Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-10, #403

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-10, #403. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-10, #403. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 10, Oktobêr 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Pusaka Jawi, Găndalayu 14, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 9.

Pangrêncananipun Sang Hyang Jagatnata sapandhèrèkipun cabar tanpa dados, amargi kenging daya sarananipun sawêr sawa, ingkang dipun wisikakên dhumatêng Kyai Wrigu, wêkasan para jawata sami muksa. Sarawuhipun ing suralaya, Sang Hyang Jagatnata amawas, manawi ingkang dados cabaring pangrêncana punika, saking pandamêlipun Dèwi Sri. Nuntên Sang Hyang Girinata utusan para widadari, kinèn angruwat Dèwi Sri, sarta kinèn ngirid pisowanipun dhatêng suralaya, amargi badhe kadadosakên jangkêping widadari. Ringkêsanin[1] para widadari lajêng tumurun dhatêng ngarcapada, anjujug wismanipun Kyai Wrigu. Salajêngipun angruwat Dèwi Sri. Sasampunipun ruwat, para widadari lajêng andhawuhakên karsanipun Sang Hyang Jagatnata. Dèwi Sri mopo dèrèng sagêd sowan sapunika, amargi sumêlang manahipun, nilar anakipun Kyai Wrigu, bokmanawi sapêngkêripun anêmahi tiwas, sabab saking pangrêncananing para dewa. Para widadari mangsuli, sababipun anakipun Kyai Wrigu rinancana, jalaran Dèwi Tiksnawati manjalma wontên ing ngriku, botên sarana palilahipun Sang Hyang Girinata. Dèwi Sri mangsuli, sarèhning dewa punika sipat adil tuwin mirah lan asih, sabab dening punapa namung badhe anjabêl Dèwi Tiksnawati, têka mawi amisesa bayi ingkang tanpa dosa, punapa dewa kirang kawasa. Wêkasan para widadari lajêng matur Sang Hyang Jagatnata, bilih Dèwi Sri darbe atur kados [kado ...]

--- 146 ---

[... s] ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Sapêngkêripun para widadari, Kyai Wrigu tuwin semahipun badhe angrêsiki patanèn. Sarêng miyak samir kagèt, dene salêbêting patanèn wontên wanodya ayu endah, nanging sawêr sawa botên wontên. Semahipun Kyai Wrigu sakalangkung ngungun sêmu ajrih, Dèwi Sri prasaja manawi putranipun Sri Maharaja Punggung, narendra ing Purwacarita.

Mangsuli bab pisowanipun para widadari, ngunjukakên atur panuwunipun Dèwi Sri. Sang Hyang Jagatnata amarêngakên. Para widadari lajêng kinèn andhawuhakên dhatêng Dèwi Sri, manawi panuwunipun sampun kaparêng. Mênggah ingkang manjalma ing sutanipun Kyai Wrigu, sapunika dipun santuni widadari: Dèwi Daruni, amargi kalêpatan wontên ing kaswargan sami gadhah tindak ingkang botên prayogi, kalihan kadangipun piyambak nama Bathara Daruna, mila Bathara Daruna ugi kaandhapakên dhatêng ngarcapada, manjalma sutanipun Subaddha ingkang nêmbe lair. Ing têmbe manawi sampun diwasa sutanipun Kyai Wrigu badhe dados jodhonipun, sarta badhe gadhah tuwuh satunggal èstri, ing têmbe badhe dados garwanipun nata binathara, sarta anêrahakên para ratu ing tanah Jawi.

Sasampunipun Dèwi Sri midhangêtakên dhawuh pangandikanipun Sang Hyang Jagatnata, dahat suka ing galih sarta anyandikani karsanipun Sang Hyang Girinata katimbalan dhatêng ing suralaya, nanging gadhah panyuwun malih dhatêng para widadari, supados dipun suwunakên dhatêng Sang Hyang Girinata, nyuwun pêthuk padhati sinang apangirid lêmbu gumarang, apêpêcut nagaserang. Para widadari nuntên sami ngunjukakên atur panyuwunipun Dèwi Sri, bilih sapunika sampun anyandikani, nanging nyuwun pêthukan tumpakan padhati sinang, ingkang pangirid lêmbu gumarang apêcut nagaserang. Sang Hyang Girinata amarêngakên, sarta pangandikanipun kula wêtahakên makatên: Sira nyuwun padhati sinang, kang apangirid lêmbu gumarang, apêcut nagaserang. Kang sira arani nagaserang iku, naga sarana kang dadi kanthonging wiji: rijêkine manungsa. Têgêse sira nyuwun kawasa andum kabêgyan marang sarupaning manungsa, lan anawurake sabarang wiji saka swarga, iya wus kalilan ing sapanyuwunira. Wiwit saka têngah wêngi, têkane byar raina, sira anganglanga jagad, anungganga padhati sinang, apangirid lêmbu gumarang, apêpêcut nagaserang. Nalika sira mêcutake sayêkti sabarang wiji mêtu saka kono, dadi kabêgjane manungsa kang tangi wêktu iku. Dene yèn wus raina gênti dadi bubuhane Sang Hyang Surya kang anuwuhake sarupane wiji.

Sapêngkêripun para widadari sowan ing ngarsanipun Sang Hyang Bathara Guru, Kyai Wrigu tuwin semahipun marak Dèwi Sri, ngaturi pirsa manawi sutanipun awakipun bêntèr. Dèwi Sri mangsuli, manawi ingkang makatên wau, amargi santun ingkang manjalma. Sakawit Dèwi Tiksnawati, ingkang sapunika lênggah ing kiwanipun Dèwi

--- 147 ---

Sri, sapunika ingkang manjalma ing sutanipun nama Dèwi Daruni. Dèwi Sri angandika malih, sarèhning sutanipun Kyai Wrigu badanipun bêntèr, mila supados dipun dilati êmbun-êmbunan, wudêl, èpèk-èpèk miwah dalamakanipun kalih pisan, wiwit saking kiwa. Anggèning andilati kaping tiga sarwi wêwuda. Punapadene sutanipun dipun wêca manawi ing têmbe badhe anurunakên para nata ing tanah Jawi.

Kacariyos wiwit kala samantên para buyut ingkang katêdhakan Dèwi Sri, tuwin Kyai Wrigu angèstokakên dhawuh piwulangipun, lajêng tular-tumular ngantos waradin ing nuswa Jawi, têtiyang Jawi sami anut anglêluri, katêlah dumugi samangke. Inggih punika purwanipun lumbung, lêsung, padaringan, patanèn, sabên malêm Jêmuwah dipun sajèni sêkar borèh, sarta dipun kutugi. Patanèn dipun tatani kajang sirah kumêndhung-kêndhung, dipun sajèni lan dipun dèkèki toya. Wiwit kala samantên purwanipun tiyang badhe mêthik pantun mawi sajèn gêdhang ayu suruh ayu, kêmbang borèh gêlaran enggal tuwin lawon, sêdyanipun supados karawuhan Dèwi Sri. Wiwit kala samantên wontênipun tiyang ambayi mawi dipun êlèki, sarat ron nanas, ron widara sapanunggilanipun, angèstokakên piwulangipun Dèwi Sri, supados kalis sagunging sêsakit, tuwin godha rêncana.

Mirid dêdongengan ingkang kaandharakên ing nginggil, sambêtipun kalihan ingkang tumindak sapunika, bab lèk-lekan nalika tiyang gadhah bayi. Kawontênanipun ngalèr kalihan ngidul, sulaya kalihan tulènipun. Ing kinanipun dhatênging para tăngga têpalih ngêmu raos nêdya pitulung. Dhatênging tăngga têpalih ing wanci dalu adhêdhasar anjagi kawilujênganing bayi sapanunggilanipun, sarana mawi mêlèk sarta angucapakên măntra, anindakakên sarat-sarat minăngka panulaking godha rêncana. Nanging sapunika malih, mèmpêr dados kamar bolah dadakan, utawi papan kangge angenggar-enggar manah. Sarèhning ingkang makatên wau sapunika sampun dados cara, malah manawi kita manggèn ing salah satunggaling pakampungan utawi dhusun, kalanipun ambayi botên anglampahi cara ingkang kados makatên, adhakanipun lajêng dipun wastani: ora lumrah uwong. Lajêng dados ginêm warni-warni. Awit saking punika, sawênèhing tiyang ingkang sampun mangrêtos dhatêng kalintuning panindak, gèsèh kalihan tulènipun, nanging lumuh manawi dipun ginêm, minggahipun mindhak botên dipun ajêngi ing tiyang kathah, lajêng katut anggêbyur, sanadyan ing batosipun ngrêkaos anglampahi. Dene ingkang puguh, nêtêpi dhatêng kayakinanipun sumêja andandosi gêsang utawi andandosi ekonomi ingkang sampun dangu anggèning risak, ingkang kathah kalampahan botên dipun ajêngi têtiyang kathah, malah kala-kala sagêd minggah dhatêng sawangan sajak apêpanthan miyambak-miyambak.

--- 148 ---

Andharan kula wau namung anglugokakên kawontênan ingkang nyata kalampahan ing dintên punika. Sarèhning kalih golongan wau sami gadhah kayakinan piyambak-piyambak, ingkang rumaosipun ugi sami anglampahi pakarti lêrês, tur mawi pathokan, mila kalampahanipun amung dumunung wontên ing pamilih sarta wontên kaparêngipun para ingkang nglampahi. Taksih wontên sambêtipun.

Karangan Ăngka VII.

Bab Tatakrama

Băngsa ing alam donya punika sadaya sampun gadhah utawi ngênggèni tatakrama, nanging tumrap satunggal-satunggalipun băngsa botên sami. Wontên ingkang sampun inggil, wontên ingkang taksih andhap tatakramanipun. Dene ingkang dados titikanipun andhap inggiling tatakrama punika saking andhap inggiling kawruh lan kasusilan. Yèn satunggalipun băngsa sampun inggil kawruh lan kasusilanipun, punika sampun kenging kawastanan manawi băngsa wau sampun inggil tatakramanipun. Pramila makatên, awit wontên băngsa ingkang sampun susila, tarkadhang taksih andhap tatakramanipun. Dados sagêdipun kawastanan manawi băngsa wau sampun gadhah tatakrama, manawi sampun inggil kawruh lan kasusilanipun, inggih punika ingkang kawastanan titikaning kamanungsan.

Tatakrama punika kenging kaperang dados kalih ingkang baku, inggih punika:

1. Tatakrama batin.

2. Tatakrama lair.

1. Tatakrama batin punika namung tumrap pangraos lan pikiran. Băngsa ingkang sampun alus bêbudènipun, bab tatakrama batin punika sampun mangrêtos sangêt, bilih ing donya punika wontên pranatan ingkang sakalangkung adil, pramila inggih lajêng botên purun nindakakên samukawis lampah ingkang murugakên awon tumrap piyambakipun utawi tumrap sasamining tumitah, awit sampun mangrêtos kanthi dipun antêpi ing pangraos lan pikiran ingkang wêning, bilih sadaya pandamêl punika mêsthi wontên kadadosanipun ingkang timbang utawi cocog kalihan pandamêl wau. Utawi sadaya kadadosan punika, wontên jalaran utawi sababipun. Upaminipun: wiji jagung manawi dipun tanêm, thukulipun dados wit jagung, lajêng woh jagung, botên dados wit pantun utawi katela. Tigan ayam, manawi nêtês, dados kuthuk, botên dados sawêr, makatên sapiturutipun. Dados sampun mangrêtos, manawi pandamêl sae, kadadosanipun inggih sae, mulya, bêgja. Dene pandamêl awon, kadadosanipun inggih awon, nistha, sangsara. Pramila băngsa ingkang sampun luhur tatakramanipun, inggih lajêng nyingkiri lampah awon, ngugêmi kanthi nindakakên [nindaka ...]

--- 149 ---

[... kên] lampah sae. Dados sadaya wau cêkakipun, sagêda mranata manahipun ingkang rêsik, inggih punika: botên gadhah manah sêrik dhatêng sanès, gumêdhe, kumintêr, kaduk ing panggraita, sumêngit utawi gêthing lan sapanunggilanipun, dados raosipun lajêng kêgubah, sagêda gadhah raos: trênyuh, grêgêt, gambira, wêlas, trêsna lan sapanunggilanipun. Makatên punika inggih sampun salêrêsipun. Băngsa kita Jawi kamurkanipun taksih nêdhêng-nêdhêngipun mêkar. Dados punika wau sadaya bakunipun tumrap badanipun piyambak lan Pangeran.

2. Bab tatakrama lair, inggih punika tatakrama tumrap: bale griya, pangangge, solah bawa utawi solah tingkah, têtêmbungan, polatan utawi pasêmon, patrap manggihi tamu utawi martamu piyambak.

Mênggah tumrap băngsa kita Jawi, tatakrama kalih bab wau (batin lan lair) kenging kawastanan manawi taksih andhap sangêt, awit katitik saking bab-bab ing nginggil wau katingalipun taksih dèrèng sagêd angrêsêpakên paningal utawi sênêngipun para ingkang ningali. Nanging inggih botên sadaya makatên, inggih wontên ingkang sampun ngênggèni tatakrama enggal, ingkang sampun kangge dening băngsa ingkang sampun majêng.

Kirang lêrêsing tumandukipun tatakrama punika kabêkta saking kiranging sêsêrêpan utawi dèrèng padhang pikiran lan pangraosipun. Mênggah têrangipun, băngsa kita Jawi kathah utawi racakipun dhatêng bab sêsêrêpan taksih andhap sangêt utawi tansah dumunung ing wingking manawi tinandhing kalihan băngsa ingkang majêng. Pramila makatên, awit băngsa kita Jawi anggènipun nandukakên tatakrama punika, sapisan, margi niru tatakramaning lêluhur kita băngsa Jawi kina rumiyin (kaum kolot) ingkang kirang lêrês mênggahing jaman sapunika. Lan kaping kalihipun, tiru-tiru dhatêng tatakramanipun băngsa sanès, nanging dèrèng dipun timbang rumiyin, lêrês punapa lêpat, dados anggènipun nandukakên wau botên kanthi limbangan ingkang matêng, pramila inggih kathah klèntunipun. Saupami băngsa kita Jawi ngangge tatakrama ingkang lêrês utawi sae, saiba saenipun, botên dados punapa sanajan tiru-tiru tatakramanipun băngsa mănca. Nanging ingkang kathah sok botên purun, namung ngugêmi dhatêng kajêngipun piyambak, dipun anggêp yèn ingkang katindakakên punika sampun lêrês. Inggih ingkang makatên punika ingkang adamêl pêtênging jagade tatakramanipun tiyang Jawi.

Kajawi punika, alusing tatakrama Jawi mênggahing băngsa kita Jawi, punika ingkang kathah-kathah gumantung dhatêng panggulawênthahing rumiyin (tiyang sêpuhipun), tumrap putranipun priyantun, ingkang kathah sarèhning bapa biyungipun sampun angsal piwulang saking pamulangan, lan sampun asring sêsrawungan kalihan băngsa sanès ingkang inggil tatakramanipun, dados lare [la ...]

--- 150 ---

[... re] wau ing têmbe gadhah tatakrama ingkang alus, tinimbang kalihan anakipun tiyang tani, ingkang bapa biyungipun dèrèng angsal piwulang saking pamulangan. Nanging inggih botên sadaya anakipun tiyang tani kados makatên, sanajan putraning priyantun ugi wontên ingkang kasaruwe ing sanès margi kirang lêrês panganggenipun tatakrama.

Tiyang ingkang sampun diwasa langkung alus tatakramanipun tinimbang lare, awit gêsangipun sarta anggènipun anglêbêtakên sêsêrêpan ing donya ngriki bab kawruh lan kasusilan (kajawi manawi lare wau kadunungan dhasar). Sanajan makatêna tiyang sêpuh botên kêndhat anggènipun anggulawênthah anakipun, pinurih nglampahi tatakrama ingkang alus, nyingkiri tatakrama ingkang kasar-kasar ingkang andadosakên kirang sênênging tiyang sanès. Awit manawi wontên satunggaling lare ngantos kasaruwe tindakipun ingkang botên lêrês, bapa biyung utawi gurunipun lare lajêng katêpa, bilih dèrèng sagêd anggulawênthah anak, dados bapa biyung utawi guru wau taksih kirang tatakramanipun.

Sarèhning ingkang kathah-kathah lampahing tatakramanipun tiyang Jawi kados makatên wau, dados sampun cêtha kenging kawastanan, manawi tatakramanipun tiyang Jawi kirang ngrêsêpakên, pramila ing ngriki prêlu kaandharakên, bilih tatakrama Jawi prêlu dipun ewahi. Nanging inggih botên sadaya dipun ewahi, inggih wontên saperangan ingkang prayogi dipun lêstantunakên. Manawi dipun santuni tatakrama enggal, kula sangêt botên nyondhongi, awit tumraping pangraos băngsa kita Jawi katingalipun kok ragi wontên sarunipun, inggih lêrês tumrap sanès băngsa saking pangraosipun sampun sae piyambak tinimbang kalihan tatakramanipun sanès băngsa, dados tamtu kemawon, manawi tatakrama ingkang makatên punika botên mathuk kalihan jagading tatakramanipun băngsa kita Jawi, nanging inggih botên sadaya tatakramanipun băngsa sanès botên kenging utawi botên pantês tinulad, awit tatakranipun[2] băngsa sanès inggih wontên ingkang pantês tinulad, murih dadosa prayoginipun tatakrama Jawi.

Saupami băngsa kita Jawi sagêd ngênggèni tatakrama kados andharan kula ing nginggil wau, masthi saya lami saya sae lan prayogi, lajêng saya alus, têmahan bribik-bribik lajêng kawastanan majêng. Yèn makatên kita băngsa Jawi sadaya inggih prêlu ngewahi tatakrama ingkang kirang sae dinulu, nanging sampun pating krêncil satunggal-satunggal. Dados inggih prêlu sêsarêngan. Sarèhning kita prêlu ngewahi tatakrama kita, ingkang kirang lêrês, pramila ewah-ewahan punika ingkang prayogi kula andharakên ing ngandhap, prêlu kita sadaya sagêda sumêrêp kadospundi prayoginipun, kados ta:

1. Tatakrama bab bale griya botên prêlu [prê ...]

--- 151 ---

[... lu] panjang-panjang kula andharakên ing ngriki, jalaran botên prêlu dipun ewahi, anggêr sadaya panatanipun barang-barang kanthi pranatan, sagêd angrêsêpakên, nyênêngakên lan anggubah raosipun ingkang ningali utawi ngangge. Makatên ugi pirantos nêdha, inggih prayogi ingkang sarwa rêsik gumrining, sampun ngantos adamêl giguning tiyang ingkang ngangge.

2. Tatakrama bab pangangge. Pênganggenipun tiyang Jawi sapunika beda sangêt kalihan panganggenipun tiyang Jawi jaman rumiyin. Tiyang jaman rumiyin panganggenipun ingkang kathah lurik, tênunanipun piyambak. Yèn tiyang sêpuh ikêtipun wulung, sinjangipun kêlêngan, rasukanipun takwa. Nanging ing sapunika, panganggenipun tiyang Jawi kathah ewahipun, mèh sadaya ngangge pangangge damêlan Eropah. Sarta pangangge wau gagrag Eropah, kados ta: jas. Dene ingkang asli, kados ta: ikêt lan sinjang.

Kajawi punika ing sapunika kathah sangêt para neneman băngsa Jawi ingkang mangangge cara Eropah, inggih punika ngangge: jas, clana, sabuk, tanpa ikêt, rambutipun dipun surèni. Tarkadhang yèn mêdal saking griya utawi kêkesahan ngangge topi. Margi sadaya pangangge wau, saking pamanggihipun para neneman, mastani: bilih pamanggih Jawi punika: awon, ngribêdi, nyambut damêl kirang cancinganipun. Lan malih wragadipun kathah. Dene pangangge Eropah langkung mirah rêginipun tinimbang pangangge Jawi, cancingan sangêt, botên ngribêdi manawi kangge nyambut damêl, langkung-langkung tumrapipun upas-upas, pulisi, dhoktêr, priyantun ingkang padamêlanipun ing wana lan ing sabin-sabin.

Ikêtan sinjang punika namung kangge dening tiyang Jawi, Madura, lan Bali, dados sampun botên kangge tumrap băngsa sanès, punapa malih tumrap tiyang ingkang manggèn ing hawa asrêp. Nanging prayoginipun kagunan bab ambathik sampun ngantos mundur. Yèn tiyang Jawi mangangge cara Eropah, tamtu badhe ical cara andhodhok lan sêmbah.

Tumrap santunipun gagrag, inggih punika santun pangangge cara Eropah, kula inggih condhong, nanging kêdah alon-alon saking sakêdhik, awit manawi lajêng ngêgèt sanalika santun pangangge cara Eropah, saking pamanggih kula saya andadosakên susah, tumrap tiyang dhusun ingkang dèrèng majêng, margi ing atasipun tiyang dhusun mangangge cara Eropah punika malah kaanggêp rêkaos, amargi:

1. Tiyang dhusun punika padamêlanipun ingkang kathah wontên ing sabin.

2. Pangangge Eropah punika sabên-sabên kêdah dipun sêtrika, punika botên timbang pamêdalipun kalihan wragadipun nyêtrikakakên.

Kula wau sampun matur, bilih botên sadaya pangangge Jawi kaicalan sadaya, awit manawi kaewahan sadaya, kados-kados badhe botên katingal raosipun kajawèn. [kajawè ...]

--- 152 ---

[... n.] Ingkang botên prêlu kaewahan punika ikêt lan sinjang,[3] awit pangangge Jawi punika sampun mungguh sangêt kalihan kawontênanipun tiyang Jawi, manawi pinuju jagong ningali têtingalan pusakanipun tiyang Jawi piyambak, inggih punika ringgit, lajêng sami lênggahan ing jobin mawi gêlaran utawi babut. Manawi pinuju wontên ing pasamuan, pangangge Eropah sampun botên kangge. Langkung-langkung tumrap pasamuanipun para luhur, têtiyang Jawi sami mangangge panganggenipun piyambak-piyambak, inggih punika pangangge asli kajawèn. Inggih punika ingkang sagêd anggubah raos Jawi.

Saking pamanggih kula pangangge Jawi punika kaanggea manawi pinuju wontên ing pasamuan, dene manawi nyambut damêl, prayogi mangangge cara Eropah, awit pangangge Jawi punika:

1. Kawisên rêginipun.

2. Botên patos awèt kanggenipun yèn katimbang kalihan pangangge cara Eropah.

3. Kirang cancingan manawi kangge nyambut damêl.

Sapunika ingkang badhe kula rêmbag bab pangangge cara èstri Jawi. Saking pamanggih kula, pangangge èstri tumrap băngsa kita Jawi èstri, botên prêlu ewah. Kados ta: kula asring sumêrêp satunggaling wanita Jawi (prawan agêng), mangangge cara nyonyah Eropah, ingkang potonganing rokipun kadamêl modhèrên, inggih punika inggiling rok ngantos dumunung ing sanginggilipun dhêngkul, tanpa lêngên, saèmpêr entrok. Kajawi punika potonganing rambutipun cêkak, ngantos kados tiyang jalêr. Ingkang makatên punika katingalipun kok kados-kados sampun ical raosipun kajawèn.

Punapa malih wanita Islam kapurih ngangge mêkêna, punika katingalipun kirang prayogi, awit lare tansah dipun krukub kemawon, namung katingal rainipun kemawon, dados mênggah wontênipun mêkêna punika prayogi manawi kaicalan kemawon, sanajan punika manut saraking agami Islam, malah sapunika tiyang Turki ingkang sampun kandêl bab agami Islam, kapurih cucul mêkêna, pancèn inggih prayogi sangêt pranatan ingkang makatên punika.

Kajawi punika pangangge èstri Jawi punika pancèn sampun mungguh sangêt kalihan kawontênaning padamêlanipun tiyang èstri, awit tiyang èstri punika padamêlanipun ènthèng, tur ingkang kathah-kathah namung nyambut damêl ing griya kemawon.[4]

Sampun cêkap samantên kemawon andharan kula ewah-ewahan bab pangangge.

3. Sapunika ngrêmbag tatakrama bab solah-bawa. Saking pamanggih kula botên wontên ingkang [ing ...]

--- 153 ---

[... kang] prêlu kaewahan, jalaran sampun cocog kalihan kawontênanipun. Cêkakipun manawi tiyang sampun mêngku tatakrama, prayogi ingkang angon êmpan papan, kados ta: manawi pinuju wontên ing pasamuan, mlampah-mlampah sampun ugal-ugalan utawi gumêdhe, supados sampun ngantos andadosakên sêriking manahipun sanès. Ugi kêdah gadhah solah-bawa ingkang andhap asor, utawi urmat-ingurmatan, kados ta: manawi pinuju mlampah-mlampah kêpapag satunggaling tiyang ingkang langkung inggil drajatipun tinimbang kalihan piyambakipun, punika prayogi ingkang langkung andhap anggènipun ngurmati sarana manthuk sirahipun. Botên prêlu ambungkruk sangêt-sangêt, margi anjagi dhatêng kasarasaning badan. Utawi nyêmbah dhodhok punika prayogi kaicalan.

4. Tatakrama bab tatêmbungan: manawi tiyang badhe ngêdalakên tatêmbungan prayogi ingkang ngatos-atos lan wêweka, sampun ngantos kawêdal rêmbagipun ingkang saru-saru, ingkang damêl kiranging rêsêpipun ingkang mirêngakên, sampun ngasorakên tiyang sanès, nginggilakên lan ngasorakên sangêt dhatêng badanipun piyambak.

Manawi pinuju rêmbagan kalihan tiyang sêpuh (bab umur, prênah, pangkat utawi kawruh) prayogi ngangge krama inggil, sarta sampun ngantos kalèntu trapipun krama inggil wau. Makatên ugi manawi ingkang kaajak rêmbagan punika sababag ingkang pantês kinurmatan. Têtêmbungan punika kangge anjagi badanipun piyambak. Inggih punika manawi pinuju sêsrawungan, pakêmpalan, mara tamu utawi katamuan lan sapanunggilanipun. Băngsa kita Jawi manawi rêrêmbagan ngangge basa Jawi prayogi ngangge basa Jawi ingkang sae, inggih punika manut basa Jawi ing Sala. Langkung-langkung tumrap para guru, prêlu sangêt ngewahi têtêmbungan Jawi ingkang klèntu.

5. Tatakrama bab pasêmon: tiyang ingkang sampun gadhah tatakrama, sagêd mranata bab pasêmon manawi pinuju wontên ing pakêmpalan utawi pasamuan, inggih punika: sumèh, ngrêsêpakên, nandhakakên manawi kadunungan ing manah sabar, sumanak, lêmbah manah, sampun mancurêng kemawon, ingkang sajakipun botên nyênêngakên manahipun sanès.

6. Tatakrama bab mara tamu: manawi badhe martamu kêdah angon măngsa, wanci siyang jam 4-5, wanci dalu jam 8-9, sampun manawi pinuju wanci tiyang nêdha, tilêm lan nyambut damêl, sarta prayogi ngabari rumiyin dhatêng tiyang ingkang badhe dipun dhatêngi punika, supados sampun ngantos andadosakên cuwaning manahipun ingkang katamuan. Nalika badhe mlêbêt griyanipun tiyang ingkang katamuan wau, mugi mungêl kula nuwun.

Kajawi punika băngsa kita Jawi taksih dèrèng kenging kawastanan, manawi sampun pitados-pinitadosan, inggih punika sok [so ...]

--- 154 ---

[... k] asring kemawon kula sumêrêp, manawi tamu jalêr dipun panggihi dening ingkang gadhah griya, nanging ingkang èstri, manawi ingkang jalêr pinuju botên wontên griya, utawi dipun panggihi ingkang gadhah griya jalêr èstri, punika botên dados punapa, sajak băngsa Eropah kemawon.

7. Tatakrama bab manggihi tamu.

Tamu ingkang sampun katingal dhatêng wontên ing latar, sêpuh utawi sasami, prayogi dipun pêthukakên, lan dipun acarani mlêbêt lan lênggah. Yèn tamu wau jalêr èstri, ingkang èstri dipun urmati rumiyin.

Tamu wau prayogi kapanggenakên ing panggenan ingkang ngrêsêpakên, rêsik, sampun gampil kanginan.

Minăngka pasugatanipun tiyang jalêr rokok, tumrap tiyang èstri kinang, anggènipun manggihi kados ingkang sampun kula cariyosakên ing bab: 6 lan ingkang gadhah griya kêdah grapyak lan sagêda nimbangi tamunipun.

Manawi tamu wau mratelakakên, manawi piyambakipun badhe sipêng utawi dangu, ingkang gadhah griya prayogi sêgah nêdha. Papanipun lan pirantos nêdha kêdah ingkang sarwa rêsik lan jangkêp. Têtêdhanipun sanajan botên èdi, nanging prayogi ingkang rêsik. Manawi sampun rampung ubarampenipun, sawêg tamu wau kaacaranan nêdha. Ingkang gadhah griya nyarêngi.

Cêkakipun prakawis punika ingkang gadhah griya kêdah sagêd adamêl sênênging manahipun ingkang martamu.

Nalika tamu kaacaranan lênggah, lan sampun satata lênggah, manut cara Eropah, ingkang martamu lajêng katantun, punapa ingkang kakarsakakên manawi ing griyanipun ingkang katamuan wau wontên. Punika prayogi kaanggea tumrap tiyang Jawi ingkang sampun luhur drajatipun, inggih punika ingkang minangkani rumiyin, masthi têtiyang alit utawi dhusun lajêng tumut, wasana lajêng kalimrah.

Dados tatakrama bab martamu utawi manggihi tamu wontên saperangan ingkang kaewahan manut cara Eropah.

Sadaya tatakrama kados ingkang sampun kula wêdharakên ing nginggil wau ingkang prêlu kaewahan manut tatakrama Eropah, inggih punika: bab pangangge, bab têtêmbungan, solah-bawa, manggihi tamu lan martamu piyambak. Dene ewah-ewahanipun sampun kula andharakên ing nginggil wau sadaya.

Wasana kula namung ngajêng-ajêng mugi-mugi băngsa kita Jawi sagêda ngênggèni lan ngangge tatakrama enggal ingkang murih prayoginipun.

Cêkap samantên kemawon karangan kula bab tatakrama, kula namung nyumanggakakên dhatêng para pamriksa.

Kula pun Ngadiran.

--- 155 ---

Ing Ngalam Donya Botên Wontên Barang ingkang Anganyar-anyari

Miturut wulang Islam, sadaya titah, sanajan umuripun sampun mayuta-yuta èwu taun, kados ta bumi, lintang-lintang, srêngenge sapanunggilanipun, punika nama barang enggal. Makatên wau manawi katimbang kalihan Gusti Allah.

Pangandikanipun Kangjêng Nabi Suleman Ngalaihi Salam, ingkang asring kaucapakên dhatêng băngsa Walandi, ungêlipun makatên: Niets nieuws onder de zon. Kajêngipun makatên: ing ngalam donya iku ora ana barang sing nganyar-anyari. Têgêsipun, kawontênan ing ngalam donya punika, wiwit nalika sawêg dumados, ngantos sapriki, sarta ngantos ing benjing, sami kemawon. Ingkang sami punapanipun. Têtiyang punapa botên mindhak pintêr punapa botên mindhak sae. Ucap-ucapan kalih warni wau katingalipun kados akosokwangsul, anamung sayêktosipun pancèn pisah, botên wontên gandhenganipun. Yèn miturut pangandika ingkang kasêbut ing nginggil, manungsa inggih botên mindhak. Bab kapintêran, ing jaman samangke wontên radhio, wontên telepun, wontên telegram. Ing jaman rumiyin inggih sampun wontên, namung lampahipun kemawon ingkang ragi gèsèh. Yèn cara sapunika mênika, dèrèng dumugi ing pucak, taksih kalêbêt andhap, dèrèng sagêd nyamèni cara ing jaman kina. Makatên ugi prakawis motor mabur, baita silêm, sapanunggilanipun, dèrèng mapaki jaman Ngalêngka utawi Ăntarêja. Bab radhio dèrèng mapaki kagunanipun para pinunjul ing tanah Indhu utawi ing tanah Mêsir. Punika dèrèng katimbang kalihan jaman Atlantikah.

Sapunika bab wêwatêkaning manungsa. Punapa botên mindhak sae. Ing jaman Kangjêng Nabi Adam Ngalaihi Salam, wontên lêlampahan: sadhèrèk mêjahi sadhèrèk. Ing jaman samangke ing ngalam donya botên wontên dintên gothang anggènipun sami pêjah-pinêjahan. Manungsa sangalam donya punika rak sadaya putra Adam. Benjing punapa anggènipun sagêd mantun pêjah-pinêjahan. Wangsulanipun: benjing bibar kiyamat. Saupami botên katata dhatêng paprentahan, utawi botên angsal wêwulang saking para andika nabi, kadospundi kawontênaning jagad. Wallahu aklam.

Ing jaman kina: Pandhawa pêrang kalihan Kurawa, Subali pêrang kalihan Sugriwa. nagari Ngêrum pêrang kalihan Kartago, nagari Yunani pêrang kalihan Troyê. Manawi kula maos cariyos pêrangipun Arjuna kalihan Karna, utawi Subali kalihan Sugriwa, utawi Akhilês kalihan Hektor, utawi Lipa kalihan Kwankong sasêdhèrèk têtiga, punika

--- 156 ---

botên gèsèh kalihan jaman samangke. Ing jaman samangke: tiyang sêpuh mêngsah tiyang sêpuh, lare wêdalan sakolahan andhap, mêngsah sababagipun. Ingkang wêdalan sakolahan inggil pêrang kalihan sababagipun, punika botên wontên kèndêlipun.

Subali, Sugriwa, Anjani, sami sae-sae warninipun. Sarêng sampun sami malêbêt ing sakolahan S.M.L. (Sumala) sarta ambêntur tapa, ing wiwitanipun sami pangling, sabab tindak-tandukipun malih, botên sagêd sila: mlêpês, ginêmipun mêre-mêre, botên mangrêtosi tumrapipun manungsa limrah. Ingkang mangrêtos namung kêthèk sami kêthèk. Subali saktinipun anglangkungi, sabab sampun angsal dhiplomah tur: kumlaodhê, prasasat lêpat ing pêjah. Botên ajrih mêngsah Rawana ingkang kaserenan pangawasa agêng, dados bumi nata Ngalêngka. Manawi kadhawahan ing dêdamêl ngarcapada kemawon, namung prasasat dipun isik-isik. Manawi kadhawahan ing dêdamêl pêparinging Hyang Guru sawêg tumama. Manawi kenging lambung, lajêng tugêl dhêl lambungipun. Manawi kenging jăngga inggih lajêng tatas. Manawi kenging sirah, lajêng sigar byak. Anamung sabên kambêtan siti, otot bayu tuwin bêbalung lajêng tungtum malih, malah lajêng sangsaya rosa pangamukipun. Rawana ngantos têlas guna saktinipun, botên sagêd ngêluk dhatêng Subali. Lajêng kocap cariyos makatên:

[Pangkur]

Gandi

Subali asru sêsumbar / hèh rêbutên ing aprang iya iki / Subali ing rat dibya nung / lah payo Dasamuka / ing ayuda mênèk cuwa kurang tutug / wasisan sira nyambata / bathara panglêbur bumi //

Konên mrih ing patiningwang / diyu ditya rasêksa myang rasêksi / sajagad kêrigên gupuh / papagna wukku ring prang / Dasamuka miyarsa maras tyasipun / nanging wirang ngoncatana / nêmah matièng ajurit //

Punika barkahipun Subali nyêpêng dhiplomah.

Sugriwa Subali lami anggènipun wontên ing S.M.L, panganggenipun sarta solah tingkahipun tuwin ginêmipun malih sadaya, ngantos sami pangling sangêt. Anjani namung sakêdhap. Pangangge botên santun, namung: bobèt. Dados botên patos manglingi. Sapunika kula pêthikakên, nalika Subali kalihan Sugriwa sami panglingipun, warninipun mèh sami, ungêlipun makatên:

Drs.

[Pangkur]

Rêtnanjani munggèng wuntat / ngêtutakên saparane kang rayi / cupu tibane jumêgur / pisah lan tutupira / tibèng jroning pura Ngayodya cinatur / dadya talaga nirmala / babone tibèng wanadri //

Dadya talaga Sumala / Sugriwa lan Subali aningali / cupu manik tibanipun / jumêgur nèng talaga / radèn kalih sarêng dènira anggêbyur / jroning talaga Sumala / silulup dhasaring warih //

Praptèng jro padhang kang toya / lir dharatan nanging rahadèn kalih / samya salin sipatipun / kalih warni wanara / dadya sami pangling ing pandulunipun [pa ...]

--- 157 ---

[... ndulunipun] '/ Subali osik ing driya / iki baya kang angambil //

Cupu manik asthagina / ingkang rayi panarkanira sami / iki baya kang anjupuk / cupu kagungan ingwang / ingkang raka mrêpêki sru dènnya muwus / hèh sirèku buron apa / sêsaba sajroning warih //

sira nêmu duwèk ingwang / cupu manik wau tiba nèng ngriki / mara ulungna dèn gupuh / ing mêngko ingsun ganjar / yèn tan awèh pasthi bilai sirèku / nora wurung sun sêsêmpal / Sugriwa asru dènnyangling //

lah iki buron kêparat / pangucape kamasat[5] si pênyakit / pasthi sira kang anjupuk / cupu kangungan ingwang / ulungêna jêr wus katon durjanamu / durung kongsi tinakonan / dhingini narka mring mami //

yèn nora nuli ulungna / pasthi sira mati ingsun jêjuwing / tarka-tinarka adangu / kalih samya kabranang / sigra Radèn Subali mara anubruk / Sugriwa: nggiwar malumpat / tinut gapyuk anadhahi //

ngadu kasudiraning prang / apan sami prakosanira kalih / gêlut pulêtan apêluk / wal singsal parêng kontal / rame dêdêl-dinêdêl dêkung-dinêkung / kuwêl sru sêndhal-sinêndhal / wus wuru riwut ing jurit //

mêtu nêpsuning wanara / parêng mêre swarane nggêgirisi / caruk rok cawuk-cinawuk / jambak sêbrak-sinêbrak / udrêg rênggês-rinênggês rênggut-rinênggut / mangruwêk kuku manampyal / putêran untir-inguntir //

Sugriwa sor titih ing prang / duk dinêdêl kèlês sru kapalipis / kèlês kinakahan kukuh / Subali sru sumbar /[6] hèh budia buron banyu kaya munyuk / pêksa sudira wisesa / ngayoni prang lawan mami //

Jampêng nora kulak warta / yèn Subali prawira surasêkti / ing aprang măndra dibyanung / yèn sira arsa gêsang / lah dèn age ulungna kagungan ingsun / cupu manik asthagina / yèn nora wèh sun patèni //

Punika gambaripun sadhèrèk kalih ingkang sami panglingipun, rêbatan têtalêsing lampah utawi asas, sami kolu dhatêng pêjahipun. Aban-ingabanan tanpa ngèngèh-ngèngèh. Munyuk, buron banyu, durjana, dipun kramasakên dhatêng sadhèrèkipun piyambak. Namung jalaran pangling utawi saking klèntuning paningal kemawon. Sarêng sampun sami gonahipun, lajêng sami gêgêtun, rumaos dados gêgujênganing jagad. Ing jaman samangke inggih botên kirang lêlampahan ingkang makatên, sadhèrèk putra Adam, rok băndawala pati kalihan sadhèrèk sami putra Adam. Dados: ing ngalam donya iku ora ana barang sing nganyar-anyari.

Sapunika kula cariyosakên sadhèrèk ingkang aprang asilih ukih[7] akantar bau, têkak-tinêkak, inggih sami kolu dhatêng pêjahipun, amargi sêling-sêrêp. Rêbatan wohing pandamêl, kawujudakên adhapur putri, anama Dèwi Tara. Makatên:

Drs.

[Durma]

Nguwuh-uwuh Subali asru sêsumbar / he Sugriwa dèn aglis / mêtua [mêtu ...]

--- 158 ---

[... a] ing jaba / iki Subali prapta / papagên jarmu ngêmasi / êndi rupanya / wre dhustha cidrèng bumi //

Dene têka sumanggêm tămpa ganjaran / mêngku rabi absari / babo-babo aja / age suka wibawa / nèng swarga manungku rêsmi / lah icipana / krodhaku ing prang dhingin //

Yèn wus mati ing kono sakarêpira / kalamun maksih urip / kaya ora kêna / sira agawe tingkah / dora cara rèh tan yukti / êndi rupanya / raupa kang barêsih //

Duk miyarsa kagyat Rahadyan Sugriwa / ngunguning tyas tan sipi / asru ngunandika / iki si kakang prapta / sun sidhêp sampyuh ing jurit / dene pelingnya / pratăndha gêtih putih //

Paran baya dadine sariraningwang / sapa kêlar nadhahi / yudane si kakang / yèn wus mêtu budinya / nadyan bathara ditya jrih / wuking ayuda / matia ping sakêthi //

Lamun maksih ji-ajine păncasona / sayêkti urip malih / yèn ingsun nututa / nênuhun pangaksama / iya yèn laline lilih / eling manawa / ginanjaran absari //

Têmah kolu ing kadang mamrih apêjah / kayapa polah mami / yèn nutut asraha / tanpa antêp ing garwa / dêstun mêmirang nèng bumi / angur matia / lan nutut asrah rabi //...

Dados ing pêrang sami toh jiwa, wasananipun Sugriwa kasoran. Sarêng badhe dipun pêjahi, nêdha sumêne badhe anggancarakên tuwuhing sêling-sêrêp. Sasampuning ngandharakên, badhe lêga-lila dipun pêjahi. Makatên:

[Durma]

Nalikane sira lumêbèng jro guwa / yèn kali mili gêtih / putih sira pêjah / yèn mili gêtih abang / Si Maesasura mati / iku ilinya / gêtih abang wor putih //

Ya mulane guwa sun tutupi sela / pasthi panarka mami / yèn sira sampyuh prang / lan Si Maesasura / dene ta rupane gêtih / dadu kang mêdal / abang wor lawan putih //

Nadyan silih atur ingsun mring Hyang Endra / pasaja tan kêkêlir / yèn sira sampyuh prang / lan Si Maesasura / nora pisan awak mami / lamun ngakua / ing aprang antuk kardi //

Nanging kudu-kudu ganjaran Hyang Endra / pinaringkên ing mami / dene mêngko sira / kakang nora palastra / saking luput tarka mami / măngsa selaka / kokum tumêkèng pati //

Sira wajib sadulurku tuwa nyata / nguntapna pati mami / lah uwis dèn enggal / bantingên raganingwang / Subali duk amiyarsi / linge Sugriwa / tyasira lir jinait //

Dumugi samantên bab dayaning sêling-sêrêp. Dilalahipun, manawi kapasthi kêdah pabên punika kok kêrêp dipun damêl pangling utawi sêling-sêrêp rumiyin. Saupami manah dipun dhasari sarèh, tamtunipun pun sêling-sêrêp botên sagêd malêbêt ing salêbêting manah, lajêng botên wontên pabên, utawi kêrêngan. Anamung - manungsa punika manawi taksih kasmaran dhatêng mênang, kêdah-kêdah kêpengin pabên, rumaos gadhah sanjata pamungkas, mawi ngunandika makatên: Si anu, yèn tak [ta ...]

--- 159 ---

[... k] tibani cakra baswaraku iki masthi jidêng. Măngsa bisaa krêjêt-krêjêt, rak kaya lintah dikêcêri têmbako, kaya cacing disoki banyu ênjêt. Pangunêg-unêg ingkang makatên punika dumunung wontên ing sakalih-kalihipun, botên namung wontên sasisih kemawon. Saupami dipun rêmbag sarèh-sarehan, botên ècèn-ecenan, tamtu sagêd kapanggih saenipun. Wujuding sae: kapanggih bundhêlanipun ingkang ruwêd utawi papanipun ingkang pêdhot.

Subali kalihan Sugriwa, manawi pabên, paedahing kêkiyatanipun prasasat sami ical muspra. Anamung manawi rukun, sagêd angrurah guwa Kiskêndha, sagêd ngasorakên satru sakti. Kalih-kalihipun pancèn sadhèrèk, sami dumugi anggènipun tapa. Manawi pinuju pêrang, dipun pisah punika kok angèl. Sanajan Sang Hyang Endra ingkang misah, mêksa botên dipun mirêngakên. Kadospundi. Ing jaman rumiyin para pinunjul sami rêbatan putri. Lajêng sami rêbatan nagari utawi bumi. Ing jaman sapunika sami rêbatan ekonomi. Dene ingkang sampun katêlasan putri, katêlasan nagari tuwin ekonomi, lajêng trimah rêbatan uni.

Êliding dongèng: ing ngalam donya iku ora ana barang sing nganyar-anyari.

Kusumatmaja.

Sêrat Enggal

Rêdhaksi Pusaka Jawi tampi sêrat babaran enggal, kadosdene ingkang kasêbut ing ngandhap punika. Rêdhaksi matur nuwun.

Dene wujuding sêrat:

1. Sêrat Ganjil - Ganêp. Ingkang ngarang sarta ingkang ngintuni rêdhaksi: Radèn Mas Suryawinarsa. Ingkang ngwêdalakên pakêmpalan Suci Rahayu êpang Purwakêrta. Ingkang gadhah gagasan Tuwan Sukirman Mangkusudarma, inggih ing Purwakêrta.

Sêrat punika pranêmbêlasan lêmbar, 16 kaca, kadosdene Sêrat Madubrata utawi Winarsa. Sêratanipun aksara Latin, rêginipun kawan kêthip. Isining sêrat mratelakakên wijang-wijanging tumanjanipun cacah-cacah ganjil tuwin jangkêp, wiwit saking cacah satunggal, dumugi sadasa. Tumrap para sadhèrèk ingkang rêmên ahli raos, sêrat wau kenging kaangge cocogan utawi kaangge mêwahi kêkiranganipun kawruh ingkang sampun dipun gadhahi.

2. Sêrat Bausastra Jawi. Jilid I. Têmbung Jawi katêrangakên mawi têmbung Jawi. Ingkang ngarang mas W.J.S. Purwadarminta, kabantu Mas C.S. Arjasudarma tuwin Mas J. Chr. Pujasudira ing Mataram. Tiga-tiga sami kêdhunging basa Jawi. Malah ingkang kasêbut wiwitan sampun angwêdalakên bausastra basa Malayu katêrangakên mawi têmbung Jawi, sarta wyakarana Kawi.

--- 160 ---

Dlancangipun sae, kados limrahipun buku sêkolahan, aksaranipun Latin. Sanajan kalêbêt alit, nanging cêtha. Dene anggènipun nêrangakên têmbung-têmbung: nyêkapi cêthanipun. Sêrat punika dumugi aksara L. maedahi sangêt dhatêng para sadhèrèk Jawi ingkang mrasudi têmbung Jawi, utawi ingkang kabêbahan mulang têmbung Jawi. Agêng aliting buku botên mêgahi, watawis 390 kaca, rêginipun f 5,-, panumbasipun dhatêng pakêmpalan Triwikrama ing Ngayogyakarta. Kula mrayogèkakên, para sadhèrèk ingkang kasêbut nginggil sami tumbas, sabab sêrat makatên punika pancèn sampun lami anggènipun dados pangajêng-ajêng.

Sa.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 9.

Carudatta

O, para priyantun jaksa:

- Tiyang awon ingkang bêntèr manahipun margi sumêrêp dhatêng saening tiyang sanès.

- Lajêng pêtêng angên-angênipun, kalimput ing manah gêthing, thukul pangigit-igitipun nêdya mêmêjahi.

- Kabêkta saking asoring wijilipun. Manawi tiyang makatên punika gadhah paturan ngayawara.

- Punapa kenging dipun pitajêng. Punapa botên kêdah dipun paibên. (Ngêsah karo ambatin).

- O, Mètreya, gêdhe têmên bilai kang tumiba ing awakku.

- O, bojoku, kang mijil saka ing lêluhur brahmana suci.

- O, Rohasena, anakku ênggèr, kowe ora wêruh lêlakonku.

- Tanpa tănja ênggonmu bungah-bungah ana ing sajroning bêbaya gêdhe.

Mètreya dak kongkon mênyang omahe Wasantasena, prêlu anjaluk pawarta prakara awake, sarta ambalèkake panganggone kang diwènèhake mênyang anakku, dianggo gawe kareta, kok suwe têmên ora bali-bali.

(Widusaka nuli mêtoni ing kalangan karo anggawa panganggo mas intên). Taksih wontên sambêtipun.

--- 161 ---


Ringkêsanipun. (kembali)
Ringkêsanipun.
tatakramanipun. (kembali)
tatakramanipun.
§ Benjing-benjing ikêt lan sinjang punika bokmanawi botên kangge. (kembali)
§ Benjing-benjing ikêt lan sinjang punika bokmanawi botên kangge.
§ Pangangge kangge olah pandaya raga tumrap pandaya raga prayogi kaewahan. Awit katingalipun saru sangêt. (kembali)
§ Pangangge kangge olah pandaya raga tumrap pandaya raga prayogi kaewahan. Awit katingalipun saru sangêt.
§ Punika kula botên mangrêtos têgêsipun. (kembali)
§ Punika kula botên mangrêtos têgêsipun.
Kurang satu suku kata: Subali sru sêsumbar. (kembali)
Kurang satu suku kata: Subali sru sêsumbar.
ungkih. (kembali)
ungkih.