Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-06, #428

Judul
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 6, Juni 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Sêsorahipun Tuwan Dhoktor C. HOOYKAAS

Wontên ing gêdhong Radyapustaka ing Surakarta, nalika dintên Rêbo tanggal 10 April 1935 bab agami Buda

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5

Têtiyang Indhu ing jaman kina inggih sami gadhah kayakinan, bilih badhe karawuhan ing jagad guru. Tindak-tindakipun jagad guru ingkang badhe rawuh wau, dipun entha-entha dipun èmpêrakên kalihan lampahipun srêngenge sabên dintên. Ing wiwitanipun srêngenge wau anggènipun ngatingal kados sêmu rikuh utawi ajrih, dangu-dangu mindhak nyênêngakên, wasana lajêng katingal mancorong, ngêdhangkrang wontên ing akasa. (Anggènipun ngentha-entha dipun lajêng-lajêngakên, namung botên kula aturakên wontên ing ngriki). Ahli sastra ingkang kantun-kantun, anggènipun damêl babadipun Sang Buda, dipun êtutakên dhatêng ngengrengan punika wau. Manawi sumêrêpipun dhatêng lêlampahanipun Sang Buda namung sakêdhik, punika malah dipun anggêp klêrêsan, anggènipun ngrumpaka malah sagêd sakajêng-kajêngipun piyambak, botên kacêncang punapa-punapa. Manawi kula utawi panjênêngan maos sêrat babad ingkang makatên punika salah satunggal, lajêng sagêd mungêl makatên: Ah, mokal iki yèn ana têmênan, sabênêre manungsa sing aran Buda kuwi pancèn ora tau ana. Wêwulang sing akèh apik-apik kuwi ditèmplèkake wae marang srêngenge, sabab kuwi dianggêp Pangeran. Nanging botên makatên, Buda punika rumiyin pancèn inggih wontên sayêktos. Namung kemawon, dêdongengan ingkang

--- 82 ---

enggal-enggal punika, anggènipun ngrumpaka pancèn sok kêsangêtên.

Buda Gotama punika kawruhipun botên namung dipun agêm piyambak, dipun gêlar katular-tularakên dhatêng tiyang kathah. Anggènipun anggêlar wêwulangipun ingkang wiwitan, sêmunipun wontên ing taman sangsam ing nagari Bênarès. Nalika wontên ing ngriku (sêmunipun) mêmulang makatên: yèn arêp anggayuh wawasan sing sajati sarta nêdya ngalahake pati, kudu nyêgah kalacutan rong prakara. Sapisan: ngalap suka sing tanpa takêr. Ping pindhone: cêcêgah sing tanpa wangênan. E, para biksu, iki lo aran sajatining sangsara; lair iku sangsara. Tuwa iku sangsara. Lara iku sangsara. Pati iku sangsara. Amor karo sing ora disênêngi iku sangsara. Pisah karo kang nyênêngake iku sangsara. Ora bisa olèh samubarang kang dikêpengini iku sangsara. E, para biksu, sing arêp dak pratelakake iki sanyata dadi lantaran thukuling sangsara. Yaiku pangăngsa-ăngsa marang klakone tumimbal lair kang saka tumimbal lair. Dadi bungah lan kêpengin, sing bisa nukulake lêganing ati, iku iya katut: pangăngsa-ăngsa marang dumadi lan sirnane manèh. E, para biksu, sing arêp tak pratelakake iki sanyata dadi pawruting sangsara. Mangkene: pambengkasing sangsara mau bisane klakon, sarana nyirnakake utawa nundhung sarupaning pêpenginan. Kudu ngrucat utawa nguculi iku mau. Utawa iku mau kudu disingkang-singkang. E, para biksu, sing arêp tak pratelakake iki sanyata dêdalan kang anjog marang pambengkasing sangsara. Dêdalan iku ana cawangane wêwolu, aran pangandêl kang bênêr, tekad kang bênêr, têmbung kang bênêr, panggawe kang bênêr, urip kang bênêr, pangudi kang bênêr, angên-angên kang bênêr, sêmadi kang bênêr.

Awit saking panggêlaring pamanggih utawi wêwulang makatên punika wau Sang Buda Gotama lajêng dipun guroni tiyang kathah. Para sudagar, para biksu, para luhur sami mlêbêt dados murid. Dalah para ajar ingkang rumiyin dados gurunipun, namung botên sagêd damêl marêmipun Sang Gotama, inggih sami mlêbêt dados murid. Wulangipun Sang Buda wau botên nglastantunakên tatanan lami bab pêpangkatanipun manungsa kawan warni. Anamung manawi wontên ingkang ngintên, bilih Sang Buda Gotama punika wêwulangipun mligi badhe damêl marêmipun băngsa ingkang kasingkang-singkang (anama băngsa Pariyah) punika inggih botên lêrês. Ingkang grubyugan, mlêbêt dados murid punika, ingkang kathah, malah para sugih utawi para ingkang nyêpêng panguwaos. Yèn botên mlêbêt dados murid, inggih mêksa suka darma dhatêng pakêmpalan wau, sabab pakêmpalan punika, sanajan botên badhe kapiran, inggih kraos gadhah kabêtahan. Sang Buda wau kalihan muridipun salêbêtipun sataun anggènipun ngalambrang papriman, [papri ...]

--- 83 ---

[... man,] botên kauban wangon, ngantos sangang wulan. Namung yèn măngsa jawah ngrêcèh, punika kêdah manggèn ing papan ingkang kauban ing payon. Dene ingkang nyukani panggenan, para sugih ingkang nyondhongi piwulangipun Sang Buda. Inggih punika: murid-murid ingkang botên tansah tut wingking. Tamtunipun panjênêngan inggih sagêd anggalih, bilih muridipun Sang Buda wau, wontên ingkang sangêt anggènipun sumungkêm dhatêng panjênênganipun, tut wingking sapurugipun, wontên malih ingkang botên tilar bale griyanipun, taksih kêmpal kalihan anak semahipun. Malah inggih ingkang makatên punika ingkang kathah. Punika sami asok darma kangge nyêkapi kabêtahaning tiyang ingkang sami sumungkêm sangêt wau.

Sang Buda wau wontên mêngsahipun kalih warni. Sapisan, para pawèstri ingkang sangêt trêsna dhatêng Sang Buda sarta dhatêng para murid-muridipun, nanging botên dipun rampèk dhatêng Sang Buda. Sabab Sang Buda punika ngêmohi dhatêng samukawis ingkang endah utawi ingkang ayu, nyirik dhatêng kumanthil-kanthiling manah. Tamtunipun sampun ngraosakên sarta nyipati dhatêng kaboyonging kakung dhatêng pawèstri ingkang dipun trêsnani, utawi ingkang dipun siri. Punika miturutipun prasasat kados dipun kêluhi. Pramila Sang Buda tansah nganggêp mêngsah dhatêng pawèstri. Coba kagaliha. Para pawèstri ingkang dipun anggêp mêngsah dhatêng Sang Buda wau inggih para pawèstri ingkang sami nyêpêng bale pemahan, gadhah anak sarta simah, sami mitulungi nyêkapi kabêtahanipun para murid ingkang sami tut wingking Sang Buda wau. Wontên salah satunggaling murid pawèstri ingkang makatên wau nyuwun paringipun palilah Sang Buda wolung warni, sapisan: salaminipun gêsang badhe ngaturi darma awujud pangangge. Kaping kalih: badhe nyukani têdha dhatêng biksu ingkang lumêbêt dados murid enggal. Kaping tiga: badhe nyukani têdha dhatêng para biksu ingkang sami sipêng utawi mondhok ing salêbêting lêlampah. Kaping sakawan sarta gangsal: badhe nyukani têdha dhatêng para biksu ingkang sakit, sarta ingkang mulasara tiyang sakit. Kaping nêm: badhe nyukani jampi dhatêng ingkang sami nandhang sakit. Kaping pitu: badhe nyukani darma bubur sabên dintên. Kaping wolu: badhe nyukani patêlêsan adus dhatêng para endhang.

Ingkang sami kadugi makatên punika kathah sangêt. Inggih para pawèstri punika ingkang dipun prayitnani dhatêng Sang Buda.

Dene gêgolonganing mêngsah satunggalipun, punika kenging dipun kawonakên. Botên taha sami dipun dhatêngi, dipun sêsorahi. Mêngsah wau sami muridipun guru sanès. Sarèhne Sang Gotama punika botên nindakakên sêsaji, pramila inggih lajêng dados mêngsahipun para brahmana.

Para brahmana punika agaminipun agami Indhu. Sêsaji dhatêng dewa punika dipun anggêp inggil-inggiling pandamêl. Ing wiwit-wiwitanipun, [wiwit-wiwitanipu ...]

--- 84 ---

[... n,] sêsaji dhatêng para dewa punika, dipun anggêp lampah, ingkang adamêl rênanipun para dewa ingkang dipun mêmule. Lamining lami têtiyang sami gadhah panganggêp, bilih botên namung makatên kemawon pikantukipun, malah lunturing sih lan botênipun punika inggih dipun gandhèng kalihan sumaos lan botênipun sajèn. Manawi angên-angên makatên wau dipun lampahakên kados caranipun tiyang sade tinumbas, lajêngipun malih makatên: para dewa sagêd dipun karsa paring pitulung utawi sih, manawi sampun tampi sajèn. Kasaranipun: Ada oeang, ada barang. Dangu-dangu lampahing angên-angên lajêng andadra: tiyang ingkang sêsaji, sagêd mêksa utawi masesa dhatêng dewa. Dene ingkang kwawi masesa utawi mêksa dhatêng dewa punika namung para brahmana. Pramila lajêng sagêd ngêrèh dewa, kapurih mituruti sapikajêngipun. Makatên punika pandadraning angên-angênipun têtiyang ingkang sangêt pitajêngipun. Măngka muridipun Sang Buda, prakawis sajèn, sêsaji, utawi têtiyang ingkang sêsaji, punika sampun botên dipun paèlu. Dipun anginakên kemawon. Pramila lajêng tuwuh pradondi. Anamung gegeran ingkang saklangkung sangêt punika tuwuhipun saking pradondinipun para guru ingkang tunggil tuju kalihan Sang Buda. Dhatênga pundi-pundi pabênipun sadhèrèk punika inggih ngedab-edabi sangêtipun.

Bab wêwulang ingkang dipun gêlar Sang Buda, sampun wontên ingkang kula aturakên sawatawis. Samangke kula badhe ngaturakên bab kêkahipun anggènipun mêcak-mêcak dhatêng urut-urutaning lampahipun angên-angên. Nrithik, botên wontên ingkang dipun langkahi utawi dipun langkungi. Limrahipun tiyang wicantên makatên upaminipun: La wong arêp udan, aku iya anggawa payung. Punika pangraos kula sampun urut, sampun jangkêp. Namung manawi miturut lampahing angên-angên wêwulang Buda, taksih klangkungan kathah. Makatên: sapisan, aku arêp lêlungan. Kaping kalih: iki arêp udan. Kaping tiga: yèn kodanan, aku rak têlês. Kaping sêkawan: yèn têlês aku kok suthik, sabab ora kêpenak. Kaping gangsal: aku tak golèk reka, dianggo nyingkiri barang sing ora ngêpenakake iku. Kaping nêm: aku tak golèk srana, murih awakku aja nganti têlês. Kaping pitu: sranane pangrasaku mung payung. Kaping wolu: yèn payung kuwi tak ungkulake awakku, aku rak ora têlês. Kaping sanga: dadi aku tak anggawa payung.

Lampahing wêwulang agami Buda punika panatanipun inggih dipun pêcak-pêcak, rêntêt makatên punika. Tumrapipun tiyang sakula, makatên punika murugakên sayah dhatêng angên-angên, pangraos kula kêrèbyègên. Dene anggènipun ngungêlakên, prayoginipun, apêsipun kaping tiga. Malah utaminipun, yèn sagêd, kaping tiga ambal kaping tiga.

--- 85 ---

Pramila ingkang kathah-kathah, anggènipun ngurut-urut wulangan punika, prasasat botên kenging dipun waos. Ananging punika wau tiyang pancèn botên dipun sadhiyakakên kaangge waosan, dipun sadhiyakakên prêlu badhe dipun mirêngakên, dados inggih botên punapaa. Lajêng dipun gilut, murih ngêrtosipun, lajêng dipun èngêt-èngêt sarta dipun êcakakên. Tamtunipun panjênêngan inggih sampun nate mirêng ginêmipun tiyang tukang mêmulang utawi sêsorah, makatên suraosipun: wêwulang utawi ginêm punika, sagêdipun tumancêb sayêktos dhatêng angên-angênipun tiyang ingkang sami mirêngakên, manawi sampun dipun ucapakên wongsal-wangsul. Manawi ingkang badhe kula aturakên punika panjênêngan karsa anggalih, bokmênawi panjênêngan sagêd mindhak mangêrtos dhatêng pikajênging ungêl-ungêlan punika wau.

Sang Buda manawi anggêlar wêwulang lagunipun sarèh, botên gambira, botên kanthi pangungun utawi gêgêtun ingkang anggarês, botên sêrêng, botên sêmu nglangut. Punika sampun cundhuk kalihan têkadipun Sang Buda, anggènipun ngêmohi dhatêng sadaya prakawis punika.

Ingkang kula aturakên punika bab wujuding wêwulangipun Sang Buda. Dene suraosipun, nêngsêmakên sangêt tumrapipun têtiyang ing jaman samantên. Pancèn anggènipun andhawahakên wêwulang, dipun angkah murih tiyang-tiyang sagêd enggal mangêrtos. Wondene ingkang dipun wulangakên namung prakawis ingkang mikantuki kangge anggayuh kawilujêngan. Dados botên sadaya ingkang sampun kacêpêng, dipun gêlar dhatêng tiyang kathah. Saking panggalihipun, ingkang angèl-angèl punika botên prêlu sarta botên prayogi manawi dipun giyarakên dhatêng tiyang kathah. Sanajan prakawis wau pancèn prayogi dipun sumêrêpi, namung inggih ringkêsanipun kemawon, botên prêlu dipun andhar-andhar. Namung dipun pilihi ingkang prêlu-prêlu sangêt kemawon. Salajêngipun, pranatan ingkang sampun kawulangakên punika kemawon, dipun giluta sarta dipun êcakna. Sanajan botên nglêngkara, bilih Sang Buda inggih taksih kagungan pamanggih ingkang namung dipun agêm piyambak, sarta sagêd mratelakakên sadaya sabab-sababipun, anamung ingkang dipun wulangakên dhatêng murid-muridipun namung ingkang nuntun dhatêng kawilujêngan kemawon. Sanès-sanèsipun botên.

Pamanggihipun têtiyang băngsa brahmana, miturut ungêling sêrat-sêrat kina, samukawis ingkang sawêg dumados punika sadaya pancèn sampun wontên wau-waunipun, wiwit jaman kalanggêngan dumugi jaman kalanggêngan. Sadaya ingkang katingal wiwit dumados, sarta ingkang sampun wontên, tuwin ingkang lajêng sirna, punika sajatosipun namung kabêkta saking santun sumantuning kawujudan kemawon. Dene miturut wulang Buda, sadaya ingkang taksih maujud sarta

--- 86 ---

ingkang sampun mantun maujud, punika namung kabêkta saking undha-usuking ênèm sêpuhipun kemawon, têgêsipun santun-sumantuning warni, anggènipun ngêtutakên măngsa utawi jaman. Sadaya sami tansah ewah-ewah margi kapêksa miturut pranataning kodrat prakawis, sabab kalihan kadadosanipun, wondene bab kêkiyataning sabab kalihan kadadosanipun wau pinangkanipun saking pundi, punika wulang Buda botên ngrêmbag. Makatên ugi bab dumadosipun jagad, punapa Gusti Allah ingkang nitahakên, punapa panguwaos sanèsipun ingkang mujudakên, upami kodrat, punika têtiyang agami Buda inggih botên ngrêmbag, sabab tiyang-tiyang wau ingkang dipun prêlokakên namung prakawis anggènipun nyingkiri utawi ngruwat sangsara kemawon. Sang Buda nalika taksih sugêng, botên mêsthi karsa paring wangsulan dhatêng tiyang ingkang sami matur pitakèn, malah kathah ingkang botên dipun paringi wangsulan, sabab mindhak damêl mingsêding angên-angên kemawon, lajêng kasupèn dhatêng ingkang dipun pungsêng. Punapa ingkang dipun pungsêng. Dêdalan utawi margi cawang wolu, ingkang dados sarana pangruwating sangsara. Taksih wontên sambêtipun.

Wêwahan Pèngêtanipun Radèn Kamil

XIX. Têrkadhang aku sok mikir-mikir, lêlakone wong urip ana ing alam donya. Yèn Gusti Allah arêp paring pakewuh, utawa susah, jalarane kok ana wae. Mangkono uga yèn arêp paring kêpenak utawa kasênêngan, kok iya ora kurang jalaran. Barang sing rèmèh-rèmèh bisa gawe susah utawa bungah sing bangêt. Ana ing sajone[1] rame-rame aku wis tau diparingi karikuhan sing marakake ora kêpenak mênyang ati. (Wis kasêbut ing ngarêp), ana ing sajroning pêtêng pikiranku, banjur pinaringan bungah utawa padhang angên-angênku, kuwi iya wis kêrêp. Bab tumibane bungah lan susah iku yèn ana ing sajroning lêlakone wong urip, sok rada adoh êlête. Tarkadhang iya anggêjlèg wae, utawa numpa-numpa. Kandhaku sing dhisik-dhisik, akèh sing mratelakake ora kêpenake atiku. Jalarane sing jujugan, marga diewani. Tarkadhang băngsa sabrang tarkadhang bangsaku dhewe sing ngewani. Dilalahe kok ya ora kabèh-kabèh padha ewa. Ana sing trêsna utawa cocog panêmune karo panêmuku. Dadi kêpenak olèhku têtêpungan. Prakara iku wis ana sawatara sing tak sêbutake ing ngarêp. Saiki isih ana manèh sing prêlu tak sêbutake asmane, sabab saking bangête ênggone trêsna marang aku utawa cocog karo aku.

1. Panjênêngane Tuwan Abêndhanon swargi. Dene sing wiwit nêpungake aku karo panjênêngane: swargi Radèn Mas Ismangun [I ...]

--- 87 ---

[... smangun] Danuwinata. Wiwitane tuwan A, iku dadi sèkrêtaris dhepartêmèn ondhêrwis, banjur dadi dhirèktur. Sajake kraos dhangan tak ladèni. Sangsaya lawas panggalihe sangsaya rakêt marang aku, nganti mlèbèr mênyang anakku. Nalika anakku Duryat sinau ana ing nagara Walănda, barêng têka ing kana anyar-anyaran, sowan mênyang dalême tuwan A, ngaturake bab kaslamêtane lakune têkan ing nagara Lănda, sarta kaslamêtanaku sagotrah. Tuwan A, jarene Duryat, katon dhangan bangêt, banjur ngandika marang Duryat, surasane mêngkene: Pênganggomu kok tipis têmên, kuwi yèn pinuju măngsa bêdhidhing mêngkene iki rak kurang kandêl. Adhême ora kêjamak.

Mênika pangraos kula sampun cêkap, sarta malih bapak anggènipun numbasakên kathah.

Ora. Tak kira bapakmu wis rada lali marang adhême măngsa bêdhidhing ing kene, kowe tukua manèh sing kandêl têmênan. Êntènana sêdhela.

Tuwan A, banjur mlêbu ing dalêm, mêtune ana ing ngarêpan, paring dhuwit karo bêlah rupiyah marang Duryat. Ngandikane mêngkene: Iki lo, ênggonên tuku.

Pangrêngkuh mêngkono iku, sanajan ing pamburine aku ngaturake bali, panganggêpku dadi pratăndha, yèn panjênêngane asih marang aku, mlèbèr marang anakku. Kajaba pitulung iku mau, isih ana manèh pitulung kang tumiba nuryat[2] mau, andadèkake aku krasa kêrêp dipitulungi. Sigêg.

2. Nalika Duryat ana ing nagara Lănda, wis tau nandhang lara rada bangêt. Sing dipondhoki ênggone ngopèni sarta nunggoni, katara gumati bangêt. Wong saomah rina wêngi gêntèn-gêntèn padha nunggoni. Dalah anake wadon sing wis gêdhe-gêdhe, watara umur pitulas, wolulas taun, padha giliran nunggoni. Tur olèhe ngupakara iya dhokoh, kaya ngopèni sanak utawa anake dhewe. Kang mangkono iku marakake atiku karasa-rasa bangêt. Bocah adoh wong tuwa, adoh sanak sadulur, kêcandhak ing lara. Atine mêsthine rak nalăngsa bangêt. Aku dhewe ora bisa têtulung apa-apa, marga adoh. Jêbul ana sing kasdu ngopèni sarta nunggoni rahab sarta gumati bangêt. Aku sukur bangêt marang Gusti Allah, dene karsa ngiguhake lêlakon, sing nganti agawe têntrême atiku. Sarta manèh iya bangêt panarimaku marang tuwan sabrayate kabèh, kang têmên-têmên ênggone ngopèni anakku mau.

3. Nalika anakku bali saka nagara Lănda, ana ing Batawi golèk pagawean, dipitulungi têpungaku sing trêsna marang aku, asmane tuwan G. Nalika samana tuwan G mau dadi Alg. Thesautier apdhèling Alg. Secretarie anakku banjur bisa olèh pagawean, pamêtune luwung, bisa cukup dipangan. Bangêt panuwunku marang tuwan G. mau. Kajaba iku isih ana manèh sawatara [sawata ...]

--- 88 ---

[... ra] sing trêsna marang aku utawa anakku. Asmane tuwan Hld. sarta tuwan Klpr. luwih-luwih tuwan Croes.

4. Tuwan Croes iku klêbu isih ênom, dadi lêlurahku. Pangrêngkuhe marang aku bêcik bangêt, mulane jênak ênggonku nyambut gawe nglakoni ayahan nagara nganti patang puluh taun. Malah nalika aku arêp nyuwun pènsiun, digondhèli. Nanging aku wis kêpengin ngaso, rumăngsa wis tutug, olèhku ambanting raga. Wis cukup ênggonku labuh utawa lêladi marang nagara. Rumăngsa wis warêg ênggonku lêlumban ana ing sagara paramean. Wah, yèn aku kèlingan nalikane aku lêlumban, sok gêli rasane atiku. Kêtrajang ing angin gêdhe, katêmpuh ing prahara, kaya-kaya arêp kèrêm prau sing tak kêmudhèni. Digawe onclang marang ombak lan alun. Pangrasaku tarkadhang kombul mèh têkan mega, banjur kêbanting-banting kasêmpyok ing alun, andadèkake briwute angên-angênku. Sok mèh ngêntèkakê ati. Tujune sabên-sabên Gusti Allah paring pitulung, paring kamurahan. Bisa oncat saka ing bêbaya.

Yèn ambênêri angine apik, langite padhang rasaning ati kaya-kaya ing alam donya iku mung dadi panggonane wong among suka bae. Lara sarta pati, papa sarta sangsara kaya-kaya ora tumama marang awakku. Sing kêtiban mung wong ing kana-kana wae patute. Mulane Gusti Allah kêrêp paring pawêlèh utawa pêngajaran, murih aja bangêt-bangêt manungsa ênggone nasar.

Kajaba sing wis tak sêbutake ing ngarêp cêkak-cêkakan, isih akèh têtêpungaku sing awèh pitulung marang aku, êmbuh akèh, êmbuh sathithik. Nanging ora kabèh tak sêbutake asmane utawa wujude pitulung. Mundhak anjuwarèhi. Ênggonku mratelakake iki mau prêlune, supaya anak putu aja nganti duwe pangira, yèn sing tak prangguli iku mung prakara sing pait-pait wae. Utawa aja nganti ngira, yèn sing tak ucapake mung sing gawe ora kêpenake atiku wae. Nanging wis dilalah, manungsa iku yèn nandhang sing ora kêpenak, sanajan mung sathithik, kudu-kudu muni. Yèn nrênjuhi sing ngêpenakake ati utawa angên-angên, dianggêp: wis mêsthine.

Prakara iku saiki tak pêdhot samono wae dhisik. Êmbèn-êmbèn, yèn isih pinarêng, tak banjurne critaku bab lêlakon sing wis tak alami...

Dumugi samantên wêwahaning pamêthik kula saking pèngêtanipun panjênênganipun Radèn Kamil.

Arjuna Wiwaha (Arjuna Binayangkare)

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 5.

Endahing warnanira undhakana dadi tikêl sêpuluhe endahing bojone Si Arjuna kang aran Wara Subadra sarta Rêtna Ulupi, kang wis padha komuk endahe.

--- 89 ---

Warnanira sira gawea kayadene kêmbang angsana kang mêkar nalikane katetesan ing awun-awun. Dikaya gêbyaring rêmbulan purnama. Kayadene kêmbang gadhung ura ing gêlang kasiliran ing angin, ambabar gănda arum kang nêngsêmake. Yèn sira gawe kaya mangkono endahing warnanira, Sang Hyang Kama mêsthi bakal kêgiwang panggalihe.

Makatên pangandikanipun Bathara Endra. Para widadari sami nyêmbah, tumuntên sami bidhal anglayang ing gêgana. Ibêripun alon pindha lampahing angin sumilir. Ewasamantên mêksa enggal dumugi ing papan ingkang sinêdya. Kathah para apsari cèthi ingkang sami tut wingking, sadaya namung sami andhèrèkakên saking katêbihan kemawon. Rêdi Indrakila sampun katingal. Sangsaya cêlak sangsaya katingal gêgawangan.

Dhatêngipun para widadari ing wanci enjing, lajêng sami lumampah dharat urut margi, angenggar-enggar manah. Wit cêmara ing iringing parêdèn sami mobat-mabit, isthanipun kados sami asung pambagya dhatêng para widadari. Wit manisjangan sinomipun abrit mèngèr-mèngèr sami kumrisik ebah, kados sami nantang para widadari, kaajak abrit-abritan kalihan lambenipun.

Ananging asrining kêkajêngan tuwin wit-witan ing wana sinaput ing pêdhut. Ingkang katingal cêtha namung ingkang cêlak-cêlak. Saya lêpas lampahipun para widadari. Endah-endahing parêdèn lajêng kapêngkêr. Swaraning kombang ambrêngêngêng umung, ananging botên katingal wujudipun. Kinjêng sami pating klêntrêng, mabur mubêng-mubêng. Ing kajêng cêndhana wontên mêrak sajodho mencok ajêng-ajêngan, sami anjêbèbèh buntutipun.

Asrining pasawangan ing lambunging parêdèn winulat sakalangkung nêngsêmakên dhatêng ingkang nêmbe dhatêng, muhung awrating ayahan, ingkang anjalari prihatosing manah. Mêndhung kasênênan ing sunaring surya anuwuhakên kaluwung. Punika sangsaya anjalari karănta-rantaning manahipun.

Pèrèng-pèrèng padhas anjulêg manglung ing sanginggiling jurang lêbêt pindha têlênging kawah Căndradimuka. Pating sarèwèh lampahing ilèn-ilèn toya ingkang mancur ing jêjurang. Dumuginipun ing dhasar dhumawah ing padhas lunyu. Kinjêng sêmprang balandaran ing awang-awang. Kinjêng têngis sêsarêngan mungêl pating salêngèr. Wit-witan sami ngungak para widadari saking katêbihan, pangipun tumiyang-tumiyung pindha ngawe-awe.

II. Rêdi Indrakila katingal ngrêgunuk, kinarukub ing ampak-ampak, esthanipun kadosdene ajar kêkêmul. Wondene wit sukun ingkang wontên ing pucak, minăngka kêthunipun. Dêling-dêling tumêlung klangsrah ing toya, kados isthaning tiyang rêrêsik kêkêmu, raup badhe sêmbahyang.

Ing wana wontên pasanggrahanipun kangge nyawisi para andon lêlampah ingkang kêjawahan [kêjawah ...]

--- 90 ---

[... an] ing awaling măngsa kapat. Ing têpinipun sampun rinêsikan sarta katanêman ing sêsêkaran mubêng. Sakalangkung ngrêsêpakên sinawang. Wit-witan sami awoh ambiyêt sumadhiya măngka pasugataning tamu. Sulur gantung arawe-rawe sakalangkung asri pindha asung pambagya dhatêng ingkang nêmbe dhatêng. Wontên malih têtuwuhan ingkang sêkaripun amrok, kados kacawisakên kangge cundhuk ing gêlungan.

Para widadari sami sayah alêsah, endah sarta asrining wana adamêl lam-laming pandulu, kados anggugah gambiraning manah karungrungan. Sadaya sami ngrumpaka gambaripun Sang Arjuna wontên ing salêbêting manahipun.

Ing ngriku wontên wit agêng. Ing ngandhapipun wontên sela kumlasa kasasaban ing lumut miwah kleyanging gêgodhongan garing. Para widadari sami kèndêl ngaso lêlinggihan wontên ing ngriku. Ing sacêlakipun ambaladêr kêbak rontogan pêlêm, kados sami sumêrêp bilih para widadari wau sami kaluwèn. Botên têbih saking ing ngriku wontên toya tumampar abêning sumadhiya kangge jêjampining salit.

Para widadari sami linggih ongkang-ongkang, sukunipun kêkobok ing toya. Wontên ingkang mijêti kempol, margi karaos sayah. Wontên ingkang raup punapadene maoni gêgêlung. Sadangunipun sami ngangên-angên Sang Arjuna, wontên ingkang tukaran, sawênèh wontên ingkang sakalangkung berag ngilo ing toya bêning.

Anggènipun lêlinggihan kasambi gêginêman ngrêmbag, kadospundi lampah-lampahipun anggènipun badhe nyêlaki Sang Arjuna. Kêkênthêlaning rêmbag, anggènipun badhe mangkat, sasampunipun sêrap surya ing nalika wulan nêdhêng andhadhari. Para widadari tumuntên sami gêgujêngan sarta rêraosan ngêntosi wêdaling wulan.

III. Sarêng sampun lingsir surya, para widadari sami pradandosan ngadi busana. Cèthi-cèthi ingkang badhe ngladosi tuwin ambusanani sampun sami marak. Para widadari sami dipun pêpacak sakalangkung endah, dipun cundhukakên kalihan tindak-tandukipun sarta lêlewanipun. Satunggal lan satunggalipun botên wontên ingkang dhumpyuk sulistyaning warninipun. Sadaya sami katingal manis pindha manisan manggis utawi madu pinasthika.

Sarampungipun ngadi raga lajêng sami bidhalan. Botên dangu wiwaraning guwa pratapanipun Sang Arjuna katingal. Warninipun saklangkung asri anêngsêmakên. Para widadari sami kèndêl wontên sangajênging guwa, watawis tigang dhêpa têbihipun saking ing guwa. Lawanging guwa sela pêthak, isthanipun kados mèsêm asumèh nambrama ingkang nêmbe dhatêng. Gêgodhongan sami ebah kados ngawe-awe ngacarani lumêbêt: ingkang jêngandika upadi wontên ing lêbêt, gampil jêngandika tawan.

--- 91 ---

Ananging ing guwa wau katingal sêpên mamring, kados botên dipun ênggèni tiyang. Sêkar-sêkar sajèn sami alum, padupanipun sampun pêjah. Ing palataranipun botên wontên tilasing sapu, malah sampun rêgêd, sampun rungkud kathukulan ing rumput.

Para widadari sami ngangên-angên Sang Arjuna kalayan sêkunging manah. Sarêng ngungak ing salêbêting guwa sami sakala anjêngêr kascaryan sumêrêp Sang Arjuna pindha golèk kêncana, pindha wulan purnama.

Sang tapa sampun sagêd anggayuh sêmadi êning, jêr anggènipun mêmuja dhatêng dewa sampun wêwulanan, mila prabanipun sampun katingal mancêr sumunar. Anggènipun linggih sila, tangan tumumpang ing pangkon, netra mandêng pucuking grana. Suksmanipun sampun uwal saking sarira, sampun botên mirêng lan botên ngraos punapa-punapa, manahipun suci rêsik kados sampun suwung.

Para widadari sami ngintên, bilih sang tapa gampil kêgiwang dening endah ayuning warnanipun. Sok ugi purun nyawang satleraman kemawon mêsthi kêpencut. Botên sami mangrêtos, yèn pupuling cipta ingkang sampurna punika suka kanikmatan luhur, kalis ing panggodha nikmating ulah katrêsnan. Yèn katandhing kalihan nikmat pupuling cipta, prasasat pucaking wit kalapa katandhing kalihan rêdi.

IV. Surya sampun sêrap, rêmbulan andhadhari sumunar padhang anêlahi, kados ngawasakên sasolah-tingkahipun para widadari. Wasana lajêng umpêtan mangslup ing mega, jalaran para apsari inggih ical manjing ing guwa kapiadrêng badhe nyawang sariranipun Sang Parta. Pancènipun makatên badhe sami anggodha, ananging sarêng sami sumêrêp Sang Parta, malah lajêng sami kêgiwang manahipun. Tumuntên sami ngrêrêpi kidung kêkudangan. Suka pralambang, mratelakakên anggènipun kandhuhan ing brăngta. Wontên satunggal ingkang singsot-singsot, sarta akêcap-kêcap, tuwin anjêthuti suku.

Sawênèh wontên ingkang nguswa-uswa sêkar pudhak sarwi kinidungan kapindha Sang Arjuna, lajêng kinêkêp-kêkêp, kapadalakên ing payudara kados isthaning bêbayi. Makatên wicantênipun: Ênggèr, kojur têmên, awakmu. Bapakmu êmoh ngrêmbug kowe.

Sawênèh wontên ingkang marêki sang tapa, nyandhak asta ingêlus-êlus kalayan sangêt nahên brăngta.

Wontên widadari sawatawis mêdal saking ing guwa. Sadumuginipun ing jawi sami bêbisikan lajêng gumujêng lirih, wasananipun wangsul lumêbêt ing guwa malih, api-api kacunipun kantun wontên ing pangkonipun sang tapa.

Ing wasana para widadari sami kesah, namung satunggal ingkang kantun, andêrpati anggodha sang tapa, ananging sasolah-tingkahipun tanpa damêl.

Dene ingkang sami wontên ing jawi sakalangkung sêdhih, jalaran pisah kalihan Sang Parta. Rambutipun [Ra ...]

--- 92 ---

[... mbutipun] sami kaore, kados-kados sami ambêbana dhatêng rêmbulan: O, rêmbulan, saupama ayu endahku kaya kowe, sang tapa mêsthi badhar dak godha.

Makatên wicantênipun para widadari, ananging Sang Arjuna panggah rêsik suci. Păncadriyanipun sampun êmoh dhatêng pakarêmanipun ingkang rumiyin. Sagêd mirêng sagêd sumêrêp, ananging kasucianipun panggah mulus.

Para widadari anggènipun sami namakakên godha ngantos tigang dintên tigang dalu, ananging cabar. Têmahan sami nglumpruk têlas pangajêng-ajêngipun, jalaran Sang Parta têtêp panggah ayêmipun, botên gingsir sarambut. Lajêng sami wangsul dhatêng kayangan. Ing salêbêting manah taksih sami ngangên-angên Sang Arjuna.

Sadumuginipun ing Suralaya lajêng sami marak ing ngarsanipun Bathara Endra, nêmbah sarta andhorèngakên lêlampahanipun sakalangkung ngrêsêpakên. Saisining Suralaya sami ngalêmbana dhatêng kawantêranipun Sang Parta. Kathah ingkang tumungkul majêng dhatêng prênahing rêdi Indrakila.

V. Para jawata sadaya sami lêga panggalihipun nalika midhangêt kasutapanipun Sang Arjuna. Kados-kados sirahipun danawa raja sampun sumaos ing ngarsanipun. Namung kantun saprakawis ingkang andadosakên rangu-ranguning panggalih. Punika ingkang dados balêntonging sukanipun.

Jêr buntasing cipta wêning sagêd anjalari Sang Parta nampik dhatêng samukawis, lajêng namung nêdya anggayuh pangruwating sangsara kemawon. Manawi makatên, karsanipun Hyang Endra têmtu botên kadumugèn, pramila badhe nyalirani piyambak tindak mindha-mindha ajar sêpuh thuyuk-thuyuk sarta sampun ngliga sarira.

Bawaning dewa, tindakipun lêpas pindha lampahing gagasan. Ing nalika punika pinuju măngsa jawah, patapanipun Sang Arjuna kinêmulan ing ampak-ampak, asrêpipun kagila-gila. Hyang Endra ngrungkuk asêsanggan têkên, jumênêng kamigigilên wontên ing sangajênging guwa.

Anggènipun wontên ing ngriku ngantos dangu, watuk-watuk sarta dhèhèm-dhèhèm. Sang Arjuna gajêg-gajêg panggalihipun, têmahan kandhêg anggènipun ngêningakên cipta, nambrama dhatêng ajar sêpuh pitakèn sangkan paranipun. Pandhita sêpuh mangsuli: Anggèn kula mubêng-mubêng ing wana tuwin parêdèn punika prêlu jiyarah dhatêng papan suci. Wasana kula sumêrêp teja. Punika mratandhani yèn ing ngriki wontên ajar amangun tapabrata. Ingkang punika mugi pun adhi karsa ngêgungakên pangaksama, dene kula ngregoni anggèn sampeyan sêmadi.

Adhi, kula sumêrêp, anggèn sampeyan tapa punika taksih kirang sampurna. Sampeyan taksih nyandhing gandhewa, pêdhang tuwin rasukan kêre. Dados, ingkang dados panjăngka sampeyan punapa namung pangawasa. Adhi botên anggayuh kamuksan.

--- 93 ---

Manawi manah sampeyan sampun kêkah nindakakên tapabrata, punapaa manah sampeyan botên sampeyan ênêrakên dhatêng gêgayuhan ingkang luhur. Yèn ingkang kajăngka muhung kadonyan thok, lah ing ngriku punika wiwitipun ngancik ing panasaran. Punapa inggih tiyang milalah tilar toya panggêsangan, prêlu ngulari wisa.

Sadhèrèk, yèn dipun manah ingkang têmênan, donya punika botên liya kêjawi namung gêndhêng-gêndhêngan. Punika cêkak aosipun. Sami ngênthu-ênthu pados kanikmatan, lajêng namung pikantuk sakit, sarta blêrêngên dhatêng pamothahing păncadriyanipun.

Punika kados pêpindhaning tiyang ningali ringgit wacucal, kêpranan manahipun têmahan sêdhih anangis. Ingkang makatên punika rak bonto sangêt. Rak sampun sumêrêp, ta, yèn punika namung wacucal katatah dipun ebahakên sarta dipun ucapakên. Inggih makatên punika wujuding donya, namung panggorohan kalihan sulapan thok.

Makatên pangandikanipun sang pandhita kalayan têtêmbungan kapandhitan anêdahakên gêgayuhan ingkang langkung mulya. Sang Parta mangsuli: Kasinggihan sadaya pangandika panjênêngan punika, namung kemawon kawuningana, kula punika satriya, kawajiban kula ingkang langkung prêlu muhung kaprawiraning ayuda. Manawi kula sampun nêtêpi kawajiban, kamuksan inggih badhe kêgayuh.

Tujuning tiyang sadaya punika namung dhatêng nirwana. Namung marginipun ingkang beda-beda.

VI. Ajar mangsuli: Lah inggih punika bêbayanipun, yèn sampeyan anggêga karsa sampeyan piyambak. Kawasaning păncadriya punika agêng sangêt, tur sagêdipun namung suka kasangsaran thok.

Grêma tumimbal lair dados sima, amargi karêmanipun nêdha buron wana. Juru misaya ulam tumimbal lair dados baya kabêkta saking karêmanipun nêdha ulam toya. Samukawis ingkang dados pêpindênganing gagasan, têmtu inggih badhe nganyutakên. Manawi sampeyan gandrung dhatêng nirwana, mêsthi inggih badhe angsal nirwana.

Manahipun Sang Parta sakalangkung kakênan, ngintên bilih punika lêrês, pramila lajêng kèndêl botên angucap. Ing wasana anggraita, yèn sariranipun dèrèng sumungkêm sayêktos.

Sang Parta mangsuli cêkak aos: Kasinggihan pangandikanipun sang mahamuni. Kula punika kaikêt ing kawajiban: Bêkti tuwin trêsna dhatêng sadhèrèk. Ingkang kula tapakakên punika kadang kula sêpuh, kadêrêng kapengin angrèh bawana.

Ingkang dados tujuning panggalihanipun, muhung waluyaning jagad tuwin kawilujênganing manungsa sadaya. Anggèn kula nglampahi tapa punika nuwun inggih namung nglabêti punika wau. Manawi Hyang Mahadewa botên marêngakên, kula milaur pêjah, botên badhe mantuk.

--- 94 ---

Makatên wangsulanipun Sang Arjuna. Sang pandhita lajêng ngejawantah. Bathara Endra jumênêng wontên ing sangajênging sang tapa. Sang Parta lajêng sumungkêm sujud sarta nyêmbah. Tanganipun Sang Arjuna kaasta sarta dipun pangandikani makatên: He, putraningsun, aja sira was sumêlang. Sang Hyang Siwah mêsthi asih bangêt marang sira. Sira ora kêpencut marang ayu endahing wanita kang ingsun utus. Ênggon ingsun sumêlang, bokmanawa sira mungkur marang kadonyan, ngrungkêbi marang kapandhitan, iku têtela ora bênêr. Tutugna panggayuhira, mêsthi sira enggal karawuhan ing Hyang Ayu.

Sang Arjuna tumungkul konjêm ing siti, Hyang Endra lajêng musna kadosdene amun-amun. Wondene Sang Parta anggènipun mêsu sarira saya bantêr tikêl kaping sadasaning waunipun, kados pêpindhaning kajêng agaran sampun bêntèr mèh ngukus, anggènipun ngagar kêdah sangsaya kasrêmpêng. Makatên ugi Sang Arjuna, margi gêgayuhanipun sampun andungkap kêgayuh.

VII. Sigêg, gêntos kacariyos mêngsahipun Sang Hyang Endra sampun tata-tata nêdya mangsah ing prang. Sakathahing wadyabala mantri bupati tuwin para senapati sampun sangkêp ing dêdamêling ayuda, lajêng bidhal ngobrak-abrik kadewatan. Namung kahyanganipun Hyang Endra ingkang dèrèng kenging kaambah, jalaran para dewa, satru bêbuyutanipun para danawa, sami namakakên sandi upaya tuwin wisa. Para danawa sami prayitna ing pakèwêd, tumuntên anglampahakên têlik kinèn nitik-nitik sarta ngangin-angin pawartos dhatêng ing pundi-pundi. Ing wasana wontên têlik ingkang sagêd angsal damêl, matur dhatêng gustinipun, yèn Sang Arjuna punika sawêg mangun tapa wontên ing Indrakila. Punika kapinta sraya dhatêng para jawata, sarta inggih Sang Arjuna punika ingkang badhe sagêd munah sakathahing danawa. Pabu Niwatakawaca lajêng utusan danawa Agul-agul namanipun pun Murka, dhinawuhan mêjahi Sang Parta. Pun Murka tumuntên dhatêng ing Indrakila, nusup-nusup angosak-asik ing pundi-pundi, nanging botên sagêd manggihakên Sang Parta. Margi saking nêpsunipun satêmah bingung waringutên, wicantênipun: Gunung iki arêp dak gêmpur. Pun Murka lajêng matak aji, malih cèlèng, agêngipun kagiri-giri, rupinipun angajrih-ajrihi. Rêdi patapan sami sakala orêg, jugrug pucakipun. Sang Arjuna kraos hoyag, tumuntên mêdal dhatêng ing jawi ambêkta jêmparing sarta langkap. Wasana sumêrêp cèlèng agêng sawêg andhukir-dhukir rêdi, anggêmpur padhas pèrèng.

Sang Parta mèsêm botên gigrig manahipun. Pangunandikanipun: Bêncana gêdhe têmênan iki. Sampun andugi yèn punika dede sabaèning cèlèng. Dipun tamtokakên bilih cèlèng gadhungan malihanipun ditya candhala. Pramila enggal angrasuk rasukan kêre sarta ngangge kêtopong tosan, nêdya ngayoni pangamukipun waraha. Dumadakan wontên barat agêng [a ...]

--- 95 ---

[... gêng] gumrubug kados pinusus, kêkajêngan sami sol rêbah kabuncang têbih. Sang Hyang Siwah inggih Sang Hyang Nilakăntha têdhak saking Rêdi Kelasa mindha-mindha grêma, ingiring sakathahing para mulya tuwin para rêsi, isthanipun kados lampah-lampahing ratu pêpara ambêbujêng dhatêng wana. Sang Arjuna sarêng sumêrêp, lajêng ambatos: We, lah, mungsuhe têka sangsaya akèh.

VIII. Cèlèng trangginas nrajang, lajêng linêpasan ing jêmparing mrêtyu jihwa,[3] kenging wadhukipun. Sang Hyang Siwah inggih sêsarêngan anglêpasakên jêmparing. Trêp kenging ing wadhukipun waraha, nunggil labêt kalihan jêmparingipun Arjuna. Jêmparing kêkalihipun sinidhikara, pupul luluh dados satunggal. Sang Arjuna murugi wangkening waraha, jêmparing dipun dudut, nanging lajêng dipun sêndhu dhatêng Sang Hyang Siwah. E, ki sanak, geneya kowe anjupuk panah kuwi. Bêcik têmên lêkasmu. Kowe rewa-rewa dadi wiku, jêbul anggawa gêgaman lan mêmatèni kewan. Besuk sing dadi ganjaranmu rak mung naraka. Samono uga gurumu. Karo manèh, murang tata têmên kowe kuwi, wani-wani andhaku buronku. Pantês yèn dak aranana wong pêngung tur buyan.

Sang Parta mirêng têtêmbungan makatên kados sinêbit talinganipun. Wangsulanipun ladak lirih: Aja dupèh anggêr bisa ngucap. Sêmune kowe durung tau wanuh karo Arjuna. Dhasar mula nyata aku isih manganggo sacaraning prajurit, sing dak anggo têpa tuladha Sri Rama. Prêlune aja nganti aku disawiyah utawa digawe wirang kaya patrapmu iku mau. Manawa kowe gêlêm enggal-enggal sumujud ing lêbune trumpahku, dak apura kaluputanmu. Yèn ora, mêsthi kêlakon mati dening aku.

Para mulya pandhèrèkipun Sang Hyang Siwah sami mangkrak krura sarwi anjawahi jêmparing, tumuntên nrambul sêsarêngan. Wontên ingkang namakakên cakra, wontên ingkang nyuduki, ananging Sang Parta botên kewran, taksih panggah, botên gigrig. Lajêng gêntos, nglêpasakên jêmparing angin. Mêngsah sadaya kabur, namung Hyang Siwah piyambak ingkang botên kataman. Kêkalihipun sami ayun-ayunan lêpas-linêpasan jêmparing dibya mawarni-warni. Têmpuking dêdamêl angorêgakên rêdi-rêdi ngantos sami bêlah. Jêmparingipun Hyang Siwah ngêdalakên dahana agêng, sampun nate ambêsmi nagari têtiga, punika padhêm kataman jêmparingipun Sang Arjuna, ingkang ngêdalakên jawah dêrês tuwin prahara.

IX. Sang Hyang Siwah sakalangkung dukanipun, ing wasana nglêpasakên jêmparing rante apucuk sirah naga mangap-mangap awiyar cangkêmipun. Sang Arjuna kêpanduk ing jêmparing punika, dhawah ngalumpruk, putung gandhewanipun, kudhung tuwin rasukanipun kêre ajur dados sawalang-walang. [sawalang-wa ...]

--- 96 ---

[... lang.] Intên agêm-agêmanipun mawut sumawur. Putungan gandhewa kacandhak kaobat-abitakên kaangge gêgêntosing gada. Sang Hyang Siwah inggih sangsaya waringutên, kêkalihipun sami ambucal dêdamêl, lajêng prang rukêt banting-binanting. Sang Parta kêbalik dhawah ing ngandhap dipun tindhihi, nanging sagêd gêntos nyaut sampeyanipun Hyang Siwah. Badhe kajegal. Namung sampeyanipun Hyang Siwah lajêng musna tanpa lari, satêmah jawah sêkar tuwin kapirêng swaraning kêkidungan, muji jaya-jaya nganyut-anyut wontên ing akasa. Sang Hyang Mahadewa ngatingali Sang Arjuna awarni cahya. Ing sakawit sumamar alamat-lamat, ananging sarêng Sang Parta sumungkêm ngabêkti, têmahan Hyang Siwah katingal lênggah ing dhampar padmarêtna. Sang Arjuna manganjali. Ing samangke sagêd nyawang Hyang Mahadewa mawentehan, tumuntên ngaturakên sêkar kinanthèn ing măntra tuwin ukêling tangan mawarni-warni kados ungêling pêpakêmipun panêmbah. Sasampunipun makatên tumuntên munjuk:

X-XI. Aum, dhuh tuwan, pangayomaning bawana, mugi wontêna karsa tuwan amriksani atur sungkêm kawula tiyang kêsrakat, lair batos namung ing pada tuwan pangabêkti kawula, botên wontên sanèsipun.

Tuwan anyarambahi samukawis, tuwan pathining kanyataan luhur, sakalangkung angèl gayuh-gayuhanipun. Tuwin inggih dumunung ing wontên tuwin ing botên wontên, ing agal tuwin ing alus, ing awon tuwin ing sae.

Asaling jagad saisinipun, wontênipun tuwin sirnanipun, jalaran tundonipun, muhung panjênênganipun tuwan pribadi.

Kados upaminipun wêwayanganing rêmbulan dumunung ing wadhah toya, katingalipun cêtha yèn toyanipun wêning tuwin antêng. Makatên ugi tuwan, wahya tuwan muhung dumunung ing manah ingkang suci tuwin ingkang ngèsthi dhumatêng tuwan.

Tuwan dipun panggih ing tiyang, ingkang botên sagêd manggihakên tuwan. Kasawang ing tiyang ingkang botên ningali tuwan. Kagayuh ing tiyang, ingkang botên ngranggèh tuwan. Tuwan tuhu luhur-luhuring kabêgjan ingkang botên sinamar ing aling-aling. Badhe kasambêt.

Pawartos

Karangan bab pirantos misaya ulam êloh saking sadhèrèk cantrik ing Giri, sampun dumugi ing kantor rêdhaksi. Manawi tanpa alangan, badhe kapacak wontên ing Pusaka Jawi ăngka pitu. Nyuwun lajêngipun mugi tumuntên kakintunakên.

Gambaring pirantos, prayogi kadamêl wontên ing kêrtas sanès, cuwilan, lajêng katèmplèkakên ukur-ukur ing papaning karangan (dados ing karangan kasukanan lowahan ingkang kintên-kintên nyêkapi kangge papaning gambar).

Rêdhaksi.

--- 97 ---

 


sajrone. (kembali)
Duryat. (kembali)
§ Ilating pêjah. (kembali)