Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-11, #404

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-11, #404. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-11, #404. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 11, Nopèmbêr 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Pusaka Jawi, Găndalayu 14 Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pawartos saking Juru Ngarang

Ing Pusaka Jawi ingkang rumiyin-rumiyin sampun kapacak karangan sawatawis ingkang kaanggêp botên nyêkapi. Ing samangke karangan ingkang kaanggêp nyêkapi, kapacak. Ingkang kapacak rumiyin, karangan ingkang kaanggêp sae piyambak, angsal ganjaran ăngka satunggal, damêlanipun sadhèrèk Budi Bakti Darmasiti, kathahing sêratan 90 kaca polio. Badhe kapacak sabên sanomêr Pusaka Jawi: watawis wolung kaca, ngantos satamatipun. Manawi karangan punika sampun rampung, lajêng nyandhak karangan ingkang kaanggêp dados ăngka kalih. Kathahipun watawis 40 kaca polio. Wondene karangan ingkang kaanggêp botên nyêkapi, satunggal kalih inggih taksih badhe kapacak. Wontên ingkang kalêbêt sae, nanging botên patos wontên gêgayutanipun kalihan pêpanggiling pasanggiri. Wontên ingkang namung kapriksakakên kemawon dhatêng para maos.

Karangan Ratapratala, wontênipun ing babon, adhapur tonilan, basanipun ingkang asli cara Sangsêkrêta, lajêng kajarwakakên ing têmbung Walandi. Punika sampun kula pratelakakên ing wiwit-wiwitan pisan. Sarta cariyosipun inggih sampun kula cêkak, kasêbut ing wiwitan. Saking panjanging cariyos, urut-urutanipun lajêng sirna, jalaran pamacakipun namung sagêd sakêdhik-sakêdhik. Pramila ing têmbe, manawi taksih pinaringan panjang umur, badhe kula cariyosakên malih adhapur gancaran, sarta ragi kula cêkak, awujud sêrat buku utawi

--- 162 ---

kawêdalakên mawi patrap sanès. Badhe kula manah-manah rumiyin, kadospundi sakecanipun.

Bab cariyos lêlampahanipun Kyai Dahlan, ingkang kapacak ing Pusaka Jawi badhe namung sawatawis, namung kapilih ingkang maedahi dhatêng sadaya golonganing manungsa. Cariyosipun ingkang panjang anggalur, pêpak, punika pakêmpalan Muhamadiyah ingkang badhe ngêdalakên. Prêlunipun ingkang langkung sangêt, kangge waosanipun para kaum Muhamadiyah. Dene ingkang kapacak ing Pusaka Jawi namung ingkang mratelakakên bab patitising wangsulan, sarta katrampilanipun mêmikir, tuwin bab anggènipun ngrukunakên têtiyang ingkang sami congkrah. Botên nyariyosakên wêwulanging agami Islam.

Kajawi punika rêdhaksi ngaturi pawartos, bilih bausastra karanganipun Mas W.Y.S. Purwadarminta sakancanipun, ing samangke katêdhakakên pitulung dhatêng sadhèrèk gangsal wêlas ingkang sami mrasudi basa Jawi, supados anitipriksa isinipun bausastra wau, pêrlu kapurih nglêrêsakên manawi wontên lêpatipun, sarta mêwahi manawi wontên ingkang klangkungan, tuwin sanès-sanèsipun malih, supados ing têmbe kenging kangge mêwahi saening bausastra wau, manawi kaêcap malih. Dene ingkang mundhut tulung paduka Tuwan Boswingkêl ing Bêtawi. Saking pangintên kula sarta pangajêng-ajêng kula, para sadhèrèk wau inggih sami sarju ngaturakên pitulung, murih bausastra wau sangsaya kenging kadamêl cêcêpênganing para sadhèrèk ingkang sami mrasudi basa Jawi, sabab lampahing padamêlan mawi kajangkung dhatêng para ahli sastra, kados ta: Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka, Tuwan Dhoktor Piso, Tuwan pan Dhêr Plas, tuwin sanès-sanèsipun.

Sa.

Karangan ingkang Angsal Ganjaran Ăngka 1.

Pangrantun

Kula nuwun, nalika pangrèh Yapha Insêtitut, nyêbar wara-wara, bab ambangun tatakrama, manah kula têka lajêng kados kêgugah. Sanalika angraos-raosakên bab ebahing jaman, tumuntên nyawang jaman ingkang sampun-sampun, kula tandhing kalihan jaman sapunika, lajêng ngemuti galagatipun jaman ingkang badhe dhatêng. Yêktos ewah-ewahanipun cêtha sangêt, anjalari kabukaning pangrêtos, têmahan sagêd sumêrêp kawontênaning gumêlar dalah saewah-ewahipun manut anggêring kodrat, nyata sontan-santunipun sampun botên kenging dipun oncati, kajawi kêdah namung dipun sandhang sarta dipun tata murih sagêdipun laras. Awit: laras, punika dados pêpuntoning panêdya.

--- 163 ---

Sarêng kula katuwuhan raos kados makatên wau, lajêng rumaos wajib tumut urun-urun pamanggih, ingatasipun bab ewah-ewahan tatakrama, sampun botên mawi manah-manah malih bab awon saening pamanggih, namung anggêripun udhu, inggih sawontên-wontênipun. Punapa malih sarêng kula ngemuti: dhasar inggih dados titah ingkang tumut ngangge tatakrama Jawi, sangsaya angandêlakên raos wajib tumut ngrêmbag, jêr ing têmbe wingking ugi badhe tumut ngraosakên awon saenipun tatakrama. Malah anak putu turun-tumurun ugi sami badhe ngangge tatakrama Jawi, amila sasagêd-sagêd tumuta babad-babad andamêlakên panggenan (tatakrama) dhatêng băngsa turunanipun ingkang badhe dhatêng ing têmbe wingking.

Sasampunipun manah gumêlêng anêtêpakên: kêdah tumut nguruni rêmbag, lajêng mapan badhe nyêrat. Ananging: jègrêg, namung kèndêl kemawon, dening putêk, kadospundi anggènipun badhe nyêrati, kadospundi anggènipun badhe nata dhapukan, ing pangangkah badhe pados anggit, tèhnisipun karangan sagêda cêtha, sarta anggampilakên pamaosipun, ingkang tundonipun inggih lajêng nyakecakakên panampinipun para maos. Dangu anggèn kula uthak-uthik, dèrèng angsal-angsal nalar, wasana mak gèrêng angsal gagasan, pinanggihing nalar, karangan punika prayogi kula dhapuk kados sacaranipun parêpatan. Amargi kula manah-manah pancèn langkung prigêl, sabab rêmbag-rêmbag punika klêbêtipun ing ngriku lajêng sakeca, kados ta: wawasan, pitakenan, jawaban, mabêni, nisihi rêmbag, sapanunggilanipun tansah prigêl, pancèn pêrgadêring punika panggenanipun tiyang rêmbagan.

Gambar pêrgadêring saèstu kula sêrat, dene dhapukanipun, kula tata makatên: baku ingkang agêng-agêng kula rumiyinakên, saking sakêdhik dipun jèrèng, ngantos dados perangan ingkang alit-alit, lajêng dipun pilihi, pundi ingkang dipun ewahi, ewahipun kadospunapa, pundi ingkang dipun bucal, makatên salajêngipun. Dene pamilihipun dipun gambar kadosdene pêrgadêring damêl putusan. Ing wêkas-wêkasanipun karangan mawi mratelakakên isinipun putusan-putusan, inggih punika rêringkêsanipun pangrêmbag, ngiras dados gambar wujuding tatakrama enggal. Ingkang mratelakakên makatên wau, panitra Secretaris kadosdene maos prêslah putusaning pêrgadêring.

Wondene panatanipun sêratan, dalancang kaperang dados tigang kolom. Kolom ingkang kiwa, mratelakakên bab-bab ingkang karêmbag, putusan-putusan tuwin barang-barang ingkang parlu dipun pèngêti.

Kolom ingkang têngah, mratelakakên sintên ingkang ginêman, sarta kadospundi kawontênaning pêrgadêring. Punika sawarni têtêmbunganipun verslaggever.

--- 164 ---

Kolom ingkang têngên, punika papan pangrêmbagipun (kajawi hoofdstuk hoofdstuk ingkang kangge ngancêr-ancêri rêmbag), damêl wawasan, pitakèn, kadhapur kados ingkang kêmirêng wontên ing pêrgadêring.[1]

Wasana tutuping pangrantun, èsthining manah, karangan punika kangge madosi salah satunggaling ancêr-ancêr tatakarama Jawi, ingkang kenging kadamêl cêpêngan, tumrap dhatêng băngsa Jawi umum sarta inggih kangge gêsang bêbrayan, sagêda nyêkapi dipun angge madhahi sêsrawunganipun băngsa Jawi kalihan băngsa-băngsa sanès ingkang sami ngumbara dhatêng ing tanah ngriki, sarta inggih kalihan băngsa-băngsa ingkang asal ngriki.

Pamuji kula, saking wontênipun cêpêngan tatakrama enggal, anggènipun sarawungan sadaya para băngsa, wêwaha supêkêt sarta rahayu, aji-ingajenan, barès tuwin prasaja. Darajating gêsang bêbrayan, sangsa[2] minggah, ambingahakên saha ambêgjakakên sadaya titah, punapadene băngsa Jawi saking ewah-ewahan enggal wau inggih angsala kamulyan sarta kaluhuran, wangsul kados wingi uni. Amin.

Titining panyêrat dipun pèngêti ing suryasangkala: pangèsthi mêksa têrus manunggil.

Pseudoniem: Budi Bakti Darmasiti.

Minăngka bêbuka, aturipun pangarsa

Pangarsa:

Kula nuwun, para priyantun kakung putri, para sadhèrèk, sadèrèngipun parêpatan: ambangun tatakrama, punika kula tapukakên, atas namanipun pangrèh adêgan (comite) kula ngaturi pambagya: sugênga rawuh panjênêngan sadaya, saha matur sakalangkung nuwun ing rawuh panjênêngan wau, dene sampun sami karsa marlokakên, pratăndha agêng sih panjênêngan dhatêng parêpatan. Makatên wau panjênêngan sadaya kula anggêp paring kurban agêng. Awit ingkang sampun gênah kemawon, panjênêngan sami nilar salah satunggaling kuwajiban utawi kaprêluan ingkang lêrêsipun kenging dipun garap ing wanci punika.

Kula ugi ngaturi panuwun dhatêng wakil: pakêmpalan-pakêmpalan, sêrat-sêrat kabar, parentah, langkung malih dhatêng para priyantun ingkang sampun paring pambiyantu, saha para sadhèrèk ingkang paring panjurung băndha, bau suku sarta pitulungan sanès-sanèsipun, anjalari parêpatan sagêd kêlampahan maujud kados makatên punika.

Ngrêmbag bab: tatakramaning pakêmpalan.

Wontên malih panuwun satunggal êngkas, [êngka ...]

--- 165 ---

[... s,] ingkang wajib kula aturakên ing panjênêngan sadaya, ngiras dados ular-ularing rêmbag kangge ambukani pakêmpalan inggih punika: rawuh panjênêngan sadaya, mèh sarêng nunggil sawanci, ngantos parêpatan sagêd kawiwitan nêtêpi wanci kados ingkang sampun kasêbut ing sêrat ulêm-ulêm saha wara-wara. Kêdadosan ingkang makatên punika, ing jaman wingi-wingi lăngka sangêt, amila sangêt suka sukur kula, dene băngsa kula sampun sagêd nêtêpi: tatakramaning pakêmpalan, punika nama minggah satataran.

Ing jaman rumiyin sabên badhe damêl parêpatan, adhakanipun têlat saêjam utawi langkung, saking para warganipun anggènipun rawuh sarênti, pating krêncil. Sampun malih parêpatan warga utawi blak-blakan, lah tiyang parêpatan pangrèh mêksa kêrêp ngantu-antu. Sarêng ngriki badhe mantuk, sanèsipun dhatêng.

Pêrgadêring gumujêng.

Gêr, gêr.

Kados makatên punika, sayêktosipun nama nêrak dhatêng tatakramaning pakêmpalan, amila wajib dipun singkiri dening para ahli pakêmpalan.

Kalêrêsan sangêt, sarèhning parêpatan sapunika punika ugi badhe ngrêmbag bab: tatakrama, kados inggih parlu yèn tatakramaning pakêmpalan dipun katutakên tumut karêmbag, jêr cara pakêmpalan punika ing jaman sapunika sampun kêlimrah, waradin ing pundi-pundi, dumugi ing padhusunan, parêdèn anjrah sumêbaripun saengga jamur ing măngsa rêndhêng.

Mênggah ingkang wajib dipun sirik ingatasing pakêmpalan punika kados ta:

I. Rawuh kasèp.

II. Ngrisak tata têntrêm salêbêting parêpatan.

III. Nilar parêpatan ingkang mijil saking manah ngrèmèhakên.

Kajawi panêrak punika wau (wontên malih panêrak sanès-sanèsipun, ananging sampun sami klêbêt wontên ing pranataning pakêmpalan, amila botên parlu katêrangakên wontên ing ngriki. Ananging wontên bangsaning panêrak tigang prakawis tur agêng-agêng sangêt, malah dados mêmalaning pakêmpalan, liripun sabên-sabên pakêmpalan punika katrajang ing ama tigang prakawis wau bilai takanipun, ananging botên kenging kalêbêtakên panêrak tatakramaning pakêmpalan, sarta inggih botên kenging kalêbêtakên dhatêng panêrak pranataning pakêmpalan, malah kathah lèrègipun dhatêng panêraking kautamèn. Dene cacad tigang prakawis wau inggih punika:

--- 166 ---

1. Niyat nguwaosi pakêmpalan.

2. Ngangge ancik-ancik utawi pancadan pakêmpalan.

3. Niyat nyidra pakêmpalan.

Sarèhning cacad tigang bab wau sami dumunung wontên ing manah, amila botên kenging badhe kagolongakên dhatêng pundi-pundi kajawi namung dhatêng kamanungsan. Amurih ragi têrang, cobi panêrak ingatasipun tatakramaning pakêmpalan ing ngajêng wau, kula jèrèngipun sawatawis. Punapaa têka kêdah dipun sirik.

I. Bab rawuh kasèp.

Rawuh kasèp punika kenging kaperang dados kalih:

a. Ingkang kasèp: kathah.

b. Ingkang kasèp: namung sakêdhik.

Miturut a. Ingkang kasèp: kathah, punika pakêmpalan têmtu tumut kasèp, botên sagêd nêtêpi wanci kados ingkang sampun kasêbut wontên ing sêrat ulêm utawi ing wara-wara. Ing ngriku katawis bilih para warga tuwin ingkang sami dipun aturi rawuh, botên anggatosakên dhatêng prêluning pakêmpalan. Saya awon malih manawi wontên pangrèh ingkang katut rawuh kasèp.

Miturut b. Ingkang kasèp: sakêdhik. Punika pakêmpalan sagêd têtêp, dipun wiwiti miturut jam ingkang sampun katêtêpakên, ananging kawuningana, lampahipun pakêmpalan lajêng grag-grêg, jalaran sakêdhap-sakêdhap wontên ingkang rawuh, sampun têmtu angêndhêg-êndhêgi lampahing pangraos. Sanajan ingkang rawuh kasèp wau lampahipun sampun mawi ngarah-arah, alon sarta jinjit, mêksa angewahakên raos. Punika sampun nyuda dêrêng tuwin ngêsing rêmbag, saya risak malih lampahing manah, bilih juru sabda mawi nyasmitani tumut manggakakên ingkang nêmbe rawuh, ingkang sami mirêngakên lajêng sami nolèh ngawasakên, sawênèh pating: srintên, pating: srapa. Yèn kêkêrêpên makatên, sagêd anggêmpalakên pathênthênging raos, wasana panggalih sami moyar, kirang wêning.

Ingkang langkung botên prayogi malih tumraping pakêmpalan, inggih punika: bilih ingkang rawuh kasèp wau băngsa luhur, dhasar kinurmatan ing tiyang kathah. Sabab parêpatan kèndêl grêg, juru sabda kèndêl, pangarsa ngadêg ngacarani lênggah, tiyang sadaya sami ngadêg ngurmati panjênênganipun. Makatên wau lajêng ambuthêkakên raosing pêrgadêring.

Pamanah kula, botên lêpat ingkang nyaosi pakurmatan, jalaran puruging pakurmatan punika têmtu dhatêng ingkang linuhurakên. Saupami băngsa luhur [lu ...]

--- 167 ---

[... hur] wau inggih luhur sapanggalihipun, mawi ngandika: têrusna bae, anggêpên kayadene ora ana apa-apa. Mêksa botên sagêd, jalaran sampun dados kodrating alam, băngsa luhur ingkang panggalihipun inggih luhur, malah sangsaya linuhurakên sangêt dening sagung tumitah, pakurmatan saya dipun tikêli tur wêwah kinabêktèn.

Pèngêt.

Amila botên wontên malih ingkang langkung prayogi ingatasipun para luhur, kajawi rawuhipun ngawali wiwiting pêrgadêring. Dene manawi botên sagêd rawuh, prayogi paring dhawuh, parlunipun botên dados êntos-êntosan. Inggih makatên punika băngsa luhur ingkang nêtêpi kaluhuranipun. Têtêp asih dhatêng sasamining titah, sanyata anggatosakên dhatêng parluning akathah. Sabab priksa dhatêng luhuring sariranipun, samăngsa mangke rawuh kantun, badhe damêl gupuhing pêrgadêring, satêmah damêl kapitunaning akathah.

II. Bab ngrisak tata têntrêm salêbêting parêpatan

Ingkang nama ngrisakakên katêntrêmaning parêpatan punika kados ta:

a. Rêmbagan wontên salêbêting parêpatan, upami: bisik-bisik kalihan kiwa têngênipun, sêsêratan kalihan ingkang ragi têbih, utawi mawi sasmita kalihan ingkang têbih, tuding-tuding utawi surawean, saha sanès-sanèsipun malih.

b. Nywara utawi damêl pratingkah ingkang ngaèng-aèngi, ngantos andadosakên cingaking akathah.

c. Anggănda utawi punapa-punapa ingkang ngênêk-ênêki, botên anjênakakên tiyang linggih, sês ingkang botên ambêtahakên kiwa têngênipun.

d. Ingkang langkung awon tinimbang sadaya wau, bilih purun ngatingalakên anggènipun maha utawi anjarag ngrèmèhakên parêpatan, inggih sanadyan ngangge patrap kadospundi kemawon trajangipun.

III. Bab nilar parêpatan mijil saking manah ngrèmèhakên.

Ing bagean d bab II mêntas katêrangakên bilih panêrak: ngrèmèhakên, punika ingkang awon piyambak, amila ing ngriki botên parlu kapanjangakên. Dene prakawis nilar parêpatan kajawi saking ngrèmèhakên, sampun têmtu wontên sabab ingkang wigatos, ngantos botên kenging dipun singkiri malih, kêpêksa kêdah nilar parêpatan. [parêpata ...]

--- 168 ---

[... n.] Ewadene sanajan makatên-makatêna, parêpatan mêksa nandhang ribêd, raosing katêntrêman mêksa inggih ewah. Sarèhning makatên, sampun botên kenging dipun selaki malih, kêdah kasandhang dening parêpatan, amila panilaripun kemawon ingkang ngarah-arah, sukur bage botên mawi ngrisakakên katêntrêman.

Sasampunipun kula timbang-timbang katrangan sadaya wau, kula lajêng sagêd milihi prakawis ingkang agêng-agêng kemawon, kapathok katêtêpakên, kadadosakên ancêr-ancêr, dadosa paugêran utawi bêbakuning tatakramanipun pakêmpalan manawi pinuju parêpatan. Sapunika kula angge:

Usul (voorstel)

Usul. Inggih punika:

1. Rawuhipun dhatêng papan parêpatan, sampun ngantos kasèp, langkung malih tumrap para pangrèh.

2. Parêpatan kêdah dipun wiwiti miturut wanci ingkang sampun katêtêpakên (botên mawang ingkang rawuh) jam wau katêtêpakên parêpatan têrus punapa botên.

3. Sadaya kemawon, botên mastani, ingkang wontên ing ngriku sampun ngantos angrisakakên lampahe raosipun pêrgadêring.

4. Sampun nilar pêrgadêring, kajawi kêpêksa sangêt, wontên nalar ingkang botên kenging dipun singkiri.

5. Bibaripun parêpatan kêdah angèn wanci, sampun sakarsa-karsa. Tarkadhang nglantur sangêt.

6. Sadaya putus-putusan, pranatan-pranataning pakêmpalan dalah sakuwajibanipun, kêdah katindakakên rêsik miturut samêsthinipun.

7. Kangge nyalangi, saupami wontên ingkang rawuh kasèp, utawi kundur sadèrèngipun bibar, pêrgadêring kêdah têrus, pamêdhar sabda têrus, ingkang sami mirêngakên anggatosna sêsorah têrus, kaanggêpa kados botên wontên punapa-punapa.

8. Sintên ingkang ngandika: atas namanipun... kêdah nyata.

Dumugi samantên pamilih kula kangge ngancêr-ancêri tatakramaning parêpatan. Wondene prakawis sanès-sanèsipun, kados ta: badhe ambantah, mabêni, mêwahi katrangan ingkang panjang, sasaminipun ingkang tumrap kaprêluaning pakêmpalan, kêdah mawi idinipun pangarsa, jalaran pangarsa ingkang nuntun sarta tanggêl sadayanipun, punapa malih kawajibakên nêtêpi sarta nindakakên lêrêsing pranatanipun pakêmpalan.

--- 169 ---

Pèngêt.

Botên nêrak tatakrama, saupami wontên ingkang: nyauloni utawi nyambêti satêmbung kalih têmbung dhatêng andharaning juru sabda ingkang sawêg kasorahakên, jangji mapan sarta sagêd anglênggahakên, samantên wau kêdah sêpên saking sêdya ngrèmèhakên. Sigêg.

Samangke kaparênga anglajêngakên atur kula. Manawi angèngêti jaman sampun santun, sadaya wêwangunan ugi santun, barang-barang gagrag enggal prasasat ngèbêki bawana sabuwênging jagad, pamanggih-pamanggih modhèl enggal tanpa wicalan. Botên namung badhe kèndêl samantên ewahing kawontênan, malah saya badhe langkung santêr malih, amargi jaman wiwitanipun santun inggih jaman ingkang sawêg sami kita idaki punika, upamia wowohan sawêg ambêliki.

Gandhèngipun bawana sami bawana, pulo sami pulo saya prigêl, linantaran mawi baita kapal, palwa udara, tilpun, tilgram, telepuni, radhio, lampahing pakabaran kados kilat thathit, dene gandhèngipun dharatan sami dharatan mawi sêpur, trèm, taksi, kareta, palwa udara sapanunggilanipun.

Kabêkta saking kaprigêlaning lampah wau, sarawunganing băngsa sami băngsa, tiyang sami tiyang lajêng sangsaya gulêt, pangupajiwa saya agêng, dêdagangan saya rame, têmahan sagêd gadhah daya kêkiyatan angewahakên samukawis, patrap panganggenipun tiyang lajêng ewah, basanipun lajêng botên murni, tatakramanipun băngsa ugi ewah, dalah wêwatakanipun sami santun.

Saking dayaning sarawungan sampun gulêt, lajêng sambut-sinambut têmbung, tiru-tiniru patrap, linton pangangge, milihi pundi ingkang gampil sarta sakeca dipun alap, parlu kangge nyampêti prigêling sarawungan. Sanajan sampun sami ngalami ngangge utawi ngêcakakên tatakrama bangunan modhèl enggal miturut ebahing jaman, ananging băngsa Jawi dèrèng gadhah wêwatoning tatakrama larasan enggal ingkang minăngka ancêr-ancêr, dados anggènipun sami ngêcakakên wau namung miturut sapamanggihipun piyambak-piyambak. Yèn makatên băngsa Jawi umum kêdah gadhah tanduk, samăngsa sarawungan kalihan sanès bongsa, sarta inggih dhatêng bangsanipun piyambak. Tatakrama Jawi kina, botên kirang brêgas, botên kirang pèni, pancèn adiluhung sayêktos, ananging sarêng kêtrajang jaman ingkang makatên punika, kadospundi, malah lajêng katingal kidhung, ragi nganèh-anèhi.

--- 170 ---

Minăngka tuladha, măngga kula aturi mriksani. Saupami wontên pasamuan agêng cêcampuraning băngsa warni-warni, lajêng băngsa Jawi piyambak dipun wêling, supados ngangge tatakramanipun ingkang tulèn, kadospundi badhe wujudipun yèn sinawang saking sarawungan ingkang agêng wau.

Amila kalêrêsan sangêt, dene kaparênging karsa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII anggalih bab tatakrama tumrap băngsa Jawi, băngsa Sundha saha băngsa Madura. Kaparênging karsa dalêm wau anglaras tatakrama kina, kabêsut kadadosna tatakrama enggal, sagêda kêplok kalihan jamanipun, dene panglarasipun mawia wêwaton kawruh modhèl enggal. Salajêngipun murih kalampahanipun karsa dalêm wau, tumuntên kapasrahakên dhatêng pangrèh Yapha Insêtitut. Saking kaprigêlanipun pangrèh lajêng dipun wara-warakakên.

Pundi ingkang kêdah dipun ewahi.

Ewahipun kados punapa.

Yèn wontên ingkang kabucal dipun santuni punapa botên.

Yèn mawi santun, santunipun kados punapa.

Gunggung kêmpalipun, tatakrama bangunan enggal sagêda nyamlêng dipun angge ing jaman sapunika. Wontênipun parêpatan sapunika, punika inggih badhe tumut anglêksanani kados wara-waranipun pangrèh Yapha Insêtitut wau. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 10.

Gêsanging manungsa wontên ing ngalam dunya sinartan bathi tuwin pituna, mila wajib sabên makarti, kamanah dhatêng bathi lan tunanipun, awit sabên manungsa makarti mêsthi linud ing bathi tuwin pituna, mila pakarti ing dalêm tiyang gadhah bayi ingkang ugi sagêd anjalari bathi tuwin pituna, sagadug-gadug kula badhe kula andharakên, bokmanawi dados panggalihanipun ingkang karsa manggalih. Ingkang sapisan: sarèhning miturut dêdongengan ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, sababipun Sang Hyang Girinata duka, ngantos utusan para dewa, malah nyarirani piyambak, angrêncana anakipun Kyai Wrigu. Punika têtela sabab widadari Dèwi Tiksnawati manjalma tanpa mawi pariwara, dene para dewa tuwin widadari ingkang anggèning manjalma, sampun dados kaparêngipun Sang Hyang Bathara Guru, amargi botên andadosakên kapitunan tumrap kawontênan ing kaswargan, nalaripun [na ...]

--- 171 ---

[... laripun] botên parlu rinancana, yêktinipun widadari Dèwi Daruni malih kaandhapakên dhatêng ing ngarcapada. Mila larasipun kalihan piwulangipun Dèwi Sri dhatêng Kyai Wrigu kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, botên sabên tiyang ambayi kêdah dipun êlèki, awit mirit nalaripun, anak kita dèrèng mêsthi panjalmaning Dèwi Tiksnawati ingkang dados gêndra. Saupami yêktos sanès, dados pakarti kita jagongan bayi cara sapunika ingkang sampun onya kalihan jêjêripun, tumrap ingkang anggadhahi panganggêp pituna, amargi kêplera-kêplere, nama botên mantuk kalihan adêging gêsang, atêgês pituna warni-warni. Ewadene tumrap ingkang nganggêp prayogi, saèstu rumaos angsal bathi kathah. Ingkang kaping kalih: sasumêrêp kula pangasilanipun têtiyang dhusun racak-racak bokmanawi wontên kiwa têngênipun rupiyah sawulanipun, malah kirang: sagêd. Pamêdal samantên kathahipun wau dipun angge gêsang kalihan anak semah. Manawi dipun nalar, sanadyan dipun angge gêsang cara punapa, arta samantên mêsthi botên cêkap, ewasamantên nyatanipun sagêd gêsang. Ingkang makatên wau têtêp saking kamirahaning Gusti.

Mangsuli bab pamêdalipun sadhèrèk ing dhusun. Bobotipun namung kangge gêsang bêbasan sagêsang-gêsangipun, mênggahing nalar sampun angèl dipun tata, langkung malih manawi dipun wêwahi kapêksa angwêdalakên waragad mirunggan, ingkang dèrèng têrang sumèlèhipun, wah: botên nama sakêdhik tumrap tiyang ingkang pamêdalipun samantên. Gèk kados punapa korat-karitipun. Sawênèhing tiyang wontên ingkang sagêd mangsuli makatên: punapa malih wontên ancêr-ancêripun gadhah pamêdal, sanadyan ingkang babarpisan tanpa ancêr-ancêr, ewadene nyatanipun sagêd gêsang. Ingkang makatên wau lakar kasinggihan. Nanging kadospundi tatanipun, saèstu botên sadhengah tiyang sagêd anglampahi. Sujokipun kêrêp wontên pangowêling parentah, sarana dhawuh waradin, têtiyang dhusun botên kaparêng gadhah damêl agêng-agêngan, manawi botên satimbang kalihan kacêkapanipun. Sambêtipun kalihan andandosi ekonomi, cara ambucal ingkang kirang tumănja wau, bokmanawi parlu dados panggalihanipun para ingkang kawogan, sarta para ingkang sumêja andandosi risaking ekonomi. Kaping tiga: manawi anggèn kita ngêlèki bayi sarta masang sarat-sarat anêtêpi kados piwulangipun Dèwi Sri, dados miturut tulènipun, sanadyan dèrèng kenging katêmtokakên manawi dados sarana panulaking sambekala, ewadene radi wontên kukubanipun, dene anglampahi pitênahipun satunggaling titah ingkang sampun kacihna kalangkunganipun, dados kalêbêt wicalanipun tiyang bakti, wah manawi namung samantên kemawon, dèrèng kenging katêmbungakên tindak ingkang anênuntun dhatêng kaborosan [kaboro ...]

--- 172 ---

[... san] tuwin kabodhoan sangêt-sangêt. Ugêr pitados yêktos sarta têmên-têmên anggènipun anglampahi, bokmanawi wontên asilipun, amargi pitados punika, miturut kawruh mèsmirismê sarta kawruh Jawi, agêng dayanipun, awit raos pitados wau dipun êlud ing daya èlêktrisitèit. Mila wontên paribasan: sing sapa têmên tinêmu. Sintên ingkang pitados dhatêng panggayuhipun, kilap kathah kilap sakêdhik, sagêd kadumugèn sêdyanipun.

Bab ngêlèki bayi dumugi salapanan, sanadyan wêwatonipun dèrèng mêsthi anyêkapi pangajêng-ajêng kita, nanging sampun wontên piridanipun, inggih punika awêwaton piwulangipun Dèwi Sri. Sanadyan punika kawruh bangsaning kadewan, ewamantên kintên-kintên wontên pigunanipun ugêr dipun lampahi klayan têmên-têmên, jêr panindakipun asêsambêtan kalihan daya kêkiyatan kabatosan. Dados tumrapipun sadhèrèk ing dhusun, ingkang racakipun dèrèng gadhah kawruh ingkang langkung prayogi, bokmanawi amigunani, ugêr miturut kawruh ingkang tulèn piwulangipun Dèwi Sri. Langkung malih ingkang makatên wau sampun dados cara. Wangsul wilujêngan sabakdaning salapanan, dumugining sataunan, ingkang wragadipun botên sakêdhik, kula padosi pathokan sarta sèlèhipun, mêksa dèrèng kapanggih ingkang anglêgakakên manah. Ing măngka ingkang sampun kêlimrah, dèrèng kèndêl ing wilujêngan sataunan kemawon, malah taksih wontên wilujêngan panunggilanipun malih. Taksih wontên sambêtipun.

Pêthikan saking Karangan Bab Kyai Dahlan

Kyai Dahlan dipun têdhani rêmbag dhatêng Bagus Ngarmah[3] (Iskak Sastra Adirêngga)

Mas Haji Muhtar cariyos makatên: Anuju satunggaling dintên kula andhèrèk Kyai Dahlan dhatêng Surakarta, dhatêng dalêmipun Bagus Ngarpah. Kyai pancèn dipun timbali Bagus Ngarpah. Kyai punika kalêrês kaponakanipun. Sadumuginipun ing griyanipun Bagus Ngarpah dipun cariyosi makatên: Le, ênggonku napsiri Kuran kuwi saiki andadèkake drêdah. Akèh ngulama sing ngarani yèn iku ora kêna. Arêp dirêmbug ana ing parêpatan umum. Para ngulama ing kana diêmbani Radèn Mas Suleman. Radèn Mas Suleman kuwi sing arêp gunêman ana ing parêpatan, dadi wakile para ngulama. Kuwi wis gawe pitakon pirang-pirang rupa-rupa, dipacak ana ing layang kabar (yèn kula botên kalintu, sêrat kabaripun punika Darmakăndha). Pitakon-pitakon kuwi kabèh wangsulane wis tak jadwal, bablas, ora ana sing kliwatan. La iki, ta, dêlêngên, kêpriye panêmumu.

Kyai Dahlan lajêng ningali jadwal ingkang isi wangsulan dalah pitakènipun, dipun mutalangah sawatawis, [sa ...]

--- 173 ---

[... watawis,] kalihan dipun manah-manah sakêdhap, lajêng matur makatên: O, pak, sampeyan badhe kawon, manawi makatên lampahipun.

Bagus Ngarpah sawatawis radi kagèt, lajêng andangu sêmu anjêngèk: Kêpriye, apa ana sing klèru. Wangsul-wangsulan kuwi wis tak jupukake saka ing kitab-kitab. Wis tak pêsthèkake: kana mêsthi bablas.

Kyai Dahlan mangsuli: Botên, pak, sampeyan tamtu kawon. Sampeyan kok badhe ngladosi tiyang pitakèn, ingkang sêdyanipun badhe ngangèl-angèl thok. Sampun tamtu badhe kêtêlasan wangsulan. Punika saminipun rak kados nguja tiyang anjaluk. Ambok sampeyan gadhah băndha sadonya, tantu[4] sagêd katêlasan. Murih sampeyan sampun ngantos katêlasan, lampahipun kêdah makatên: manawi ngrika nguncali pitakèn satunggal, sasampunipun sampeyan jawab patitis, kêdah sampeyan gêntos nguncali pitakèn satunggal, supados ngrika sagêd tumut andhudhah kawruhipun. Makatên punika nama sami-sami. Manawi ngrika sampun suka jawaban ingkang patitis, lajêng sawêg kenging nguncali pitakèn satunggal êngkas. Lajêng ing ngriki mangsuli. Makatên salajêngipun: sêtunggal sami sêtunggal agêntos-gêntos.

Bagus Ngarpah mirêng aturipun kyai makatên punika katawis kêpranan. Cariyos: badhe miturut pratikêlipun kyai.

Sarêng sampun dumugi ing mangsanipun parêpatan, Bagus Ngarpah mlampah andhatêngi parêpatan wau. Kyai andhèrèk, dene kula (=Mas Haji Muhtar) andhèrèk kyai. Ing salêbêting parêpatan, tiyangipun kathah sangêt, prasasat uyêl-uyêlan. Para ngulama ingkang badhe ayun-ayunan kalihan Bagus Ngarpah inggih kathah. Radèn Mas Suleman inggih sampun sadhiya, sêmunipun ambrêngangang. Katawis bilih angêjibakên, manawi Bagus Ngarpah badhe kapracondhang. Kaêbrukan ing pitakèn warni-warni, tamtu lajêng mak kringkêl kemawon. Sabab pitakèn-pitakèn wau pangraosipun ngêros sadaya. Satunggal-tunggaling pitakèn, dhawahipun sagêd ambêbayani. Anamung wontên klêsikipun tiyang makatên: Wah, Bagus Ngarpah anggawa jago. (Ingkang dipun wastani jago punika Kyai Dahlan, sabab nalika samantên, kyai wau inggih sampun radi kacêluk namanipun).

Sarêng sampun dumugi ing măngsa wiwit parêpatan, Radèn Mas Suleman lajêng minggah ing meja (nalika samantên dèrèng wontên caranipun sadhiya mimbar), supados sagêd katingal dhatêng têtiyang ingkang sami mirêngakên. Swaranipun bantêr kumrampyang tur cêtha. Sasampuning ngandharakên mulabukanipun angwontênakên parêpatan wau lajêng adamêl sual, makatên suraosipun: Kêpriye dene Bagus Ngarpah wani-wani narjamahi Kuran. Kang măngka wis kasêbut cêtha ana ing sajroning Kuran, yèn Kuran iku [i ...]

--- 174 ---

[... ku] ora kêna ditarjamahi. Kasêbut ing surat ... ayat... Wong Islam sing wani-wani nrajang dhawuhing Kuran kang kanthi ditêmaha iku rak aran mungkar. Tur tindak mangkono iku bisa agawe sasare wong Islam sapirang-pirang.

Katrangan: tiyang Islam, manawi kawastanan utawi kadakwa ingkang makatên, măngka lajêng kapanggih nyata, adatipun lajêng mak klêmpêrêk kemawon, botên sagêd nginggahi. Lajêng nalăngsa ing Pangeran sarta niyat badhe mantuni, nyingkirakên tindak ingkang klèntu wau.

Nalika samantên Bagus Ngarpah lajêng ngaturi jawaban, suraosipun makatên: Kula punika botên narjamahi Kuran. Kula rak namung maknani utawi napsiri Kuran. Pancèn inggih lêrês sampun dipun dhawuhakên, botên wontên tiyang ingkang sagêd narjamahi Kuran. Têtiyang sadaya sampun kathah ingkang sumêrêp wujuding dêdamêlan kula bab Kuran punika. Makatên ugi Radèn Mas Suleman tamtunipun inggih sampun priksa sarta sampun nitipriksa. Ingkang punika kula nyuwun priksa: mawi waton punapa utawi lampah kadospundi Radèn Mas Suleman anggènipun sagêd mastani, bilih dêdamêlan kula punika tarjamah Kuran. Mawi waton ingkang pundi anggènipun mastani, bilih kula narjamahi Kuran.

Nalika samantên Radèn Mas Suleman botên suka wangsulan, kèndêl kemawon, lajêng mandhap saking meja. Parêpatan pêdhot namung samantên.

Makatên cariyosipun Mas Haji Muhtar.

Nglajêngakên anggèn kula cariyos. Kula piyambak inggih dipun cariyosi kyai kêdhik-sakêdhik prakawis Bagus Ngarpah anggènipun anjawèkakên Kuran wau. Makatên wicantênipun Kyai Dahlan:

Nalika prakawis Kuran Jawi punika wiwit dados ginêm, wontên ngulama manggihi kula cariyos makatên: Kadospundi ta, Bagus Ngarpah punika, kok purun-purun anjawèkakên Kuran, botên sampeyan èngêtakên. Sak sumêrêp kula, para ngulama: namung sampeyan ingkang sok dipun angge rêmbagipun.

Kula (=Kyai Dahlan) mangsuli: Pak cilik punika paalipun ingkang sae piyambak ing salêbêting gêsangipun, namung ing salêbêtipun napsiri Kuran punika.

Katrangan saking Sa: kula dipun cariyosi makatên punika kula botên nglairakên pitakenan punapa-punapa, sampun trimah. Botên nakèkakên lêlampahanipun Bagus Ngarpah ingkang sanès-sanèsipun. Sarta kula inggih sumêrêp, bilih Bagus Ngarpah wau pancèn kalêbêt băngsa ngulama, limpad dhatêng kawruh agama, baud dhatêng têmbung Jawi, wasis dhatêng ngèlmu palintangan. Rumiyin sampun nate dados guru ing pamulangan Sèndhêng. Dados inggih sumêrêp dhatêng wulanging agama Nasarani. Rumiyin [Rumi ...]

--- 175 ---

[... yin] namanipun Iskak Sastra Adirêngga, sampun nate nglêbêti karangan bab dintên sarta jam tuwin mênitanipun dhawah ing grahana. Mawi dipun pratelakakên miringing rêmbulan samantên darajah, samantên dakikah, tuwin sanès-sanèsipun malih bab grahana wau. Mawi mratelakakên bilih anggènipun mrasudi ngèlmu palintangan (dumuginipun kala samantên) sampun sangalas taun. Bab palintangan sok drêdah kalihan Radèn Dahlan ing kampung Dharat, Sêmarang. Bab agami sok drêdah wontên ing sêrat kabar. Katawis bilih pancèn jêmbar sarta inggil utawi lêbêt kawruhipun, patitis wicaranipun. Ewasamantên, manawi gadhah pamanggih punapa-punapa kêrêp dipun sêmantakakên dhatêng Kyai Dahlan, sarta inggih kêrêp miturut dhatêng rêmbagipun Kyai Dahlan. Manawi nyêmantakakên pamanggih punika lagunipun lagu nyual. Manawi gêntos dipun sual, lajêng sok gêdabigan. Pramila sangsaya kêrêp anggènipun musawarahan kalihan Kyai Dahlan.

Wondene bab lêlampahanipun Bagus Ngarpah, para priyantun ing Surakarta tamtu langkung dhamang, sarta langkung kathah ingkang dipun kawuningani. Ing ngriki botên kula panjang-panjangakên cariyos bab lêlampahanipun Bagus Ngarpah, sabab pancèn dede ancasing karangan kula punika.

Punika wau namung nama kêsampe nalika kula lembehan.

Sa.

Ratapratala utawi Mrêcakathika

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 10.

Widusaka

Aku iki dikongkon Sang Carudata mênyang omahe Wasantasena anggawa panganggo, tuture mangkene: Mètreya, Rohasena dianggon-anggoni Wasantasena. Sing dianggo manganggoni sandhangane Wasantasena dhewe. Banjur dikon mênyang panggonane ibune dhewe. Pancène Rohasena kuwi patute rak awèh panganggo. Ora kok malah olèh mêngkono. Kang iku mulane panganggo iki balèkna marang Wasantasena. Mulane saiki aku tak mênyang panggonane Wasantasena. (Mlaku ing kalangan karo ngingêtake ngiwa nêngên. Nuli ngingêtake ing kadohan, kaya gunêman karo wong sing ora katon). Êllo, kae kok kaya Ki Lurah Rêbila. Ki lurah, tingalipun sampeyan kok kados susah sangêt. (Nuli nilingake) kadospundi. Sang Carudata dipun timbali dhatêng ngarsaning pangadilan. Yèn makatên tamtunipun rak wontên prakawis ingkang wigatos (nuli mikir-mikir) yèn mêngkono tak mêngko-mêngko wae olèhku mênyang omahe Wasantasena. Saiki tak mênyang bale pradata. (Nuli

--- 176 ---

mlaku bing[5] kalangan karo ngingêtake ngiwa nêngên): la iki bale pradata. Aku tak mlêbu. (Nuli mlêbu): ngaturakên kasugêngan, para priyantun pangadilan, mitra kula punapa wontên ngriki.

Jaksa

La niki napa.

Widusaka

Sugêng, sumitra.

Carudatta

Iya muga-muga mêngkonoa.

Widusaka

Sampeyan punapa kasugêngan.

Carudatta

Iya muga-muga mêngkonoa.

Widusaka

Sumitra, tingalipun sampeyan kok kados tiyang kagèt makatên. Kalihan malih punapa jalaranipun, dene sampeyan kok dipun tarik dhatêng pangadilan.

Carudatta

Sumitra:

- Aku iki ora wêruh dhongdhinge jagad kana-kana.

- Êmbuh Dèwi Ratih êmbuh wong wadon sapa, padha bae.

- Bacute karêbèn digênahake kiye.

Widusaka

Kadospundi, kadospundi.

Carudatta (bisik-bisik)

Iya mêngkono kuwi.

Widusaka

Sintên ingkang criyos.

Carudatta

(nudingi ipene sang prabu nganggo sasmita)

Sing milênggah aku iki pêpasthèn, dudu kêparat kuwi. Kuwi mung dadi lantaran wae.

Widusaka

Sampeyan kok botên cariyos: Wasantasena sampun mantuk.

Carudatta

Aku iya uwis kăndha mêngkono. Ananging sanajan mangkono, saking apêsing awakku kang marga pêpasthèn, mêksa ora diandêl.

Widusaka

Kadospundi punika para priyantun. Tiyang punika ingkang ngrêngga nagari Ujayini mawi pasraman, patamanan, dalêm kadewan, sarta adamêl kêkahing praja sarana balumbang tuwin sumur, kok kadakwa anglampahi piawon, namung margi melik dhatêng yatra sakêdhik. (Nêpsu bangêt): e, e, anak jalang, Samstanaka, ipene sang prabu, wong urakan, tuking sakèhing pandakwa, munyuk kang rinêngga ing busana, mara clathua, clathua ana ing ngarêpaku. Mitraku iki rak ora gêlêm mantêlungake êpanging wit gambir kang panuju kêmbang, mung prêlu arêp mêthiki kêmbange bae, awit kuwatir bokmanawa mutungake pange kang isih ênom-ênom. Kêpriye, kowe kok wani-wani ngarani yèn iku nglakoni panggawe ala mêngkono, sulaya karo panêmune jagad loro. Mêngko, rasakna kowe, anak jomblang, rasakna, tak pênthung êndhasmu nganggo têkênku sing bengkong kaya atimu iki, rak ajur dadi sawalang-walang. Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

[Grafik]

Zijne Hoogheid P.A.A. Pakoe Alam VII en Gemalin

--- 177 ---


§ Panata makatên wau sae sangêt. Manawi kadhapur dados buku lajêng cêtha sangêt. Anamung wontênipun ing Pusaka Jawi ngriki prêlu dipun ewahi, murih ragi ringkês. Sa. (kembali)
§ Panata makatên wau sae sangêt. Manawi kadhapur dados buku lajêng cêtha sangêt. Anamung wontênipun ing Pusaka Jawi ngriki prêlu dipun ewahi, murih ragi ringkês. Sa.
sangsaya. (kembali)
sangsaya.
Ngarpah. (kembali)
Ngarpah.
tamtu. (kembali)
tamtu.
ing. (kembali)
ing.