Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-01, #406

Judul

Ăngka 1, Januari 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pêpundhèn ing Rêdi Giri tuwin Kiwa Têngênipun

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 12

Ing salêbêting taun 1926, sêndhang wau dipun mulyakakên dening sadhèrèk gangsal, warga pakêmpalan teyosopi, băngsa pribumi tuwin Tyonghwa.

2. Guwa Sigrangga. Ingkang mastani guwa Sigrangga punika, têmênipun para liding pakêmpalan teyosopi ing Wanagiri, tuwin para ingkang rêmên ngaring-aring manah ing wanci dalu. Pawingkingipun guwa wau dipun dandosi sarta dipun mulyakakên dhatêng sadhèrèk warganing pakêmpalan teyosopi. Sarta malih ing sacêlakipun ngriku dipun dêgi masjid.

Bêlik sakidul wetaning guwa kapering ngandhap, toyanipun bêning, dipun mulyakakên, dipun yasani kolah panjang. Toyanipun agung, malah ngantos sapriki, dados pangungsèning tiyang ing sakiwa têngênipun, ingkang suwaunipun kêkirangan toya, awit ing Wanagiri papan parêdèn, awis toya. Botên sadhengah panggenan wontên sumuripun.

Saya dangu pawartos saya sumêbar. Gumyahing pawartos, ing sukuning rêdi Gandhul, wontên pratapan tiban, malah dados rêmbag ing sêrat kabar.

Mangsuli bab andandosi guwa tuwin ngadêgakên masjid. Sasampunipun guwa tuwin masjid sampad panggarapipun, para sadhèrèk ing Wanagiri tuwin saking măncanagari, saya sêngkud anggènipun sami anglêrêmakên manah wontên ing ngriku.

Wontên tiyang sêpuh cikal bakal ing Wanagiri, cariyos, manawi guwa Sigrangga wau, kinanipun [kina ...]

--- 2 ---

[... nipun] pratapanipun Kyai Wanagiri, lajêng dipun gêntosi Kyai ing Burêng, ingkang makamipun sapunika wontên ing dhusun Burêng. Sakidulipun Wanagiri. Dêdongenganipun kyai ing dhusun Burêng mangke badhe dipun andharakên. Sapunika cariyosipun Kyai Wanagiri rumiyin.

3. Mangsuli bab tindakipun sunan ing Giri, dhatêng wana pajatosan Danalaya, bawah kadhistrikan ing Jatisrana (Wanagiri), mundhut kajêng jatos badhe kagêm saka mêsjid ing Dêmak, awit kacariyos, kala yasanipun mêsjid ing Dêmak, para wali sami dipun bêbahi, angwontênakên pirantos ingkang awarni kajêng, wontên ingkang dipun bêbahi saka guru, wontên ingkang kabagean blandar sapanunggilanipun. Sunan ing Giri dipun bêbahi saka guru, mila lajêng tindak dhatêng ing wana Danalaya, awit namung ing ngriku ingkang wontên kajêngipun jatos, ingkang mungguh kangge saka guru mêsjid ing Dêmak.

Ing salêbêtipun taun 1910, kula tuwin para priyayi pangrèh praja sawetan Kabupatèn Wanagiri, sami anggarubyug tindakipun kapala nagari ing Wanagiri, papriksa blabag sarta wana pajatosan ing Danalaya kêkapalan. Ing têngah-têngahing wana pajatosan, kapering ing sakiduling margi cakêt, wontên tunggakipun kajêng jatos, kintên-kintês[1] garisipun têngah samètêr langkung, sampun wontên sogolipun agêng. Tunggak wau dipun bêthèki, sarta wontên tilasipun tiyang ambêsmi sela. Kula nyuwun pirsa dhatêng priyayi ingkang sêsarêngan andhèrèk, punapa sababipun têka tunggak wau dipun bêthèki, sarta katingal dipun aji-aji ing tiyang kathah. Wangsulanipun, miturut cariyosipun tiyang sêpuh-sêpuh punika tunggakanipun kajêng jatos, ingkang dipun têgor sunan ing Giri, kabêkta dhatêng ing Dêmak, kagêm cagak mêsjid. Dene tunggakipun, ngantos titimăngsa punika, taksih dipun pêpêtri têtiyang ing sakiwa têngênipun wana Danalaya, dados panadaran. Manawi tiyang ingkang gadhah nadar, upami anakipun sakit, kasêmbadan sagêd saras, lajêng wilujêngan, dipun kêndhuri wontên ing tunggak wau.

Miturut cariyosipun tiyang kina, kala sunan ing Giri tindak dhatêng wana Danalaya, dipun dhèrèkakên santri satunggal, nama Kasan. Konduripun saking ngriku, kèndêl salat wontên ing rêdi Giri. Salajêngipun pun Kasan dipun tilar wontên ing ngriku, sarta dipun dhawuhi, supados atêtruka wontên ing wêngkon rêdi ing Giri, awit ing têmbe badhe rêja, malah turunipun badhe tumut mulya.

Kacariyos santri Kasan lajêng kantun ing rêdi Giri, nanging botên kasumêrêpan wontên ing pundi papan pemahanipun, amung pasramanipun, miturut cariyosipun tiyang kina, wontên ing guwa Sigrangga kasêbut ing ngajêng. Awit saking punika mila piyambakipun, karan Kyai Wanagiri. Bokmanawi Kyai Wanagiri lakar botên gadhah papan panggenan ingkang têmtu, awit kacariyos lampahipun tapa ngidang,

--- 3 ---

anjajah wana, mangetan dumugi wana ing wêwêngkon Panaraga, Pacitan tuwin kiwa têngênipun. Mangilèn dumugi ing laladan Mataram. Mangidul dumugi Pacitan tuwin sagantên kidul. Sintên turunipun kyai ing Wanagiri, inggih dèrèng kasumêrêpan, nanging ing pasarean Sraya (Jagamasan, M.N.) sacêlakipun haltê Palur, pasareanipun putra ing Giri ingkang seda wontên ing margi kala sowan dhatêng ing Mataram, wontên makamanipun Kyai Wanagiri. Mirid lampahipun rêmên anggêntur tapa, kathah èmpêripun. Sarêng Kyai Wanagiri tilar donya, kapêtak ing Sraya, nunggil kalihan lêluhuripun putra ing Giri kasêbut ing nginggil.

Miturut cariyosipun tiyang sêpuh ingkang andongèng dhatêng kula, larah-larahipun pasarean ing Sraya makatên: kala jaman kraton ing Mataram, putra-putrinipun sunan ing Giri, ingkang dipun tilar dening kakungipun dhatêng Mêkah, dipun timbali dhatêng ing Mataram. Ing batos sangêt ngrêkaos, awit tekadipun amung sumêja tumungkul ing kasucian, sabab tinilar ing kakung, ingkang sêpên pawartos ingkang yakin. Nanging sabab saking ajrihipun dhatêng timbalan dalêm nata, kapêksa nglampahi dhawuh. Pangkat dhatêng ing Mataram, sarwi ambêkta putranipun kakung.

Botên kacariyos rêroncènipun. Sarêng dumugi sacêlaking dhusun Jagamasan, sang putri gêrah santêr. Ringkêsanipun kemawon, wontên ing ngriku, sang rêtna seda. Ingkang andhèrèkakên ngaturi pirsa dhatêng Mataram, bilih sang rêtna kalajêng seda. Dhawuh wangsulan saking Mataram, layon supados dipun sarèkakên ing dhusun ngriku, anyrayaa têtiyang dhusun ing sakiwa têngênipun. Kalampahan layon lajêng dipun pêtak ing ara-ara. Wiwit kala samantên dhusun panggenan pasareanipun sang putri, karan dhusun Sraya, awit kala ngupakara layon, mawi anyraya ing tiyang padhusunan ing sacêlakipun pasarean wau. Kawartos pasarean wau ngantos sapunika dados mardikan. Dene putranipun ingkang taksih timur, dipun dhawuhi nglajêngatên[2] dhatêng Mataram.

Kacariyos putra ingkang dipun pundhut dhatêng ing Mataram wau, diwasanipun lajêng adhêdhepok ing Jatinom (Klathèn) asma Kyai Agêng Gribig. Panjênênganipun sakalangkung mungkul ing agama. Kawartos manawi dintên Jumuah, barjamaah wontên ing masjid Mêkah.

Kyai Agêng ing Gribig, kala sugêngipun tansah amradinakên agami Islam. Têtiyang ing kiwa têngên, sami suyud sarta puruhita ing panjênênganipun. Sarêng seda, kyai agêng kasarèkakên wontên ing Jatinom. Ngantos dintên punika pasareanipun dados pêpundhènipun tiyang maèwu-èwu. Sabên tanggal sapisan wulan Sura,[3] ing pasarean ngriku dipun wontênakên wilujêngan Ăngkawiyu. Ing măngsa ingkang kados makatên, saking ing kiwa têngên,

--- 4 ---

sarta măncanagari, kathah tiyang ingkang sami ngalap brêkah, sarta salat ing masjid. Sarampunging prêlu, nuntên sami ngêpang wilujêngan apêm. Manawi pinuju măngsa karamean Ăngkawiyon, ing sajawining mêsjid, dados pêkên dalu dadakan. Têtingalan, sarta sêsadean saking ing măncanagari, warni-warni, imbang-imbangan kemawon kalihan sêkatenan.

Kacariyos kyai agêng tilar putra kalih. Ingkang sêpuh anglajêngakên lêlampahanipun ingkang rama, nyêpuhi bab agami Islam, sarêng seda ugi dipun sarèkakên nunggil ingkang rama. Dene ingkang ênèm, miturut dongenganipun tiyang sêpuh, têtèki wontên ing Wanagiri, nama Kyai Wanagiri. Taksih wontên sambêtipun

Panjênênganipun Radèn Kamil

Ajung insêpèktur pamulangan Jawi pènsiun

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 12.

Kangjêng bupati ênggone paring wangsulan sumanak: Iya, êntènana sêdhela. Aku isih mangan.

Sawuse rampung ênggone dhahar banjur paring dhawuh marang abdi, maringi sêga wong mau sarta dhuwit.

Ênggonku mondhok ana ing kabupatèn nganti sawatara dina. Sarampunge gawe, aku nyuwun pamit sarta matur nuwun marang bêndara kangjêng. Sabên-sabên aku têka ing Pakalongan, mêpthi[4] dikaruhake sarta diampirake. Sanajan aku ora mondhok ana ing kabupatèn, pangrêngkuhe mênyang aku lastari tansah bêcik sarta sumanak, ênggone ngampirake aku iku, yèn aku ambênêri manggon ana ing hotèl utawa losêmèn, nganggo dipêthuk kreta titihane. Ana ing kabupatèn aku ngladèni ngêndikan, krasa kêpenak. Kaya ngladèni gunêman sanak utawa têpungan kang kaprênah tuwa. Sawêruhku arang-arang bupati kang mêngkono tangkêbe marang wong-wong. Undha-usuke patraping pangrêngkuh adhêdhasar: sih sarta kumrakêt.

VII. Ing nagara seje rêraosane bupatine, ing kono, nalika aku arêp papriksa ing kabupatèn mau, rada ora kapenak tumrape marang awakku. Surasane rêrasan mangkene: Iki arêp ana insêpèktur Jawa têka. Dudu trahing băngsa luhur, tur ora klêbu marang tatanan Walănda, ora gelijkgesteld. Kok pêkewuh ênggonku nampani.

Sarèhne kangjêng bupati rêraosane mangkono, nalikane aku kira-kira arêp mriksa pamulangan ing kutha, kangjêng bupati tindak mênyang ing kadhêstrikan ing sajabaning nagara, êmbuh nênggani kumpulan dhistrik, êmbuh prêlu liyane. Ana ing kono iya ngandikakake bab anane ajung sêpèktur Jawa. Sêmune êmbuh pakewuh, êmbuh ewa. Nanging têtela ora pati rêna.

Tak rasak-rasakake pancèn akèh pakewuh [pa ...]

--- 5 ---

[... kewuh] kang rawe-rawe sarta malang-malang, tumrap wong kang dikarsakake Pangeran dadi cucuking laku. Andhisiki utawa anggolèkake dalan kănca-kancane utawa bangsane. Tumrape marang awakku utawa marang Mas Atmadirana biyèn, tak kira mèmpêr-mèmpêr. Tumrape Radèn Mas Ismangun Danuwinata, tak kira ngungkuli, sabab ing kana malah adoh bangêt êlête karo santana-santanane băngsa kraton. Katone saka golonganing para luhur ing jaman samana, Radèn Mas Ismangun adoh kêthip-kêthip bangêt. Samubarange wis ora ana sing mèmpêr lêluhure. Tumrape marang para agung, Radèn Mas Ismangun mau tak kira dièmpêrake Radèn Subali utawa Radèn Sugriwa, sawise mlêbu mênyang talaga Sumala. Sanajan anggêntur tapa, kaserenan kasêktèn linuwih, nanging tumrape para luhur wis prasasat ilang, sabab salin sipat, salin tatakramane, salin angên-angêne, salin gunême, salin samubarange.

Awakku tak rasak-rasakake iya mèmpêr kuwi mau. Angên-angênku wis akèh gèsèhe karo angên-angêne sanak-sanakku. Yèn dikon tumungkul bangêt-bangêt, nganti konjêm ing lêmah, kaya critane layang-layang kae, wis ora bisa. Ewasamono, yèn mung sila lumrah wae, aku iya isih bisa, isih rada bêtah dhèk biyèn, dhèk jaman sêmana.

Sanajan awakku sarta angên-angênku wis tak udi murih bisane isih cêdhak karo panunggalanaku, ananging tumrape para panggêdhe Jawa, isih akèh sing ora rêna marang kaanane awakku. Tumrape marang para tuwan-tuwan, tak kira iya rada mèmpêr, ana sing ewa, sarta ana sing ambungahi marang kaanane awakku.

VIII. Yèn aku ambênêri lêlungan papriksa pamulangan, ngambah dalan pagunungan, aku sok wêruh bocah angon sapirang-pirang padha gêguyon utawa dolanan, tarkadhang ana sing adus ana ing kali jlog-jlogan, sarta langèn, sajake bungahe ora kêjamak. Aku banjur kèlingan dhèk aku isih cilik iya mangkana. Banjur tak tandhing karo kaanan ing jaman saiki. Anak-anakku bokmanawa iya padha kêpengin, bisa adus, jlog-jlogan ana ing kali mangkana kae. Aku jêbul ora măngga ngêculake, ora awèh. Wis tau tak lilani adus ana ing swembad (= blumbang gêdhe gaweane kumpulane para tuwan-tuwan) jêbul kupinge klêbon banyu, andadèkake bingunge. Măngka banyu ing kono iku pancèn banyu nganggo dimomori tămba, kanggo anjaga aja nganti ana kewane cilik-cilik sing bisa urip ana ing kono. Banyu mau êmpane marang piranti sajroning kuping gèsèh karo banyu sing lumrah-lumrah. Dadi aku kêpêksa anjaluk tulung marang dhoktêr, ngupakara [ngupaka ...]

--- 6 ---

[... ra] anakku iku. Nganti ping têlu olèhe ngupakara. Tak kira saking ora kulinane marang kasênêngan kang mangkono iku, awake kurang takad, rada gopok. Aku biyèn, slulupan sarta buron karo kănca-kancaku ana ing sajroning banyu, kok bêtah wae. Mripat nganti abang kaya mripate wong lara bèlèkên iya sênêng wae. Yèn ana ing alas, ngundhuh rukêm, kêmlaka, gowok, utawa parijatha, padha dipangan ana ing ngisoring wit kêndhayakan.

Têrkadhang padha gêlutan êmbèk-êmbekan, kuwi ngêtokake kêkuwatan têmênan. Carane mêngkene bocah-bocah padha adu kêkuwatan sarta katrampilane gêlut, ditandhing gêdhene utawa umur-umurane, nganggo ditari wani lan orane: gêlut. Adate, yèn wis ditandhing kêtêmu babag, iya banjur padha wanine. Banjur gêlutan, dikêpung bocah akèh. Iku têrkadhang gêgulungan bocah loro ana ing pasukêtan utawa ing lêmah. Bocah sing trampil, yèn wis ambênêri ana ing dhuwur, banjur malang, iku angèl ungkil-ungkilane. Yèn wis antara suwe bocah sing kêthindhihan, banjur muni: êmbèk. Iku pratăndha yèn wis judhêg, ora bisa ngungkil, ngaku kalah. Bocah sing ana ing dhuwur banjur mari ênggone mêtêlake. Olèhe gêlutan bubaran. Banjur gêntèn bocah liyane sapasang manèh. Mêngkono iku nganti wayahe anggêrêk rajakayane mulih utawa wayahe angguyang utawa ngombèkake.

Kang mêngkono iku bocah sing rosa utawa trampil, iya bisa munggah-munggah kajène sawatara, banjur sok nyêngka tandhing.

IX. Watara pungkasane taun 1900 utawa wiwitane taun 1901 ing Sêmarang ana rame-rame gêdhèn, ngurmati kramane sri maharajaputri ing nagara Walănda. Nalika samana para bupati diulêmi. Aku katut diulêmi. Nalika samana aku isih anyar-anyaran dadi wakil ajung insêpèktur ana ing Sêmarang. Nalika aku dadi guru ana ing pamulangan calon priyayi ana ing Magêlang, aku ora tau nganggo klambi cêkak. Yèn aku anjênêngi kancaku duwe gawe utawa sowan mênyang kabupatèn, utawa mênyang karêsidenan, marga ana rame-rame, utawa mênyang êndi wae, bangsane kang mêngkono iku, adate aku nganggo jas bukak, saubarampene kang dadi kancuhane jas bukak mau. Iku pancèn wis tak sampêdi. Nalika aku nêkani rame-rame ana ing Sêmarang iku, aku iya nganggo jas bukak. Ing kono ana bupati sing ngaruh-aruhi, apa nyêngès, mastani ênggonku manganggo paron-paron, ora dêlês cara Jawa. Kang mêngkono iku ora tak gawe rasa, mung tak tampani panyêngès wae. Dadi tak anggêp ora ana rasa apa-apa.

--- 7 ---

Ana ing sajrone rame-rame mau lênggahe wara[5] bupati adate anggrombol dadi siji, pisah karo liya-liyane. Aku adate lungguh ana ing grombolan kono. Pancèn prakara iku aku nglungguhi wêwênangku. Ewadene para bupati sajake ora dhangan, nganti aku krasa yèn sêmu disarang. Sajrone padha ngandikan, tindak siji-siji sumingkir. Iku aku krasa pancèn digawe wirang. Prakara iku mung tak cathêt bae ana ing sajroning ati. Arêp wêruh, kêpriye kêdadeane ing buri.

Sabubare rame-rame aku ditimbali mênyang karêsidhenan. Nalika samana kang jumênêng rêsidhèn kêbênêran trêsna marang aku. Aku didhawuhi, surasane mangkene: Radèn Kamil, anggèn sampeyan mangangge wontên ing salêbêtipun rame-rame, mênika andadosakên botên rênanipun sawênèhing bupati. Malah sêsêpuhing para bupating[6] mastani, yèn sampeyan nilar tatacara Jawi. Saking pamanggih kula, manawi wontên rame-rame malih, prayogi sampeyan ngagêm cara Jawi dêlês, rasukan cêkak sarta dhuwungan. Yèn botên makatên, kula kuwatos manawi sampeyan botên sagêd têtêp. Sanajan aku pancène duwe wangsulan sing pramana, ewasamono aku iya matur sandika.

Kajaba iku mau ing sajrone aku nindakake pagawèn, isih ana manèh lêlakon rupa-rupa, kang mratandhani yèn para bupati dhèk samana ana sawatara sing ora rêna, dene ana priyayi Jawa kang pangkate ora dhuwur, asale ora luhur, têka diparingi wêwênang utawa kaserenan ing katêguhan kang ora pasah ing gêgamane para bupati.

Barêng sêmune wis padha priksa, yèn dêdamêle pancèn ora tumama, sabab pancèn dudu trape, lagi padha disantuni patrap-patrape. Ana sing êmbuh nglulu êmbuh kapriye. Yèn ambênêri aku sowan, copot cênela, panjênêngane iya banjur copot cênela.

Dene pungkas-pungkasane para bupati mau iya lumrah kaya umating pangeran liya-liyane. Ana sing banjur nandhang ora kêpenak barang.

X. Barêng ênggonku dadi wakil mèh nyandhak sataun, aku mikir-mikir, yèn mêsthine sing tak wakili enggal bali, sarta ditêtêpake ana ing Sêmarang manèh, sabab kang mêngkono iku pancèn wis dadi wêwênange. Aku mêsthi kudu ngalih. Aku banjur ngaturi layang mênyang Bêtawi, surasane iya mêngkono mau sarta duwe panyuwun, yèn kaparêng mung aja nganti dibalèkake mênyang Magêlang, sabab yèn mrono, aku krasa rikuh bangêt. Êmbuh saka panyuwune tuwan Residhèn Sêmarang, êmbuh saka kaparênge panggêdhe ing Batawi dhewe, aku ora pati wêruh, aku jêbul ditêtêpake ana ing Sêmarang. Dadi katone kaya aku anjudhag tuwan kang duwe wêwênang. Kang mêngkono iku andadèkake [a ...]

--- 8 ---

[... ndadèkake] muring-muringe sing duwe wêwênang. Barêng tuwan mau bali mênyang tanah Jawa, sadurunge sowan tuwan dhirèktur, wis wêruh yèn aku ditêtêpake ana ing Sêmarang, sarta kana ditêtêpake ana ing tanah sabrang sisih lor wetan. Rêrasanane surasane mêngkene: E, la, ora gênah, Kamil kok anjudhêg aku. Iyoh, sesuk-sesuk kono, yèn aku kêtêmu, rak tak bêkuk têmênan.

Tuwan mau nalikane arêp mangkat mênyang panggonane anyar, sowan marang tuwan dhirèktur, ngiras ngawuningakake yèn wis têka saka ing nagara Walănda. Tak kira iya karo nglairake muring-muringe sawatara, sarta nêdya ngucik aku.

Nalika mangkat, lakune liwat ing Sêmarang kêtêmu aku, jêbul bêcik bangêt tangkêpe. Ngandhakake ênggone klèru pandakwa. Krasa yèn têcelik[7] bangêt. Jarene ana ing dhepartêmèn diparingi priksa layangku kang katur marang tuwan dhirèktur. Mulane banjur wêruh, yèn olèhku têtêp ana ing Sêmarang iku ora saka panyuwunku, pancèn wis dirancang mau-maune, aku arêp dilastarèkake ana ing Sêmarang. Kang mêngko iku tak kira sabab aku wong Jawa Têngahan. Dadi tukang mriksa ana ing tanah Jawa Têngahan, bisa tumrap bangêt. Dene para tuwan-tuwan, iku: ana ing tanah Jawa utawa ana ing tanah sabrang, padha bae mancane. Yèn saupamane aku ditibakake ana ing tanah sabrang, banjur aran kêpara-kêpere. Gênahe mangkene. Aku papriksa ana ing tanah Jawa, mriksa bangsaku dhewe. Aku wêruh atèn-atène, wêruh wêwatêkane, wêruh samubarange. Wêruhku iku mau tak tanggung mêsthi ngungkuli para tuwan-tuwan, dene yèn ana ing tanah sabrang, aku banjur aran wong mănca, padha bae karo para tuwan-tuwan.

Cêkake tuwan sing ditêtêpake ana ing sabrang mau ora grêgêtên, ora gêthing marang aku, malah ngarani, yèn tindakku iku wis bênêr bangêt.

XI. Sawijining dina, ana ing nagara ing tanah Jawa Wetan, aku nunggang trèm. Trèm mau kretane tunggangan mung warna loro, klase siji ora ana. Aku nunggang klas loro. Ing kono wis ana Landane siji, nyonyah siji. Landane kuwi sêmune băngsa Indho, nyonyahe ora pati kêtara Indhone. Bokmanawa isih cêdhak karo totoke.

Tuwane mau sajake rada mêsakake mênyang aku. Kăndha mênyang nyonyah mau cara Lănda, surasane mêngkene: ah, wong Jawa kuwi tak kira klèru olèhe mapan, ora wêruh yèn kene iki kreta klas loro. Ambok dituturi, karêbèn ora didhêndha.

Nyonyahe rada mèsêm sêthithik. Aku banjur kăndha, yèn ora klèru. Tuwane mau banjur muni: E, lah, ngrêti cara Lănda. Aku banjur kăndha manèh: Yèn ing trèm [trè ...]

--- 9 ---

[... m] iki anaa klase siji, mêsthine aku nunggang klas siji. Dadi manungsa iku pancèn bisa sok klera-klèru utawa kêcelik.

Tuwan sarta nyonyah mau wangune rada mlênggong sadhela, nanging ora dibanjur-banjurake olèhe ngrasani.

Sing tak gumuni kuwi, aku iki kok kêrêp têmên diina ing băngsa sabrang. Apa panganggoku, apa prèjèngane awakku, apa kêpriye, ta, sing marakake mêngkono kuwi. Pancèn aku sakancaku wong Jawa mèh warata sok dirèmèhake utawa diina marang tuwan-tuwan sing wêwatakane gèsèh karo panunggalane kang apik-apik pambêkane. Atiku banjur sok ngănja-ănja. Ananging iya banjur bisa rada narima utawa marêm, manawa kang ngina mau rumăngsa kêcelik. Pancèn atine manungsa kuwi wis mangkono. Sanajan kaanane pancèn rèmèh, yèn dirèmèhake iya ora gêlêm. Gênahe: sapa sapaa: ora gêlêm, dirèmèhake.

Aku sakancaku wong Jawa, yèn ngêsorake awake dhewe, kuwi pancèn wis gawene. Tumrape wong kulonan, wêwatêkan kang dianggo wong Jawa sarta wong wetanan iku jarene, rada kêbangêtên, nganti disuwurake, aran: anoraga wetanan.

XII. Aku ambênêri nglakoni ayahaning nagara papriksa sêkolahan bawah Banyumas. Aku mondhok ana ing hotèl Walănda. Sarèhne aku kajibah ngaturake pratelan ana ing sajroning măngsa kang wis dipêsthi, dadi mondhoka ana ing ngêndi-êndi aku kudu gawe pratelan ana ing kono, murih aja nganti kèthèr ênggonku nindakake pagawean. Nalika aku ngaso ana ing hotèl kono, lungguh ana ing ngèmpèr ngarêpe sênthongku. Aku iya banjur anggarap pagawean. Gawe ngengrengan layang sarta palapuran. Ana Walănda sing manggon ana sandhingku, wêruh olèhku nyambut gawe kuwi kok ewa, ngrasani karo kancane saka ing kadohan, surasane: Kae, lo, wong Jawa tuwèk kae kok gêmaib têmên, kathik dadak nulis barang, ana ing hotèl. Kae sajake gawe rêpotan. Olèhe nulis ana ing jaba kae karêbèn didêlêng uwong-uwong.

Wah, atiku rasane gumrubug bangêt. Aku ngêlus dhadha. Nyêbut ing sajroning ati: O, Gusti Allah, kêsangêtên têmên papêsthènipun tiyang Jawi punika. Namung nyêrat makatên kemawon, têka dipun ewani dhatêng Walandi.

Sing tak gumuni kuwi, patrap sing tumrape marang kana-kana mung lumrah wae, ora ana apa-apane, yèn tumrape marang awakku têka mêksa diewani. Măngka aku iki pangrasaku ora pathenthengan, ora malangkêrik, ora mêthengkrang. Wong nglunuh wae têka mêksa diewani. Aku ora nyaut utawa [u ...]

--- 10 ---

[... tawa] nyauloni tuwan sing ngrasani mau. Tak gawe nrima atiku. Nrima têrus ing angên-angên.

XIII. Ambênêri aku mondhok ana ing Staats-hotel ing Maos. Aku lungguh ngenak-enak ana ing ngarêp sênthong. Nuli ana Lănda têka. Sêmune, miturut pratingkahe, kaya Lănda pabrik. Kuwi ujug-ujug kongkonan aku. Aku dikon anjupukake bir. Gunême cara Mlayu. Aku mangsuli iya cara Mlayu. Tuwane tak kon anjaluk mênyang jongos. Tuwane kok nêpsu. Surasane mêngkene: Wong Jawa saiki gumêdhe bangêt. Dikongkon Lănda ora gêlêm. Anggêp-anggêpan. Ngati-ati, tak kandhakake tuwan asistèn rêsidhèn, kowe. Sapa jênêngmu.

Batinku mêngkene: E, lah, sangsaya andadra Lănda iki. Pêngrasane wae kêpriye. Aku iki dianggêp apane. Apa dianggêp bocah wingi sore. Wong aku ora kêbawah, ora kêprentah, kok bangêt têmên olèhe ngudi: Aku gêlêma dikongkon. Nganggo diwêdèn-wêdèni barang. Tur măngsa tênana ora, olèhe arêp ngandhakake mênyang tuwan asistèn rêsidhèn kuwi. Kêtara olèhe briga-brigi, plêmpas-plêmpus. Coba tak kandhanane jênêngku.

Aku banjur ngandhakake jênêngku. Barêng ditakoni pagaweanku, iya tak kandhakake wantah wae. Aku banjur gêntèn nakokake jênênge. Wangsulane jêbul malah anggrêgêtake, ora gêlêm amblakakake. Unine mêngkene: Morgen brengen. Banjur lunga mak klepat.

Kang mangkono iku aku gumun marang patrap-patrape, olèhe ora wêruh ing duga. Swarane kaya mutung-mutungna wêsi gligèn. Tibane tak êntèn-êntèni, ora ana timbalane tuwan asistèn rêsidhèn. Dadi cocog karo pêthèkku ing sajroning batin: Ora wani ngandhakake. Saupama sida matur marang tuwan asistèn rêsidhèn, êmbuh wae dadine. Yèn dipriksa larah-larahe, tuwane rak abang godhong kara têmênan cahyane.

XIV. Sawijining dina aku mênyang sêkolahan ing kawêdanan bawah ing Pakalongan. Lakuku nunggang kreta. Dene pamulangane ana ing pakarangan kawêdanan. Kusir, nalika arêp ngenggokake kreta mênyang kawêdanan, nganggo main sambuk, thar, thor, thar, thor. Ora suwe kreta têkan ing palataran kawêdanan. Wêdanane ing kono kuwi têpunganku. Têka situ-situ marani aku, sêmune gugup, klambine irêng, macak. Kăndha marang aku mêngkene: Wah, kangmas, tujunipun punika wau dede tuwan kontrolir. Radi dangu anggèn kula sagêd dhatêng ngriki. Kula punika wau [wa ...]

--- 11 ---

[... u] taksih wontên ing pakiwan, dèrèng dumugi kula pêdhot kemawon, lajêng dandos, prêlu manggihi ingkang rawuh. Kula mirêng swaranipun sambuk anggantêr cêthar-cêthor. Kula kintên tuwan kontrolir. Lah athuka kula rak tampi dêduka, margi radi kêdangon anggèn kula mêdal saking ing griya. Wah klêrêsan, dene kangmas ingkang rawuh. Dados sagêd sarèh anggèn kula nata ambêkan.

Batinku mêngkene: We, lah, gêdhe cilik aku iki mau gawe gugupe uwongane. Si kusir sing kêbangêtên. Wong ngenggokake kreta mênyang kawêdanan wae kok brai têmên sambuk. Tak kira lagi kêmaruk, mêntas tuku sambuk anyar. Karo manèh sing tak gumuni wêdanane. La wong isih ambênêri ana ing sajroning prêlu, kok wêntala mêdhot. Kok nganti kaya saradhadhu krungu slomprèt, têngaraning nagara katêkan mungsuh. Barêng tuwan kontrolir kuwi rak iya kêna diaturi priksa jalar-jalarane suwe. Sok uga olèhe matur gênah sarta ora gawe-gawe, rak iya ora apa-apa. Sok uga isih kamanungsane, rak iya bisa têpasalira.... Sêmono mêndiringe priyayi pangrèh praja dhèk jaman samana marang para panggêdhene. Yèn kaya mêngkono kaanane, lakuning pagawean rak sok bubrah. Sabab priyayi kalerehan, duwene mung wêdi, ora bisa awèh rêmbug sing mêtu saka angên-angêne dhewe, mung andêlêng langit, utawa angon lakuning angin wae. Tur sarupaning kaluputan, ora wurung iya ditèmplèkake kabèh marang awake. Kaanan kang mangkono iku ora kagawa saka watake wong Jawa sing salugu, kagawa saka panyêkêle para panggêdhe dhèk jaman samana.

Têkan samono lakuning angên-angênku dhèk samana. Nanging tumindake rikate ngungkuli èlèktris. Aku banjur mangsuli sêmbranan marang wadana mau: Wah sukur ta, adhi botên tamtu tampi duka. Kula tumut bingah.

XV. Ambênêri aku lêlungan papriksa, kêtêmu têpungaku, priyayi bos wèsên. Wiwitane padha omong-omongan rupa-rupa, suwe-suwe têkan bab lêlakone priyayi mau. Kana ngandhakake apêse awake. Jare mêntas didukani tuwan residhèn, marga diwadulake tuwan Hutpèstêr. Dene larah-larahe mêngkene: Tuwan Hutpèstêr têka ing omahe priyayi mau ing wayah kang dudu wayahe. Priyayi mau wis mêsthi wae ora miranti. Dadi murih enggale, olèhe nêmoni ngangge klambi sing padinan, ora nganggo klambi lakên. Priyayi mau banjur ditimbali mênyang karêsidhenan, didukani anggarês bangêt, ora nganggo didangu kêpriye lungguhe kaluputan. Ora digênahake wayah apa, jam pira têkane tuwan Hutpèstêr ing omahe priyayi mau.

--- 12 ---

Măngka ngandikane tuwan residhèn ora kêna disêlani. Dadi katone, priyayi mau kaya luput têmênan, marga ora bisa ngrêsikake awake. Sawise didukani, ora nganggo dipundhuti jawaban, banjur ditundhung, didhawuhi mulih, nganggo diwanti-wanti aja nganti mangkono manèh. Lêlakon sing mangkono mau, yèn dirasak-rasakake iya ngêrês-êrêsi. Marakake uwong krasa ora kêcacah gunême, banjur duwe kandhutan ngigit-igit, golèk dalan ênggogone[8] arêp gawe lêganing atine.

XVI. Lêlakon kang kacrita ing dhuwur iku ana têtimbangane sing nglêgakake pikir. Ana mantri guru kuna têpung aku, maune ana ing kutha, diêlih mênyang desa. Sawijining dina mantri guru mau mênyang kontroliran, prêlu nyadhong bêkakas pamulangan, bangsane mangsi, grip, kapur sapanunggalane. Yèn arêp mlêbu mênyang pakarangan kontroliran iku ana dalane loro. Dalan sing siji didadèkake dalan larangan marang tuwan kontrolir, marga ing sisih kono ana apa-apane. Nanging olèhe dadi larangan mau, ora nganggo diwènèhi têngêr apa-apa. Ora ana gawar utawa kêndhênge. Dilalah mantri guru mau mlêbune mênyang pakarangan kontroliran kok mêtu ing dalan larangan mau. Sabab ora wêruh, yèn kuwi dalan larangan, barêng têkan ngarêpane tuwan kontrolir, guru mau disrêngêni êntèk ngamèk. Ature guru mau, sauni-unine ora dianggêp.

Ana ing pondhokan guru mau gawe layang katur tuwan residhèn, ngaturake lêlakone, ênggone sowan mênyang kontroliran, sarta ênggone disrêngêni marang tuwan kontrolir, kang babarpisan tanpa sabab kang absah. Barêng layang wis dadi banjur digawa mênyang karêsidhenan. Kăndha marang upas, yèn arês[9] sowan, marga ana prakara prêlu. Barêng wis dilarapake, banjur ngaturake layang kang digawa mau.

Tuwan residhèn, barêng maos layang mau pasuryane abang. Katara yèn duka bangêt, banjur nimbali upas: Upas, panggil tuwan kontrolir. Taksih wontên sambêtipun.

Kidung Sundha

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 12

Ingkang tansah dados panggalihan tuwin pangajêng-ajêngipun rama tuwin ibu, sampun dipun labêti kêraya-raya ngêtêrakên lampah kawula marak angajawi, têmahanipun jêbul kados makatên. Ing saupami paduka nata kala wingènipun karsa rawuh mriki, bokmanawi kawula taksih gêsang, sarta kalampahan kawula dados garwa paduka nata. Ah, tuhu siya têmên takdiring Hyang Widi. Dhuh, Gusti, pangajêng-ajêng kawula mugi-mugi ing benjing kawula sagêd kapanggih malih [ma ...]

--- 13 ---

[... lih] kalihan paduka, kalampahan punapa ingkang kakarsakakên rama tuwin ibu.

Makatên pantêsipun panggarjitaning layon kadosdene gêsang-gêsanga, sang prabu sakalangkung kakênan ing panggalih, ginagas saya kadriya, têmahan dhawah kantu kantaka, saking kumêpyur sarta briwuting panggalih. Têtiyang sami nangis angrarămpa. Sang prabu ingunjukan toya, sagêd èngêt, ananging sêkêling panggalih mêksa botên sagêd suda. Agêm-agêmanipun ingudharan sarta kasèlèhakên, botên kêndhat anggènipun ngêlus-êlus wadananipun sang putri sarwi sêsambat amlas-asih. Sang prabu sangêt anggènipun nahên kingkin, anggege enggala binanjut. Botên wontên malih ingkang cinipta muhung kapiadrêng enggala nunggil kalihan sang dèwi. Gèk kadospundi wasananipun manawi lastantun sugêng, măngka sami kemawon kalihan seda. Sanajan wontêna ing yamani utawi wontên ing swarga, nêmahana bingah utawi susah, nêdya sarêng sarta nunggil kalihan sang putri ing salami-laminipun.

Sasampunipun sêsambat makatên, tumuntên paring dhawuh dhatêng para mantri bupati ingandikakakên ngupakara layonipun nata ing Sundha sakalihan katiga layonipun sang putri. Layon lajêng sinucenan, linuruban ing sutra binanyu mas, ingurab ing gagănda sumrik angambar, lajêng kasarèkakên wontên ing palangkan gadhing ingaling-alingan ing gubah sakalangkung èdi. Abdi-abdi saking kraton dumulur nyawisakên sêsaji tuwin mêpak upacaraning kraton. Para pandhita sami mêmuja binarung ing swaraning curing (= gêntha) kumrincing tuwin kinung gerong raras nganyut-anyut manah. Nata kêkalih ugi sami rawuh anjênêngi. Para mantri bupati pêpak akupêng. Têtiyang ingkang sami sowan jêjêl uyêl-uyêlan, sadaya sami nyawang dhatêng para rêsi, pandhita Siwah tuwin Budha, ingkang sami mêmuja ngèstrèni panyidhikaraning layon. Ing wasana layon binêsmi. Awunipun kalarung dhatêng sagantên. Samantên ugi para andêl-andêl Jawi tuwin Sundha punapadene layonipun para bela pêjah sadaya tinunu, awunipun inggih lajêng kalarung.

Sang Prabu Hayam Wuruk lajêng kondur dhatêng nagari kadhèrèkakên ing para ratu tuwin para mantri bupati. Sasirêping pêrang sang nata lajêng mugên kemawon wontên ing kraton, awis-awis miyos tinangkil. Manawi sare namung wontên ing palataran. Ingkang kagalih botên wontên sanès kajawi namung sang putri. Saking sangêting brăngta ngantos supe dhahar tuwin sare, sadintên-dintên tansah kèndêl, awis-awis sangêt ngandika. Malah sakêdhap-sakêp[10] muwun, sangsaya ngranuhi sêkêling panggalih, sêpên ing panglipur. Para mantri bupati tuwin saisining pura sadaya sami sumêrêp gustinipun makatên, inggih lajêng sami tumut susah. Nagari Majapait katingal sêpên nyênyêt, beda kalihan wingi uni. Ing wasana saking sangêting sungkawa, Sang Prabu Hayam Wuruk lajêng seda.

--- 14 ---

Sasedanipun sang prabu ing kraton orêg gumuruh. Samantên ugi ing nagari, malah satlatahing Majapait, sami gègèr apuyêngan. Para kawula sadaya sami cancut rumagang ing damêl, sami ngrakit ubarampenipun layon. Bandhosa kadamêl ngrawit, taratagipun kadamêl inggil. Sawênèh wontên ingkang yasa krêndha layon, ginatra awujud lêmbu cêmêng asingat kupêng.

Karamean pakurmataning layon ngantos sawulan pitung dintên dangunipun. Sadaya sarwa sae tiningalan. Sakathahing têtingalan ing Majapait pêpak, wontên ringgit tiyang, bêksan, wirèng anggar pitung warni, topèng, ringgit wacucal tuwin ronggèng. Swaraning têtingalan saklangkung rame, sakêdhap-sakêdhap surak mawurahan. Para neneman sami suka-suka sêsodoran. Para brahmana sami dhatêng prêlu tumut angèstrèni pambêsmining layon. Sadaya sami katingal sênêng dening sabên dintên sagêd pikantuk wêjaning. Pamêdal angsal-angsalanipun pinetang, botên wontên ingkang cicir. Sadaya sami ribut angrêmbag wêjani, botên wontên ambêt-ambêtipun susah sakêdhik-kêdhika.

Sakathahing putri-putri ing kraton sanadyan ta dèrèng nate kadhawahan ing sih, ewasamantên sami lêga lila nêdya ambelani sang prabu. Sarêng sampun dhumawah ing dintên ingkang sae, layon badhe kabêsmi. Para putri lumampah jajar urut-urutan ing sangajênging bandhosa. Wêdaling layon binarung ing surak mawurahan pindha anjugrugna langit. Swaraning sênjata babrondongan. Tiyang ningali anèm sêpuh jêjêl uyêl-uyêlan. Lêbu ing margi-margi mubal. Swaraning gong gubar ngungkung saya mêwahi ramenipun, wasana bandhosaning layon dumugi ing pancaka. Surak sirêp lajêng botên kapirêng. Sasampunipun ngubêngi taratag ambal kaping tiga, layon kaandhapakên lajêng kabêkta minggah ing krêndha patunon. Para rêsi Siwah tuwin Buda sami mêmuja. Obor sasampunipun dipun mantrani lajêng katamakakên ing urub-urub, bêl, layon kabêsmi gêsêng.

Para bela lajêng sami anggêbyur ing latu murub sarwi suduk sarira. Têtiyang saking Jawi inggih kathah ingkang tumut anggêbyur ngantos kados laron ambyuk ing latu. Ubaling latu murub ngalad-alad anglêbur para bela, sangêt adamêl ngêrêsipun ingkang sami ningali. Urubing latu pindha samodra agni, kukusipun mulêk ngêbaki pancaka. Sarêng para bela sampun pêjah sarêng kalihan sang prabu, para rêsi sami amungkasi pamujanipun, andhawahakên măntra panglêburing dosa. Tuwuhing dosa margi saking anggènipun lair, gêsang sarta pêjah. Sarampungipun punika sadaya, awuning layon kakukub lajêng kalarung dhatêng ing sagantên. Ingkang sami nglarung wangsulipun dhatêng nagari sangêt susah ing manah, kados-kados sakathahing kasukan ing alam donya sampun sirna sadaya.

--- 15 ---

Cariyos Kunjarakarna

Mugi linêpatna ing rêridhu.

Punika cariyos ingkang mijil saking manah suci.

Sang Bagawan Werodhana anggêlarakên wêwarah dharma wontên ing wihara Bodhicitta. Para dewa sami tumut mirêngakên wêwarah wau. Dene ingkang dados pangajêngipun, dewa ingkang rumêksa keblat: Hyang Indra, Hyang Yama, Hyang Baruna tuwin Hyang Kuwera. Sarampungipun wulangan, tumuntên sami ngaturakên bêkti dhatêng sang bagawan, wasana sami wangsul sowang-sowang dhatêng ing kayanganipun.

Ing nalika punika lambungipun rêdi Mahamèru ingkang têmbing lèr wetan, wontên yaksa nêdhêng ambangun tapa, namanipun Sang Kunjarakarna. Sang Kunjarakarna wau kêrêp kawêkèn ing manah, gèk kadospundi ing têmbe anggènipun badhe tumimbal lair: dados manungsa punapa dados dewa. Ing sarèhne ingkang dados jangkanipun ing benjing samăngsa tumimbal lair sagêda dados titah ingkang langkung inggil, pramila sakalangkung anggènipun mêsu sarira mangun tapabrata. Sarêng mirêng bilih sang bagawan anggêlar wêwarah dharma dhatêng para jawata, Sang Kunjarakarna gêgancangan sowan badhe asung bêkti sarta badhe mirêngakên wêwarahipun sang adi panêmbahan.

Lampahipun wontên ing margi botên dangu, enggal dumugi ing Bodhicitta. Sadumuginipun ing ngriku tumuntên sumungkêm angabêkti, nyêmbah sarta matur: Dhuh sang adi panêmbahan, mugi wontêna karsanipun sang adi panêmbahan angrêntahakên sih kawêlasan paring wêwarah dharma dhatêng ingkang putra. Manah kula sakalangkung kodhêng, gèk kadospundi anggèn kula badhe tumimbal lair ing têmbe, tuwin kadospundi wontêning piwalês dhatêng piawon utawi kasaenaning manungsa. Baya punapa ingkang dados darunanipun, dene Hyang Mahadewa mawi nyênyilah manungsa, wontên ingkang tinitah dados bêndara, lan wontên ingkang kadadosakên mujangan. Sarta mugi karsaa nyulangakên, kadospundi caranipun angrêsikakên, klesaning (= rêrêgêd) dosa saking ing badan kula. Dhuh, anakku Kunjarakarna, prayoga bangêt yèn anggèr kapengin ngudanèni wigatining dharma sarta mitêrang bab ananing piwalês marang patrap ala lan patrap bêcik kang linakonan ing manungsa. Jêr pancèn akèh manungsa sing wis padha nyumurupi sarana saranane ngrêsikake klesaning dosa saka ing badan, ananging padha lumuh pitakon bab isining dharma, kang bisa agawe nikmat mupangat. Apa sing padha diarani nikmat. Apa mangan nginum, manganggo sarwa adi, darbe batur mujangan akèh tur tinunggonan ing rajabrana. Kowe, ênggèr, ora cocog karo panêmu kang kaya mangkono, mulane bakal dak warah sarta dak padhangake atimu. Ananging sadurunge dak warah, mênyanga yamani dhisik. Ing kono anggèr bakal wêruh

--- 16 ---

siksaning para titah kang duraka. Nyuwuna priksa marang Hyang Yama, genea para duraka mau padha nandhang siksaning badan limang prakara.

Nuwun inggih sandika, sang adi panêmbahan. Samangke kula kalilana pangkat.

Sang Kunjarakarna lajêng mangkat. Bawaning yaksa sagêd amblês nyilêm ing sagantên, lajêng ambikak korining yamani. Para jawata sami kagèt. Saking keblat sakawan kapirêng swara gumludhug. Sasirêping swara ing awang-awang, bumi lajêng orêg kados badhe bêlah-bêlaha, rêdi-rêdi sami gonjing, pucaking rêdi Mahamèru manggut-manggut, samodra mawalikan lir kinêbur, bayu bajra sindhung lesus lir pinusus, kilat thathit lêliwêran ing mêndhung-mêndhung. Sami sakala lajêng wontên teja wangkawa ngênguwung kumilat-kilat cahyanipun. Korining samodra lajêng mênga piyambak, sangêt andadosakên kagètipun. Lampahipun Sang Kunjarakarna sakalangkung gancang kados lampahing barat. Ing wasana dumugi ing margi prasakawanan. Margi ingkang mangetan anjog ing kayanganipun Bathara Iswara, swarganipun para pandhita ingkang nglindhihakên donya sarana ulah kasutapan. Margi ingkang mangalèr anjog ing kahyanganipun Bathara Wisnu, swarganing para satriya ingkang prawira ing ngayuda. Ingkang mangetan anjog ing kahyangan ing kabudhan, swarganing para ambêk darma tuwin para ulah tapa ing nalika gêsangipun wontên ing alam donya. Dene margi ingkang mangidul anjog ing yamani, dunungipun para duraka ingkang nêmahi siksa.

Ing margi prasakawanan wau wontên palawanganipun ingkang ngrêksa margi dhatêng swarga tuwin dhatêng naraka. Palawangan sumêrêp Sang Kunjarakarna lajêng pitakèn nama tuwin sêdyanipun. Dene Sang Kunjarakarna mangsuli ngaturakên ingkang dados wigatosipun sarta nyuwun katêdahna marginipun dhatêng yamani. Palawangan nêdahakên margi ingkang mangidul sarta wicantên: adhi, sêngkakna lakumu, jêr yèn ora mêngkono adhi bakal kêsurupan. Pêpêtêng kuwi sing dadi bêbayane dalan kuwi. Pêpêtêng mau suwene nganti pitung dina pitung bêngi, mulane wong yèn ngubur mayit kae padha anggawa damar, kang supaya bisa amadhangi sukma kang kapêtêngan.

Sang Kunjarakarna pamit anglajêngakên lampahipun. Enggaling cariyos dumugi ing patala, anjujug ing alun-alun, ingkang sinêbaran sêsukêring pêdhèt, katanêman ing sêkar andong abrit nêdhêng sêkar angrêmbaka, awor kukusing dupa kumêlun mrêbak arum gandanipun, punapadene sinêbaran ing sêsêkaran. Margi saking punika para duraka sami rêbat dhucung langkung ing ngriku, sami ngintên bilih punika marginipun dhatêng swargi. Sang Kunjarakarna nglajêngakên lampahipun lumêbêt ing regol agêng, korinipun têmbaga akancing salaka akunci kêncana, ugêr-ugêripun tosan. Ing wasana dumugi ing têgil awiyar, namanipun panti jiwa, winatêsan ing latu mulad-mulad. Taksih wontên sambêtipun.

--- 17 ---


kintên-kintên. (kembali)
kintên-kintên.
nglajêngakên. (kembali)
nglajêngakên.
§ Wontên sadhèrèk ingkang sampun nate ningali cariyos yèn punika dhawah dintên Jumuwah sacêlakipun tanggal 15 wulan Sapar. (kembali)
§ Wontên sadhèrèk ingkang sampun nate ningali cariyos yèn punika dhawah dintên Jumuwah sacêlakipun tanggal 15 wulan Sapar.
mêsthi. (kembali)
mêsthi.
para. (kembali)
para.
bupati. (kembali)
bupati.
kêcelik. (kembali)
kêcelik.
ênggone. (kembali)
ênggone.
arêp. (kembali)
arêp.
10 sakêdhap-sakêdhap. (kembali)
sakêdhap-sakêdhap.