Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-12, #405

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-12, #405. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1931-12, #405. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 12, Dhesèmbêr 1931. Taun X

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Pusaka Jawi, Găndalayu 14 Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3,- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun, manawi mêthik tumbas saăngka rêginipun f 0,30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12,50 saprapat kaca f 7,50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam ingkang kaping pitu punika putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam ingkang kaping nênêm. Ing salêbêtipun taun 1901-1902 Kangjêng Gusti ingkang kaping VI gêrah sangêt. Putra dalêm ingkang pambajêng asma Gusti Radèn Mas Surtiya, sampun seda wontên ing Nèmwègên, nagari Walandi, nalika anglajêngakên pasinaonipun wontên ing nagari Walandi.

Nalika Kangjêng Gusti ingkang kaping VI wau gêrah sangêt kasêbut ing nginggil, putra dalêm ingkang panênggak (asmanipun Gusti Radèn Mas Surarja), taksih sinau wontên ing H.B.S. ing Sêmarang, minggah dhatêng pangkat 4. Punika kasuwunakên dhatêng nagari, alantaran Kangjêng Tuwan Residhèn Kupèrus, kaparêngna kajumênêngakên dados pangeran sarta ngagêm asma: Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryadilaga, sarta kaparingana pangkat mayor generalên sêtaph ing wadyabala Indhiya Nèdêrlan. Makatên punika, saking karsa dalêm kangjêng gusti, sagêda kenging katamtokakên, gumantosipun ing têmbe, jumênêng Pakualam.

Tuwan residhèn inggih nayogyani ing bab panyuwunipun kangjêng gusti wau dhatêng nagari. Anamung sarêng sêratipun kangjêng tuwan residhèn bab panyuwunan punika, katur ing ngarsanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ing dintên punika ugi kangjêng gusti surud, dumugi ing jangji, kondur dhatêng kalanggêngan, tanggal 8 Juli taun 1902 wanci jam 10 sontên. Pramila kangjêng tuwan residhèn lajêng ngaturi

--- 178 ---

pamrayogi dhatêng nagari, anggèning manggalih prakawis panuwunipun kangjêng gusti kasarèhna kemawon rumiyin.

Enjingipun (kapetang saking sedanipun kangjêng gusti) kangjêng tuwan residhèn sarta tuwan asistèn residhèn, punapa malih tuwan sèkrêtaris sarta tuwan juru basa layad dhatêng Pakualaman. Wontên ing ngriku kapanggih kalihan para ahli waris, sarta pêpatihing Pakualaman, ingkang pancèn sampun kaaturan nglêmpak ing sadèrèng-dèrèngipun dhatêng juru basa. Ing ngriku kangjêng tuwan residhèn anêtêpakên Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat (putra dalêm Kangjêng Gusti Pakualam ingkang kaping III, sarta kaptin leghiun Pakualaman ingkang sampun kasuwak) dados wêwakil mangagêngi pangrèh ingkang nindakakên lampahing paprentahan padintênan. Kajawi punika sarèhne kangjêng gusti ingkang mêntas surud punika putranipun taksih timur-timur, kangjêng tuwan residhèn anêtêpakên kumisi, prêlu ngrêmbag bab ruwêd rêntênging lêlampahan. Ingkang dados warganipun: tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat sarta pêpatihing Pakualaman. Kumisi wau inggih kabêbahan ambukoni sadaya warisan. Kangjêng pangeran dipun dhawuhi dhatêng kangjêng tuwan residhèn, karsaa mitulungi sarta paring katrangan sacêkapipun dhatêng kumisi wau.

Surudipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VI atilar putra kakung kêkalih ingkang saking garwa padmi. 1. Gusti Radèn Mas Surarja (ingkang samangke jumênêng Pakualam), 2. Gusti Radèn Mas Surya (ingkang samangke asma Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang). Sarta malih putra saking garwa ampeyan satunggal: Bêndara Radèn Mas Susena, ingkang lajêng asma Bêndara Radèn Mas Arya Suryanataningrat.

Ing nalika surudipun Kangjêng Gusti Pakualam VI, nagari botên nayogyani, manawi putra ingkang sêpuh kadadosakên wêwakil mangagêngi paprentahan, jalaran panyuwunipun ingkang rama ingkang mêntas surud, bab anjumênêngakên dados pangeran, mawi apangkat mayor, sampun katur nagari, anamung dèrèng angsal karampungan.

Sêrat kêkancingan guprêmèn tanggal 29 Agustus taun 1902 ăngka 2 anêtêpakên Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat dados wêwakil pangagênging darah Pakualaman, sarta mangagengi tumindaking paprentahan padintênan.

Pancènipun karsa dalêm Kangjêng Gusti Pakualam VI, putra dalêm Gusti Radèn Mas Surarja kasêbut nginggil kakarsakakên ngrampungakên pasinaonipun wontên ing H.B.S. ngantos satamatipun dumugi pangkat gangsal pisan, lajêng andumugèkakên pasinaonipun dhatêng nagari Walandi. Sasampunipun tamat sayêktos lajêng sawêg badhe dipun sinau bab lampah-lampahipun ngasta nagari bawah ing Pakualaman.

Wiwit timur ngantos yuswa 19 taun, dumugi ing pangkat sakawan ing H.B.S. Gusti Radèn Mas

--- 179 ---

Surarja wau tansah namung mrasudi kagunan sarta kawruh kilenan. Punapa malih mawi dipun paringi pêpacak dhatêng ingkang rama, botên kaparêng kêrêp-kêrêp kondur tuwi. Kaparêngipun kondur namung manawi pinuju wontên liburan kemawon. Dados sagêdipun priksa dhatêng kawontênanipun nagari Pakualaman, kalêbêt namung sakêdhap-sakêdhap sangêt. Pramila ing mangke prêlu kapriksakakên bab ombak umbuling tata ngadat sarta pranatan kajawèn.

Dumugi nalika samantên Kangjêng Tuwan Residhèn Kupèrus botên nate manoni dhatêng bab pamrêdinipun kangjêng gusti dhatêng putra dalêm wau ingkang tumuju dhatêng pangastaning nagari. Kados kemawon, awit saking sangêt pamrasudinipun nuju kagunan kilenan, angantos pamrasudi dhatêng panyêpênging nagari ragi kalêmpit. Ing măngka samangke lajêng badhe kabêbahan ngasta nagari. Punika lajêng katawis katimurên, tamtunipun dèrèng kagungan grêngsêng ingkang sayêktos angasta paprentahan sarta mangagêngi darah Pakualaman. Adhakanipun lajêng badhe gampil katutipun dhatêng atur mawarni-warni, jalaran kirang santosa panggalihipun, ingkang kabêkta saking kiranging yuswa. Punapa malih sarèhne pasinaonipun pancèn mrasudi kawontênanipun ing sajawining nagari, tamtunipun lajêng botên patos mangrêtos dhatêng kawontênanipun salêbêting nagari, sarta kirang dhamang dhatêng katiyasaning satunggal-tunggaling tiyang ingkang wontên ing salêbêting nagari dalêm.

Miturut pratelanipun tuwan ingkang kabêbahan rumêksa dhatêng pasinaonipun Gusti Radèn Mas Surarja, panggalihanipun gusti radèn mas wau jêjêg, botên lêlemeran. Samukawis ingkang kaasta tumindak akanthi sae. Kajawi punika tabêri sarta lantip. Anamung inggih kados limrahing para luhur Jawi: botên karsa sok glogok.

Manawi miturut cara kina-kina, putra kakung ingkang pambajêng punika lajêng sagêd anggêntosi kalênggahanipun ingkang rama, botên mawi ngèngêti punapa-punapa sanèsipun. Manawi pranatan punika kalastantunakên kemawon, tumrapipun Gusti Radèn Mas Surarja, tamtunipun lajêng kabêbahan sêsanggèn ingkang sakalangkung awrat. Pramila sarèhne nalika samantên Gusti Radèn Mas Surarja udakawis sawêg yuswa 20 taun sarta wontên ing H.B.S. sawêg pangkat 4, anggènipun badhe anjumênêngakên kasarèhakên rumiyin. Anamung nagari inggih sampun anayogyani, manawi kacalonakên dados gêgêntosipun ingkang rama. Makatên wau lêlandhêsan pratelanipun tuwan ingkang kabêbahan rumêksa pasinaonipun Gusti Radèn Mas Surarja wau, punapa malih lêlandhêsan lêlabêtanipun ingkang rama: anêtêpi sangêt dhatêng suraosing prajangjean.

Saking panggalihipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, wangsulipun Gusti Radèn Mas Surarja saking cara kilenan dhatêng cara wetanan, [weta ...]

--- 180 ---

[... nan,] sanajan wiwitanipun ragi wontên kikukipun sawatawis, tamtunipun botên lami inggih lajêng sagêd pul, tur kawruhipun kilenan badhe maedahi warni-warni dhatêng pangastaning nagari. Saupami-saupami, Gusti Radèn Mas Surarja kagalih nagari botên cundhuk ngasta nagari cara wetanan, ingkang kabêkta saking pasinaonipun kilenan, lajêng kadospundi têgêsipun, anggènipun para tuwan-tuwan sami mrayogèkakên para putranipun para luhur kêdah kaprasudi ngungsêd kawruh kilenan. Harak lajêng namung manggih pituna thok-thok kemawon.

Sanajan Gusti Radèn Mas Surarja sampun têtêp kacalonakên anggêntosi ingkang rama, anamung saking panggalihipun nagari, prayogi Gusti Radèn Mas Surarja dipun wêwahi isi, murih mindhak dhamang dhatêng kridhaning ngasta nagari. Pramila lajêng kagurokakên dhatêng Tuwan Dhoktor Brusêmah, guru pamulangan H.B.S. ing Sêmarang bab ngèlmu nyêpêng nagari sarta babad. Kajawi punika kangjêng tuwan residhèn kêrêp anyulang-nyulangakên prakawis kawontênanipun paprentahan ing Pakualaman.

Gusti Radèn Mas Surarja inggih tindak lêlana dhatêng tanah sabrang kadhèrèkakên ingkang rama paman, Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja, prêlu ngindhakakên jêmbaring paningal dhatêng kawontênaning têtiyang sarta bab sanès-sanèsipun. Nagari ingkang dipun rawuhi kados ta: Padhang, Sabang, Singgapura, Penang, Dhèli.

Ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1905 kagungan panyuwun dhatêng nagari badhe sinau ngandikan mawi basa kilenan (sanèsipun basa Walandi) sarta sinau wontên ing Gimnasium Wilêm III ing Batawi, bagean pamulangan calon kontrolir, anamung botên malêbêt dados sêtudhèn. Panyuwunipun wau inggih dipun kaparêngakên.

Nyêlani cariyos: Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat ingkang katêtêpakên dados wêwakil mangangêngi darah Pakualaman, kirang dhangan panggalihipun. Kangjêng pangeran wau putra dalêm Kangjêng Gusti Pakualam ingkang kaping III. Nalika sedanipun rama dalêm, sarta sedanipun nak-sadhèrèk dalêm, Kangjêng Gusti Pakualam IV sang pangeran wau taksih timur. Pramila sang pangeran botên kajumênêngakên Pakualam. Ing samangke kajumênêngakên dados wêwakil, măngka pundi-pundi ingkang sampun dados wêwakil, adatipun ingkang sampun-sampun, inggih lajêng katêtêpakên anggêntosi jumênêng Pakualam. Pramila nalika tanggal 25 Januari 1904 kangjêng pangeran tindak dhatêng Bogor, kagungan panyuwun supados kanalurèkna kadosdene lêlampahan ingkang sampun-sampun. Anamung panyuwunipun wau botên kaparêngakên. Pramila lajêng ngaturakên sêrat panyuwunan dhatêng nagari, katitimangsan tanggal kaping 3 wulan Pèbruari taun 1904 kaparênga nyèlèhakên têtanggêlanipun, sarta ngêculakên sadaya padamêlan pa-

--- [0] ---

[Grafik]

De Hoofden van het Pakoealamsch Huis, de Pangéran's A.A. Pakoe Alam II, III, IV, V, VI en VII.

--- [0] ---

[Grafik]

Kinderen van Z.H. Pakoe Alam VII.

[Grafik]

Waardigheids-stukken van het Hoofd van het Pakoe Alamsche Huis.

--- 181 ---

prêntahan ing Pakualaman. Kangjêng tuwan residhèn lajêng maringi kêkancingan janggêlan, katitimangsan tanggal 4 Pèbruari 1904 ăngka 15, mratelakakên bilih kangjêng pangeran kaparêng nyèlèhakên padamêlan akanthi kaurmatan, sarta kaparêng mantuk dados warganing kumisi bab darah Pakualaman ing Ngayogyakarta. Wondene ingkang kajumênêngakên wêwakil bab paprentahan ing Pakualaman, anggêntosi kangjêng pangeran wau, Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja.

Nalika Gusti Radèn Mas Surarja sinau wontên ing Batawi, kêrêp martamu dhatêng para agung Walandi ing ngriku. Anggènipun makatên wau pancèn sampun miturut pamrayoginipun kangjêng tuwan residhèn, malah inggih mawi ngasta sêratipun kangjêng tuwan residhèn, ingkang anggampilakên lampah-lampahing martamu. Kajawi punika kêrêp ngrawuhi pakêmpalan ingkang anggiyarakên kawruh warni-warni.

Ing taun 1906 yuswanipun Gusti Radèn Mas Surarja sampun mindhak tigang taun, kangjêng tuwan residhèn ing Ngayoja anggalih, bilih pasinaon warni-warni ingkang botên patos gêgayutan kalihan pangrèh praja, prayogi dipun kèndêli rumiyin, sarta sampun wancinipun kasuwunakên têtêpipun anggêntosi ingkang rama, mangagêngi nagari sarta darah Pakualaman, badhe dipun amping-ampingi kangjêng tuwan residhèn, bab anggènipun ngasta nagari. Ing ngriku kangjêng tuwan residhèn lajêng badhe sagêd ngaturi priksa caking nindakakên paprentahan, botên namung teori kados ingkang sampun dipun sinanu rumiyin-rumiyin punika kemawon. Wondene ing salêbêting ngasta paprentahan, manawi taksih karsa nglajêngakên pasinaonipun, tamtu inggih badhe dipun sayogyani sangêt.

Ingkang makatên wau ing salêbêtipun wulan April 1906 Gusti Radèn Mas Surarja dipun aturi kondur dhatêng Ngayogyakarta, prêlu tata-tata utawi siyaga anggènipun badhe nampèni sêsanggèn bab ngasta nagari.

Nalika samantên Gusti Radèn Mas Surarja sampun ngagêm asma: Gusti Radèn Mas Arya Surarjaningrat. Punika lajêng dipun aturi nupiksa rancanganing prajangjean saking guprêmèn. Ungêling prajangjean inggih mèh sami kalihan prajangjean ingkang dipun tapak asmani ingkang rama swargi, mawi dipun wêwahi sawatawis saking guprêmèn. Gusti radèn mas arya, sasampunipun maos prajangjean wau inggih lajêng karsa nayogyani sarta napakasmani tuwin ngêcapi rancangan prajangjean wau, sarta lajêng nampèni sumpah wontên ing loji karesidhenan nalika tanggal 17 Sètèmbêr 1906, dipun jênêngi para pangeran sarta priyantun ing Pakualaman, punapa malih para priyantun pangrèh praja, kumêndhaning militèr sarta tuwan juru basa.

Sêrat kêkancingan guprêmèn tanggal 16 Oktobêr 1906 ăngka 16 namtokakên bilih:

1. Sêrat prajangjean ingkang sampun dipun [dipu ...]

--- 182 ---

[... n] asmani, sampun dipun sayogyani sarta dipun têtêpakên.

2. Gusti Radèn Mas Arya Surarjaningrat kawisudha dados pangagênging darah Pakualaman sarta mangagêngi nagari rèh Pakualaman, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, mawi nampèni sêsanggèn sarta wêwênang ingkang gêgayutan kalihan kaluhuranipun wau. Kajawi punika kaparingan pangkat litnan kolonèling sêtapipun wadyabala Indhiya Walandi, ingkang botên mawi balănja saking guprêmèn.

Awit saking karsanipun Gusti Radèn Mas Arya Surarjaningrat kasêbut nginggil, anggènipun ngêpyakakên jumênêngan, wontên ing loji karesidhenan ing dintên Sênèn tanggal kaping 17 Dhesèmbêr 1906, dipun jênêngi para pangeran ing Pakualaman, sarta para priyantun ing ngriku, punapa malih para priyantun Walandi sarta upsir bètèng, kajawi punika mawi kaurmatan ing ungêling mariyêm saking bètèng Prèdhêburêh.

Ing wanci enjing jam 9 Gusti Radèn Mas Arya Surarjaningrat dipun pêthuk kumêndhaning sêkutri, lajêng kadhèrèkakên para pangeran sarta para priyantun ing Pakualaman dhatêng loji karesidhenan. Wontên ing ngriku sêrat panggiyaran ingkang saking kangjêng tuwan residhèn dipun waos, punapa malih sêrat kêkancingan têtêpan katampèkakên. Sasampunipun punika kangjêng tuwan residhèn, sanalika ugi lajêng malêbêt dhatêng kraton, nyowanakên kangjêng gusti enggal dhatêng ngarsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan.

Konduripun kangjêng gusti dhatêng dalêm Pakualaman, kadhèrèkakên kumêndhaning sêkutri. Punika prêlu badhe nampèni anggènipun badhe mara tamu kangjêng tuwan residhèn dalah para tuwan-tuwan sanèsipun.

Bab lampah-lampahing pahargyan nalika samantên, botên prêlu kapratelakakên. Ing ngriki namung badhe mratelakakên bilih dumugi tanggal 17 Dhesèmbêr taun 1931 punika, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam ingkang kaping VII punika sampun salangkung taun anggènipun ngasta paprentahan nagari, mangagêngi darah Pakualaman.

Ing samangke badhe ngaturakên sawatawis, bab indhaking pranatan sarta kartaraharjaning nagari rèh Pakualaman, tuwin lêlampahan ing sadangunipun Kangjêng Gusti ingkang kaping VII ngasta nagari.

1. Wiwit taun 1917 kawontênakên riksêblad, angêmot sadaya dhawuh-dhawuh, pêpacak utawi anggêr.

2. Wêwênanging tiyang alit dhatêng siti gêgadhuhanipun mindhak rosa.

3. Ing salêbêting taun 1919 kawontênakên pranatan bab matêsi rêgining băngsa têtêdhan tuwin papan panyimpênaning têdha.

4. Ing salêbêting taun 1917 sarta 1922 kawontênakên [ka ...]

--- 183 ---

[... wontênakên] pranatan bab andandosi griya sarta nyuntik tiyang pêjah, kangge anjagi sampun ngantos sêsakit pès mrambat-mrambat ing sakajêng-kajêngipun.

5. Ing taun 1924 kawontênakên watêrsêkap opakpraga, kangge ngrêksa sarta mitulungi tiyang alit bab toya.

6. Ing taun 1928 kawontênakên bang kalurahan, kangge mitulungi pawitan dhatêng tiyang alit, ingkang sami bêbakulan.

7. Bab lampahing pangadilan, bab kriminil sarta silip, kapasrahakên dhatêng guprêmèn.

Tuwin sanès-sanèsipun.

Nalika tanggal 1 Oktobêr 1921 utawi tanggal 28 Sura taun Ehe 1852 kangjêng gusti jangkêp yuswa 40 taun. Sarèhne botên wontên pêpalang punapa-punapa Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga kalilan wiwit ngagêm asma: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, sarta apangkat kolonèl. Makatên punika kasêbut ing kêkancingan guprêmèn tanggal 10 Sèptèmbêr 1921 ăngka IX sarta tampi bintang ridêr Nèdêrlansê Leyo. Anggènipun santun jêjuluk wau pancèn miturut utawi nglêluri pranatan ingkang sampun-sampun. Bab pahargyanipun, botên prêlu kacariyosakên ing ngriki.

Putra dalêm kangjêng gusti ingkang kaping VII punika kakung putri sadaya sami sakolah Walandi sarta kêmpal kalihan lare-lare Walandi. Manawi wontên ing dalêm kaprêdi bab tata, titi, tatag. Ingkang makatên wai inggih sinêmbuh ing sawabing garwa dalêm: Gusti Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Adipati. Punika putra dalêm putri Ingkang Sinuhun Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ing Surakarta ingkang jumênêng ing samangke.

Kangjêng Gusti ingkang kaping VII punika dhangan sangêt angrawuhi papan ingkang prêlu dipun rawuhi. Makatên ugi garwa dalêm, inggih katawis lêbda kêmpal kalihan para tuwan-tuwan, tuwin nyonyah-nyonyah. Manawi kangjêng gusti botên sagêd angrawuhi papan-papan ingkang kasêbut ing nginggil, margi kapambêng, tamtu mundhut priksa bab kawontênan utawi lêlampahan ingkang dumados ing ngriku. Pamundhutipun priksa dhatêng têtiyang ingkang pancèn dhamang saèstu.

Kangjêng gusti panggalihanipun prasaja, sarta rêmên dhatêng samukawis ingkang prasaja, sinuyudan sarta sinihan ing para santana tuwin kawula.

Karangan ingkang Angsal Ganjaran Ăngka 1

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 11)

Mangsuli kaparênging karsa dalêm wau pancèn kaluhuran sangêt, saupami botêna dipun galih, satêmah ewahing tatakrama manut jaman lajêng badhe tanpa ancêr-ancêr, wohipun kathah tiyang darêdah rêbat lêrês mênggahing tatakrama, [tatakra ...]

--- 184 ---

[... ma,] satunggal anggêgêgi cara kina, satunggalipun anggondhèli cara sapunika ingkang langkung praktis. Yèn makatên panggalih dalêm pancèn wicaksana, ulah kawaspadan sayêktos, barang taksih têbih sampun dipun kawekani, nyalangi sampun ngantentos[1] kathah tiyang crah mijil saking tatakrama, ingkang langkung parlu sagêda golong, rukun sarta manunggil, amila tatakrama dipun tata dipun angge madhahi sarawungan sagêda sami suka bingah, nuwuhakên manah trêsna dhatêng sasami.

Karsa dalêm ingkang utami wau, botên kenging botên, têmtu badhe pinèngêtan wontên ing salêbêting babadipun băngsa-băngsa ing tanah Jawi, langkung malih băngsa Jawi piyambak. Panggalihipun para sarjana, sujana saha para trêsna bongsa, saking satunggal-tunggaling băngsa ing tanah Jawi, sami kêpranan, prasasat kêgugah raosipun ingkang lêbêt, katut katêtangi angraosakên tatakramaning bangsanipun piyambak. Sasampunipun maspadakakên suraosing wara-waranipun pangrèh Yapha Insêtitut.

Tatakrama punika pancèn babagan prakawis ingkang agêng sayêktos, yèn dipun titipriksa ingkang patitis, lajêng cêtha anggènipun ulêt-ulêtan kalihan: tata ngadat, tatacara, malah gandhèng kalihan wêwatakaning băngsa. Amila manawi badhe nyumêrêpi wêwatakane salah satunggilipun băngsa, anamatna: tatakramanipun, badhe sagêd anggrayangi mêmanahanipun.

Băngsa-băngsa ingkang sami dumunung wontên sapalihing jagad ingkang sisih wetan, kathah ingkang gadhah tatakrama ngantos muluk sangêt, malah lajêng dipun angge abon-aboning kawibawan, sagêda saya katingal luhuripun. Ananging dilalah, pêpêsipun băngsa-băngsa wau, dipun tlusubi mêdal tatakramanipun piyambak. Anèh, tatakrama ingkang suwau dados busananing kaluhuran, sagêd dados jalaranipun dhawah apês. E hla, lêrês atur kula, pancèn gawat, sarêng dipun raos-raosakên lêbêt, jêbul gêgayutan sangêt kalihan apês utawi mulyanipun băngsa. Yèn makatên parlu sangêt kêdah dipun bangun malih, kangge angluhurakên băngsa.

Ambangun tatakrama, punika sami kemawon kalihan ambangun watak. Darajading manungsa, punika gumantung wontên ing watakipun. Dene darajading băngsa, gumantung wontên ing wêwatakanipun satunggal-tunggaling tiyang ingkang kalêbêt ing băngsa wau. Lêrês ujaring piwulang:

Pèngêt.

1. Anggayuh kaluhuraning băngsa, punika sampun dados kuwajibanipun sawarnining băngsa.

2. Ngupados kabêgjan, punika sampun dados watakipun sadaya gêsang.

--- 185 ---

3. Asor luhuring băngsa, punika gumantung wontên ing pandamêlipun băngsa wau piyambak.

4. Satunggaling băngsa, dados apês, botên linuhurakên ing jagad, bilih tiyang-tiyanganipun ingkang sami dados wêwicalaning băngsa wau, namung sami ambujêng gêsangipun piyambak-piyambak, sarta botên mawi nolèh kabangsanipun.

5. Bilih wontên satunggaling băngsa, botên gadhah gêgayuhan, botên purun ebah, punika pratăndha, bilih băngsa wau badhe sirna.

Swara ing jawi.

Tujunipun băngsa Jawi taksih sugih gêgayuhan, dados botên enggal sirna.

Pêrgadêring gumujêng.

Gêr.

Ewahing tatakrama botên kenging dinuwa, sintên ingkang mênangi jaman sapunika, purun utawi botên, saèstu badhe manoni utawi ngalami dipun trapi tatakrama modhèl enggal wau. Sintên ingkang puguh, anggêgêgi cara kina ingkang dipun mathêmi, măngka ing jaman sapunika sampun botên dipun angge, badhe rêkaos piyambak panggalihipun. Aluwung dipun sukani papan pisan, murih sami sakecanipun, tumuntên sagêd angsal ancêr-ancêr tatakrama larasan enggal, ingkang sagêd nyampêdi utawi nyêkapi parluning sarawungan. Kadospundi tandukipun băngsa Jawi dhatêng băngsa sanès, Jawi sami Jawi, luhur, têngahan, ngandhap, kaangkah kacakup sadaya.

Kula ngrêtos, sayêktosipun para priyantun sêpuh, yèn kaaturan anggalih ewah-ewahan tatakrama, punika panggalihipun awrat sangêt, upami sagêda makatên aluwung botên priksa, tiyang sawêg priksa caranipun lare neneman sapunika kemawon sampun gila, ing batos tobat saèstu. Nanging kawêlèh, para putranipun ingkang sami sakolah mêksa nyaosi angsal-angsal tatakrama modhèl enggal. Ing batos inggih namung dipun puwung, mawi ngandika: bocah-bocah jaman saiki kuwi wis seje karo jamanku biyèn, ana wong sakolah malah ora idhêp tata. Kasinggihan dhawuh ingkang makatên wau, ananging punapa kêsupèn, bilih tiyang nyinau salah satunggiling kagunan (cultuur) saking băngsa sanès, punika mêsthi katutan: cara, patrap, têmbung-têmbung ingkang gêgayutan kalihan kagunan wau. Inggih amargi tulad-tinulad, linta-lintu kawruh, punika ingkang ngindhakakên kamajêngane bangsanipun. Upami ngangsu kawruh saking băngsa Indhu, sampun têmtu katutan têmbung Indhu, cara Indhu, barang-barang modhèl Indhu. Ngangsu dhatêng băngsa Arab, inggih katutan têmbung Arab, cara Arab,

--- 186 ---

barang-barang Arab. Makatên ugi sakolah kawruh dhatêng băngsa Walandi, inggih katutan têmbung Walandi, patrap Walandi, barang-barang Walandi. Tambahan-tambahan wau amêsthi ngewahakên gadhahanipun lami, kathah utawi sakêdhik.

Witna lajêng kadospundi, saupami para sêpuh anggondhèli tatakrama kina, mawi dhawuh: tatakrama kuna wis bêcik, ora susah diowahi. Malah bongsa mănca iya wis dhêmên, kabèh padha ngalêmbana, sapa sing wis ngicipi tatakramaku, mêsthi kabelan, takon tunggale. Iki dadi tăndha yêkti yèn pancèn wis linuwih.

Atur wangsulan kula: punapa wontên barang ingkang botên ewah. Punapa tatakrama kina, ingkang sampun kaanggêp èdi pèni, punika pinangkanipun botên saking tatakrama ing kinanipun malih mawi dipun ewahi utawi ewah piyambak manut ombaking jaman. Saupami êmbah kula gantung-siwur mênangi sugêngipun êmbah buyut, punapa botên gèdhèg-gèdhèg, sami kemawon kados êmbah kula mênangi jaman sapunika, inggih botên tobat, dubillah setan.

Pêrgadêring, gêr-gêran.

Yèn makatên punapa pakèwêdipun, saupami sapunika kabêsut malih, jalaran sadaya wau gumantung ing kawontênan, sarta ingkang sami badhe ngangge. Caranipun tiyang ambêbêkta, milihi pundi ingkang pambêktanipun awrat tur kirang maedahi, kêdah katilar, sampun ngantos ngribêdi lampah, mindhak botên dumugi ing panggenan ingkang sinêdya. Kosokwangsulipun, yèn angsal barang ingkang langkung maedahi, pambêktanipun mayar, kêdah dipun cangking.

Mênggah kalampahanipun ngewahi, nyantuni, nglaras saha ambangun tatakrama punika, kula pasrahakên ing panjênêngan sadaya. Kula namung mêmuji sagêda kasêmbadan, pangrêmbagipun ingkang cêtha, sampun ngantos worsuh, mindhak ambingungakên. Para pamêdhar sabda ugi sampun kula suwuni tatanan, ingkang agêng-agêng karumiyina, lajêng perang-peranganipun, lajêng paprincènipun kalihan lumampah, dipun pipili. Wasana kula sêsuwun sagêda angsal putusan ingkang prayogi.

Sapunika pêrgadêring kula bikak.

Pangarsa anggandhèn.

Dhog.

Sadèrèngipun kula ngaturi juru sabda nglairakên pamanggihipun, kula nyuwun priksa, kadospundi usul kula bab tatakramaning pakêmpalan wau. Punapa wontên ingkang badhe nguruni pamanggih, punapa kenging lajêng kaputus.

Swara kathah.

Sarèhning sampun cêtha, pantês kadamêl ancêr-ancêr, prayogi kaputus.

--- 187 ---

Pangarsa.

Kadospundi para sadhèrèk sanèsipun.

Swara kathah.

Mupakat.

Pangarsa anggandhèn.

Dhog.

Putusan.

Dados usul kula bab tatakramanipun pakêmpalan katampi.

Pangarsa.

Sapunika kula ngaturi juru sabda I.

Aturipun juru sabda I.

Bab tatakrama Jawi.

Kula nuwun para priyantun, sarèhning tatakrama Jawi punika, saking pamawas kula têbanipun wiyar sangêt, sarta inggih lêbêt sangêt jajag-jajaganipun, ulêt-ulêtanipun kalihan raos pangraos, watak, saha tatacaraning băngsa Jawi sampun mukêt, kala-kala mrangguli ingkang angèl binedakakên, punapa punika: cara, punapa: adat, punapa: tatakrama, èwêd pilah-pilahipun. Măngka badhe dipun ewahi, kadospundi anggènipun sagêd ngewahi, manawi dèrèng sumêrêp: balêgêripun rumiyin. Sasampunipun maujud cêtha, sawêg sagêd nitipriksa, pundi ingkang kêdah dipun ewahi, pundi ingkang botên, sarta kadospundi anggènipun ngewahi, supados langkung mikantuki kangge gêsang cara sapunika.

Wau pangarsa ngandika, bilih ngewahi tatakrama, punika kasamèkakên kalihan ngewahi watak. Kula condhong, dhasar inggih makatên.

(Ngrêmbag bab angewahi watak)

Swara ing jawi.

Punapa watak punika kenging dipun ewahi.

Jura sabda.

Kenging, anggêripun purun tumandang ngewahi. Mêsthinipun ewahipun wau inggih botên sami sakala, jalaran anggènipun nandangi inggih botên sagêd rampung sami sakala. Ewahipun saking sakêdhik sangêt, prasasat botên katawis, mitra ingkang dangu botên kêpanggih, mangke yèn kêpanggih kalihan tiyang ingkang marsudi utamaning watak, badhe kagèt, dene santun babarpisan. Ananging sampun kalèntu tampi, bilih ingkang sagêd ngewahi watak punika, namung ingkang gadhah watak piyambak. Tiyang sanès botên sagêd badhe ngewahi watakipun tiyang sanèsipun, manawi ingkang dipun ewahi botên purun. Kula kêrêp mirêng ungêl-ungêlan: watak iku gawan, wis ora kêna diowahi, kados pandangunipun sadhèrèk wau.

Swara saking jawi.

Inggih.

--- 188 ---

Nanging yêktosipun botên, anggêripun purun ngewahi inggih ewah. Manungsa wênang anggayuh punapa-punapa, ingkang kados punapa kemawon luhuripun, ugi wênang nyantuni watakipun piyambak ingkang kadospundi utaminipun, kados punapa alusipun, jangji purun sarta tumandang. Kalampahanipun sagêd ewah, saking tandang, dene pinangkanipun: tandang, saking kagungan: karsa. Inggih karsa punika wijinipun barang-barang. Ananging yèn dèrèng dipun kanthèni: tandang, inggih taksih dados wiji kemawon, dèrèng sagêd tuwuh. Karsanipun sae, anggènipun nandangi sae, inggih badhe ngundhuh woh ingkang miraos. Manawi wontên tiyang gadhah gêgayuhan, niyatipun sampun santosa, ugi dipun lampahi, wusana angsal-angsalanipun botên cocog kados ingkang kinarsakakên, punika têmtu wontên sababipun, gênah panindakipun ingkang dèrèng timbang. Karsa makatên botên nate cabar. Ingkang klèntu punika panindakipun, dados angsal-angsalanipun inggih gèsèh kalihan pola ing salêbêting batos. Kêdah kaudi malih ingkang ngantos timbang.

Sapintên tumandangipun angewahi, inggih samantên ewahipun. Punapa têtiyang ingkang sami ngabêkti ing Pangeran punika botên tumindak ngewahi watakipun ingkang asor kadadosakên watak ingkang luhur.

(Watak kenging dipun ewahi)

Dados: watak, kenging dipun ewahi, manut sakarsanipun, jangji ingkang niyat ngewahi ingkang gadhah watak piyambak.

Pèngêt.

Makatên ugi: tatakrama inggih kenging dipun ewahi, anggêripun ingkang niyat ngewahi băngsa ingkang gadhah tatakrama piyambak.

(Ngrêmbag bab balêgêring tatakrama)

Kula badhe nglajêngakên madosi balêgêring tatakrama rumiyin, kadospundi: dhasaripun, kadospundi: wujudipun, sarta kadospundi: paedahipun. Wangsulan tigang bab punika, yèn patitis, lajêng anjanggêlêg wujud tatakrama. Lah ing ngriku sawêg kenging dipun laras, dipun wangun murih prayoginipun.

Măngga sapunika sami dipun titipriksa saking saêbab rumiyin.

1. Saking pamawang kula, ingkang dados dhêdhasaring tatakrama punika: kurban. Têgêsipun awakipun piyambak dipun kawonakên, dipun sukakakên dhatêng lawananipun. Pamantês agêng aliting kurban, utawi kathah sakêdhikipun, punika nama: unggah-ungguh, dene kawruh ingkang kangge nêtêpakên unggah-ungguh utawi ngukur kathah sakêdhiking kurban, punika nama: dugi prayogi.

--- 189 ---

2. Dene wujudipun tatakrama, punika dumunung wontên ing: tatacara. Têgêsipun upami tatacara punika: dat. Tatakrama ingkang minăngka: sipat, botên nate sipat punika pisah kalihan dat, makatên ugi tatakrama, botên nate oncat saking tatacara. Kosokwangsulipun sabên tatacara inggih sampun ambêkta tatakrama. Dene tuwuhipun: tatakrama, punika saking wontênipun sarawungan. Amila botên kawasesa dening sintên-sintên.

3. Dene paedahipun tatakrama punika, kangge anjagi: kawilujênganing sarawungan. Pancèn kasinggihan, tanpa: kurban, botên wontên karahayon.

Wondene sarawungan punika kenging kaperang dados kalih ingkang agêng. Saserang-peranganipun[2] lajêng dipun princi-princi dados pintên-pintên golongan.

Mênggah kalih perangan agêng punika wau, kados ta:

I. Sarawungan kalihan tiyang.

II. Sarawungan kalihan sanès tiyang.

Pèngêt.

Sintên ingkang sampun nyakup kawruh tatakrama sadaya wau, kawastanan sumêrêp ing udanagari. Dene tandang-tandukipun udanagari, kawastanan: kasusilan, punika dados saperanganing kultir (cultuur) saking satunggaling băngsa.

Paprincènipun.

I. Ingkang sarawungan kalihan tiyang, kaperang:

1. Sarawungan satunggal sami satunggal.

2. Sarawungan kalihan tiyang langkung saking satunggal.

3. Sarawungan sarana sêsêratan.

Tigang bab ing ngajêng punika wau, dèrèng kawijang-wijang: sarawungan kalihan sintên (andhap inggil) wontên ing pundi (panggenan) wigatosipun kadospundi, pêrlunipun sintên) tiyang kathah, punapa piyambak, punapa tiyang kathah nanging piyambak-piyambak, upami wontên ing pêkên, sêtatsiyun, sasaminipun.

III. Ingkang sarawungan kalihan sanès tiyang, kaperang:

1. Sarawungan kalihan parentah.

2. Sarawungan kalihan pakêmpalan.

3. Sarawungan kalihan bêbadan dagang (Mij; cooperatie, onderneming) sasaminipun.

4. Sarawungan kalihan barang utawi ingkang kaanggêp băngsa barang, kados ta: pangangge, gêgriya, agami, kapracayan, sêrat-sêrat suci, sapanunggilanipun.

Pèngêt.

Mênggah ingkang dados gêgaran tumindaking tatakrama, punika wontên ing: patrap, sarta: pangucap, utawi asring katêmbungakên :

--- 190 ---

solah-bawa tuwin muna-muni, utawi malih: tindak kalihan tanduk. Katăndha wontên wulang ingkang taksih sumimpên wontên ing manahipun tiyang kathah makatên: laku satindak, muni sakêcap, kudu ngarah-arah. Punapaa têka tansah kapurih ngarah-arah, botên sanès inggih anjagi sampun ngantos damêl saksêriking sarawunganipun. Punika nama panêrak. Sabên-sabên wontên panêrak, lajêng botên rahayu.

Swara saking jawi.

Yèn makatên: tatakrama punika inggih kenging kawastanan saperangane kawruh karahayonipun jagad.

Juru sabda.

Inggih dhasar makatên. Kaparênga kula nglajêngakên. Samangke anggèn kula anggrambyang cêngkoronganing tatakrama, sampun ragi gatra. Măngga sapunika sami dipun trapakên pandhapukipun, murih lajêng katingal balêgêring wujudipun, makatên anggèn kula badhe ngrakit. Taksih wontên sambêtipun.

Sêrat Enggal

Kula tampi sêrat cap-capan enggal saking juru ngarang utawi saking ingkang ngêdalakên. Kula matur nuwun sangêt. Wondene pratelanipun, kadosdene ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Sêrat Ngèlmu Alam, cara Jawi aksara Latin, damêlanipun Tuwan Slèpêr, dhirèktur H.I.K ing Bandhung, kajawèkakên dhatêng Mas Samsudin, guru ing pamulangan normal ing Madiun, sarta kaewahan cara Jawinipun dhatêng Radèn Sasrasugănda ing Ngayogyakarta. Sêrat punika pancèn kasadhiyakakên kangge pamulangan normal ing Jawi Têngah sarta Wetan, tuwin para mrasudi kawruh bab ngèlmu alam. Sêrat punika cap-capan ingkang kaping sêkawan, isinipun ngungkuli cap-capan ingkang kaping tiga. Gambar-gambaripun inggih wêwah. Warnining gambar aksara tuwin kartasipun sae. Sadaya 225 kaca. Rêginipun kados ingkang sampun-sampun f 1,75. Ingkang ngwêdalakên Pirmah Woltêrês ing Wèltêprèdhên.

Bab cara Jawinipun, kathah ewahipun kalihan ingkang rumiyin-rumiyin, dados sampun botên tumindak manawi kaangge sêsarêngan kalihan cap-capan ingkang rumiyin-rumiyin. Bab wêwahing awon saening basanipun, kula botên sagêd matur, amargi badan kula kênal sanak, kalihan ingkang ngewahi.

2. Sêrat Laksitarja, karanganipun Radèn Mas Suryawinarsa ing Jatibarang, Têgal. Ingkang ngimpun Radèn Mulyarêja. Wanguning sêrat pranêmbêlasan kêbèt kadosdene Sêrat Ganjil Ganêp. Wontên 41 kaca. Dalancangipun mindhak sae, punapa [puna ...]

--- 191 ---

[... pa] malih tapihipun, mawi karton rinêngga. Isinipun bab silah sarta gandhènging titah kalihan ingkang nitahakên. Ingkang kathah: bab manungsa, langkung-langkung bab tiyang Jawi.

Ikêtaning ukara pangraos kula wontên ingkang botên patos sakeca. Kados ta ing kaca 5 ungêlipun wontên ingkang makatên: kados sadaya tiyang, yèn manungsa punika titahing Pangeran ingkang linangkung tinimbang sasamining titah, punika sampun sami ngakêni,...

Manawi pangraos kula kêdah dipun santuni makatên: kados sadaya tiyang sampun sami ngakêni, yèn manungsa punika titahing Pangeran ingkang linangkung, ngungkuli sasamining titah...

Ing sanès papan inggih wontên malih, namung botên kula lêbêtakên ing ngriki.

Kajawi punika ing kaca 19 wontên têmbung: dipigunakake. Punika têmbung enggal, tularan saking cara Mlayu dipergoenakan. Pangraos kula ing ngriku prayogi dipun santuni: diêpèk gunane, utawi diêpèk gawene. Manawi têmbung migunani pancèn wontên rumiyin mila.

3. Sêrat Panuntun Dhukun Bayi, cara Jawi aksara Jawi, anggitanipun Tuwan Dhoktêr Phon Rumêr, wêdalan Bale Pustaka. Bukunipun alit 83 kaca. Dalancangipun sae, aksaranipun cêtha, têtêmbunganipun pasaja tur luwês sarta gênah. Sêrat punika prayogi kaangge pakêm utawi primbon, manggèn ing kalurahan dhusun utawi kampung. Manawi pinuju wontên pakêmpalan utawi parêpatan ing griyanipun lurah dhusun utawi kêpala kampung, prayogi tiyang-tiyang kawaosakên sêrat punika sakêdhik-sakêdhik. Pamaosipun kêdah sarèh, kêdah cêtha. Sapisan-sapisanipun, sampun ngantos langkung saking saêbab, supados sampun ngantos ruwêd panampinipun. (Rêginipun namung f 0,25).

Sa.

Katur ingkang rayi.

Radèn Mas Suryawinarsa.

Ing nginggil punika pun Sa cumanthaka purun-purun nukarta yasanipun adhi mas. Manawi wontên kalintuning panukarta, kaparênga adhi mas lêledhang ing Pusaka Jawi. Kula botên kenging ngiloni utawi mêtêlakên dhatêng pun Sa utawi dhatêng adhi mas, jalaran kalih-kalihipun bêbasan, dijiwit katut. Katut mênapa. Katut anggêmbor.

Pun Sasrasugănda.

--- 192 ---

Bab Kagunan tuwin Tatacara Jawi

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 11.

2. Bab wilujêngan

Tatacara ingkang sampun ewah saking jêjêripun, ingkang saking pamanggih kula anênuntun dhatêng kaborosan, taksih kathah panunggilanipun malih, kados ta: slamêtanipun tiyang tilar dunya wiwit gêblagipun ngantos dumugi mêndhak, ingkang limrahipun agêng-agêngan. Slamêtan limrah kados ta: malêman, Ruwahan, Suran, Muludan sapanunggilanipun, tumrapipun ingkang wontên, kados saya prayogi, ugêr mangrêtos dhatêng sèlèhipun, jêr cara ingkang makatên wau anênangi dhatêng raos wêlas asih, anggêgulang watak loma (nanging botên angêbrèh), anggigisi (?) watak mêdhit. Wangsul tumrap ingkang botên gadhah, ingkang pancèn kangge gêsang saanak semah kemawon botên dumugi, ingkang cacahipun botên sakêdhik, măngka kapêksa kêdah tumut anglampahi amargi sampun dados cara, punika ingkang parlu dados panggalihan. Sanadyan nêmpuh byat nyambut (utang) nikêli, manawi sampun cêtha sèlèhipun, nama wontên kukubanipun. Wangsul dunungipun malêman, Ruwahan, Suran, Muludan sapanunggilanipun dèrèng gumathok pathokanipun, kajawi anênuntun wêlas asih sarta watak loma, têtêp nama kapitunan, sarta anglampahi pandamêl ingkang tumuju dhatêng ing kaborosan.

Sagêd ugi kabêkta saking kiranging sêsêrêpan kula, ngantos botên mangrêtos dhatêng dununging slamêtan. Nanging sagadug-gadug kula sampun radi kula osak--asik ing dalêm wêwaton agami Islam, Budha (Budha Gutama) tuwin ing dalêm kawruh teosopi, mêksa dèrèng sagêd kapanggih pathokanipun. Bokmanawi kemawon piridan saking agami kadewatan, kados ingkang sampun dipun pratelakakên ing Pusaka Jawi ăngka 2, awit ing ngriku slamêtan kalêbêt dados pranataning agami. Ing dalêm agami Islam, manawi kula botên kalèntu, ugi wontên wêwaton bab jakat pitrah, nanging tatananipun sampun prayogi, têgêsipun botên pêksan kados pandamêling tatacara ingkang bokmanawi kalèntu ingêripun. Bab malêman, Ruwahan sapanunggilanipun, tumrap kula taksih angodhêngakên, langkung kodhêng malih manawi angraosakên dhatêng pundi duningipun wilujêngan tiyang tilar dunya.

Tatacara ingkang makatên wau tumrapipun sadhèrèk Jawi, taksih kathah ingkang kêkah anggèning angantêpi. Botên amung dipun têmah nyambut (utang) sarana rèntên kemawon, malah tumrapipun tiyang ingkang wijinipun awon kaconggah mandung. Taksih wontên sambêtipun.


ngantos. (kembali)
ngantos.
Saperang-peranganipun. (kembali)
Saperang-peranganipun.