăndha no. 54 rumaos judhêg. Wartosipun, jampinipun botên sanès namung toya, Pak Bêdor dèrèng dangu punika inggih ngèmpêri.

Manawi para dhukun Jawi ingkang kathah-kathah sami purun nitipariksa, saèstu badhe angsal kayakinan, manawi ingkang sagêd anyarasakên tiyang sakit tanpa mawi jampi kadhoktêran, utawi racikan cara Jawi, ingkang sampun kalimrah kangge anjampèni satunggal-tunggaling sêsakit, punika dayanipun kêkiyatan batos (innerlijke vermogens) ingkang dipun gugah sarana satunggaling lampah. Awit kêkiyatan batos wau salami-laminipun, dumunung ing sadhengah manungsa, manawi dipun gugah, agêng dayanipun. Manawi botên dipun gugah: mindêng lêrêm (sluimerend).

--- 115 ---

Ron-ronan tuwin oyod-oyodan tuwuhan tanah Jawi, lêrêsipun sampun sagêd anyarasakên sêsakit limrah tanpa suwuk, langkung malih manawi dipun biyantu dening sêmbur suwukipun dhukun ingkang tangi daya kabatosanipun. Jêr sadèrèngipun ing tanah Jawi wontên jampi kadhoktêran, inggih amung punika jampinipun băngsa kita Jawi sarta dayaning kêkiyatan batos. Sarèhning dhukun ingkang sagêd angurubakên daya kêkiyatan batos, botên kathah cacahipun, ing măngka kajawi jampi gagrag kadhoktêran, kintên-kintên dèrèng sagêd anyêkapi bêtahipun sadaya sadhèrèk dhusun ingkang andhêlik-dhêlik, ugi para sadhèrèk ing dhusun ingkang dèrèng kalêbêtan wulangan, piandêlipun amung dhatêng dhukun. Awit saking punika parlu sangêt para sadhèrèk dhukun sami atrajang cara enggal ing sakuwawinipun. Saking sakêdhik sinau kawruh kadhoktêran, ingkang kenging dipun lampahi sarana pitakèn utawi maos buku jampi-jampi tuwin bab kasarasan.

Sarèhning ingkang makatên wau, tumrapipun para têtiyang dhusun botên gampil kalampahanipun, amargi kathah sabab-sabab ingkang anjalari angèling panindak, mila sadèrèngipun tumindak sae, prêlu dipun tuntun dening salah satunggaling pakêmpalan.

Awit manawi kawontênanipun para dhukun Jawi limrah, ajêg namung kados kawontênanipun sapunika, adhakanipun angêgungakên slamêtan, ambucali dhatêng padhanyangan nganu, sarta kawruhipun botên lêlandhêsan pasinaon. Punika kajawi nama botên anggêgêsang kagunan kita piyambak, ingkang satêmênipun sampun luhur, ugi mêsakakên ingkang sami mitados, sarta angajêng-ajêng pitulunganipun. Kapitadosanipun têtiyang dhusun dhatêng dhukun, kandêl sangêt, mila ingkang dipun pitados wajib angindhakakên sêsêrêpanipun saking sakêdhik. Ugêr sampun sinau kawruh kadhoktêran sakêdhik kemawon, sampun lumayan, kados ta: sakit bêntèr utawi wêtêng punika sirikanipun punapa, tèmpêratir punika atêgês punapa, kastroli punika manjing dhatêng punapa, ngomprès êmbun-êmbunan punika kajêngipun kadospundi, têtêdhan ingkang munpangati punika awarni punapa, sarta punapa pikantukipun, sêsakit bangsaning tatu punika warni pintên, pundi ingkang mawa kruma, pundi ingkang botên. Manawi ingkang sakit kêdah dipun sukani jampi ombèn-ombèn, kêdah kaping pintên sadintên sambêtipun kalihan kandêl tipising sêsakit. Tuwin sanès-sanèsing pathokan ingkang gampil-gampil. Awit ingkang limrah sêsakitipun têtiyang dhusun punika: bêntèr, wêtêng, gudhig, pathèk, tuwin sêsakit èstri. Sanèsipun sêsakit wau awis-awis wontên, wah manawi dipun jampèni langkung gampil, tinimbang tiyang kitha. Awit limrahipun gêsanging tiyang dhusun [dhu ...]

--- 116 ---

[... sun] botên dipun èdi-èdi. Prasasat taksih gêsang ing wana.

Ingkang langkung parlu sangêt mangrêtos dhatêng kawruh kadhoktêran, punika dhukun bayi, kêdah sakêdhik-sakêdhik mangrêtos dhatêng kawruh tulung bayi cara enggal. Kêdah mangrêtos kawruh ngêdusi bayi, awit botên kirang bayi mripatipun cacad, amargi saking dhukunipun botên gadhah pangrêtosan. Kêdah mangrêtos manawi bayi dipun dublag puni[1] sagêd anjalari sakit, amargi tiyang nêdha punika kêdah saukur. Manawi langkung saking takêr, dados wijining sêsakit warni-warni, amargi pirantos pangrêmêdaning têdha lajêng nyambut damêl langkung saking takêr, satêmah têtêdhan botên sagêd dados bubur salêbêtipun tigang jam. Ing măngka bayi dèrèng sagêd cariyos manawi sampun tuwuk, dados takêripun tuwuk, wontên ingkang andulang.

Asêsarêngan kalihan lairing jabang bayi, Gusti Allah sampun paring têtêdhan ingkang anyêkapi tumrap bayi wau, inggih punika wujud toya sêsêpan, ugêr dipun sêsêpi saukur, bayi sampun sagêd gêsang. Sawênèhing sadhèrèk dhusun wontên ingkang suka katrangan, manawi ngêmungakên nêdha toya sêsêpan kemawon botên tuwuk, kêrêp nangis. Ingkang makatên wau bokmanawi kathah èmpêripun, nanging piyambakipun kasupèn, manawi pakulinan punika ing dalêm bab punapa kemawon angèl panèthèlipun. Dados manawi dipun kulinakakên nêdha barang ingkang wungkul, sarèhning dèrèng dumugi mangsanipun, kêdah namung gêsang kalihan toya sêsêpan, pun bayi mêsthi rumaos tuwuk botên prêlu mawi dipun wêwahi têtêdhan sanèsipun. Dene manawi sampun mêdal untunipun, ing ngriku wancinipun dipun sukani têtêdhan sanèsipun toya sêsêpan. Amargi kajawi sampun sagêd mamah, toyanipun sêsêpan, sambêtipun kalihan umuring lare, ingkang sampun mêdal untunipun, botên anyêkapi.

Sarèhning tumrap kita băngsa Jawi, limrahipun manawi anêsêpi sami nyirik têtêdhan limrah, ingkang kathah manawi nêdha namung lawuh dhèndhèng, utawi sarêm gorèng. Mila dhukun bayi prêlu gadhah pangartosan, manawi ingkang makatên wau, anyulayani kawruh kasarasan badan. Mirid kawruh kadhoktêran, manawi kula botên kalintu, tiyang nêsêpi parlu nêdha têtêdhan limrah, namung băngsa lawuhan ingkang amis-amis, kados ta tigan sapanunggilanipun sarta lombok, parlu kasirik. Prêlunipun supados toyanipun sêsêpan isi sarining têtêdhan, ingkang migunani adêging gêsang, kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng.

Kajawi saking punika tumindakipun bong, ugi prêlu dipun saèni, dipun wêwahi kawruh kadhoktêran sawatawis, kados ta: bab jampi, pangrimating lading ingkang kangge nêtaki tuwin bab têdhanipun lare ingkang bakda têtak. Tumrapipun kawruh kadhoktêran, jampinipun tatu enggal ingkang kados tatuning lare têtak, [têta ...]

--- 117 ---

[... k,] limrahipun mayar sangêt, sarta enggal saras. Nanging kawontênanipun ing dhusun-dhusun botên makatên. Taksih kathah ing dhusun lare têtak sarasipun ngantos gangsal wêlasan dintên minggah. Ingkang makatên wau botên liya sababipun, kajawi jampinipun ingkang kirang prayogi. Saupami kyai bong purun srawungan kalihan para pêrpligêr, nêdha sêsêrêpan jampi ingkang prayogi tumrap lare têtak, sarta kadospundi rekanipun tiyang amblêbêd, kados kemawon para pêrpligêr dhangan sangêt suka sêsêrêpan. Malah ingkang prêlu dipun wigatosakên punika, lading ingkang kangge nêtaki. Awit kala-kala sagêd anjalari panyakit sipilis. Kula sampun nate dipun cariyosi satunggaling prayantun dhoktêr, manawi sababipun tiyang kenging sêsakit sipilis punika botên namung jalaran saking anggènipun amblunthah, sagêd ugi jalaran saking têtak.

Upami wontên lare ingkang dipun têtaki, sampun gadhah sêsakit sipilis, turunan saking tiyang sêpuhipun, wusana lading wau dipun angge nêtaki lare sanès, punika ugi sagêd anjalari tumularing sêsakit wau. Awit saking punika mila sabên lading mêntas kangge nêtaki, prêlu dipun kum ing sublimat. Pangatos-atos samantên, limrahipun para tiyang dhusun botên dumugi.

Amargi saking kiranging sêsêrêpan, pamrayogi kados ingkang kasêbut ing nginggil, tumrapipun para dhukun tuwin bong, dèrèng mêsthi gampil tumindakipun, awit ingkang kathah dèrèng rumaos bêtah angindhakakên kagunanipun. Mila sagêdipun kalampahan, ambokmanawi trimah saking sakêdhik, sarta dipun sêrêp-sêrêpakên dhatêng tiyang ingkang sampun dipun kulinani.

Manawi nitik pratikêlipun para dhukun Jawi anggèning nindakakên kawruhipun, kados ta: sarana nyuwuk, andamu, mijêt, sapanunggilanipun, kacihna sajak alêlandhêsan pathokan ingkang prêmati, nanging bokmanawi amargi sampun kadangon anggèning tular-tumular, tanpa mawi dipun sêrati, wah watakipun băngsa kita kina, manawi gadhah kawruh dipun dhêlikakên, dumuginipun sapunika namung kantun patrapipun kalairan. Dene kabatosanipun, ingkang asêsambêtan kalihan anggèning mijêt, andamu, nyuwuk sapanunggilanipun, sajak sampun botên dipun sumêrêpi. Awit saking punika panyuwun sarta pamijêtipun, ingkang kathah lajêng kirang dayanipun.

Ing ngriki kula badhe nyariyosakên pokokipun padhukunan Jawi sakêdhik, ingkang sambêt kalihan dhasaripun băngsa Jawi, awit manawi dipun kathahi, kajawi kawruh kula ing bab punika cupêt, ugi badhe angêbaki papan, mila supados radi gambêlang, rêmbag babagan wau, kêdah minakakên wanci piyambak.

Manawi botên kalèntu pokokipun padhukunan [pa ...]

--- 118 ---

[... dhukunan] Jawi punika, wontên ing tangining daya kêkiyatan batos, ingkang dipun wastani prana (daya kakiyatan ingkang anggêsangi badan, utawi daya ingkang anjalari anggotaning badan sagêd makarti), dados botên wontên ing jampi ingkang kasatmata. Dene pambukanipun wontên ênênging cipta. Sanadyan kawruh mesmerisme (Karanganipun Dr. F.M. Mesmer 1734–1815) ingkang sagêd ambêdhèl tiyang tanpa mawi jampi kalairan, sarta telepathie pancadanipun inggih ênênging cipta. Nanging sami-sami nindakakên kêkiyatan batos, ingkang piwulangipun cocog kalihan kasagêdanipun dhukun Jawi ingkang sapunika taksih tumindak, punika piwulang Indhu. Buku "de wetenschap der psijchische genezing door jogi Ramacharaka" punika wêwarahipun nyamlêng kados pratikêlipun dhukun Jawi ing dintên punika: mawi nyuwuk, mijêt, ngababi, andamu, ngidoni utawi andilat, nanging panyuwuk, pamijêt, pandamu sapanunggilanipun wau, botên namung pas-pus barès. Sadaya patrap wau minăngka kangge talang wêdaling prana, dhatêng peranganing badan ingkang sakit. Kajawi saking punika, ugi mawi amulangakên dunungipun satunggal-tunggaling pirantosing badan, ingkang anindakakên pirantos-pirantos adêging gêsang, kados ta: pangrêmêdan (wadhuk), jantung, limpa, paru, kêbuk, utêk, sapanunggilanipun. Manawi peranganing badan wontên ingkang sakit, kêdah dipun sumêrêpi mlêbêt kalurahan pundi, peranganing badan ingkang sakit wau. Manawi dados têtanggêlaning utêk, inggih utêk ingkang dipun êjogi prana, botên beda makatên panggaraping sanès-sanèsipun pirantosing badan, dados kêdah dipun sumêrêpi rumiyin, peranganing badan ingkang sakit. Kalêbêt garapanipun pirantos punapa ingkang dipun prasudi dening para ingkang nyobi kawruh wau, punika manawi kangge anjampèni tiyang ewah (edan), manawi kalêrêsan ubarampenipun, anggènipun anggumunakên. Awit saking punika mila saya wêwah kapitadosan kula, manawi kagunan Jawi ugêr dipun upakara, sampun kenging kangge adêging gêsang, namung kantun mêwahi, kangge ngindhaki kasampurnanipun. Bêbadra punika kathah èwêd-pakèwêdipun. Tinimbang sabên-sabên ngisèni kulah kothong, aluwung mêwahi kemawon. Ngirangi ingkang botên migunani, kanthi angèngêti mottonipun B.O. santosa, waspada, anggayuh utama. Nitik luhuring kabudayanipun băngsa Jawi, pangintên kula (nanging kintên-kintên ingkang bêbasan tanpa pathokan) manawi kultur kita sagêd gêsang malih, subur tanpa kêmladheyan, tanpa ama urèt, bokmanawi mêwahana namung sakêdhik, sagêd cêkap kangge gêsang sêsarêngan abiprayan wontên ing dunya. Kula sawang saking Pusaka Jawi, para sagêd anggèning metani kagunan Jawi katingal anggrêgut, sarta titi. Sarana lampah ingkang kados makatên, dangu-dangu kawruh

--- 119 ---

ingkang sapunika taksih kalêmpit, badhe sagêd angsal katrangan ingkang gumathok.

8. Bab maca (maos) sêrat-sêrat babad ingkang dipun sêkarakên

Tumrapipun para sadhèrèk ing dhusun, manawi pinuju gadhah prêlu alit-alitan, kados ta: pindhah griya, jagong bayi, sêpêkênan, tingkêban, sapanunggilanipun ingkang climèn, kala jaman alitan kula, sami ngulinakakên maos salah satunggaling sêrat babad, adhakanipun sêrat cariyosipun Kangjêng Nabi Mukamad, Sêrat Menak, utawi sanès-sanèsipun, ingkang têmbungipun gampil. Padatan ingkang makatên wau, botên angêmungakên kalampah ing Jawi Têngah kemawon, wradin sapulo Jawi tuwin Madura, kajawi ing Batawi.

Maos (maca) punika tumrapipun ing Jawi Wetan tuwin ing Madura, wontên dhalangipun, sakêdhikipun kalih: ingkang satunggal maos, ingkang satunggal anjarwakakên tanpa sêkar. Manawi ing tanah Pasundhan radi wontên bedanipun sakêdhik, botên sarupi dipun dhalangakên, namung ingkang suwantênipun sae nyêkarakên, ingkang satunggal maos jarwa tanpa sêkar. Kasênêngan ingkang kados makatên wau, tumrapipun têtiyang dhusun ingkang racak-racak sakêdhik pamêdalipun, sampun mungguh, dene wragadipun namung sakêdhik, wah anênuntun watak pasêdherekan, martuwi kalanipun tăngga têpalih wontên ing dalêm măngsa ingkang prêlu dipun rubung. Saening padatan ingkang makatên wau, botên namung anênangi raos pasêdherekan kemawon, ingkang laras kalihan dhasaring tiyang Jawi, inggih ugi anggêlar piwulang kasaenan utawi kawruh dhatêng têtiyang kathah. Manawi cara sapunika, kenging kasamèkakên lèsêng ing ngajênganipun sadhèrèk kathah. Botên namung kandhêg samantên kemawon pigunanipun kêmpalan mawi sêgahan maos sêrat, malah inggih asêsambêtan kalihan kamajênganing sêrat-sêrat sêkar Macapat, bab langên swara, gêndhing, kagunan larasing pamirêng, ingkang samangke katingal mundur. Ing măngka larasing pamirêng wau, sambêt kalihan salah satunggaling indriya, inggih punika: pangrungu. Pangrungu manawi angsal jantu ingkang tunggil laras, badhe anuwuhakên pangraos ayêm lan têntrêm. Manawi sampun têntrêm, padatan lajêng sanès raos-pangraosipun, adhakanipun namung èngêt ingkang sarwa sae sarwa sukci. Manawi saya maligi, botên katrocoban raos dhatêng kadunyan, sagêd dados ênêng.

Kalimrahan ingkang makatên wau, sapunika mèh botên kalampah, santun mawi tanggapan ingkang wragadipun tumrap tiyang dhusun kalêbêt kathah, wah botên ngêmu raos ingkang migunani dhatêng adêging gêsang. Eman-eman sangêt manawi cara ingkang makatên wau kalajêng risak. Sarèhning ingkang kathah têtiyang dhusun wau dèrèng gadhah kêkêncêngan piyambak, ingkang

--- 120 ---

sabab saking kayakinanipun, limrahipun amung ela-èlu. Mila manawi dipun contoni dening salah satunggaling tiyang ingkang kawical sêpuh, utawi dipun ajêngi ing tiyang dhusun ngriku, saèstu badhe dipun tulad. Langkung prayogi malih manawi dipun pardi dening sêsêpuhing dhusun ngriku. Taksih wontên sambêtipun.

Karangan Warni-warni Bab Tatakrama

Pasanggiri ingkang kasêbut ing Pusaka Jawi taun 1928 ăngka 1-2, kathah ingkang nglêbêti. Pratelanipun bab ingkang angsal ganjaran, sampun kapratelakakên ing Pusaka Jawi ingkang sampun-sampun, sarta ing ngriku inggih kapratelakakên, bilih karangan kêkalih ingkang kaanggêp nyêkapi, badhe kawêdalakên adhapur buku. Bab warni-warnining isinipun karangan ingkang kaanggêp botên nyêkapi, sarta bab warni-warnining ancasipun, punika para maos tamtu sagêd anggalih. Wontên ingkang pangarangipun wau botên pisan-pisan kabêkta saking anggènipun kapengin dhatêng yatra, namung kabêkta saking anggènipun kumêdah nglairakên pamanggih bab ingkang dados pasanggiri wau, sabab prakawis punika kalêbêt prakawis prêlu tumraping lampah-lampahipun sêsrawungan ing jaman samangke. Wontên malih ingkang lêlandhêsan bab badhe panampinipun yatra. Ingkang makatên wau inggih pancèn mèmpêr, jalaran angèngêti, bilih padamêlan punika, pantêsipun kêdah kanthi pituwas. Mênggah kayakinanipun satunggal-tunggaling priyantun wau, tiyang sanès botên sagêd ngêmohi utawi ngarêpi, sabab prakawis punika botên badhe dados têtanggêlanipun. Sagêdipun namung nyawang. Ing Pusaka Jawi ngriki kapacak karangan sawatawis, kapêndhêt saking karangan-karangan ingkang kaanggêp botên nyêkapi. Prakawis punika botên kasuwunakên timbangan dhatêng para maos, namung prêlu kapriksakakên kemawon. Sagêda ngawuningani kadospundi wujudipun. (Rumiyin inggih sampun wontên ingkang kapacak).

Sa.

Karangan ăngka 5.

Katur prayagung panimbanging caraning tatakrama srawunganipun sabên dintên.

Nuwun, ing Kêjawèn ăngka 8 tanggal 5 Ruwah ing Jimakir 1858, 28 Januari 1928, taun III, ngêwrat wara-wara, awit saking karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VII punika, anyayêmbarakakên bab caraning tatakrama pasrawunganipun sabên dintên, punika sakalangkung andadosakên bingahing manah kula, dene para prayagung ingkang kasêbut sampun wiwit manggalih badhe nyundhukakên kalihan jamanipun samangke, ingkang tundonipun manawi sampun sagêd anyundhukakên sadaya, saèstu badhe

--- 121 ---

kuwawi nampi panguwaosipun gupêrmèn ingkang badhe kaluntakakên lumantar Tuwan Murling nalika sêmantên (? Red) ananging sarèhning sayêmbaran wau babagan botên gampil, saèstunipun ingkang nglêbêti inggih badhe botên kathah, dene badhe panimbangipun sayêmbaran wau, sanajan ingkang pinatah wau para prayagung sarjana ingkang sampun linangkung, panimbangipun ing pangintên inggih botên gampil, manawi botên wontên ancêr-ancêripun kangge nimbang. Awit saking punika ambokmanawi andadosakên condhonging panggalih punapa karsa mundhut tumbas karangan sarana matah dhatêng kula, minăngka kangge ancêr-ancêr panimbang, karanganipun badhe kula damêl cêkak ingkang nyêkapi. Wondene pituwasing pangarang kapiridakên badhe pangêcapipun punapa paedahipun punika nyumanggakakên, ananging manawi sampun karsa, kula nyuwun sapalihing badhe pituwasipun langkung rumiyin, minăngka kangge wragading pangarang, sagêd maligi botên srabudan padamêlan sanèsipun ingkang adamêl keroning pikiraning pangarang: wasana cumadhong dhawuh.

Katur kaping 6 Sawal ing Jimakir 1858.

Pun...

Nuwun, gêgandhenganipun sayêmbaran salirang punika ambokmanawi anyondhongi, kados prayogi nyayêmbarakakên malih bab wêwahipun krama inggil ingkang sakeca pakêcapanipun, panyêratipun wiwit saking ngoko krama lajêng krama inggil kados ta: jarik, sinjang, nyamping.

Salin jarik, santun sinjang, simpêt nyamping sapiturutipun.

Mênggah ganjaranipun miturut kathah kêdhiking angsal-angsalaning wêwahanipun. Kapetang saking cacah punapa saking raèn nyumanggakakên, supados anarik pangudining têmbung Jawi ingkang ugi kagolong kêmajêngan. Wasana sumăngga.

Katur kaping 6 Sawal ing Jimakir 1858.

Pun...

Karangan ăngka VI

Awit saking karsa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII kawrat Pusaka Jawi ăngka 3, ringkêsaning suraos, mudhut pamanggih bokmanawi wontên caraning tatakrami Jawi, Sundha utawi Madura, ingkang parlu kasuwak, kaewahan utawi kasantunan, miturut panganggêp sarta pêpangkatanipun tiyang jaman samangke, punika sarèhning ingkang kagungan karsa wau kula anggêp pancèn waskitha, tur sumrambah (lugu) amila kula tiyang dhusun ingkang awis sangêt sêsrawungan wontên praja, ngantos kumêdah andhèrèkakên karsa dalêm ingkang bêbasan karsa nitih aluning samodra wau, nanging gadug kula namung tumrap tatakrami Jawi, tur inggih namung wêwaton raosing manah kula wêkdal katandukakên utawi [uta ...]

--- 122 ---

[... wi] grêgêlipun bilih nandukakên têmbung ingkang andharanipun kados ing ngandhap punika.

Tatakrami Jawi kina punika rumaosing manah kula botên kirang pèni jalaran tundha-tumundhanipun langkung pêpak tinimbang tatakrami sanèsipun. Kados ta têmbung: sira, ingsun, manira, pêkênira. Robaya, pantèn. Jêngandika, kula, panjênêngan. Kula. sampeyan - kula. Kowe, aku. Sapanunggilanipun. Ananging kabêkta rosaning jaman, dangu-dangu kula mênangi têmbunging tatakrami, ingkang babarpisan botên nate kêsrambah, kados ta: robaya: punika kajawi kangge geronganing kêtawangan sita mardawa kula sampun botên nate mirêng, mila sajatosipun tatakrami ingkang rêrakêtan kalihan kula sagaduging manah, inggih lajêng kula ewahi piyambak miturut wawasan, kawontênanipun jaman, wujudipun makatên:

I. Sadèrèngipun taun 1913 kula taksih gêgriya salêbêting kitha nagari, nunggil kampung kalihan sanak-sanak kula ingkang kulinanipun kula basani, paman, bibi, yu, kakang. Nanging sarêng tumapakipun taun 1913 wawasan kula, ingkang kêtandukan salong sampun katingal kirang marêm. Raos kula piyambak, upami kula dados ingkang kêtandukan têmbung paman, kok inggih sampun kados ingkang kula tanduki wau, jêr sanyatanipun pêpiridan tatakrami priyantun agêng ugi sampun ewah. Wujudipun, upami satriya ingkang dalajadipun kados Radèn Sămba, krama paman dhatêng Prabu Puntadewa, mandhapipun Radèn Arjuna, mandhapipun malih dhatêng Arya Sêtyaki, tamtu sampun pakèwêd. Putri ingkang dalajatipun kados Dèwi Sumbadra, inggih botên badhe krama kakang prabu dhatêng Prabu Krêsna. Ananging wêkdal samantên, kula badhe ngewahi, dèrèng angsal masakala, dados sabên pinuju pêpanggihan, sajatosipun inggih kirang rêsêp-rinêsêpan. Amila salêbêting manah tansah analăngsa. Wusana adiling Allah anggènipun ngrampungi prakawis wau, têlasing taun: 1913 kula wiwit angsal pangkat ingkang kagolong murwat. Pramila lajêng gampil sangêt anggèn kula nindakakên. Inggih punika patrap tuwin tatakrami kula lami, ingkang kula anggêp kagolong dhiri, lajêng botên kula angge. Saha sarêng kula kapanggih kalihan sanak-sanak kasêbut nginggil, lajêng kula basani pak, bu, mas, bakyu. Rosaning tekad kula wau katingal cêtha, lajêng angsal kukupan narik dhatêng katrêsnan, tur inggih botên pisan-pisan nyudakakên aji.

II. Taksih gandhèng kalihan wosipun bab I: wêkdal kula manggèn sacêlakipun bawah ing Dêmak, kêrêp mirêng têmbung wa: raka, wa: rayi (uwa jalêr utawi kakung, uwa èstri utawi putri) mbah raka, mbah rayi (êmbah jalêr utawi kakung, êmbah èstri utawi putri),

--- 123 ---

wontên malih têmbungipun rencang (batur) dhatêng lurahipun ingkang wawasanipun rencang wau parlu mawi têmbung ndara dhatêng lurahipun. Rencang-rencang wau limrahipun dhatêng pun lurah ngangge têmbung ndara raka, ndara rayi (ndara kakung, ndara èstri utawi putri) dene êmpanipun bêbasan wau makatên. Wontên tiyang mara tamu dhatêng griyaning uwakipun, saha ugi bêtah kêpanggih wakipun èstri, wusana wêkdal wau ingkang manggihi sawêg ingkang jalêr, punika pitakènipun tamu: wa rayi punapa ugi wontên ing dalêm, makatên sasaminipun. Sarèhning kula raos-raos têmbung wau ngindhakakên prigêl, amila kula piyambak ugi lajêng niru ngangge têmbung dhatêng sanak ingkang pantês kula trapi têmbung kasêbut nginggil wau, inggih punika dhatêng golonganipun sanak ingkang kula andharakên kasêbut nginggil. Sanadyan têmbung wau tumrap Surakarta dados têmbung enggal, ewadene tingalipun kok inggih lajêng ngrêtos tuwin ajêng, tur inggih ngindhakakên rêsêp. Dados dumugi samangke kula lêstantunakên.

III. Wontên kula ing dhusun, kula kêrêp kapêthuk tiyang ingkang pinuju tanpa caping, nanging wujudipun katingal sêdya suka urmat, patrapipun sarana èpèk-èpèkipun têngên kagêpokakên kupingipun têngên. (Satêngah sêmbah pranata). Nalika kula sawêg manoni satunggal kalih, sarèhning wujuding patrapipun tiyang ingkang suka urmat wau sanès bangsaning urmat saluwir, mila kula kintên bangsaning warga pakêmpalan ambikak tăndha, dados patrapipun lajêng kula tiru, kangge tăndha nampèni kajêngipun tiyang wau, wusana dangu-dangu dalah tiyang ingkang botên pantês bilih gadhah pakêmpalan, bilih pinuju tanpa caping inggih urmat makatên. Amila anggèn kula nampèni inggih bikak utawi anyêpêng topi.

Mênggah andharan kula kasêbut bab III punika, nyêbal saking suraosipun Pusaka Jawi ăngka 3, nanging sarèhning tatakrami thukul saking kajêngipun tiyang kathah, tur bangsaning kaum tani (nanging tumrap tiyang padunungan kula), amila bokbilih tata makatên punika sanèsing tanah padunungan kula ugi wontên. Pangangsoning manah, kados sadasanan taun malih, sagêd kalimrah ing pundi-pundi, ingkang salajêngipun băngsa kula Jawi inggih sêdya rêmên urmat-ingurmatan kados băngsa Eropah. Tur sadèrèngipun kula nênitèni tatakrami ingkang kula sumêrêpi enggal wau, ugi sampun wontên tatakrami Jawi lami, inggih punika tiyang langkung sacêlaking priyantun utawi tiyang sêpuh mawi kula nuwun. Ingkang dipun kula nuwuni lajêng mangsuli inggih, iya, utawi manthuk. Nanging kajawi ingkang dipun kula nuwuni mawi milih, patrapipun ingkang nandukakên utawi ingkang nampèni, radi ambucal tempo (? Red)

Nyêyarêngi karsa dalêm kangjêng gusti ingkang kasêbut ing nginggil, upami ombaking tatakrami ingkang mèmpêr sêmbah pranata wau sampun mèmpêr

--- 124 ---

kalihan alun, pamanggih kula inggih wontên pantêsipun dipun titihi.

IV. Salah satunggaling tatananing kabupatèn, bilih panjênênganipun sang bupati mêntas ngabêkti saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana (ing wulan Sawal utawi Bêsar), punika lajêng namtokakên satunggaling dintên (wanci sontên) parlu kangge nampèni sowanipun para karerehan tuwin priyantun sanèsipun ingkang sêdya caos bêkti, saha lajêng wara-wara saparlunipun. Dumuginipun dintên wanci katam tuwan wau, kabupatèn kasêbut nginggil tamtu lajêng kêbak priyantun jalêr èstri, sami mangangge pantês, inggih punika priyantun jalêr rasukanipun atela pêthak dhuwungan. Priyantun èstri rasukan sasênêngipun. Limrahipun gêlung têkuk. Putri kondhe. Sarêng sampun ngalêmpak, sang bupati sakalihan jumênêng sangandhaping pananggap lèr. Ingkang sami sowan inggih lajêng majêng jalêr èstri, satunggal-satunggal. Parlu sami mêmuji kasugênganipun sang bupati sakalihan. Sang bupati sakalihan ugi mangsuli pangandika paring pamuji wilujêng dhatêng ingkang mêntas ngaturakên wilujêng wau. Sarampungipun lajêng lênggahan sawatawis ngiras mirêngakên swantêning găngsa watawis kalih jam lajêng bibaran. Mênggah karsanipun sang bupati wau, sarèhning titikipun sabên risèpsi sawalan, ing pandhapi kabupatèn tamtu kêbak priyantun jalêr èstri, dados têtela bêbasanipun sang bupati karsa utawi sagêd nitih ombaking udaya.

Kula nuwun, mênggah anggèn kula kêpêksa kumacèlu andhèrèkakên karsa dalêm kangjêng gusti wau, botên katênta dening namung katingalên ganjaran, namung katarik inggih radi gandhèng kalihan kabêtahan kula piyambak. Amila bilih wontên kithaling ukara, lêpating kasusastran, nyuwun pangapuntên, jêr jaragan karanganipun tiyang dhusun tur botên nate sêsrawungan manjurung sêrat kabar sasaminipun, dening pancèn botên kobêr. Tur gêdhabyahipun karangan punika botên cundhuk kalihan wosipun namung sakêdhik, jalaran kabêkta ing parlu mawi nêrangakên sababipun kula lajêng ngewahi tatakrami ingkang sampun kula angge wiwit taksih rare, wêwaton wawasan ingkang lajêng kirang sakeca kula angge wau.

Pun Dhukuttoya ing Kaliabu.

Pêthikan saking Karangan Bab Kyai Dahlan.

Kyai Dahlan sêsorah wontên ing Panaraga.

Ing satunggaling dintên, Kyai Dahlan sêsorah wontên ing Panaraga, mratelakakên lampah-lampahipun agami Islam. Sarta ajak-ajak, para sadhèrèk ingkang sami kasupèn anindakakên parentahing agami, sami puruna gumaregah nglampahi dhawuh, sarta nêbihi awisanipun, sampun [sampu ...]

--- 125 ---

[... n] ngantos kalajêng-lajêng anggènipun ngêmohi dhatêng wêwulang. Dipun pratelakakên pisan, bilih agama Islam punika anggènipun kawulangakên, utawi katurunakên, prêlu badhe mranata jagad, sagêda jagad manggih wilujêng.

Sakèndêlipun sêsorah lajêng wontên sadhèrèk ingkang pitakèn: agami Islam kalihan agami Srani punika sae pundi.

Kyai Dahlan lajêng wicantên: Panjênêngan mundhut priksa, agami Islam kalihan agami Kristên sae pundi.

Sawêk dumugi samantên anggènipun wicantên Kyai Dahlan, kasaru dipun têngahi dhatêng asistèn wadana ingkang nênggani pakêmpalan wau, dados wêwakiling parentah. Makatên suraosipun: Sampeyan botên kenging mangsuli pitakèn punika.

Kyai watakipun pancèn sarèh sarta sabar, tur polatanipun sumèh nanging wingit, wicantênipun alon, nanging patitis, tur landhêp. Lajêng mangsuli taklim dhatêng asistèn wadana, suraosipun makatên: Inggih, anamung mugi kawuningana, sadhèrèk punika kêpengin priksa sae pundi agami Islam kalihan agami Kristên. Kula badhe ngaturi wangsulan, sarta kula tanggêl punapa-punapanipun, manawi wontên dukanipun nagari, kula ingkang badhe nyanggi, margi kula ingkang mangsuli.

Asistèn wadana mirêng wangsulan makatên sêmunipun ragi pakèwêd, malih mratiga panggalihipun, sabab èngêt bilih gadhah têtanggêlan bab tata têntrêm, kuwatos manawi wangsulanipun Kyai Dahlan nukulakên gègèr. Kaping kalihipun èngêt, bilih Kyai Dahlan punika anggènipun nindakakên sêsorah agami sampun angsal palilah saking nagari. Tur Kyai Dahlan punika botên wontên pawartosipun bilih ginêmipun sok adamêl gègèr. Sarêng sampun kamanah-manah ragi dangu, wusananipun inggih purun anglilani, nglilani mangsuli bab pitakènipun sadhèrèk ingkang kasêbut nginggil, namung sêmunipun inggih kanthi awrat anggènipun anglilani wau.

Kyai Dahlan lajêng matur nuwun sarta lajêng mangsuli, suraosipun makatên: Kala wau panjênêngan mundhut priksa, sae pundi agami Islam kalihan agami Kristên. Sadhèrèk ingkang pitakèn mangsuli: Inggih.

Tiyang-tiyang ingkang sami wontên ing salêbêting pakêmpalan manahipun sami kumrangsang. Wontên ingkang ngintên, bilih Kyai Dahlan badhe mastani, yèn sae agami Islam, lajêng badhe sangsaya marêm manahipun. Wontên ingkang sampun tata-tata badhe ambantah, manawi Kyai Dahlan mangsuli makatên. Wontên ingkang badhe ngece, sabab sadhèrèk-sadhèrèk wau inggih wontên ingkang sampun nate nampèni wêwulang Kristên. Wontên ingkang badhe wadul dhatêng ingkang binapa-bapa. Cêkakipun mawarni-warni sangêt raosing manahipun para sadhèrèk wau, sabab dèrèng nate kalampahan, [kalampaha ...]

--- 126 ---

[... n,] pitakèn makatên punika dipun wangsuli wontên ing sangajênging tiyang kathah, utawi wontên ing salêbêting pakêmpalan umum.

Kyai Dahlan anglajêngakên anggènipun badhe mangsuli, makatên: Sadhèrèk, kula punika wontên ing Ngayoja damêl kula kêmpalan kalihan tuwan pandhita, sawulan-wulanipun kaping kalih. Anggèn kula kêkêmpalan makatên punika sampun têtaunan. Wontên sadhèrèk sawatawis ingkang sami tumut anglairakên pamanggih utawi gêgondhelanipun. Kula piyambak anggiyarakên wulanging agami Islam, tuwan pandhita anggiyarakên wulanging agami Kristên. Wontên ingkang anggiyarakên wulanging tekad, arda pusara. Wontên ingkang anggiyarakên kawruh teosopi. Wontên ingkang ngêdalakên usul bab wiridan Sèh Siti Jênaran. Wontên ingkang agama Jawi. Wontên malih ingkang nganggêp badanipun netral, mastani: sadaya agami sami saenipun.

Kyai Dahlan taksih nglajêngakên wangsulanipun, makatên: Ingkang punika, sadhèrèk, manawi panjênêngan badhe priksa: sae pundi agama Islam kalihan agama Srani, panjênêngan kula aturi rawuh ing Ngayoja, mirêngakên anggèn kula sami rêrêmbagan prakawis agami punika. Ing ngriku panjênêngan sagêd mirêng piyambak, lajêng sagêd andumuk piyambak, sae pundi agama Kristên kalihan agama Islam. Malah inggih sagêd nandhing kalihan wêwulanging agama sanès-sanèsipun pisan. Ingkang sami mêdhar sabda ing salêbêting kêmpalan ing ngriku punika. Yèn cara santrinipun, alit-alitipun lurah pondhok, sumêrêpipun dhatêng kawruh ingkang kawêdharakên, botên namung saking mirêng-mirêng tiyang rêmbagan, utawi namung saking maos sêrat-sêrat kemawon. Sampun dipun gurokakên, sarta sampun dipun tindakakên piyambak. Sampun sami purun angrungkêbi, dumugi ing lalis.

Makatên suraosing wangsulanipun Kyai Dahlan. Sasampuning mêdhar wangsulan, kyai ing salêbêting batos ngunandika makatên: Wong mandhak arêp mangsuli mangkono wae kok arêp ora awèh.

Para sadhèrèk ingkang sami wontên salêbêting kêmpalan, mirêng wangsulanipun Kyai Dahlan makatên wau sami sande sadaya niyatipun. Ingkang sampun angliga badhe andhebat, lajêng dipun warangkakakên malih dhebatipun. Ingkang sampun kuwatos, bokmanawi badhe thukul gegeran, inggih mantun kuwatosipun. Tiyang sakalangan botên wontên ingkang karaos kacuwan, sami marêm sadaya. Anêtêpi wulangipun Sang Widayaka, ingkang makatên suraosipun: Tiyang ingkang pinunjul ing kawruh punika, patitis wicaranipun, sagêd angecani manahing tiyang sanagari.

Sa.

--- 127 ---

Sêrat Enggal

Rêdhaksi Pusaka Jawi tampi sêrat babaran enggal, kasêbut ing ngandhap punika. Rêdhaksi matur nuwun dhatêng ingkang sami ngintuni.

I. Sêrat Madubrata sangang jilid, saking Radèn Mas Suryawinarsa ing Jatibarang. Wujuding sêrat alit-alit, pranêmbêlasan kêbèt, ngênêmbêlas kaca. Isinipun impunan wêwulang, pêndhêtan saking sêrat-sêrat ingkang sampun wontên kawêwahan pamanggihipun Radèn Mas Suryawinarsa piyambak. Pangajêng-ajêngipun ingkang ngarang, wêwulang ingkang kasêbut wau katindakna dhatêng ingkang sami maos, supados sagêd ngundhuh wohipun, botên namung kèndêl ing swara utawi ing lambe kemawon.

II. Sêrat Winarsa tigang jilid, minăngka sambêtipun Sêrat Madubrata sangang jilid wau. Ancasipun inggih taksih urut kalihan Sêrat Madubrata.

Miturut katranganipun ingkang mangripta, ing salêbêting watawis tigang taun sampun pajêng watawis sawêlas èwu iji. Sêrat kalih warni wau dados ubarampenipun kalawarti: Catur Tunggal, tuwin pakêmpalan Suci Rahayu.

III. Sêrat Mardi Kawi perangan 1. Ingkang ngintuni: pangêcapan Dhê Bliksêm, ing Surakarta. Wujudipun sêrat awangun prawolon kêbèt (agêng), 91 kaca. Kartasipun kandêl, samakipun dalancang kandêl. Isinipun Wyakarana, Kawi. Ingkang ngarang W.J.S. Purwadarminta ing Ngayogyakarta. Isinipun sêrat wêwulang bab wyakarana utawi paramasastra Kawi. Anggènipun nata utawi ngurut prayogi. Tumrapipun tiyang ingkang mrasudi basa Kawi: mitulungi sangêt. Kenging kaangge landhêsan. Klèntuning pangêcap satunggal kalih, kenging kalêrêsakên piyambak dhatêng ingkang maos.

Sarèhne sêrat wau (nama) Sêrat Ywakarana,[2] dados tumrapipun tiyang ingkang dèrèng nate sinau maos têtêmbungan Kawi (Jawi kina), inggih botên sapintêna pikantukipun. Makatên ugi Sêrat Bausastra, punika inggih dados anggèn-anggènipun tiyang ingkang sampun nate sinau basa, ingkang kawrat ing Bausastra wau. Sêrat Ywakarana sarta Bausastra punika adhapur kêkiyatan ingkang anglanting ing panglangining tiyang ingkang mrasudi basa.

IV. Sêrat Yadnyasusila. Kintunanipun pangêcapan Dhê Bliksêm ing Surakarta. Ingkang ngarang Radèn Mas Sumaatmaka tuwin Mas Atmasalaga, ing Surakarta. Wujuding sêrat awangun prawolon kêbèt (agêng): 116 kaca. Dalancang sarta lèmèkipun kandêl. Isinipun wêwulang dhatêng pawèstri, mawi dipun bêbukani mawi dêdongenganipun nagari Cina, Jêpang, Indhu, tuwin sanès-sanèsipun. Wêwulangipun inggih kathah ingkang

--- 128 ---

cêcublikan saking sêrat-sêrat lami, mawi kawêwahan pamanggihipun ingkang mangripta. Sêrat wau sae kadamêl waosanipun para kakung tuwin para putri ing jaman samangke.

Sêrat kasêbut ăngka III sarta IV wau, tiyang sêrat kalêbêt kandêl sarta warni-warni makatên isinipun, kok botên kasêbutakên ing wingking utawi ing ngajêng: mênggah isinipun. Yèn ta kasêbutna, murugakên mindhak sakeca panganggenipun.

Sa.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 6.

Jaksa

Sang Carudata, sampeyan criyos ing sayêktosipun kemawon.

Carudatta

-Tiyang awon ingkang bêntèr manahipun margi sumêrêp dhatêng saening tiyang sanès.@- Lajêng pêtêng angên-angênipun, kalimput ing manah gêthing, thukul pangigit-igitipun nêdya mêmêjahi.@- Kabêkta saking asoring wijilipun. Manawi tiyang makatên punika gadhah paturan ngayawara.@- Punapa kenging dipun pitajêng, punapa botên kêdah dipun paibên.

Kalihan malih:

- Tiyang kula punika botên nate mantêlungakên oyod-oyodan, ingkang panuju sêkar.@- Ingkang prêlunipun namung badhe ngundhuh sêkaripun kemawon.@- Kadospundi kok dipun dakwa mêjahi tiyang èstri, ingkang rambutipun panjang acêmêng kados êlaring kombang.@- Anjambak rambutipun, ing nalikanipun tiyang wau nangis kalara-lara.

Ipene Sang Prabu

He, para priyantun pangadilan, ênggèn sampeyan mriksa prakara niku kok baukapine têmên. Carudata niku rak êmpun botên ontên ajine, ta, kathik jêbul têsih sampeyan lilani linggih ontên ing dhingklik.

Jaksa

Upas, mara konokna

(Upas miturut prentah)

Carudatta

Ingkang ngatos-atos, lo, para priyantun jaksa, ingkang ngatos-atos.

(Ngadêg saka ing dhingklik, banjur lungguh ing lêmah). Taksih wontên sambêtipun.

--- [129] ---

 


punika. (kembali)
Wyakarana (dan di tempat lain). (kembali)