Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-05, #427

Judul

Ăngka 5, Mèi 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Sêsorahipun Tuwan Dhoktor C. HOOYKAAS

Wontên ing gêdhong Radyapustaka ing Surakarta, nalika dintên Rêbo tanggal 10 April 1935, bab agami Buda.[1]

Para Priyantun

Raosing manah kula radi awrat badhe ngaturakên cariyos bab agami Buda punika. Sapisan: saking kiranging kulina kula dhatêng basa Jawi, kaping kalihipun: saking jêmbaring prakawis ingkang kêdah kula aturakên.

Tamtunipun panjênêngan sami priksa, bilih padamêlan kula namung mulang basa Mlayu. Ingkang kula prêsudi sangêt salêbêtipun kula mulang wontên ing A.M.S. punika inggih namung basa Mlayu, botên kobêr mrêsudi basa Jawi. Pramila pangajêng-ajêng kula, mugi sami karsaa anjêmbarakên pangapuntên bab kuciwanipun têtêmbungan kula. Tur ingkang badhe kula aturakên punika anggèn kula damêl, mawi dipun pitulungi têpangan kula. Wondene anggèn kula wiwit sinau basa Jawi, nalika umur kula sampun mlangkah kalih dasa taun, malah sampun nyêlaki tigang dasanan. Dados botên sagêd tètèh kados ingkang sami wiwit sinau nalika taksih lare.

Prakawis ingkang kaping kalih: cariyos bab larah-larahipun agami Buda, punika inggih kathah ingkang dados pakèwêd, kabêkta saking jêmbaring têbanipun. Wêwah-wêwah, kula dèrèng nate manggèn gêgriya wontên ing tanah utawi nagari ingkang tiyangipun tiyang Buda. Ingkang sampun kula sipati piyambak sakêdhik sangêt. [sa ...]

--- 66 ---

[... ngêt.] Gangsal taun sapriki kula mampir ing nagari Kolombo. Wontên ing ngriku kula sumêrêp biksu utawi sogata sawatawis. Ingkang kula sumêrêpi radi cêtha, namung sirahipun, klimis kados bêton. Panganggenipun warni jêne sêmu abrit kados warnining songsongipun bakul-bakul, tumbasan ing Pacinan punika. Inggih namung punika ingkang kula sipati piyambak bab tiyang Buda sarta nagarinipun. Sampun têlas, cêkak sangêt.

Dene ingkang badhe kula aturakên punika mangke, pêndhêtan saking sêrat-sêrat utawi saking pasinaon.

Pakèwêd ingkang gêgayutan kalihan jêmbaring têbanipun agami Buda punika têrangipun makatên: sapisan bab papanipun. Kaping kalih bab mangsanipun. Cobi kagaliha: Sang Buda punika sugêng sarta sedanipun sapriki watawis sampun kalih ewuh[2] gangsal atus taun. Sapriki sariranipun taksih dipun lêluri sarta dipun pundhi-pundhi dhatêng tiyang Jêpang, băngsa Tiyonghwa, băngsa Tibèt, tiyang Selon. Iba ta jêmbaripun. Malah mangilènipun kala kalih dasa taunan kapêngkêr, inggih wontên têtiyang agami Buda pintên-pintên èwu ingkang dados kawulanipun swargi Raja Ruslan. Ing tanah-tanah ngriki rumiyin tiyangipun inggih sami Buda. Yèn ing Bali agami Buda punika dèrèng ical, taksih gênah tabêt-tabêtipun. Samantên talatahing têbanipun agami Buda.

Samangke badhe kula aturaken bab ngaluk-aluking mangsanipun. Murih radi gampil anggènipun anggalih, badhe kula pêcak-pêcak. Kanjêng Nabi Mukhammad anggènipun tampi wahyu Kuran sapriki sampun pintên taun, pintên atus taun. Kawontênanipun ing alam donya saprika-sapriki sampun sapintên ewahipun. Sadèrèngipun punika lêt pintên-pintên atus taun, ing tanah Yahudi inggih wontên sarjana linangkung, botên kalêbêt băngsa ngulama, ingkang ngrungkêbi sumungkêmipun dhatêng Gusti Allah, asmanipun Yesus. Yèn tiyang Arab mastani Isa Ibnu Maryam. Tiyang Jawi mastani Kangjêng Nabi Ngisa. Punika botên maèlu dhatêng tata ngadat utawi pêpacaking bangsanipun Yahudi, punika anggêlar wêwulang enggal sawatawis taun laminipun, adhêdhasar kabatosan. Kangjêng Nabi Ngisa wau inggih kasêbut asma: Ingkang Jinêbatan, utawi Mèsiyas, têmbung Yunani, yèn tiyang Arab utawi Kuran mastani Al Masih. Umatipun kasêbut băngsa Masèi. Tiyang Yunani inggih nyêbut Kristos, umatipun kasêbut băngsa Kristên. Wiwit nalika sugêngipun Kangjêng Nabi Ngisa wau ngantos sapriki sampun sapintên ewahipun kawontênan ing alam donya. Sapintên ewah-ewahing pamanggih utawi santun-sumantuning angên-angên. Sapintên kathahing pamanggih ingkang botên kadumugèn utawi dèrèng kalêksanan.

Ing sadèrèngipun punika wau lêt pintên-pintên atus taun malih, ing tanah Indhi sisih lèr wetan inggih wontên sarjana linangkung anama

--- 67 ---

Gotama, anggêlar wêwulang enggal. Anggènipun mêmulang pintên-pintên dasa taun laminipun. Punika inggih botên kalêbêt băngsa ahli kitab. Ingkang dipun wulangakên bab kawilujêngan tumrap manungsa. Sang Gotama inggih botên maèlu dhatêng pranatan utawi pêpacaking para ahli agami băngsa Indhu ing jaman samantên. Sarèhne panjênênganipun rumaos sampun manggihakên kasunyatan ingkang sajati, pramila kasêbut asma Buda. Umatipun inggih lajêng kasêbun[3] băngsa Buda.

Sapunika para priyantun bokmênawi sampun sagêd ngintên-intên sapintên ngaluk-alukipun măngsa ingkang sampun kapêngkêr. Para sêpuh ing jaman sapunika kemawon, manawi sumêrêp trajangipun lare neneman jaman samangke, mastani bilih kaotipun sampun kathah sangêt manawi katandhing kalihan nalika sariranipun taksih neneman. Măngka sawêg kaêlêt-êlêtan kalih dasanan taun. Kathah-kathahipun sèkêt taun. Manawi jaman sapunika katandhing kalihan jamanipun êmbah utawi êmbah buyut, kaotipun sangsaya kathah malih. Lare neneman ing jaman sapunika, manawi mirêng cariyos bab kawontênanipun ing jaman samantên, sami mlêngok sangêt, punapa malih manawi mirêng lêlampahan nalika jaman kêjawèn, gumunipun sangsaya sangêt. Punika sawêg lêt kalih tigang tarunan.[4] La, manawi sampun lêt satus turunan ingkang nyalangkung taun, kaetang wiwit jamanipun Sang Buda, rak sampun botên kantên-kantênan kathahing ewah-ewahanipun.

Panjênêngan tamtunipun inggih sami priksa, bilih pamanggihipun băngsa Protestan kalihan băngsa Katolik kathah gèsèhipun, prasasat ngalèr ngidul. Măngka kalih-kalihipun sami mastani, bilih sami băngsa Kristên. Prakawis punika kula pratelakakên, prêlunipun namung badhe kula angge nguwod, anggèn kula mratelakakên bab warni-warnining kawontênanipun agami Buda ingkang sumêbar ing pintên-pintên nagari. Utawi ingkang tuwuhipun botên nunggil jaman.

Satunggal-tunggalipun tiyang Buda sagêd mungêl makatên: Aku iki agamaku Buda. Ewasamantên tiyang agami sanès, ingkang mirêng ginêm makatên wau, sagêd anggagapi, bilih ingkang dipun akên Buda punika dede Buda ingkang sajatos, namung salah satunggaling agami Buda ingkang tuwuh enggal.

La, sapunika sakecanipun, ingkang prayogi kula aturakên ing ngriki punika, agami Buda ingkang pundi. Ingkang sami ngakên bilih agaminipun agami Buda, tiyang pintên-pintên atus yuta, ing salêbêtipun satus turunan nyalangkung taun, utawi watawis sayuta dintên têbanipun. Papanipun prasasat ngêbaki tanah Asiah sadaya. Dados manawi namung badhe mêndhêt salah satunggal, botên badhe gagal, tamtu angsalipun. Ananging sanajan kawontênanipun warni-warni, ewasamantên wontên tigang warni ingkang kintên-kintên nuju karsa panjênêngan. Sapisan: [Sapisa ...]

--- 68 ---

[... n:] agami Buda ing tanah Jawi ngriki nalika sèwu taun kapêngkêr. Kaping kalih: agami Buda ingkang wiwit-wiwitan piyambak, inggih ingkang pawingkingipun nuwuhakên agami Buda ing tanah Jawi punika. Kaping tiga: kadospundi mingsêd-mingsêdipun agami Buda kawitan, sagêdipun dados agami Buda ingkang dipun rungkêbi ing tiyang Jawi ngriki.

Manawi botên, klèntu pamirêng kula, kados-kados panjênênganipun, Cokordha Gêdhe Rake Sukawati, warga polêk rad, nate mratelakakên dhatêng panjênêngan, bilih agami Buda ing tanah Bali punika, mèmpêr agami Buda ing tanah Jawi nalika sèwu taun sapriki. Dados prakawis punika sampun botên prêlu kula aturakên. Dene bab wujud sarta tuwuhipun agami Buda ing tanah Jawi, mingsêd-mingsêdipun saking agami asli ing tanah Indhu ngajêng, punika kengingipun dipun cariyosakên, manawi babonipun sampun dipun cariyosakên bab wujudipun sarta tuwuhipun wontên ing tanah Indhu ngrika.

Wosipun, agami Buda punika, wêwulangipun kenging dipun cêkak makatên:

Padha anggatèkna aku, sabab aku wis nêmokake pangruwating sangsara.

Sajatosipun Sang Buda punika botên anggêlar wulang agami, bab panêmbah dhatêng Pangeran. Ingkang dipun gêlar wêwulang ingkang anjog dhatêng kawilujêngan utawi pangruwating sangsara. Punika, angsal-angsalanipun, ingkang sami ngèstokakên, utawi mlêbêt dados murid, ngedab-edabi kathahipun. Têtiyang Indhu kenging kawastanan ngèdhêp sadaya dhatêng panjênênganipun. Punika jalaran tiyang-tiyang wau pancèn sami kraos, bilih sami nandhang sangsara. Para sarjana Indhu pancèn sami mastani, bilih jagad punika isinipun namung sangsara thok-thok. Têtiyang kathah ing ngriku inggih sami kraos sarta nyondhongi dhatêng ginêm ingkang makatên wau.

Kadospundi nalaripun, dene têtiyang wau sami katuwuhan pamanggih ingkang makatên. Prakawis punika inggih wontên jalaranipun, badhe kula aturakên saking wiwit-wiwitanipun. Makatên:

Ing jaman kina sangêt tanah Indhu punika kadhatêngan băngsa Ariya, punika ambêdhah sarta lajêng ngêrèhakên nagari-nagari ing tanah Indhu. Têtiyang wau mêmuja dhatêng para dewa sêsêmbahanipun. Suraosipun, ngaturi sukur, dene dipun paringi unggul pêrangipun, sarta lajêng sagêd ngênggèni papan ingkang loh jinawi. Satunggal-tunggaling băngsa utawi kuphu gadhah sêsêmbahan dewa piyambak-piyambak. Satunggal-tunggaling dewa gadhah wêwêngkon utawi panguwasa piyambak-piyambak. Ing wiwit-wiwitanipun lêlampahan ingkang makatên wau tumindakipun namung tumrap băngsa Ariya piyambak kemawon. Anamung sampun limrah, tatacaranipun tiyang ingkang gadhah panguwasa punika lajêng lumèbèr dipun tiru dhatêng sor-soranipun. Dalah agaminipun [agami ...]

--- 69 ---

[... nipun] inggih lumèbèr. Tamtunipun tiyang-tiyang wau danguning dangu lajêng sami kraos kirang marêm, sarêng magrêtos, bilih para dewa ingkang dipun sêmbah-sêmbah sarta dipun saosi sajèn punika botên maha kuwasa. Lajêng wontên ingkang manahipun kêtuwuhan ing rangu-rangu, gadhah pangunêg-unêg makatên: gèk, sapa ta, sing miwiti gawe dewa-dewa kuwi. Punika angsal wangsulan makatên: kuwi, sing gawe, prajapati, pangerane sarupaning titah. Wasana lajêng wontên pitakèn malih: sintên ingkang nyarambahi saniskara. Sintên ingkang masang nyawaning manungsa. Sintên ingkang damêl murubing latu. Punika inggih angsal wangsulan, bilih ingkang nindakakên Hyang Brahma. Punika sok dipun dadosakên trimurti kalihan Hyang Siwah sarta Hyang Wisnu. Dene ingkang dados têtalês utawi bapa babuning samukawis punika inggih sok dipun wastani atman utawi atma. Basaning manungsa kados-kados botên cêkap kangge mratelakakên kaluhuran utawi kamulyanipun sang atman wau. Namung sok dipun pratelakakên mawi pralambang makatên: sang atman iku ora wuta, ora budhêg, luhur tanpa wangênan, kalis ing ngêlak ngêlih utawi sêdhih prihatin. Luput ing lara pati, utawa tuwa. Ana ing sadhuwure para manungsa, dadi mêncorong, sampurnane ora ana sing madhani, ora kêna kinaya ngapa. Dene yèn ditandhing-tandhing, sing dudu atman iku: sarupaning kaanan kang bisa sirna, wis ora ana èmpêr-èmpêre karo atman.

Ungêl-ungêlan ingkang makatên punika lajêng murugakên manungsa kraos apêsipun, jalaran lajêng rumaos botên tanpa cacad, malah dados susuhing sadaya cacad ingkang kasêbut punika wau sadaya. Manawi dipun cêkak, makatên: sing nyrambahi samubarang iku sampurna. Dene sarupane sing ana, bakal sirna, kadunungan ing cacad, kapurba marang kang kasêbut ing dhuwur. Cêkake: sangsara.

Kaping kalihipun, prakawis ingkang dipun rungkêbi tiyang agami Buda: bab tumimbal lair. Manungsa punika, saking kayakinanipun tiyang agami Buda, pêjah utawi gêsangipun wali-wali, botên namung sapisan, anamung wongsal-wangsulipun dhatêng ing donya sontan-santun sipatipun, tarkadhang mindhak sae, margi nalika gêsangipun ingkang rumiyin, sae kalakuanipun. Tarkadhang malah dados awon, margi kalakuanipun rumiyin botên sae. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên angên-angên makatên: la, olèhe bola-bali mangkono kuwi apa bacut wae, ora ana uwis-uwise. Punika inggih sampun wontên wangsulanipun, makatên: iya ana uwise. Samăngsa wis bisa amor dadi [da ...]

--- 70 ---

[... di] siji karo sang brahma, aran wis têkan ing sampurna jati, banjur mandhêg olèhe tumimbal lair. Balik yèn isih durung bisa amor, iya isih tansah bola-bali tumimbal lair wae, isih aran nandhang sangsara. Sasampunipun angsal katrangan ingkang makatên, tumuntên tuwuh angên-angên lajêngipun, makatên; la, manungsa punapa botên marsudi, murih sagêdipun enggal kalêksanan luwar saking sangsara. Wangsulanipun, inggih ngudi, nanging pangudinipun sok dipun èwêd-èwêdi dhatêng pêpenginanipun (sang kama) utawi dhatêng pandamêlipun piyambak (karma). Utawi makatên wangsulanipun: pangudinipun punika sok mlesad-mlèsèd, margi manungsa botên patitis anggènipun nyipat sêdyanipun.

Sarêng băngsa Indhu ingkang kathah-kathah gadhah pangrêtos, bilih jagad punika isinipun namung sangsara thok thok kemawon, lajêng sami gadhah kêkêncêngan nêdya ngoncati sangsara wau. Patrapipun warni-warni, wontên ingkang mlêbêt dhatêng satêngahing wana, ngêculakên sadaya kasênêngan ing alam donya sarta ngangkah mêjahi raosipun kêpengin. Ingkang kaangge cagaking gêsangipun, botên mijil saking wêdaling kringêtipun, namung nêdya papriman kemawon. Makatên punika, angkahipun, dipun angge sarana anggènipun badhe ngruwat sangsara. Wontên malih ingkang anggêntur tapa, nyandhêt angkaraning sadaya pêpenginan. Wontên ingkang misakit badanipun, kaangge mêpêr ubaling păncadriyanipun. Wontên malih ingkang nyatunggalakên cipta utawi angên-angên, nêdya anggayuh jatining kamulyan. Ngêrèh lampahing napasipun. Lampahing rah inggih lajêng katut kaêrèh. Punika sagêd ngrindhikakên sarta ngêndhokakên pakaryaning sarandunipun badan sadaya. Wasana sagêd murugakên lêpasing pramana. Ngindhakakên mungkul dhatêng anggènipun anggayuh kamulyan jati. Lampah makatên punika kawastanan: lampah panggayuhing yoga, dene ingkang nindakakên, kawastanan yogin utawi yogi.

Mênggah lairipun (utawi miyosipun), Sang Gotama, inggih nalika têtiyang Indhu sami gadhah lampah makatên punika. Sang Gotama punika rama ibunipun kalêbêt băngsa luhur ing tanah Indhi sisih lèr wetan. Gêsangipun sarwa mubra-mubru sarta kajèn kèringan ing sawawratipun, miturut kawontênaning jaman samantên. Nagari ingkang dipun ênggèni, karta raharja tur loh jinawi. Sang Gotama taksih ênèm, kagungan garwa putra. Kula sami botên sagêd andugi-dugi, kadospundi anggènipun busêkan salêbêting panggalihipun, ingkang jalaran katuwuhan kayakinan, bilih manungsa punika botên sagêd oncat saking sakit sarta pêjah tuwin sêpuh. Sarêng yuswanipun andungkap sanga likur taun, Sang Gotama [Gota ...]

--- 71 ---

[... ma] tilar garwa putra, rama ibu, tuwin tilar nagari, mlêbêt dhatêng wana, ngêmpal kalihan para pandhita. Anggènipun manggèn wontên ing wana ngantos têtaunan, mawi ngangên-angên kayakinanipun bab têtêping wontênipun sangsara. Gêsangipun manungsa punika, miturut wawasanipun Sang Gotama, botên sanès kajawi namung sangsara thok thok mawarni-warni sêsambêtan. Ananging panggalihipun botên narimah, manawi dèrèng sagêd ambengkas sangsara wau. Makatên ugi wêwulanging para pandhita, bab pangruwating sangsara, inggih botên sagêd adamêl marêm. Mila tansah ngumbara kemawon, ngantos pitung taun laminipun, kados caraning para pandhita ing jaman samantên. Dangu-dangu sagêd angsal pamanggih ingkang kenging dipun rungkêbi, kaanggêp kenging kaangge anggayuh kamulyan sajati, kenging kaangge sarana ngawonakên mêngsah ingkang sampun lami kaprasudi sagêdipun kawon. Wondene sarana wau namanipun, bodhi. Anggènipun manggihakên punika wau, nalika manêkung muja sêmèdi wontên ing sangandhapipun wit agêng, ing salêbêting wana.

Para ahli kawruh băngsa kilenan inggih nganggêp dhatêng cêcriyosan ingkang makatên wau. Wondene têtiyang ingkang manoni dhatêng sugêngipun Sang Buda wau, botên patos ngudi sumêrêping cêcriyosan bab lêlampahanipun Sang Gotama. Ingkang dipun prêlokakên namung wêwulangipun. Pramila inggih botên wontên babad ingkang jangkêp utawi ingkang têtela ing têmênipun, bab lêlampahanipun Sang Gotama. Ing akir-akir wontên ingkang sami ngarang bab lêlampahanipun Sang Gotama, mawi dipun rêngga-rêngga miturut lampahing angên-angên. Punika kangge anjangkêpi utawi mêpakakên prakawis ingkang katawis, bilih kirang jangkêp punika wau. Wontên ing kalanganing băngsa Buda, babad ingkang makatên wau dipun sênêngi sangêt, namanipun sêrat: Lalita Wistara. Têgêsipun, pangandhar kang nyênêngake. Sarêng sampun lêt pintên-pintên atus taun malih, nalika têtiyang adamêl candhi agêng, ingkang gêgayutan kalihan wêwulanging agami Buda, ing ngriku dipun sukani ukir-ukiran pintên-pintên atus warni, ingkang mêtha-mêtha bab lêlampahanipun Sang Buda, miturut ungêling sêrat punika wau. Dene candhi punika namanipun Candhi Barabudhur. Taksih wontên sambêtipun.

Pêpundhèn ing Rêdi Giri tuwin Kiwa Têngênipun

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi, ăngka 4.

Sela Payung wau agêngipun sagriya ingkang cêkapan, wujudipun mèmpêr payung, prênahipun wontên ing pinggir lèpèn Dalêpih majêng mangilèn. Ingkang iring wetan kalihan kilèn buntu. Dados manawi tiyang ngeyub, lêbêtipun saking sisih kidul utawi êlèr. Ingkang sisih [si ...]

--- 72 ---

[... sih] kilèn nglêbêt, dados sawingkinging papan ingkang kenging kangge lêlinggihan, wontên guwanipun alit majêng mangilèn, namung cêkap kangge tiyang satunggal. Inggih guwa wau ingkang dipun angge tirakat Kyai Kasan. Salèr kilèning Sela Payung, watawis têbihipun: 30 mètêr, wontên selanipun agêng kalih. Ingkang sisih nginggil gathuk, nanging ingkang perengan ngandhap bênggang, dipun wastani Sela Gapit. Manawi tiyang saking kilèn badhe dhatêng Sela Payung, utawi Kayangan, kêdah mêdal ing Sela Gapit, awit botên wontên margi sanèsipun.

Salèr kilèning Sela Payung, watawis satus mètêr têbihipun, wontên selanipun agêng, dipun wastani Sela Bêthèk, awit dipun bêthèki. Ingkang sampun kalimrah, sadaya tiyang ingkang badhe jiyarah dhatêng ing Kayangan, kêdah kèndêl ing Sela Bêthèk rumiyin. Wontên ing ngriku ambêsmi sela (mênyan) rumiyin, sarta anglairakên punapa ingkang dados sêdyaning batos.

Kala kula jiyarah dhatêng Kayangan, sadumugi kula ing Sela Bêthèk, ambêsmi sela kados ingkang sampun kalimrah. Rumaos kula, kala samantên rêsik botên wontên punapa-punapa. Sakiwa têngêning pambêsmèn sela namung siti, tur rêsik kados dipun saponi. Sasampuning ambêsmi sela, kula nolèh nêngên. Ingkang suwaunipun rumaos kula botên wontên wêwarnèn punapa-punapa kajawi siti, jêbul lajêng katingal wontên sela gumlethak, warninipun anèh, agêngipun sakêpêl, kêbak tinabur ing sela alit-alit pating klêpyur. Sela kula pêndhêt, kula angge tindhih manawi nyêrat. Salèr kilènipun Sela Bêthèk wontên masjidipun. Ing ngriku papan panggenan agêm-agêman saking kraton Surakarta tuwin Ngayogyakarta ingkang dipun labuh.

Mangsuli lêlampahanipun Kyai Kasan. Kacariyos sasampuning sawatawis wulan tirakat wontên ing ngriku dèrèng angsal wangsit, lajêng gadhah sêdya badhe santun lampah, tapa ngèli wontên ing lèpèn Dalêpih (lèpèn Kayangan). Sarêng sampun kênthêl sêdyanipun, lajêng mêndhêt gadêbog dipun jèjèr, dipun sunduki kados gèthèk. Salajêngipun, dipun tumpaki ngèli nurut ilining toya. Miturut cariyosipun pènsiunan upas kasêbut ing ngajêng, kala samantên wontên kaelokan malih. Gèthèkipun botên kèli, malah nungsung toya. Sarêng wontên lêlampahan ingkang samantên anèhipun, Kyai Kasan botên anglajêngakên tapa ngèli, lajêng wangsul malih dhatêng ing Sela Payung.

Dèrèng antawis dangu anggènipun wangsul wontên ing ngriku, lajêng wontên kamirahanipun Pangeran, katarimah panyuwunipun. Anuju satunggal dintên, dipun rawuhi priyantun sêpuh, ngandika makatên: Kasan, lèrèna anggonmu kapatibrata. Wis pinasthi karsane Kang Kuwasa, mripatmu ora bisa pulih kaya maune. [mau ...]

--- 73 ---

[... ne.] Kang mangkono iku, pancèn mung dadi jalarane kowe tămpa nugrahaning Allah, diparingi awas, ngungkuli wong kang ganêp netrane. Kajaba saka iku, aku wis ora awèh apa-apa, kajaba mung sabuk iki. Mara tampanana, kasiyate: kinèdhêpan ing wong akèh, ora kurang sandhang pangan. Sasampunipun ngandika makatên sarta paring sabuk, priyantun sêpuh wau ical, botên kantênan purugipun.

Sasampuning kadumugèn pangèsthinipun, Kyai Kasan lajêng mantuk dhatêng ing dhusun Muda. Salêbêtipun wontên ing ngriku, wiwit kawêntar kalangkungan sarta bantêring kasutapanipun. Wontên ing dhusun Muda botên dangu, lajêng pindhah dhatêng ing dhusun Karakan, mondhok ing griyanipun kaprênah putu nama Danakrama. Wontên ing ngriku lajêng ngadêgakên langgar, kangge papaning ibadah.

Saantukipun Kyai Kasan dhatêng ing dhusun Karakan, manggèn ing langgar, wiwit kawêntar kasagêdanipun. Kathah tiyang saking ing kiwa têngên ingkang sami nêdha tulung jampi sakit warni-warni, punapadene wiwit misuwur kasidikanipun. Sumêrêp sadèrènging winarah, sagêd mastani lêlampahan ingkang têbih dunungipun. Awit saking punika, lajêng karan Kyai Sidik Pramana. Kasidikan tuwin kalangkunganipun Kyai Sidik Pramana, saya dangu saya kawêntar ngantos dumugi ing liyan praja. Botên amung tiyang siti kemawon ingkang sami nyuwun tulung, băngsa Eropa, Tyonghwa saking ing mănca inggih sami ngalap brêkah. Botên amung bab jampi tuwin sarat-sarat, kasagêdanipun Kyai Sidik Pramana, inggih sumêrêp dhatêng angsaring tosan aji, kados ta dhuwung, tumbak, pêdhang sapanunggilanipun. Manawi wontên tiyang asêsarêngan sami nyuwun jampi, măngka dhuwungipun satunggal lan satunggalipun botên laras angsaripun, punika sakala lajêng dipun ngêrtosakên, bilih dhuwung wau botên jodho tumrap ingkang ngangge. Prayogi lintonan sarana petang ingkang sakeca, utawi botên dipun angge kemawon.

Awit saking pirukunanipun para tiyang ingkang sami katarimah panyuwunipun, sarèhning langgar sampun botên nyêkapi kangge nampèni tamunipun, wasana lajêng dipun yasakakên griya, sarana urunan.

Kula sampun nate nyatakakên kalangkunganipun Kyai Sidik Pramana tumrapipun tosan aji. Kala kula taksih wontên ing Jatisrana, kula kengkenan tiyang èstri sampun sêpuh taksih akrab piyambak. Wigatosipun supados nyuwunakên isarat, dene semah kula, sampun lungse têka dèrèng gadhah anak malih, wah sabên gadhah anak tilar donya. Kyai mangsuli dhatêng kengkenan kula, bilih ingkang anjalari sabên gadhah anak botên widada, punika saking dayaning dhuwung kula, mila prayogi dipun singkirakên. Kajawi saking punika kengkenan kula dipun sukani isarat, awarni klapa sacuwil tuwin gêndhis arèn, supados dipun têdha ing semah kula. Sadumuginipun ing

--- 74 ---

griya, kengkenan kula nyariyosakên wêlingipun Kyai Sidik Pramana. Isarat awarni klapa tuwin gêndhis dipun têdha semah kula. Dene dhuwung lajêng kula gadhuhakên akrab kula. Watawis kalih wêlas wulan saking titimăngsa punika, semah kula gadhah anak jalêr: wilujêng. Ingkang makatên wau punapa dhapur kapinujon, punapa kadospundi, kula botên sagêd matur. Tamat.[5]

Rêdhaksi.

Kamardikan Tumrap Dhatêng Para Pawèstri

Nalika dintên malêm Sêlasa tanggal 15-16 April 1935 ing pasraman Taman Siswa wontên pasamuwan pambikakan omrup Radhio Wasita, dipun jênêngi para luhur sawatawis tuwin para ahli kawignyan ragi kathah, tuwan-tuwan satunggal kalih punapa malih para priyantun tuwin para nenemun.[6] Rêgêng sarta ngêngrêngipun jangkêp, margi wontên gangsanipun, paringan sumbangan saking Tejakusuman. Wiyaganipun watawis salangkung, pasindhènipun tiga, sampun sami gambuh dhatêng kridhaning wirama. Punika wau sadaya klêbêt dhatêng pakêmpalan Dayapradăngga. Ki Hajar Dewantara ingkang ngaturi pambagya dhatêng para tamu ingkang sami rawuh. Kajawi punika Ki Hajar kêrêp mêdhar sabda wontên ing sangajênging omrup radhio. Sarta malih dados dhalang sarta nyêkar ing salêbêting pêrangipun Rêsi Bisma kalihan Wara Srikandhi. Tiyang ingkang ningali wontên ingkang wicantên makatên: Iki, apa-apa kok bisa.

Sajatosipun kula botên badhe ngaturakên pêrslah ingkang jangkêp bab pambikakan wau, amargi sampun kasêbut ing sêrat kabar warni-warni. Dalah sêrat kabar Walandi inggih mratelakakên kawontênanipun pasamuwan wau. Ing ngriki kula namung mêthik sêsorahipun Ni Komaratih Wanabaya, dalah rêrêpènipun para kênya ingkang kasarêngan ing găngsa.

Wasitarini, sêsorahipun Ni Komaratih, Wanabaya, ing pasamuwan kêpyakanipun taman siyaran radhio Wasita tanggal 15 April 1935 ing Mataram.

Nuwun, nuwun, para pamiyarsa, sadèrèngipun para kênya ingkang dados wêwêngkon kula sami nyêkarakên kêkidunganipun, inggih punika kidungan Wasitarini (anggitanipun Ki Hajar Dewantara) langkung rumiyin kula badhe nyobi nêrangaken, pokok isining wasita, ingkang kawrat ing salêbêting kidungan wau. Mugi-mugi para miyarsa lajêng sagêd langkung migatosakên dhatêng maksuding piwulang.

Kidungan Wasitarini kawiwitan mawi candraning sêsêkaran warni-warni, kanamakakên Sêkar

--- 75 ---

Sêtaman, binarung ing gêndhing Asmaradana lămba. Punika minăngka sêsarating kasucian, ingkang mawi srana sêkar borèh, miwah kêkutug sela mênyan, inggih punika sarana kaendahan, mrih sagêd nulak sawarnining angkara murka tuwin saliring păncabaya. Lêrês piwulangipun para linangkung, bilih sadaya pikajêng awon punika sagêd kasirnakakên dening kasucianing manah, utawi asring sinêbut: lêbur dening pangastuti. Măngka sucining manah wau sagêd ginayuh sarana saranduning kaendahan lair, kados ingkang wola-wali kawulangakên, Ki Cakradirja pamong sêpuh Taman Siswa ing Sêmarang, bilih Ètikah (Ethica) lan Aèstetikah (Aesthetica) punika tansah gêgandhengan, tuwin daya-dinaya ingkang tanpa watêsan. Gêndhing Asmaradana lămba kangge nyêkarakên kidung Sêkar Sêtaman, yêktos sampun laras sangêt, margi sagêd nandukakên raos enggaring manah, pantês mahanani swasananing kênya mudha.

Sasampunipun kidung Sêkar Sêtaman andhawah dados Wasitarini, sarta gêndhing lămba dados gêndhing angracik, ing ngriku lajêng tumapaking piwulang. Mênggah suraosing lukita, sajatosipun sampun kaêmot ing sêsênggakan:

Hèh pra kênya, kang olah mardikèng rara.
Aywa lali kalane lêlangên padha.
Ing rèh solah tingkah ywa lirwèng susila.

Dados têrang ing ngriku piwulang katandukakên dhatêng para wanita, ingkang sami marsudi dhatêng kamardikaning para kênya. Marsudi dhatêng kamardikan, ing ngriku botên kacacad, botên kasaruwe, malah miturut suraosing kêkidungan, kaanggêp panci sampun salêrêsipun. Mung kemawon sadaya sami ngoyak kamardikaning têtiyang èstri, salaras kalihan jamanipun, sami kaèngêtakên, sampun ngantos ing sasolahbawanipun lirwa utawi supe dhatêng tataning kasusilan.

Rèhning tiyang supe punika adat sabên yèn ing salêbêting sênêng-sênêng, pramila ngriku piwulang katujokakên dhatêng para wanita ing nalika pinuju lêlangên among suka.

Samangke sambêting wulang kasusilan, kapacak ing sêkar Asmaradana gangsal pada. Măngga sami dipun suraos.

Pada ingkang wiwitan nyêbutakên, bilih jatining Wasitarini punika ngupados suci tuwin rahayuning wanita, suci ing rèh kabatosanipun, saha rahayuning gêsang lairipun. Kados-kados pêpacak ingkang samantên punika, sampun botên sagêd dipun inggahi, awit sampun pantog ing pucuking gêgayuhan. Ing jaman samangke, botên wontên bedanipun.

Wondene yèn wontên bedanipun, botên namung bedanipun kawontênan, bedaning jaman. Jaman samangke kawastanan jaman kamardikan, liripun, tiyang botên purun kacamah, botên purun pinurba winasesa ing sakajêng-kajêngipun [sakajêng- ...]

--- 76 ---

[... kajêngipun] liyan. Makatên ugi tiyang èstri lumuh kapurba kawasesa kados ing jaman kapêngkêr. Ananging: Wasitarini lajêng anêrangakên, bilih marsudi ing kamardikan punika botên têka namung ngupados wêwênang, ugi kêdah sinarêngan ing pamarsudi ing kawajiban, margi wênang lan wajib makatên, kangge tiyang ingkang ambêk mandhirèng dhiri kêdah sagêd manunggil rumasuk ing gêsangipun, batos dumugi ing lairipun.

Mênggah kawajibaning pawèstri, ingkang marsudi ing kamardikan, sapisanipun kêdah siyaga ing samukawis, inggih mirantos, sudhiya, cêkap, lan mrantasi, botên gumantung ing liyan, sagêd ngadêg piyambak tanpa katuntun utawi kadarman kêkiyataning liyan. Yèn sampun samantên, sawêg kita para wanita wênang nandukakên kamardikaning dhiri, among karsa, botên pinarentah dening kakung, margi sampun sagêd nimbang piyambak, pundi ingkang sae, pundi ingkang awon tumraping gêsangipun piyambak.

Samangke tutuping kidungan, wosing piwulang, nêtêpakên bilih sadaya rêracikananing budi kamardikan, punika kenging karingkês dados kalih, inggih punika budi kasarjanan, tuwin budi kasujanan. Tiyang sarjana, ingkang kêbak pangawikan, utawi dados pangawaking kawruh, miturut jaman samangke winastan intêlèktuwil, onwikêl (Intellectueel ontwikkeld) botên badhe kêkilapan ing ubarampening gêsang kangge anggayuh kamardikaning sarira. Wondene tiyang sujana, inggih tiyang ingkang sampun êning, sampun sêpên ing angkara murka, suci ing kabatosanipun, ing sawanci-wanci badhe manggih rahayu. Sadaya para pawèstri kêdah sami mangêrtos, tuwin rumaos, bilih kasucian punika botên sanès, inggih pagêring basuki, pagêr rahayuning raga.

Pramila kangge wanita ingkang tansah migatosakên dhatêng suci tataning agêsang, ingkang lajêng sagêd mujudakên kasusilan, yêktos badhe lastantun jinurung ing basuki, têbih saking samukawis godha rêncana. Lah punika wêwadosing kawruh kasusilan èstri, ingkang kamot ing kêkidungan Wasitarini.

Namung samantên atur kula. Nuwun.

Asmaradana Lămba

Kêmbang Sêtaman

(Dening Ki Hajar Dewantara kalihan Siti Sukaptinah)

1. Kêmbang mawar, lir pendah ratuning sêkar, ngambar-ambar, ambune ngêbaki latar, tak suraka, atak surak iye.
2. Kêmbang mênur, tinandur pinggiring sumur, mambak mawur, agawe asrining pungkur, tak suraka, atak surak iye.
3. Kêmbang mlathi, lir suwêng cêplik kang pèni, gănda wangi, rinajut ing rema putri, tak suraka, atak surak iye.

--- 77 ---

4. Kêmbang kanthil, kumanthil papane inggil, tan pinêthil, tiba dhewe sarwa gampil, tak suraka, atak surak iye.
5. Kêmbang nanga, lir godhong ijo warnanya, ngămbra-ămbra, agawe asrining desa, tak suraka, atak surak iye.
6. Kêmbang waru, warna asri yèn dinulu, barêng ngambu, wêkasan cuwa ing kalbu, tak suraka atak surak iye.
7. Kêmbang pacar, plênik-plênik pating slêbar, mèh salatar, gănda arum ngambar-ambar, tak suraka, atak surak iye.
8. Kêmbang tlasih, yèn nuju akèh sing asih, nadyan têbih, linuru ing sagung dasih, tak suraka, atak surak iye.
9. Kêmbang cènggèr, warna abrit mèngèr-mèngèr, gêbyar-gêbyar, pinêthik uwohe kècèr, tak suraka atak surak iye.
10. Kêmbang sruni, pating sluwir warna èdi, rupi-rupi, kuning abrit warni-warni, tak suraka, atak surak iye.

Asmaradana

Sênggakan:

He pra kênya, kang ulah mardikèng rara, aywa lali kalane lêlangên padha, ing rèh solah-tingkah ywa lirwèng susila.

1. Jatining Wasitarini | ing jaman kuna lan mangkya | yêkti tan ana bedane | karone arsa rumêksa | marang para wanita | mrih suci miwah rahayu | luputa ing sambekala ||

2. Bedane ing jam makin |[7] kang aran jaman mardika | saliring dumadi kabèh | suwala marang wasesa | tan arsa pinurbèng lyan | mangkono èstri kang purun | ginawe sakarsa-karsa ||

3. Elinga para pawèstri | mardika iku jarwanya | nora mung lêpasing pangrèh | nging uga kuwat kuwasa | amandhiri priyăngga | wit saka iku dèn emut | wênang lan wajib tan pisah ||

4. Dene kang ingaran wajib | siyaga barang prakara | miranti lair batine | nuli wênange tumindak | ing rèh sakarsanira | wit sira wus darbe traju | panimbang bêcik lan ala ||

5. Para wanita kang sami | marsudi ing kamardikan | wajib wêruh ing jatine | sujana lan kasarjanan | wèh mardikaning gêsang | dene kasusilan iku | pagêr rahayuning raga ||

Kèn Angrok

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4

Ing nalika punika ugi katingal astanipun sakawan, socanipun tiga kadosdene Bathara Guru. Para ngulama sadaya kawajibakên nyêmbah, ananging sami botên purun, lajêng sami kesah dhatêng Tumapêl andhèrèk Kèn Angrok. Inggih punika wiwitipun Tumapêl botên purun karèh ing Daha.

Kèn Angrok lajêng kajumênêngakên nata ing Tumapêl. Nagarinipun nama Singasari, ajêjuluk Sri Rajasa: Sang Amurwabumi, ingestrenan [ingestrena ...]

--- 78 ---

[... n] dening para Rêsi Siwah tuwin Buda ingkang saking ing Daha. Dene ingkang manggalani: Sang Brahmana Lohgawe.

Têtiyang sadaya ingkang rumiyinipun sami wêlas-asih sarta mitulungi Kèn Angrok ing nalika taksih nandhang sangsara, sami dipun timbali sarta dipun ganjar minăngka wêwalêsing kasaenanipun. Bango Samparan, lêlurah ing Turyantapada, anakipun Êmpu Gandring, saturun-turunipun sadaya sami kamardikakakên saking paos pêpundhutaning nagari. Makatên ugi anakipun Kêbo Ijo inggih tampi sih kadosdene anakipun Êmpu Gandring. Anakipun Êmpu Lohgawe ingkang jalêr, dipun panggihakên kalihan anakipun èstri Bango Samparan. Nagari Singasari sakalangkung krêta raharja kalis ing sambekala.

Sampun watawis dangu anggènipun kawartos, bilih Kèn Angrok sampun jumênêng ratu wontên ing nagari Singasari. Ing wasana wontên ingkang matur dhatêng Sang Prabu Dhandhanggêndhis, manawi Sang Amurwabumi nêdya anggêbag nagari Daha. Sang Prabu Dhandhanggêndhis kawêdal têmbungipun: Sapa sing bisa ngalahake nagaraku. Kêjaba yèn Bathara Guru wis tumurun saka ing akasa, bokmanawa bisa kalah. Pangandikanipun sang prabu wau kaaturakên dhatêng Kèn Angrok. Makatên pangandikanipun Sang Amurwabumi: He, para rêsi, kula aturi angèstrèni, kula badhe jêjuluk Bathara Guru. Para rêsi sami nayogyani. Sasampunipun ajêjuluk Bathara Guru, Sang Amurwabumi lajêng nglurug dhatêng Daha. Sang Prabu Dhandhanggêndhis sarêng midhangêt pawartos, bilih Sang Amurwabumi ing Tumapêl nêdya ambêdhah nagari Daha, sora pangandikanipun: Saiki tibane awakku. Kèn Angrok lagi winongwong ing jawata. Dêdamêl ing Daha tumuntên têmpuk prang kalihan dêdamêl ing Tumapêl wontên ing salèring Gantêr, arame sami dene prawira, gêntos kêlindhih, ananging wasananipun prajurit ing Daha kasoran. Sarêng agul-agul ing Daha sampun pêjah, prajuritipun lajêng bibar tawon apungkur wêdhus, abêdhol payung, botên wontên ingkang mangsah malih. Dene Sang Prabu Dhandhanggêndhis lajêng lolos saking paprangan ngungsi dhatêng Pauman, gumantung ing awang-awang sakapalipun. Pakathik, panongsong, ingkang sami ngampil sêdhah, toya, lampit, sadaya sami andhèrèk. Nagari Daha sampun bêdhah. Garwanipun Sang Dhandhanggêndhis sarêng mirêng ingkang raka kasoran pêrangipun sarta lajêng nglayang ing Pauman, putri têtiga sami muksa sanagarinipun pisan.

Sang Amurwabumi, sarêng sampun unggul yudanipun lajêng wangsul dhatêng Tumapêl. Kawontênan ing nusa Jawi nyata sampun kalêksanan ewah. Nalika jumênêngipun nata sarta bêdhahipun nagari Daha wau ing salêbêting taun Saka: 1144.

Kacariyos sarêng Sang Amurwabumi sampun jumênêng nata salawe taun dangunipun, seda kaprajaya kengkenaning putranipun kuwalon tilaran saking Tunggul Amêtung ingkang anama Anusapati.

--- 79 ---

Anusapati ing suwau kraos kirang sênêng, margi dipun beda sangêt kalihan sadhèrèkipun. Ing wasana andhêdhês dhatêng ibunipun. Nyuwun priksa punapa sababipun dene sangêt dipun beda makatên. Ibunipun walèh ambalakakakên sadaya ingkang sampun kalampahan, sarta nyariyosakên bilih bapakipun ingkang têmênan pêjah kaprajaya dening Sang Amurwabumi. Dhuwung yasanipun Êmpu Gandring kasuwun, inggih kaparingakên. Anusapati pamit mantuk. Sadumugining griya, nimbali pangalasanipun tiyang ing Bathil, kapurih mrajaya Sang Amurwabumi kanthi dipun êbang ing ganjaran. Tiyang ing Bathil wau lajêng lumêbêt ing kraton, pinanggih Sang Amurwabumi sawêg nêdhêng dhahar, lajêng kasuduk ing dhuwung, tiwas sami sakala. Punika kalampahanipun ing dintên Kêmis Pon wuku Landêp, mangsanipun dhahar sontên, surya sampun sêrap, mangsanipun têtiyang sami nyumêd damar. Sasedanipun Sang Amurwabumi, tiyang ing Bathil lumajêng matur dhatêng Sang Anusapati, aturipun: ingkang rama sampun kula rampungi. Tiyang Bathil wau lajêng kasuduk dening Sang Anusapati pêjah kapisanan. Têtiyang ing Tumapêl sami alok: Sang prabu seda cinidra pangalasan ing Bathil, ananging gênti disuduk, dikêmbari karo Sang Anusapati. Sedanipun Sang Amurwabumi wau ing salêbêting taun Saka: 1169, layonipun kasarèkakên wontên ing kagênêngan. Para ratu ingkang sami anggêntosi tumruntun ngantos pitung ambalan botên wontên ingkang seda karana Allah, sadaya sami kêtaman ing dhuwung damêlanipun Êmpu Gandring.

Arjuna Wiwaha (Arjuna Binayangkare)

I. Pandhita ingkang sajati punika luhuring panggalihanipun sampun ngungkuli kapitadosan dhatêng ing suwung (Sudyata). Anggènipun wontên ing donya botên namung badhe ambujêng kanikmataning pandriya kemawon, botên, inggih nêdya anggayuh kondhang tuwin kawasa ingkang sampurna, amargi ingkang dados ayahanipun muhung kabêgjaning jagad sawêgung. Milanipun sampun kraos marêm, sanajan taksih kaêlêt-êlêtan ing kêlir kalihan ingkang karya jagad.

Anggèn kula nglairakên sungkêm dhatêng pandhita ingkang kados makatên, udhêng kula kula sorohakên ing sangandhaping lêbuning trumpahipun. Pamuji punika layak sangêt kangge mucuki anggèn kula ngrumpaka ungguling juritipun Sang Parta wontên ing kahyangan.

Wontên danawa raja, namanipun Niwatakawaca. Puranipun dumunung ing sukuning rêdi Mahamèru iring kidul, sumêdya ngrabasa Suralaya. Pramila sangêt andadosakên sêkêlipun Bathara Endra. Sang Niwatakawaca punika sampun kaloka kadigdayanipun, sinêmbuh sampun [sa ...]

--- 80 ---

[... mpun] sagêd angsal kalangkungan, botên sagêd pinêjahan dening para dewa, yaksa tuwin danawa. Mung yèn ana manungsa sêkti, diprayitna kowe. Makatên pangandikanipun jawata ingkang linangkung. Inggih punika ingkang tansah dados rêraosanipun para jawata.

Bathara Endra tumuntên sarasehan kalihan para jawata. Kêkênthêlaning rêmbag, para jawata sami saeka-kapti, sumêdya ngrêsaya dhatêng manungsa ingkang sêkti, kapurih nyirnakakên mêngsahipun. Sumêbaring pawartos, ing samangke Sang Parta sawêg mangun tapabrata, ingkang supados sagêd mênangan wontên ing paprangan. Sang Parta badhe dipun timbali, samăngsa sampun kalaksanan sagêd angsal kasêktèn saking jawata ingkang linangkung. Ananging makatên punika botên gampil.

Japa tuwin măntra botên badhe ngundhili, manawi manungsanipun taksih kalimput ing rajah tamah. Samăngsa anggènipun angèsthi dhatêng Sang Hyang Siwah sagêd lastantun, lah ing ngriku Sang Hyang Otipati sawêg karsa ngrawuhi kalihan rênaning panggalih. Ananging sagêdipun makatên punika kêdah nguwalakên sawarnining pêpenginaning pandriya tuwin suci kados sadèrèngipun lair, punapadene kêdah sampun gadhah raos marêm ing dalêm batos.

Bathara Endra radi kuwatos, bokmanawi Sang Parta botên kêconggah nindakakên ingkang kados makatên, pramila lajêng utusan anggodha Sang Arjuna. Manawi badhar, botên èstu kapinta sraya. Hyang Endra badhe ngrêsaya sanèsipun. Samăngsa Sang Arjuna sampun botên pasah ing panggodha, punika mracihnani bilih sampun kêkah sangêt mêmanahanipun.

Ing kayangan wontên wanodya ingkang sakalangkung endah ing warni, sampun kaloka sagêdipun ambadharakên têtiyang tapabrata. Pancèn kathah waranggana ingkang kados makatên, ananging ingkang kapilih namung pitu, sadaya pujan saking golèk wêwangunan. Ingkang kalih namanipun Tilotama kalihan Supraba, endahing warninipun ngungkuli Dèwi Ratih.

Ing nalikanipun taksih ingukir, sampun sami tampi sihipun para jawata. Sasampunipun rampung anggènipun nyidhikara, para waranggana pêpitu wau sami lumampah ngubêngi para jawata ambal kaping tiga, kangge pratandhaning bêkti sungkêmipun. Bathara Brahma sami sakala kagungan mustaka sakawan, Hyang Endra tingalipun dados kathah, amargi sami lingsêm yèn ta nolèh anyawang wanodya wau ing nalikanipun sami wontên ing wingkingipun, jêr kalêbêt kirang mungguh tumrap sariranipun.

Para waranggana punika sami badhe kautus Hyang Endra. Pangandikanipun: He, putra-putraningsun, ingsun anjaluk rilanira, amèk paedah saka endahing warnanira. Si Arjuna sira godhaa, murih bisane badhar ênggone mratapa. Taksih wontên sambêtipun.

--- 81 ---


§ Nalika samantên botên sadaya kawaos, kabêkta saking kiranging măngsa. (kembali)
§ Nalika samantên botên sadaya kawaos, kabêkta saking kiranging măngsa.
èwu. (kembali)
èwu.
kasêbut. (kembali)
kasêbut.
taunan. (kembali)
taunan.
§ Sêrat karangan bab pigunanipun klapa tuwin arèn, sampun kula tampèni. Pangraos kula karangan wau prayogi kapacak ing kalawarti: Dèwi Sri, cêcêpênganipun sadhèrèk Umar Sanusi ing Ngayogyakarta. Wontên ing Pusaka Jawi kirang mathuk. (kembali)
§ Sêrat karangan bab pigunanipun klapa tuwin arèn, sampun kula tampèni. Pangraos kula karangan wau prayogi kapacak ing kalawarti: Dèwi Sri, cêcêpênganipun sadhèrèk Umar Sanusi ing Ngayogyakarta. Wontên ing Pusaka Jawi kirang mathuk.
neneman. (kembali)
neneman.
Kurang satu suku kata: bedane ing jaman mangkin. (kembali)
Kurang satu suku kata: bedane ing jaman mangkin.