Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-09, #397

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-09, #397. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-09, #397. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 9, Sèptèmbêr 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Pusaka Jawi, Găndalayu 14 Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 8.

Bab tatacara

Sampun kapratelakakên ing ngajêng, manawi kula botên kalèntu, tatacaranipun satunggal-tunggaling băngsa punika, agêgandhengan kalihan tatakrama, kagunan punapadene sambêt kalihan dhasaring wêwatakanipun băngsa wau. Sarèhning dhasaripun băngsa wetanan kalihan kilenan, ingkang asali, miturut kawruh kajiwan beda, mila tatacara, tatakrama tuwin kagunanipun ugi botên sami.

Tatacaranipun băngsa Asia ingkang taksih tulèn, manawi dipun oncèki, sèlèhipun wontên ing raos, bakti dhatêng Gusti. Awit saking punika, mila sadaya tatacara Jawi ingkang adhêdhasar raos bakti ing Gusti, sampun nama mantuk dhatêng dhasaripun. Nanging sarèhning tatacaranipun băngsa kita Jawi ingkang taksih tumindak dumugi dintên punika, tuwuhipun saking têtuladan warni-warni, kados ta: saking agami Indhu (sanès Budha) saking agamining para dewa, kados ingkang kasêbut ing Pusaka Jawi ăngka 2 sarta sanès-sanèsipun, mila cak-cakanipun lajêng warni-warni, amargi kêkathahên ingkang dipun tulad. Sarèhning makatên kawontênanipun, sambêtipun kalihan kajênging jaman, tumindakipun bokmanawi parlu dipun saring alêlandhêsan nalar sarta kawruh, ugêr dhasaripun ingkang awatak bakti botên ewah.

Ing wêkdal samangke ondêrras kaping nênêm sampun lair, sampun wancinipun kita makarti amedahakên [amedah ...]

--- 130 ---

[... akên] nalar. Manungsa ingkang dumunung ing planit aarde racak-racak nalaripun sampun ngancik ing kadiwasan, ugêr purun ngasah, waosipun (waja) masthi katingal.

Mênggah tatacara ingkang parlu dados panggalihan, saking pamanggih kula piyambak, manawi botên kalèntu, kados ing ngandhap punika:

I. Bab lek-lekan bayi

Limrahipun ing padhusunan tuwin ing kitha-kitha, manawi wontên salah satunggaling sadhèrèk ingkang ambayi utawi babaran, siyang utawi dalunipun tăngga têpalih sami martuwi jalêr èstri, tanpa mawi dipun ulêmi. Cara ingkang kados makatên wau, pantês dipun gêgêsang, amargi turut kalihan dhasaripun têtiyang Jawi utawi tiyang Asia, ingkang adhêdhasar panêmbah. Tindak ingkang anuntuni dhatêng raos pasêdherekan. Nanging bab jagong bayi ing wêkdal samangke, tumindakipun sampun sulaya kalihan tulènipun. Saking panyawang kula, kados-kados malah anênuntun dhatêng kabodhoan tuwin kaborosan.

Ing dalêm măngsa tiyang gadhah bayi, wontên jiwa kalih ingkang parlu dipun upakara, inggih punika ingkang gadhah anak tuwin bayinipun. Ing kinanipun dhatênging tăngga têpalih wau, sumêja amitulungi miturut kêkiyatanipun piyambak-piyambak, mila ingkang kathah dhatêngipun sami ambêbêkta sadarbèk-darbèkipun, kados ta: klapa, uwos, kêlanan sapanunggilanipun, sarta sami sadhiya ambokmanawi wontên parlu, ingkang kêdah linampahan sarana bau suku. Cara ingkang kados makatên wau, limrahipun dipun wastani nyumbang. Watak dhangan wèwèh sagadhahipun wau, kajawi sampun wangsul kalihan dhasar kita, ugi sampun laras kalihan têtimbanganipun dhawuhing Alloh ingkang kamot ing dalêm Kuran, ayat 41 jus kaping gangsal, makatên cara Jawinipun: Iya iku wong kang padha kumêd lan angajak-ajak kumêd marang manungsa, lan padha nyingidake pêparinging Alloh kang wis diparingake marang wong mau. Ingsun ngancam marang sarupaning wong kapir kalawan siksa kang ngasorake.

Kalimrahan ingkang dhasaripun bakti ing Gusti wau, sapunika sampun malih dados kosokwangsulipun: pasumbang sampun botên atêgês pitulung, malah dipun anggêp motangakên sarta awujud arta. Dene para ingkang martuwi, ingkang ing kinanipun mawi raos sumêdya têtulung sakuwawinipun, sapunika sampun malih dados tamu, malah dados ladosan wah botên kenging katêmtokakên kathah kêdhikipun. Dene ingkang gadhah griya tata-tata gadhah damêl dadakan, angwontênakên palinggihan, damar, sêgahan. Jiwa kalih ingkang parlu dados pamanahan, adhakanipun prasasat botên kocap, dipun pasrahakên bok dhukun utawi botên.

Ing wanci ingkang kados makatên wau, sêgahanipun botên ajêg, miturut pakulinanipun tiyang ing satunggal-tunggaling padunungan, wontên [wo ...]

--- 131 ---

[... ntên] ingkang mawi nyêgah têdha, wontên ingkang namung wedang kalihan nyamikan. Dene dangunipun apês sapêkên (dumugi pupak pusêr). Manawi ingkang gadhah griya utawi tamu-tamunipun sami kalêgan, wilujêngan sapêkênan (pupak pusêr) dipun undur. Ing kitha-kitha ingkang kathah sapêkênan katangguhakên malêm minggu. Bakda sapêkênan lajêng wilujêngan salapanan, tigang lapan, gangsal lapan, pitung lapan utawi têdhak siti nuntên sataunan. Ing dalêm măngsa jagong bayi kados makatên wau, sêsambènipun ingkang limrah kasukan kêrtu, wontên ingkang natas byar, wontên ingkang kèndêl ing wanci dalu. Ing tanah Banyumas mangilèn sarta kiwa têngênipun, wontên ingkang mawi sambèn maos (maca).

Wiwitipun cara bayi lair dipun êlèki, miturut Sêrat Pustaka Rajapurwa, nalika jaman Purwacarita. Kacariyos Kyai Wrigu pêtinggi dhusun Wasutira puruita dhatêng Rêsi Wisama, kapengin darbe suta. Ing ngriku dipun paringi sarana, sarta dipun wêling bilih ing têmbe ugi sagêd darbe suta ambêkta kabêgjan. Manawi semahipun sampun wawrat kemawon dipun purih wangsul malih, badhe dipun cariyosi kadospundi badhe lêlampahanipun sutanipun wau. Kyai Wrigu mantuk, botên antawis lami semahipun anggarbini. Kyai Wrigu nuntên sowan ing gurunipun. Rêsi Wisama mangsit dhatêng Kyai Wrigu bilih ingkang dipun kandhut ing semahipun punika, panuksmaning widadari nama Dèwi Tiksnawati, kadadosaning Rêtna Dumilah. Nanging manawi botên kalêrêsan, badhe sagêd anjalari sungkawa, awit lairipun jabang bayi ngêntosi dhatêngipun Dèwi Sri, sabab ing nguni nunggil kawontênan, wontênipun Sri, inggih wontênipun Tiksnawati, kadi satu munggèng rimbagan. Mênggah ingkang dados marginipun Sri kapanggih kalihan Tiksnawati, punika Kyai Wrigu kinèn angupaya sawêr sawa, ingkang agatra sêsumping pantun sawuli. Manawi kapanggih kinèn anggumatèni, sampun ngantos pêjah, awit manawi sawêr pêjah, anakipun sayêkti tilar dunya. Kyai Wrigu mituhu pakèning guru, ngupaya sawêr sawa nusup wanawasa anjajah patêgilan tuwin pasabinan. Sarèhning sampun sawatawis dintên anggèning ngupaya sawêr sawa mêksa dèrèng kapanggih. Kacariyos kala samantên amargi saking sayah tuwin arip, Kyai Wrigu lèyèhan wontên ing lorogan, sacêlaking sabinipun. Dumadakan tilêm saliyêpan, angsal wangsit manawi sarpa ingkang dipun upaya, sapunika ngalêkêr wontên ing têngahing sabinipun ingkang sawêg amrakatak pantunipun, nanging botên kenging dipun cêpêng, kêdah dipun pasangi gêlaran enggal, sinasaban ing lawon pêthak, sarta sinêbaran sêkar arum, kinêpyuran găndawida. Manawi sarpa sampun wontên ing gêlaran, kêdah tumuntên dipun gulung, sarta kaprênahakên ing panggenan ingkang rêsik. Satanginipun Kyai Wrigu lajêng mantuk, enggal [eng ...]

--- 132 ---

[... gal] mêndhêt gêlaran enggal, lawon miwah sêkar konyoh, kabêkta dhatêng sabin, dipun pasang kados ujaring wangsit. Sarêng sarpa sawa mambêt gandaning sêkar lajêng murugi sarta ngalêkêr ing têngahing lawon. Kyai Wrigu nêmbah lajêng anggulung gêlaran, dipun panggul kabêkta mantuk, kaprênahakên ing patanèn. Kyai Wrigu tuwin semahipun sami ngadhêp, tansah eram kacaryan anggèning ningali, dene sarpa sakalangkung sae ulêsipun. Kèn Sangki nuntên ngatag semahipun kinèn ngupaya kodhok ingkang lêma-lêma kangge têdhanipun.

Kacariyos ing dalunipun Kèn Sangki karaos anyakêti,[1] lajêng darbe bayi mêdal èstri. Amargi saking sayah, Kyai Wrigu siyangipun tilêm, sarpa sawa maripèni, supados sampun dipun sajèni kodhok, kêdah dipun sajèni sêdhah ayu găndawida, sarta dipun adhêpana damar sampun kêndhat. Enjingipun kodhok dipun bucali, dipun santuni sêdhah ayu, găndawida tuwin damar.

Kocapa ing Suralaya, kagegeran amargi widadari Dèwi Tiksnawati manjalma tanpa mawi paliwara. Ingkang makatên wau andadosakên dukanipun Sang Hyang Pramèsthi Guru. Awit saking punika lajêng utusan Sang Hyang Kala kinèn angrêncana bayi anakipun Kyai Wrigu. Sang Hyang Kala tumurun manuksma sagawon ajag. Siyangipun nalika Kyai Wrigu tilêm, sarpa sawa maripèni, suka wangsit manawi mangke sêrap surya Sang Hyang Kala badhe manuksma sagawon ajag, sumêja badhe angrêncana sutanipun, mila sakathahing kontên supados dipun bêsmèni walirang, salêbêting griya supados dipun obori balarak sadalu kaping tiga, punapadene dipun purih asêsaji sêkul punar ulam manah (ati) saundhuhan, kasajèkna ing daganing sutanipun, sarta dipun dèkèkana gantal tuwin paesan sarta kêlud, damar sampun ngantos kêndhat. Kajawi punika mangke sêrap surya supados angubêngi wisma, sarwi amatêk măntra makatên, unala nama siwayêh. Sarêng wanci sêrap surya sagawon ajag panuksmaning Bathara Kala saèstu dhatêng, nanging kewran anggèning badhe lumêbêt ing griya, dipun sangkani saking ing pundi-pundi, saèstu cabar tanpa damêl, ngantos dumugi byar kawêlèh, lajêng muksa matur ing Sang Hwang[2] Bathara Guru cabaripun dinuta. Sang Hyang Jagatnata nuntên utusan Sang Hyang Brahma, tumurun ing ngarcapada dados lêmbu gumarang. Sarpa sawa siyangipun maripèni. Wigatosipun, suka pirsa dhatêng Kyai Wrigu manawi mangke dalu wanci sirêp tiyang, Sang Hyang Brahma manuksma lêmbu gumarang, sêdya angrêncana sutanipun. Mila supados dipun tulaka, sarana sagunging kontên dipun pasangana ron nanas, mawi dipun lonthèngi angus tuwin apu, sarta kinèn angobongi kulit barambang, salêbêting wisma supados dipun obori balarak sadalu kaping tiga, daganing sutanipun supados dipun sajèni sêkul abrit, lawuhanipun kuluban, sarta

--- 133 ---

dipun dèkèki gantal kinang paradan, sampun supe dipun sandhingi sapu kêlud, damar sampun ngantos kêndhat, sarta angubêngana wisma sarwi amatêk măntra: Hong Brahma rasi oyêh maswaènu. Sarêng wanci sirêp tiyang lêmbu gumarang dhatêng, nêdya lumêbêt ing griya nanging kawêkèn, amargi kenging wêkasan Sang Hyang Brahma muksa, matur dhatêng Sang Hyang Jagatnata, manawi botên angsal damêl. Sang Hyang Guru lajêng utusan Sang Hyang Wisnu, supados tumurun dados waraha, angrêncana anakipun Kyai Wrigu. Siyangipun sarpa sawa maripèni, manawi mangke têngah dalu Sang Hyang Wisnu prapta manuksma wraha, sumêdya angrêncana sutanipun, kinèn nulaki. Sabên kontên supados dipun pasangi êri widara, sarta ambêsmia roning tanjung, punapadene dipun obori balarak sadalu kaping tiga. Daganing sutanipun supados dipun sajèni sêkul cêmêng, lawuhanipun ulam loh, sampun ngantos supe gantalan kinang, sêkar arum sarta paesan, papon[3] kêlud kasandhingna. Damaripun ingkang pajar. Wismanipun kinèn angobori mubêng sarwi matêk măntra: swanamaswaha. Sarêng wanci têngah dalu Sang Hyang Wisnu saèstu anêdhaki, malih warni wraha, nanging kawêkèn botên sagêd manjing ing wisma, wêkasan kajodheran, nuntên matur dhatêng Sang Hyang Guru, manawi botên angsal damêl, Sang Hyang Jagatnata sakalangkung duka, karsa anêdhaki piyambak, anuksma ing kukila.

Para dewa kathah ingkang andhèrèkakên, sami manuksma piyambak-piyambak. Siyangipun sarpa sawa maripèni, asung wangsit dhatêng Kyai Wrigu, manawi mangke dalu wanci bangun enjing Sang Hyang Jagatnata karsa anêdhaki piyambak, dados kukila. Dene para dewa kathah ingkang umiring sami manuksma ing sato kewan. Kyai Wrigu kinèn anulaki kados ingkang sampun kajarwa ing ngajêng sadaya sarta wismanipun kinèn angênthêngi lawe wênang mubêng, sadalu botên kenging tilêm, sarta supados ngajak mitra-mitranipun dipun ajaka mêlèk. Dene bayinipun dalu punika kêdah dipun pangku, botên kenging dipun sèlèhakên. Pagêring wisma dipun sêmburana dlingo bêngle tuwin bawang ingkang waradin. Lan amataka măntra: Hong hyang hyang Siwah boja abuyana kita martaswanamaswana. Sarta malih ing dalu punika sirik botên kenging amêjahi samukawis ingkang katingal, sarta botên kenging anukarta, awit punika alad-aladipun Sang Hyang Maèswara. Nalika arsa tumêdhak angrumiyinakên sawur kalakuthana, inggih punika ratuning wisa saking ing yomani, dados sarab sawan, awarni sawarnining dumados. Samăngsa wontên wêwarnèn, sanadyan awarni lêmut sapanunggilanipun, ing măngka dipun pêjahi, saèstu bayinipun kenging rinancana. Saratipun kêdah dipun bagèkakên kaping tiga sadalu, anyambata namaning kalakuthana, ingkang wêkdal punika angwontênakên ratuning sarab sawan têtiga, ingkang satunggal dhatêngipun duk sêrap [sê ...]

--- 134 ---

[... rap] surya, supados dipun bagèkakên makatên: aangko sang nuriswarat kangkesdya ayu, akwikihya ngayu, muliangke sakarêng, tkantanna mawa, lunghanta ywanggawa. Ingkang satunggal dhatêngipun wanci têngah dalu, supados dipun bagèkakên makatên: aangge sang niris, tkangkesdya ayu, akwiki angayu. Muliangko sakarêng, tkanta tanna mawa, lunganta ywanggawa. Dene dhatêngipun ingkang satunggalipun malih ing wanci byar raina, supados dipun bagèkakên makatên: aangko sang karis, tkangke sêdya ngayu, muliya angko sakarêng, tkanta tanna mawa, lunganta ywanggawa. Kalanipun ambagèkakên, suwantênipun kêdah santak kados tiyang anggêtak, sarab sawan sayêkti sami lumajêng. Taksih wontên sambêtipun.

Karangan Warni-warni Bab Tatakrama

Ing Pusaka Jawi ăngka 8 sampun wontên karangan kalih, bab tatakrama Jawi ingkang kapacak.[4] Miturut urut-urutaning panampinipun Yapha Insêtitit, dados ăngka 5 sarta ăngka 6. Bab jangkêp utawi gothanging isi botên kula rêmbag, jalaran prakawis punika dede bêbahanipun rêdhaksi, punika bêbahanipun yuri. Bêbahanipun rêdhaksi namung bab lampahing kasusastran sarta bab paramasastra.

Ing ngriki kula matur bilih ing karangan Jawi, têmbung of utawi enz sapanunggilanipun, ingkang pancènipun namung tumrap ing karangan Walandi, kêdah dipun bucali, dipun santuni têmbung Jawi, sabab pancèn botên tumrap sangêt. Paramasastra Jawi ingkang kasêrat mawi têtêmbungan Walandi, kados ta karanganipun Tuwan Rurdhah, Tuwan Walbim, sapanunggilanipun, utawi ing Bausastra Jawi, ingkang katêrangakên mawi têmbung Walandi, sampun saèstu kemawon têmbung-têmbung of, enz, zie sapanunggilanipun sami kangge, jalaran ukaraning katrangan pancèn têmbung Walandi. Prakawis punika wau sampun nate karêmbag wontên ing sêrat-sêrat kabar. Pabênipun para priyantun ingkang rêmên ngangge of sapanunggilanipun wau: mêndhêt cêkakipun, kasamèkakên kalihan tăndha-tăndha ing piwulang etang, kados ta: tăndha +, tăndha - sapanunggilanipun. Anamung punika wontên gèsèhipun, jalaran tăndha-tăndha ing ngèlmu etang wau, yèn ukaranipun cara Jawi, kêdah kawaos cara Jawi, yèn ukaranipun têmbung Walandi, kêdah kawaos cara Walandi. Makatên ugi manawi ukaranipun têmbung Malayu, têmbung Sundha, têmbung Latin, sapanunggilanipun, inggih tumut kawaos miturut ukaranipun.

--- 135 ---

Ing ngandhap punika wontên karangan bab tatakrama, ingkang wontên tuladhanipun panganggening têmbung enz sapanunggilanipun ingkang kula wastani botên tumrap. Wontên ingkang sampun kula santuni, wontên ingkang taksih kula lugokakên.

Sa.

Karangan ăngka VIII.

Kula nuwun, ing sadèrèngipun kula amêdharakên kawontênan bab tatakrama, langkung rumiyin anêrangakên têgêsipun tatakrama, inggih punika: tata, têgêsipun lêkas saha tindak-tanduk, ingkang tumuju dhumatêng sae tuwin utami. Krama, têgêsipun pangucap, pangandika, ingkang ugi tumuju dhumatêng sae, rêsêp, tuwin utami. Ingkang bab tatakrama wau, kangge tumrap titahing Hyang Suksma kawêkas, ingkang kadamêl luhur saha mulya piyambak, gêsangipun wontên ing salêbêtipun gumêlaring buwana punika, amung titah ingkang winastan: manungsa.

Kawontênanipun manungsa gêsang ing ngalam dunya, kaperang dados tigang golongan, 1. Golonganipun wêwakilng gusti (inggih punika ingkang kinawasa), 2. Golonganipun abdi, inggih punika ingkang dados kanthinipun wêwakiling gusti, utawi dados utusan. 3. Golonganing kawula utawi tiyang limrah, ingkang wajib ingayoman dening wêwakilipun gusti.

I. Ing mangke kula anggêlarakên bab tatakrama, anglêluri jaman kina, ingkang kagêm para ingkang tinitah dados wêwakilipun gusti, nanging amung mirid sadaya cariyos ingkang kawrat ing sêrat-sêrat, kados ta: Sêrat Pustaka Rajapurwa. 2. Sêrat Rama Lêgawa, Asthabratanipun Bathara Rama dhumatêng Radèn Barata, tuwin dhumatêng Sang Prabu Wibisana ing Ngalêngka. 3. Sêrat Tajusalatin, sapanunggilanipun.

II. Tatakrama, ingkang tumrap abdi. III. Kawula, anglêluri jaman kina, ugi amung mirid cariyosing sêrat-sêrat. 1. Wulangrèh, 2. Wedhatama, enz.[5]

Jerenganipun tatakrama ing adêg-adêg I kula botên sagêd anggêlarakên. Makatên ugi jerenganipun tatakramaning para pinisêpuh dhumatêng anak, pulunan, putu, sapanunggilanipun, kula botên sagêd angandharakên, jêr sampun wontên wêwatonipun sadaya, kawrat sêrat wedha-wedha, tuwin kitab Kuran.

Jerenganipun tatakrama ing adêg-adêg II tumrap abdi saha kawula. Miturut kasêbut buku kandhungan regèrêng reglêmèn, dhawuhipun kangjêng guprêmèn Nèdêrlan. Inggih punika abdi ingkang kapangkat bupati sêsêbutan tumênggung, adipati, pangeran. Bab pakurmatan, pangagêman, sasaminipun, langkung bineda kalihan ingkang pangkat dados sor-soranipun. Sanadyan lênggahipun ugi wontên ing kursi (nginggil), sor-soran wontên ing kursi ugi, utawi ing ngandhap. Mawi nyêmba[6] dhumatêng bupati.

--- 136 ---

Bupati ingkang sêsêbutan tumênggung, pangkatipun militèr, kasamèkakên: mayor. Ingkang sêsêbutan adipati, kasamèkakên pangkat: litnan kolonèl. Ugi kaanggêp dados pangagêngipun agami Islam. Miturut bab 69 R.R. waris anaking bupati, utawi sanak, mêsthi sagêd anggêntosi jumênêng bupati. Miturut sêtatsêblad taun 1867 ăngka 10. Kagadhuhan wêwênang dumugi grad IV. Makatên malih wiwit grad I dumugi grad II putu, kenging mangangge songsong (payung) (Zie[7] buku kandhungan).

Miturut buku pèngêtan Indhiya, jumênêng dalêm 25 taun, Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Karanganipun Radèn Mas Adipati Răngga Arya Kusnadiningrat, ing Madiun), pangkat patihipun bupati. Kasamèkakên Mangkubumi ing nagari Surakarta utawi Ngayogyakarta, ingkang ugi apangkat patih (? ju, nga).

Tatakramanipun mangangge, bilih sowan ingkang bupati (kawastanan mangangge jangkêp) wontên ugi ingkang mangangge kautamèn, rasukan sikêpan (atela) cêmêng. Kramanipun abdi dalêm kawula utawi adalêm.

Tatakramanipun paturan tumrap ing sêrat, bilih mawi sastra Jawi, wiwitaning adangiyah, mawi pada ugêr-ugêr. Têmbungipun kunjuk ing panjênêngan dalêm gusti kangjêng. (?)

Manawi mawi sastra Latin (Mlayu) Dipersembahkan Kahadapan Sri Paduka yang mulya, Kangdjeng têmbung Hamba utawi patiq.

Bilih sêrat paturan ing sang patih, wadana, piskal (Hoofd Djaksa), kolèktur, ugi mawi têmbung: kunjuk of[8] katur. Nanging adangiyah mawi pada andhap, kramanipun namung adalêm. (?)

Tatakramanipun nênumpak: bilih wontên sangajênging dalêm kabupatèn, yèn numpak kapal lajêng mandhap, bikak tudhung. Bilih kapêthukan ingkang bupati nitih kreta, ingkang numpak kapal ugi mandhap, nanging botên andhodhok, tudhung kabikak.

Sadaya tumpakaning para priyantun jalêr èstri, kreta sasaminipun, amung kèndêl saha mandhap ing kori pancaksuji capuri kabupatèn, dados botên lumêbêt ing palataran kabupatèn. Saya bilih ingkang bupati kagungan kalangkungan bab kultir wetanan (kasunyatan) sadaya sami langkung ing kurmat saha kaajrihanipun, ingkang mêdal sukcining manahipun piyambak.

Makatên ugi tumrap kawula, sanadyan lumampah langkung ing ngajêng kabupatèn, bilih mawi tudhung, mêsthi sami kabikak.

Bab pangangge sinjang, para priyantun saha kawula limrah, sami botên purun mangangge sinjang parangrusak, parang-parangan ingkang mawi mlinjon. Saha sami botên wontên ingkang mangangge: canela sasaminipun, amung kathah ingkang

--- 137 ---

ngangge cripu tumrap wontên ing sajawinipun plataran kabupatèn, kapatihan, sapanunggilanipun.

Tatakrami, tumrap kintun-kinintunan sêrat, mêsthi enggal lajêng tampi wangsulan sêrat. Bilih botên mangsuli, kawastanan murang tata (limrahipun).

Mênggah sadaya tatakrama cara kina, sangêt dipun wigatosakên ing kita sadaya, jêr taksih sami kadunungn[9] raos kandêl dhatêng kamanungsanipun, dados têksih sami sêdya anggayuh dhumatêng lêkas utami. Sangêt kaajrihanipun ing Hyang kang murbèng alam. Sadaya tindak-tanduk ingkang kamanah nalisir saking sae saha utami, sami êmoh (botên purun) nandukakên. Kajawi ajrih dhatêng kalêpatanipun ing Hyang Suksma, ugi ajrih ancaman anggêr pranataning nagari. Dados kita ing jaman kina, sakêdhik sangêt arda puwa-puwa kamurkanipun, kathah têmênipun.

Wawasan wêwaton tumrap ing jaman sapunika

Gaduging pamanggih kula, sarèhning ing sapunika sampun mèh sadaya kita kadunungan kawruhipun băngsa kilenan, wontên ingkang inggil, têngahan, andhap, saha lajêng kêmpalan kalihan băngsa mănca warni-warni, tur kawontênaning praja, ugi sampun amimba ing tanah mănca, kados ta: waradinan mawi dipun aspal, griya-griya kathah ingkang dipun tembok kausar pêthak, tumpakan warni-warni, ebahing kawula sami ngajêngakên indhaking kamardikanipun. Pagêdhonganing kabatosan, ngrumaosi bilih kawruhipun sampun sami kemawon, kalihan ingkang golongan I-II, inggih punika bab: merel. (?) tuwin kawontênanipun praja Surakarta, sadhengah băngsa pinarêngakên numpak kreta wontên ing salêbêtipun balowarti langkung kori ngajêng kamandhungan, mila panganggêpipun kawula, saya mindhak karukunanipun, nilar tatakrama cara kina. Kathah ingkang kasupèn bilih titah ngam.

Bab pangangge, sami ngangge canela, sandhal, mawi kaca mripat bêlor, tur sandhanganipun lajêng tiru-tiru tiyang mănca. Jalaran, manawi mlampah ing pundi-pundi waradinan, manawi tanpa canela, sandhal, dhatêng suku kraos bêntèr sangêt, wontênipun mawi bêlor kaca mripat, miturut cariyosipun para dhoktêr, anjagi dhumatêng mripatipun piyambak-piyambak, supados sakeca, awit minăngka panulakipun paningal dhatêng pêthaking tembok, ingkang kabêntèrên (manawi wanci siyang). Manawi wanci dalu, sandhal utawi sêpatu, panjagi dhumatêng kawilujênganipun suku. Manawi wontên kewan gumrêmêt. Bêlor utawi kaca mripat, panjagining paningal padhangipun lampu-lampu. Wontên ingkang mawi ngangge têkên, kangge panjagining dhiri.

Rasukan, wontên ingkang ngangge jas bikak, dhasi, rumpi. Kajawi gadhah rumaos mêwahi [mêwah ...]

--- 138 ---

[... i] mancuring guwaya, ugi sabab niru panganggenipun tiyang mănca, awit wiwit jaman kina-makina dumugi jaman sapunika, limrahipun ingkang dipun aosi punika, kita ingkang mangangge makatên wau, utawi ingkang sae, kathah rêginipun. Makatên ugi tumrap basa, saklebatan ingkang kaaosan wau, ingkang sagêd basa Walandi, awit băngsa Walandi ingkang sawêg kinawasa wontên ing tanah Jawi.

Bab cara tatakramanipun tiyang sêsemahan, kajawi ingkang sampun sami karêmbag ing parêpataning kawula, inggih punika ingkang taksih kêlarenên, ugi wontên ingkang ngangge sênêng parênging manahipun kita piyambak, inggih punika wontên ingkang botên ningkahan. Awit pangraosing kita wontên ingkang dipun tiru (dhèrèk), inggih punika para panjênêngan nata, para luhur Jawi, tumrap pangagêmipun ampil (sêlir). Ugi niru kita èstri Jawi, ingkang kapêndhêt dening băngsa Eropah, tuwin băngsa sabrang.

Bab tatakramanipun tiyang mara tamu, utawi dhatêng ing griyanipun tiyang, mlêbêt ing kamar-kamar, kathah ingkang nilar tatakrami, tanpa kula nuwun. Sanadyan ing anggêr ukum ugi sampun amacaki.

Kawontênan punika, jalaran saking ebahing kita Jawi, kapanjingan manah arda rubeda, ugi sabab saking klintunipun ingkang nuntun.

Bab ingkang pantês kêdah dipun suwak

Kajawi bab dhodhok, ing gaduging panganggêp kula tatakrama ingkang kêdah dipun suwak, botên sanès amung lajêring lêkas ingkang kasupèn dhatêng kamanungsanipun, purwanipun saking bab openbare merel (?), kalampahanipun kêdah sarana purba wisesanipun ingkang kinawasa, tuwin kapitadosakên dhumatêng ingkang amurwani ngwontênakên openbare merel (?).

Ingkang pantês dipun ewahi, saha ewahipun.

Bab tatakrama kintun sêrat. Kêdah dipun ewahi, mêsthi kêdah dipun wangsuli Zie circulaire Algemeene Secretaris (?). Tuwin sadaya kawontênan ingkang badhe adamêl sangsara sarta kapitunanipun tiyang, ingkang winastan kirang utami, kêdah kaewahan ingkang saya wêwah langkung utami saha luhur, Zie undhang-undhang umum, sasaminipun.

Bab hakipun grading bupati guprêmenan, kêdah kaewahan, sanadyan ingkang bupati sampun lèrèh, utawi seda. (Ingkang lèrèhipun kanthi urmat, tanpa sabab) grad I dumugi grad IV taksiha kaparingan wêwênang kados kala ingkang bupati taksih sugêng, utawi dèrèng lèrèh. Jêr ing mangke parentah marêngakên kita Jawi sami gelijkgesteld kalangkungan malih nyarêngi ebahing kawula limrah nyuwun indhaking kamardikan. Parentah amung tansah botên kasupèn, dhatêng pangastanipun [panga ...]

--- 139 ---

[... stanipun] panguwaos kaangkah ingkang luhur, mulya, tuwin utami. Bilih kacundhukakên kalihan karsaning parentah wau, bupati ingkang seda salêbêting taksih ngasta pakaryan nagari, sanadyan dumugining kubur, amung kantun asma, nanging nama têksih pangkat bupati. Ugi amêwahi kados sêtatsêblad taun 1925 ăngka 682, tumrap santana saha garwa padmi tuwin ampilipun panjênêngan nata Surakarta, Ngayogyakarta. Ingkang botên lajêng krama, utawi laki malih. Makatên ugi bab sêsêbutanipun putra, wayah, buyut, canggah, warèngipun bupati (tumênggung, adipati, pangeran) nyuwun kapacak pranatanipun, nyambêti bab songsong Zie buku kandhungan.

Bab ingkang prêlu dipun santuni

Ing sasagêd-sagêd ingkang golongan abdi ambtenaren (?), panganggenipun kêdah cara Jawi jangkêp, inggih punika mawi dhuwungan. Sanadyan anglêrêsi nyambut damêl ing kantor, turne, sapanunggilanipun. Supados anuntuni dhumatêng kawula limrah, èngêt dhatêng kabangsanipun. Dados kadosdene pangagêmanipun J.m.t. Radèn Wadana Dwijasewaya, lid volksraad, 2. J.m.t. R. Kamil, ajung insêpèktur sakolahan. 3. J.m.t. M. Admadirana, arsitèk ing Sêmarang.

Bab cara tatakramanipun tiyang sêsemahan, ingkang amung sasênêngipun piyambak, kêdah kasantunan miturut tatananing agaminipun, sanadyan panganggêpipun amung kasêlir. Awit lêkas punika nama ngrèmèhakên dhatêng ajênging wanita utama utawi budi wanita. Para panuntun 1. pangrèh praja, 2. Pangulu, 3. Guru-guru, kêdah tlatos pamardinipun.

Bab sandhang pangangge: sinjang, ikêt. Para kawula kaawisan ngangge bathik parangrusak barong, sasaminipun.

Panindaking tatakrama sadaya wau, parentah kêdah kalihan kêncêng, kaêwrat undhang umum, utawi sêtruksi. Paedah kangge ngêndhakakên arda puwa-puwaning kawula ingkang kasupèn dhatêng kamanungsan saha lêkas utami. Ugi nama ngindhakakên kamardikanipun abdi, ingkang wosipun amung kangge ngèngêtakên dhatêng golongan II, III, bilih sami kawêngku ing golongan I wêwakiling gusti. Ugi maedahi dhatêng kawula limrah, ingkang ngrumaosi kalêrês sêpuh, dhatêng kalêrês nèm, nèm dhatêng sêpuh, kêdah tatakrama ingkang sae utami.

Sarèhning bab cara tatakramanipun tiyang ningkahakên anak èstri ingkang dèrèng akil balèk, parentah sangêt angudi murih sirnanipun, ingkang wosipun anjagi karisakan. Makatên malih abên ayam sawung, kaawisan sangêt, tur kaêwrat ing anggêr ukum. Amila bab lêlampahanipun tiyang bogsên, ingkang tumrap wêwêngkon praja Nèdêrlan, kados langkung prayogi ugi kasuwak kaawisan, utawi kasantunan patrap ingkang langkung sae, botên asring adamêl sangsaraning [sangsara ...]

--- 140 ---

[... ning] tiyang. Jêr parentah Nèdêrlan, sampun kasêbutakên ing Landgerecht Reglement, bilih praja (nagari) ingkang kaanggêp sopan, susila.

Sarèhning cara tatakramanipun golongan abdi (adêg-adêg II), kalerehan dhumatêng lêlurahipun (chef) dèrèng kapranata, kados tatakramanipun militèr, dèrèng kaêwrat ing pêpacak undhang umum, mila ugi langkung prayogi kapranata kados militèr. Wiwit pangkat mantri sapanginggil, upami militèr, saminipun pangkat punapa. Lurah dhusun saandhahanipun, saminipun punapa. Pangulu, saminipun punapa. Naib saminipun punapa. Makatên ugi golongan wêwakiling gusti (adêg-adêg I) sapangandhap dumugi pangkat ingkang saminipun wadana, ugi prayogi mawi kapranata tatakramanipun. Tuwin basa kramanipun kadospundi. Krama inggil, madya, andhap, sadaya wau mawi pêpacuh, bilih nêrak wêwalêr, kapatrapan punapa kadospundi. Kaêwrat ing pranatan undhang umum. Wondene bab lênggah utawi linggihipun, prayogi lêstantun wontên ing kursi utawi dhingklik, dados botên linggih ngandhap.

Tumrap kraton dalêm Surakarta Ngayogyakarta, praja Mangkunagaran, Pakualaman, ugi tumrap praja wêwêngkon Nèdêrlan, sanès-sanèsipun. Tumrap abdinipun, kados langkung prayogi utami, kaidèn ing parentah guprêmèn Nèdêrlan, kaparêngakên mujudakên ganjaran warni bintang. Jêr ingkang golongan kapitalis Onderneming, sami kaidèn mujudakên ganjaran mêdhali dhatêng punggawanipun.

Sêtat pan dhinês, asa-usul, katata kados cara guprêmenan (pandamêlipun sêtat, ungêl-ungêlaning kolêmanipun).

Parentah kêdah ngèngêti dhumatêng lêluhuring abdi-abdinipun, ingkang sampun kathah saha agêng sangêt lêlabêtanipun dhumatêng praja, ngantos turun kaping pintên. Kêdah beda kalihan abdi sanèsipun.

Patrapan pamidana dhumatêng abdi, prayogi kasantunan sampun ngantos kapidana rangkêp, tuwin ugi kêdah mawi kapriksa ing pangadilan, mirid bab ngabèi, răngga, dêmang, kasêntanan Zie pranatan nagari Surakarta, katiti surya kaping 18 Pèbruari 1908 ăngka 231, tuwin anggêr 10 bab kaping 56 adêg-adêg II, awit abdi golonganing manungsa (titah) ing adêg-adêg II ingkang sampun kasandhangan sumpah. Dados botên kados manungsa golongan III kawula limrah, ewadene bilih kenging sabab, mawi kaapsahakên kapriksa ing ngarsa pangadilan, tur ingkang minăngka têdhanipun têksih kalêstantunakên. Ingkang sampun kalampahan, kathah abdi ingkang panganggêping wakiling gusti, amung kados rencangipun tiyang mănca (jongos, tukang kêbon), supados nêtêpi karsaning parentah, pangastanipun panguwaos luhur saha utami sarta mulya. Abdi ingkang turunipun lêluhur kathah lêlabêtanipun, tur kathah lêlabêtanipun [lêlabêta ...]

--- 141 ---

[... nipun] piyambak, sampun dangu pasuwitanipun, sagêda wontên bedanipun kalihan kawula limrah. Awit lêkas punika ugi cara tatakramanipun gusti tumrap abdi dalêm, ingkang wêwaton panganggêp sarta têtimbanganing pêpangkatanipun tiyang jaman sapunika.

Amung samantên gaduging pamanggih kula, bab tatakrama. Wasana sumăngga.

Kasêrat căndra kaping 13 Ramêlan, taun Jimakir 1858.

Utawi surya kaping 5 Marêt 1928.

Pun Jaka Gêdhug, mitranipun Sang Cakarwaseta.

N.B.

Tatakramanipun linggih utawi lênggah, wontên ing ngandhap, utawi ing kursi, botên prayogi bilih sila tumpang. Kalangkungan malih jegang langkung botên prayogi.

Ugi para panuntun ingkang wajib, sami kapardi marsudi nuntun dhumatêng kawujudanipun kita piyambak-piyambak, sanadyan kawrat sêrat, ugi amung samia têrang dhatêng tèkên namanipun. Supados botên badhe ngwontênakên panindak saha lêkas kalintu adamêl sangsara kapitunanipun tiyang. Sajatosipun lêkas pulitik, ingkang nywantênakên pêthak upaminipun, kaanggêpa cêmêng, sasaminipun, punika ingkang anjalari ngwontênakên ebahing kawula sami nguja ardaning manah, saking dene ngrumaosi wontên ingkang dipun tiru. Zie Asthabratanipun Bathara Rama, dhumatêng Prabu Wibisana.

Pun Jaka Gêdhug.

Pêthikan saking Karangan Bab Kyai Dahlan

Kyai Dahlan ngrukunakên tiyang lakirabi ingkang nglêrêsi drêdah.

Mas Haji Muhtar cariyos makatên: Anuju satunggaling dintên wanci dalu watawis jam kalih wontên tiyang dhatêng ing griya kula, cariyos bilih mêntas pabên sangêt kalihan semahipun. Tiyang wau inggih cariyos, bilih pancèn sampun adatipun kêrêp pabên. Sabên dintên mèh botên wontên towongipun. Raosipun wontên ing salêbêting griya punika kados wontên salêbêting naraka. Pun manah raosipun kados dipun godhog. Anamung pabên ingkang kantun piyambak punika ngungkuli ingkang sampun-sampun, rumaos sampun botên sagêd nyabarakên, botên kuwawi nandhang sakiting manah. Rumaos sampun botên sagêd anglajêngakên anggènipun jêjodhoan. Kuwatos manawi ing têmbe wingking tuwuh prakawis ingkang anggêgirisi, pramila nêdya mêgat ingkang èstri. Anamung sadèrèngipun mêgat, badhe nyuwun lêlêrêsan dhatêng Kyai Dahlan rumiyin, supados sampun ngantos dados paran têtahan ing wingking. Ing dalu punika ugi prêlu badhe sowan Kyai Dahlan, sabab botên kuwawi nyabarakên ngantos enjingipun. Badhe sowan piyambak ajrih, sabab dede wancinipun tiyang mara tamu. Pramila nêdha tulung dhatêng kula (Mas Haji Muhtar) supados kula larapna.

Mas Haji Muhtar nglajêngakên cariyosipun: Manah kula ragi pakèwêd, anamung sarèhne adrêng panêdhanipun, inggih kula turuti. Kula kalihan tiyang wau sami dhatêng dalêmipun kyai. Kula thothok-thothok kori. Kyai wungu ngêngakakên kori sêmu kagèt. Ngandika makatên: Ana apa, bêngi-bêngi [bêngi-bê ...]

--- 142 ---

[... ngi] kok gugah-gugah wong turu. Kula lajêng mratelakakên prêlunipun cêkakan. Kula tiyang kêkalih lajêng dipun ajak dhatêng pawon. Prêlunipun supados sampun ngantos ambribèni nyai utawi lare-lare ingkang sami tilêm. Makatên ugi ing langgar inggih kathah lare ingkang sami tilêm. Pramila anggènipun badhe sami rêrêmbagan botên kaajak dhatêng langgar. Kapilihakên panggenan ingkang sêpên.

Wontên ing pawon tiyang wau ngaturakên ruwêdipun anggènipun jêjodhoan, kapratelakakên anggalur. Sadaya tindakipun adamêl wêwinihing pabên, jalaran kaanggêp awon dhatêng ingkang èstri. Rumaos botên sagêd anglajêngakên anggènipun jêjodhoan. Semahipun nêdya dipun pêgat.

Sadangunipun mirêngakên cariyosipun tiyang wau, kyai kèndêl kemawon. Sarêng tiyang wau sampun rampung anggènipun cariyos, kyai lajêng ngandika makatên: Kandhamu iki mau wis tak rungokake kabèh. Wong jêjodhoan kuwi pancèn akèh sambekalane. Wong lanang utawa wong wadon, yèn arêp omah-omah mêsthine iya wis duwe pangira-ira, yèn bakal mundhak kuwajibane utawa sêsanggane. Karo manèh iya wis duwe pangarêp-arêp, yèn bab anggone bêbrayan urip bakal tulung-tinulung. Dadi wong sing maune lêgan, yèn banjur omah-omah, pancèn ana sêsanggane sing mundhak abot, sarta ana sing suda abote. Pagawean sing mayar-mayar, kaya ta ngliwêt, umbah-umbah, sapanunggalane, kêna ditandangi wong wadon. Sing abot-abot kudu ditandangi wong lanang. Kowe arêp tak dongèngi. Nanging turutên apa pituturku. Yèn wis koturut, măngka bojomu isih bangêt êggone mêndèli kowe, êjakên mrene, tak tuturane dhewe.

Tiyang wau lajêng mangsuli: Semah kula tamtunipun botên purun kula jak mriki.

Kyai ngandika malih: Yèn bojomu ora gêlêm kojak mrene, aku tak mênyang omahmu, tak tuturane.

Tiyang wau lajêng sagah. Kyai tumuntên anglajêngakên anggènipun mituturi dhatêng tiyang wau makatên: Wong jêjodhoan kuwi kudu diudi aja nganti pêgatan, sabab pêgatan kuwi anggonjangake ngaras[10] dhèk jamane Sayidinah Ngumar jumênêng kalipah, ana wong lakirabi sing arêp pêgatan, sowan mênyang dalême Sayidinah Ngumar. Wong mau yèn ana ngomah iya pijêr padu wae karo bojone, iya kaya kowe ngono. Rumăngsa ora bisa ambacutake ênggone jêjodhoan, sabab kêrêp dikrawus utawa diunèn-unèni bojone. Yèn ngunèn-unèni sêngak, landhêp kaya wêlat. Pangrasane, atine sabên dina kêbêlèr-bêlèr nganti ajur rontang-ranting. Nalika

--- 143 ---

wong mau têkan ing dalême Sayidina Ngumar, ing ngarêpan panuju sêpi. Dadi lungguh ana ing undhak-undhakan, ngêntèni miyose Sayidina Ngumar.

Sasuwene ngêntèni iku wong mau krungu: ing jêrone dalêm kaya ana swarane wong wadon ambênêri nêpsu. Barêng ditiling-tilingake, têtela yèn sing nyuwara iku garwane Sayidinah Ngumar, lagi runtik anguring-uring kang raka. Prasasat tanpa kèndêl ênggone ngandika. Kang raka diunèn-unèni luwih dening kêras, diolok-olok: wong dadi kalipah, kalakuane kok mêngkono. Ora pantês dadi kalipah. Sapanunggalane. Sayidinah Ngumar ora ana swarane mangsuli. Suwèwèn-iyèn,sing nyuwara mung garwane wae.

Wong sing lungguh ana ing undhak-undhakan mau pangontog-ontoging atine marang bojone wis suda. Seje sing dirasakake ing sajroning atine. Kêpengin wêruh, apa sababe dene Sayidinah Ngumar diunèn-unèni kang garwa nganti samono kêrase kok ora mangsuli, ora duka. Kang mangkono iku kok ora cocog, yèn ditêpakake karo awake dhewe. Yèn bojone muni sakêcap, diwangsuli padha sakêcap. Ênggone padu banjur sangsaya mubal akantar-kantar.

Suwe-suwe Sayidinah Ngumar miyos mênyang ngarêpan, priksa marang wong kang lungguh ana ing undhak-undhakan mau banjur ditimbali. Didangu ana prêlune apa.

Wong mau amangsuli atur: Gusti, anggèn kawula sowan punika, ingkang wau badhe ngaturakên kawontênanipun anggèn kawula jêjodhoan, mèh botên wontên dintên gothang tamtu pabên. Pramila semah kawula badhe kawula pêgat. Anamung sadangunipun kawula ngêntosi miyos dalêm wontên ing ngriki, kawula mirêng, bilih garwa dalêm runtik dhatêng panjênêngan dalêm. Ngantos kathah anggènipun ngandika. Panjênêngan dalêm têka kèndêl kemawon, botên karsa anglawani pangandikanipun rayi dalêm. Punika andadosakên gumun kawula. Sapunika kawula kèpengin sumêrêp, punapa jalaranipun, dene panjênêngan dalêm kèndêl kemawon. Botên karsa duka dhatêng rayi dalêm.

Sayidinah Ngumar banjur mangsuli pangandika: Mêngkene, bojoku nêpsu mênyang aku. Apa prêlu tak tandhingi. Sapira kêkuwatane wong wadon. Kuwi rak dudu mungsuhku. Bojoku kuwi prasasat pêparinge Gusti Allah marang aku, supaya dadi rewangku. Yèn tak ladèni ênggone nêpsu, tak tibani têmbung sing nyêngit-nyêngit, mêsthine sangsaya mundhak-mundhak laraning atine, ora gêlêm dadi rewangku, ora gêlêm ngliwêtake aku. Aku rak kêpêksa ngliwêt dhewe.

Kyai Dahlan anglajêngakên anggènipun mituturi dhatêng tiyang wau. Makatên: wong sing sowan marang Sayidinah Ngumar iku mau matur nuwun, [nu ...]

--- 144 ---

[... wun,] banjur bali mulih. Ana ing ngomah, diunèn-unèni bojone manèh bisa panggah sabare. Bojone ora mundhak-mundhak nêpsune. Sangsaya suwe sangsaya sarèh. Wong mau olèhe nyabarake atine diundhak-undhaki, wêkasan bisa rukun ênggone bêbrayan urip. Kuwi teladên, ngalap bêrkahe Sayidinah Ngumar. Dene yèn wis kolakoni mêngkono, măngka bojomu ora ana mêndhane, ajakên mrene.

Makatên wulangisun[11] kyai.

Tiyang wau inggih sagah, lajêng mundur saking dalêmipun kyai, botên wontên pawartosipun manawi pêgatan.

Makatên cariyosipun Mas Haji Muhtar, bab Kyai Dahlan, anggènipun ngrukunakên tiyang jêjodhoan, ingkang badhe pêgatan. Wasana lajêng botên tamtu pêgatan. Sapunika kula nglajêngakên cariyos kula.

Kaping-kaping kula mirêng, bilih Kyai Dahlan angrukunakên têtiyang ingkang sami pradondi, ing wasananipun, sarêng sampun dipun pranata dhatêng Kyai Dahlan, lajêng sami narimahipun. Dilalahipun, têtiyang ing salêbêting Kauman, utawi ing sakiwatêngênipun, manawi gadhah prakawis punapa-punapa kalihan kănca utawi sanak sadhèrèk, utawi tăngga têpalih, yèn sampun dipun rukunakên Kyai Dahlan, kok inggih lajêng sami narimah, sami marêm, botên kalajêng-lajêng anggènipun sami cêcongkrahan. Bab rêrêbatan warisan, utawi bab gêgramèn, utawi bab tukar pabên, manawi sampun karukunakên dhatêng Kyai Dahlan, lajêng botên anglantur-nglantur dumugi ing pangadilan nagari utawi landrat.

Bab pamanggihipun tiyang ingkang sangêt sumungkêmipun dhatêng dhawuhing Allah ingkang kasêbut ing kitab-kitab suci, pancèn botên sae têtiyang sami pabên kalihan sadhèrèkipun piyambak, sami anak Adam. Prakawis ingkang ruwêd, kenging karêmbag ingkang sarèh, supados têtiyang ingkang mirêng sampun ngantos kalintu tampi. Manawi sampun wiwit kalintu tampi sapisan, ingkang kabêkta saking kalintuning ginêm, lampahing musawarah kêdah dipun wêwahi sarèhipun, supados sampun ngantos wêwah ruwêdipun. Manawi lajêng wêlèh-wêlehan, utawi jêlir-jêliran ingkang asêmu nglêpatakên tiyang sanès, botên anglêpatakên badanipun piyambak ingkang têrus ing manah, lampahing prakawis saèstu mindhak ruwêdipun.

Sa.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 8.

Ipene Sang Prabu

(Jêjogedan saking bungahe karo ambatin)

Lah mêngkono ta, dadi piala kang dak lakoni, bisa tumiba marang wong liya. Saiki sing mêntas dilungguhi Carudata dak lungguhane (dilêksanani). Carudata, mara andêlênga aku. Kowe ambok kăndha wae mêngkene: Wasantasena punika, kula ingkang mêjahi.

Kasambêt.

--- 145 ---


anyakiti. (kembali)
anyakiti.
Hyang. (kembali)
Hyang.
sapon. (kembali)
sapon.
§ Karangan ingkang kaanggêp botên nyêkapi. Dene ingkang kaanggêp nyêkapi sampun kapratelakakên ringkêsan mawi têmbung Walandi wontên ing kalawarti Jawa ăngka 1-2 taun 1931 mêdal ing wulan Juli. (kembali)
§ Karangan ingkang kaanggêp botên nyêkapi. Dene ingkang kaanggêp nyêkapi sampun kapratelakakên ringkêsan mawi têmbung Walandi wontên ing kalawarti Jawa ăngka 1-2 taun 1931 mêdal ing wulan Juli.
§ Punika tuladhanipun têmbung enz, ingkang botên tumrap. (kembali)
§ Punika tuladhanipun têmbung enz, ingkang botên tumrap.
nyêmbah. (kembali)
nyêmbah.
§ Têmbung enz utawi of utawi zie sapanunggilanipun, punika pantêsipun namung wontên ing ukara utawi karangan cara Walandi. Sa. (kembali)
§ Têmbung enz utawi of utawi zie sapanunggilanipun, punika pantêsipun namung wontên ing ukara utawi karangan cara Walandi. Sa.
§ Têmbung enz utawi of utawi zie sapanunggilanipun, punika pantêsipun namung wontên ing ukara utawi karangan cara Walandi. Sa. (kembali)
§ Têmbung enz utawi of utawi zie sapanunggilanipun, punika pantêsipun namung wontên ing ukara utawi karangan cara Walandi. Sa.
kadunungan. (kembali)
kadunungan.
10 § Ngaras, punika dipun têgêsi: palênggahanipun Gusti Allah. (kembali)
§ Ngaras, punika dipun têgêsi: palênggahanipun Gusti Allah.
11 wulangipun. (kembali)
wulangipun.