Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-11, #444

Judul

Ăngka: 11, Nophèmbêr 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 15.- sapalih kaca f 8.- saprapat kaca f 5.- Ingkang lajêng kaparêng lêngganan, angsal sudan. Ingkang abonêmèn kenging karêmbag.

Sanabudaya (Griya Kangge Ngrimat Sarta Mitongtonakên Barang-barang Kagunan) Gadhahanipun Pakêmpalan Yapha Insêtitut ing Ngayogyakarta.

Barang-barang kina ing tanah Jawi asli saking jaman Indhu Jawi (kabudan)

Dr. W.F. STUTERHEIM

1935

Klêmpakan barang-barang kina asli saking tanah Jawi ing jaman Indhu Jawi (kabudan) ingkang wontên ing Sanabudaya gadhahanipun pakêmpalan Java-Instituut ing Ngayogyakarta punika perangan-peranganipun kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Klêmpakan rêca sela, asli saking tanah Jawi Têngah tuwin wetan. Kangjêng guprêmèn sampun marêngakên rêca-rêca punika dipun pitongtonakên wontên ing Sanabudaya.

Klêmpakan barang-barang jêne, pêthakan, prunggu tuwin sanès-sanèsipun, panggihan ing nglêbêt siti ing bawah nagari Ngayogyakarta. Kalayan lêgawaning panggalih Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang jumênêng kaping VIII ing Ngayogyakarta sampun marêngakên barang-barang punika kapitongtonakên wontên ing Sanabudaya.

Barang-barang sawatawis, sumbangan utawi sambutan saking Tuwan Ir.J.L. Moens ing Ngayogyakarta, nyonyah de Wed. Citroen Dencher ing Hilphêrsêm (Hilversum) sarta Radèn Mas Tumênggung [Tumêng ...]

--- 162 ---

[... gung] Ariya Kusumabrata, bupati ing Tuban.

Klêmpakan barang-barang prunggu, sela tuwin sanès-sanèsipun, gadhahanipun pakêmpalan Java-Instituut piyambak, asli saking tumbas.

Klêmpakan-klêmpakan wau ingkang kathah kapitongtonakên wontên ing ngajêngan sarta ing kamar-kamaripun Sanabudaya. Rangkêpanipun barang-barang wau sarta barang-barang ingkang botên kenging kapitongtonakên punika pangrimatipun wontên ing panggenan sanès, kados ta ing nglêbêt. Dene barang-barang punika sami botên kasêbut wontên ing pratelan.

Barang-barang ingkang kapitongtonakên punika yasan ing jaman antawisipun jaman kombul-kombulipun kraton Indhu Jawi (kabudan) Mataram ing tanah Jawi Têngah (ing taun Walandi 732) kalihan jaman risaking kraton kabudan ingkang pungkasan ing tanah Jawi Wetan, inggih punika kraton Majapait (kintên-kintên ing taun Walandi 1500).

Barang-barang sawatawis, ingkang taun yasanipun botên sagêd katamtokakên, nanging ingkang wêwangunanipun cocog kalihan kagunan jaman Indhu Jawi (kabudan), punika mêksa sami katunggilakên kalihan klêmpakan punika, dene barang-barang sanèsipun ingkang inggih lêrês asli panggihan saking nglêbêt siti, nanging ingkang wangun utawi rêrêngganipun botên mathuk kalihan gagrag Indhu Jawi (kabudan), punika pangrakitipun wontên ing Sanabudaya wontên ing panggenan sanès.

Barang-barang wau ingkang kathah, rumiyin tumrap prêluning agami. Manawi prêlu, ing pratelaning barang-barang punika mawi kasêbutakên katrangan-katranganipun ingkang cêtha.

Pratelan barang-barang kina punika tumrap para ingkang sami mriksani Sanabudaya, nanging ingkang sanès ahli barang-barang kina. Sêrat katranganipun klêmpakan barang-barang punika ingkang kadamêl adhêdhasar kawruh badhe kawêdalakên kawrat ing sêrat-sêrat pakabaran saking Yapha Insêtitut, sarta ingkang sami ngarsakakên kenging tumbas namung ingkang isi katrangan wau kemawon.

Pratelan

Ing ngajêngan

Sisih kiwa (kilèn) (taun Walandi 700-925).

Rêca-rêca sarta pêcahan, utawi tugêlan yêyasan asli saking ing Jawi Têngah.

Rêca-rêca sarta yêyasan-yêyasan ing tanah Jawi ing jaman sangajêngipun jaman kabudan punika ingkang kathah panggihan saking tanah Jawi Têngah, sarta wêwangunanipun kathah èmpêripun kalihan barang-barang saking ing tanah Indhiya ngajêng ingkang nunggil jaman. Ing jaman samantên tumraping kagunan punika pokokipun ingkang kairib-irib kagunan Indhu sarta wêwangunan tuwin kabagusan Jawi [Ja ...]

--- 163 ---

[... wi] lugu prasasat kadhêsêk babarpisan. Ewasamantên kagunan wau inggih mêksa gèsèh kalihan kagunan Indhu. Amila kagunan punika prayoginipun kanamanan Indhu Jawi (kabudan) kemawon. Ngrêbdanipun kagunan wau ingkang baku wontên papan-papan ing sakiwa têngêning kraton-kratonipun ratu-ratu Jawi ingkang taksih darah Indhu sarta ingkang dèrèng sagêd kêmpal sangêt kalihan têtiyang ing dhusun-dhusun, ingkang taksih anggondhèli pamanggih-pamanggihipun Jawi lugu.

1. Bancik (yoni) rêca utawi pêpêthan, ing ngajêng mawi sirah lêmbu Andini. Sirah Andini punika kintên-kintên minăngka pasêmoning lêmbu Andini titihanipun Bathara Siwah (Guru), amila bancik wau bokmanawi bancikipun rêca utawi pêpêthanipun Bathara Siwah. Saking kiwa têngên Prambanan. Sela cêmêng.

2. Rêrênggan bangsaning cundhuk tembok, mawi pêpêthan Siwah atangan sakawan wontên ing clowokan. Nêrangakên papan tumurunipun Bathara Siwah saking Suralaya, inggih punika papan ing arcapada ingkang cocog kalihan ing Junggringsalaka. Yêyasan punika minăngka pêpêthanipun Junggringsalaka. Tanganipun kalih ingkang wingking satunggal nyêpêngi tasbèh, dene satunggalipun nyêpêngi cis. Candhi Mêrak, Klathèn, sela cêmêng.

Dewa-dewa punika botên tansah wontên ing candhi-candhi kemawon, padununganipun wontên ing Junggringsalaka, tumurunipun saking Junggringsalaka dhatêng papan têtironipun Junggringsalaka wontên ing marcapada, inggih punika ing candhi-candhi, punika namung manawi wontên paridamêl sarta kaêdhakakên para pandhita kemawon.

3. Dêrêng tamping undhak-undhakan, karêngga mawi sirah Kala. Tamping undhak-undhakan ingkang kados makatên punika ingkang kathah-kathah pucukipun mawi rêrênggan ukêl, ingkang tarkadhang mêdal saking cangkêming kewan ingkang angajrih-ajrihi, dados kadosdene gambar ilat ingkang kaèlètakên sarta ing pucuk angruwêl. Gêmpalan yêyasan Candhi Dhawung. Saragêdhug, sela cêmêng.

Sirah Kala ingkang kasêbut ing nginggil punika wêwangunan tumrap tutup (aling-aling) clowokan ing tembok, dumados saking pêpêthan kêthokan sirah singa barong ingkang sawêg andingkik mangsan. Ingkang kathah-kathah wêwangunan wau tumumpang ing pêpêthan mangkara (sirah kewan ingkang angajrih-ajrihi mawi tlale cêlak). Pêpêthan mangkara punika limrahipun dhawah ngandhap mawi kaêlêt-êlêtan kêndhit. Mulabukanipun wontên wêwangunan mangkara dèrèng sagêd katêrangakên cêtha, nanging bilih mangkara wau isi wêwangunan kewan rupi-rupi, punika têrang. Pêpêthan singa barong sarta mangkara punika inggih sok kangge pancuran toya sarta malih kalimrah kangge rêrênggan regol utawi clowokan tembok. Sajakipun pêpêthan kalih wau mulabukanipun mêndhêt saking ngèlmu palintangan.

--- 164 ---

4. Rêca pêpêthan dewa. Dewanipun dèrèng kasumêrêpan sintên, ing ugêl-ugêling tanganipun kiwa mawi klinthing, dewa punika bangsanipun danawa (mripat plêlêngan, rambut gimbal, siyungipun katingal, mawi rêrênggan sawêr tuwin sapanunggilanipun). Tumumpang sêkar tunjung kaprênah ing wingking wontên sêsotyanipun. Candhi Prambanan (?) sela cêmêng.

5. Gêmpalan padon yêyasan mawi pêpêthan gana, ingkang sami nyanggi. Gêmpalan wau gêmpalan lompongan utawi padon candhi. Sela cêmêng.

6. Rêca pêpêthan dewa agami Budha. Dewa pangayoman (Dyani Bodhisatwa) Awalokitèswara, mijil saking Budha ing Suralaya kilèn. Amitaba sarta ing sasedanipun Sang Budha, ingkang salugu ingkang nglêstantunakên kuwajibanipun Sang Budha wau. (Amriksanana ăngka 11). Candhi Sajiwan. Prambanan. Sela cêmêng.

Pèngêt, ing keblat sakawan sarta ing ngawiyat punika sami wontên Suralayanipun, wontên Budhanipun ingkang apitêkur. Miturut Babad Buwana, para Budha wau gêntos-gêntos manjalma wontên ing marcapada prêlu anggêlarakên wêjangan karahayon. Sang Budha punika panjalmanipun Budha ing Suralaya kilèn, amitaba, sarta nglampahi ayahanipun ing wiwitanipun jaman donya ingkang sami kula anciki punika.

7. Tlundhag nginggil lompongan utawi clowokan candhi, karêngga mawi pêpêthanipun Dèwi Laksmi, ingkang kagrujug toya dening liman kalih, atêgês kapundhi-pundhi. Ing tunjungipun Dèwi Laksmi sarta ing lapakipun liman-liman wau wontên sêsotyanipun. Ing wingkingipun Dèwi Laksmi wontên gulingipun agêng. Candhi Nagasari. Saragêdhug. Sela cêmêng.

8. Tugêlan yêyasan mawi sirah dewa tatahan mandhukul. Sela cêmêng.

9. Pêpêthan tiyang-tiyang sami anggêndhing, tatahan mandhukul. Ing kiwa têngên cluring, ing têngah kêndhang. Sela cêmêng.

10. Gêmpalan padon candhi, mawi pêpêthan-pêpêthan sirah dewa tatahan mandhukul. Sela cêmêng.

11. Rêca pêpêthan dewa, Budha ing Suralaya kilèn, amitaba. Amriksanana ăngka 6. Nitik trêping tanganipun sawêg apitêkur. Candhi Sajiwan, Prambanan. Sela cêmêng.

Trêping tangan tumrap Budha-Budha gangsal ing Suralaya ingkang kalimrah wontên ing tanah Jawi punika mêndhêt saking lêlampahan-lêlampahanipun Sang Budha ingkang salugu nalika sugêngipun, dene pikajêngipun minăngka pasêmoning lêlampahan-lêlampahan wau. Ing sarèhning Budha-Budha ing Suralaya punika kagambar mirid pêpêthanipun Sang Budha ingkang salugu, amila pêpêthanipun Budha ing Suralaya botên wontên bedanipun kalihan pêpêthanipun Sang Budha ingkang salugu. Amila bokmanawi inggih sagêd ugi rêca-rêca sarta rêca alit-alit, ingkang wontên [wo ...]

--- 165 ---

[... ntên] ing klêmpakan punika sanès pêpêthanipun Budha ing Suralaya, pêpêthanipun Sang Budha ingkang salugu ing salah satunggaling kalamăngsa nalika sugêngipun. Rêca ăngka 116 punika kintên-kintên kados makatên wau. Nanging mirid sêratan-sêratan, ingkang pinanggih wontên ing rêca-rêca ingkang kados makatên wau têtela, bilih tumrapipun tanah Jawi, rêca-rêca wau limrahipun pêpêthanipun Budha ing Suralaya (inggih punika Dyani Budha).

12. Rêca rangkêp pêpêthan dewa, nanging dèrèng rampung. Bathara Wisnu mawi upacara: bokor, cakra sarta gada. Limrahipun upacara ingkang ăngka sakawan punika sêkar tunjung. Ing pêpêthan wau botên wontên tunjungipun, nanging Bathara Wisnu ngrangkul Dèwi Laksmi (nyêpêng kaca pangilon). Sela cêmêng.

Upacaranipun para dewa punika limrahipun pasêmoning wêwatêkanipun. Amila cakranipun Bathara Wisnu punika kados titikanipun, bilih Wisnu punika nate dados dewaning ngrêngenge.[1] Kêrêp kemawon sarana kaoncekan makatên wau lajêng sagêd katamtokakên, sawênèhing dewa punika kaluluhan dewa sanès-sanèsipun ingkang pundi, sabab dewa wau lajêng ngangge upacaranipun dewa-dewa ingkang ngluluhi, kadadosakên satunggal kalihan upacaranipun piyambak. Dewa-dewa luluh dados satunggal kados makatên wau sajakipun kêrêp wontên, amila wontên dewa-dewa ingkang upacaranipun kathah, punika samangke sampun cêtha.

13. Rêca rangkêp kangge nyandhi ratu dalah garwanipun, rêca punika mêtha Bathara Siwah kalihan garwanipun, inggih punika Dèwi Parwati. Sela cêmêng.

Rêca kangge nyandhi punika rêca pêpêthan dewa ingkang karakit wontên ing candhi sela ing sanginggiling sumuran isi pêthi wadhah awunipun ratu ingkang sumare (amriksanana ăngka 53). Rêca punika mêtha ratu ingkang sumare rupi dewa ingkang kapanjingan sukmanipun ratu wau sasampunipun seda. Kangge ambedakakên rêca-rêca ingkang makatên wau kalihan rêca-rêca limrah, pêpêthan dewa punika wontên tăndha-tandhanipun, kados upaminipun ing tanganipun dipun dèkèki sêkar tunjung ingkang sawêg mêgar tumumpang ing pangkon, inggih punika pasêmon luwaring sukma saking badan wadhag. Tumrap pangupakaranipun yêyasan, ingkang wontên rêca-rêcanipun makatên punika, wêwêngkon ingkang ambawahakên candhi kalêpatakên saking pambayaran paos. Amila yêyasanipun lajêng kadadosakên darma (kawakapakên). Wêwênang-wêwênangipun sabab kadarmakakên wau lajêng kasêrat wontên ing partisara (amriksanana ăngka 300 sarta 307). Candhi-candhi ingkang pinanggih ing tanah Jawi punika ingkang kathah-kathah candhi kados makatên wau, inggih punika yêyasan kangge nyandhi ratu utawi sanès-sanèsipun ingkang sampun surud. Manawi trahipun ratu wau taksih lêstantun, candhinipun [ca ...]

--- 166 ---

[... ndhinipun] inggih kêdah lêstantun kaupakara kalayan sae, prêlunipun sukmanipun para lêluhuripun ratu ingkang taksih gêsang sagêd nitis sarana rêca-rêca ingkang karakit wontên ing candhi-candhi. Kosokwangsulipun manawi kratonipun katêlukakên ing ratu sanès, ing măngka ratu punika nêdya ngalang-alangi pulihipun kraton ingkang lami, candhi-candhi wau inggih lajêng karisak kemawon dening ratu-ratu ingkang nêlukakên wau. Manawi wontên lêlampahan makatên wau, wadhah awu (apriksanana[2] ăngka 53) lajêng kapêndhêt saking sumuran candhi. Limrahipun yêyasanipun inggih lajêng risak.

14. Papan mawi tatahan mandhukul gambar sirah ing têngah-têngahing ron-ronan. Asli saking yêyasan banon. Gêmpalan yêyasan. Bangsaning grabah.

15. Tlundhag nginggil lompongan utawi clowokan candhi, karêngga mawi sirah Kala ing saantawisipun brahmana kalih mibêr sarwi nyêpêngi sêkar. Candhi Prambanan(?). Sela cêmêng.

16. Rêca pêpêthan dewa. Dewaning kabêgjan, inggih Bathara Ganesa (Gana), dewaning para Gana (mriksanana ăngka 5), putranipun Bathara Siwah. Tanganipun kiwa ingkang wingking nyêpêngi parasu sarta malih gadhing tugêlan nalika pêrang tuwin bokor wadhah têtêdhan. Sela cêmêng.

Awit saking pawakanipun sarta karosanipun, Bathara Gana punika kaanggêp juru nyingkirakên rêribêd, amila manawi wontên tiyang badhe ngayati pandamêlan utawi panindak mawi nyêbut namanipun Bathara Gana. Ing sarèhning awit sabab makatên wau inggih kapêtha wontên ing wiwitanipun sêrat-sêrat, amila dangu-dangu kawastanan dewaning kawruh, nanging mênggah mulabukanipun sanès.

17. Pancuran toya awangun sirah Kala (amriksanana katrangan ing ăngka 3). Tugêlan padon candhi, kangge ambucal toya jawah. Candhi Prambanan. Sela cêmêng.

18. Pêpêthan pasêmoning Bathara Siwah, ngiras pralambanging Suralaya. Prêlu karakit wontên ing yoni (pralambanging jagadipun para wanita) (mriksanana ăngka 1). Kenging kaperang dados tigang perangan, ingkang mathuk kalihan jagad (pêsagi, swasana (paju wolu), sarta awang-awang (bundêran). Sela cêmêng.

Tumrapipun tanah Jawi pêpêthan punika kajawi pasêmoning Bathara Siwah, inggih dados pasêmon panyandhining sawênèhing ratu, ingkang sukmanipun manjing dhatêng Siwah. Pamanggih punika gathuk kalihan pangaji-ajinipun para têtiyang Jawi kina dhatêng sukmanipun para lêluhur ingkang wontên ing salêbêting sela-sela ingkang ngadêg jêjêg ing papan-papan suci mawi undhak-undhakan ingkang kadamêl maligi tumrap prêlu punika wontên ing èrèng-èrèng parêdèn.

19. Bancik wadhah toya suci(?). Bancik punika awujud garudha mibêr (pêksinipun Bathara Wisnu), ing gigiripun ambêkta sêkar tunjung sarta nyangkêrêm naga. Pasêmon pêrangipun garudha kalihan [ka ...]

--- 167 ---

[... lihan] naga nalika rêbatan tirtamarta. Sela cêmêng.

Miturut ngèlmu Jawi, toya suci sarta tirtamarta punika nunggil. Ing sarèhning kêrêp wontên pêpêthan garudha ambêkta guci kêbak tirtamarta wontên ing gigiripun, amila kintên-kintên bancik punika rumiyinipun inggih banciking wadhah toya suci.

Sisih têngên (wetan)

Rêca-rêca sarta tugêlan yêyasan asli saking Jawi Wetan (taun Walandi 900-1500).

Sarisaking kraton-kraton agêng ingkang wêkasan ing tanah Indhiya ngajêng sarta sasurêming sorotipun kabudidayan tuwin kagunan Indhiya dhatêng tanah ngamănca, punika dayanipun kabudidayan tuwin kagunan wau ingkang sagêd nênarik tumrapipun kabudayan ing tanah Asiah ing kidul wetan ingkang dèrèng inggil sarta ingkang sampun radi inggil drajadipun, lajêng ical saking sakêdhik. Awit saking punika têtiyang ing tanah Indhonesiah sarta ing tanah Indhiya ngajêng lajêng sagêd ngruntutakên angên-angênipun piyambak kalihan kagunan saking mănca, ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên kagunan enggal. Kagunan enggal ing tanah Jawi punika lajêng botên kenging kawastanan Indhiya Jawi. Nitik wêwangunan tuwin suraosipun, babarpisan Jawi. Tumrapipun yêyasan-yêyasan tatahan kadosdene rêca-rêca sapanunggilanipun, punika gagraging rêca-rêca candhi tumrap para ratu, kathah nyengkokipun dhatêng wêwangunaning rêca-rêca lêluri cara Jawi kina, amila wêwangunan wau katingal radi kakên sarta langkung mathuk dhatêng rêca-rêca candhi tumrap ratu-ratu ingkang sampun surud tinimbang dhatêng rêca-rêca pêpêthan dewa ingkang taksih wontên. Tumrapipun kagunan bab sanès-sanèsipun (dados sanès bab pandamêling rêca-rêca), punika rêrênggan Jawi kina ingkang lajêng luwês, sagêd kabangun enggal sarana kacengkokakên lagon kagunan saking mănca, lajêng kombul sangêt. Wondene samangke ingkang taksih nglastantunakên rêrênggan makatên punika ing Bali. Bakda gagrag Jawi Wetan punika sarêng têtiyang sami ngrasuk agami Islam, yêyasan-yêyasan tatahan rêca tumrap panyandhining ratu lajêng sirna kemawon, sabab para ratu lajêng sami botên dipun candhi. Makatên ugi pêpêthaning kawontênan padintênan ingkang kombul sangêt wontên ing jaman gagrag Jawi Wetan awujud tatahan sarta damêlan pandhe, punika sakèndêling gagrag Jawi Wetan wau inggih lajêng ical, sabab pamanggihipun para muslimin tumrap pêpêthaning tiyang, anggèsèhi.

Gagrag Jawi Wetan wau wontên ing Jawi Têngah kados ta ing yêyasan Pramban[3] (taun Walandi kintên-kintên 900) inggih sampun kalêbêt.

20. Bancik rêca pêpêthan dewa, karêngga mawi garudha ngadêg sarta mawi naga ing ngandhap cucuk. Pasêmoning dêdongengan garudha (amriksanana ăngka 19). Blitar. Sela cêmêng.

21. Tugêlan yêyasan mawi gana kapêtha ingkang nyanggi, [nyang ...]

--- 168 ---

[... gi,] tatahan mandhukul. Katandhinga kalihan ăngka 5. Nganjuk. Sela cêmêng.

22. Tugêlan yêyasan mawi sirah Kala. Katandhinga kalihan ăngka 15. Asal saking cundhuk, clowokan tembok. Blitar. Sela cêmêng.

23. Tatahan mandhukul kinurung bundêran isi bajing mawi kuping agêng. Gambar bajing wau dados rêrêngganing pêpêthan-pêpêthan Suralaya. Tugêlan yêyasan Jawi Wetan. Sela cêmêng.

Mênggah babadipun gambar bajing makatên wau taksih pêtêng. Wêwujudanipun tuwuh saking pêpêthan truwèlu. Tumrapipun kagunan Jawi Wetan gambar bajing wau dados pasêmoning Suralaya sarta ing candhi-candhi, ingkang dados pasêmoning Junggringsalaka kêrêp wontên gambaripun bajing pasêmon-pasêmon Suralaya wau.

24. Rêca pêpêthan dewa. Dewaning kabêgjan, Bathara Ganesa (mriksanana ăngka 16). Rêrênggan tunjung ing sawingkinging rêca tumèmplèk ing tèdhèng wingking. Tulungagung. Sela cêmêng.

Mênggah têgêsipun, Bathara Ganesa ingkang lugu punika sampun têtela nitik pangrakitipun rêca-rêca pêpêthanipun Bathara Ganesa wau wontên ing panggenan-panggenan ingkang mutawatosi, kados ta ing têmpuran lèpèn-lèpèn, perengan-perengan tuwin sapanunggilanipun. Sajakipun rêca-rêca wau inggih kangge nyandhi para abdining ratu ingkang inggil pangkatipun, ingkang katunggilakên kalihan ratunipun nunggil sacandhi. Guruning ratu wau kacandhi sarana rêca pêpêthan guru, garwanipun pangajêng kacandhi mawi rêca pêpêthanipun Bathari Durga.

25. Rêca kangge nyandhi garwaning ratu, ingkang kapêtha bêthari sintên, botên têrang. Tulungagung. Sela cêmêng.

26. Rêca kangge nyandhi garwaning ratu, sisihanipun rêca ăngka 27. Blitar. Sela pêthak.

27. Rêca kangge nyandhi ratu. Sisihanipun rêca ăngka 26. Blitar. Sela pêthak.

28. Pancuran toya, karêngga mawi gambar tiyang èstri linggih ing ngandhap wit. Saking tuk (?) ing Blitar. Sela cêmêng.

Ing tuk-tuk ingkang suci kêrêp kadamêlakên balumbang, ingkang kaisenan toya mêdal pancuran satunggal utawi langkung. Awit saking punika têtiyang sagêd adus grujug ing grojogan kalayan andhodhok. Mênggah sucinipun toya wau kêrêp-kêrêpipun kenging katitik saking dêdongengan ingkang kapêtha ing gêgambaran tatahan ing temboking blumbang sarta pancuran-pancuran.

29. Rêca pêpêthan dewa. Salah satunggaling dewa kalih ingkang jagi kontên ing Daniswara, papanipun Bathara Siwah ingkang suci, mawi trisula. Nganjuk. Sela cêmêng.

30. Rêca kangge nyandhi ratu awujud pêpêthanipun Bathara Siwah, tanganipun wingking nyêpêngi têsbèh sarta cis. Jawi Wetan. Sela cêmêng. Sampun kamulyakakên.

Rêca punika conto ingkang cêtha sangêt tumrap dayanipun pamanggih gagrag Jawi kina ingatasipun rêca-rêca lêluri dhatêng yêyasan-yêyasan tatah-

--- [0] ---

[Grafik]

Pancuran toya awangun sirah Kala (mriksanana katrangan ing ăngka 3). Tugêlan padon candhi, kangge ambucal toya jawah. Candhi Prambanan. Sela cêmêng. Abad kaping 10 (ăngka 17).

[Grafik]

Rêca kangge nyandhi ratu. Sisihanipun, rêca ăngka 26. Blitar. Sela cêmêng (ăngka 27).

[Grafik]

Bancik wadhah toya suci (?). Bancik punika awujud garudha mibêr (pêksinipun Bathara Wisnu), ing gigiripun ambêkta sêkar tunjung sarta nyangkêrêm naga. Pasêmon pêrangipun garudha kalihan naga nalika rêbatan tirtamarta. Sela cêmêng. Abad kaping 10 (ăngka 19).

[Grafik]

Dilah prunggu. Jawi Wetan (ăngka 82).

--- 169 ---

an kangge nyandhi, inggih punika ingkang nunggil laras kalihan rêca-rêca lêluri wau.

31. Rêca kangge nyandhi garwaning ratu. Tulungagung. Sela cêmêng.

32. Rêca pêpêthan naga. Nganjuk. Sela cêmêng.

Sawêr-sawêr punika ingkang anjagi rajabrana ing salêbêting bumi. Ratunipun sawêr-sawêr wau kapêtha mawi sêsotya ing sirahipun. Pangaji-aji dhatêng sawêr, kados ingkang kalimrah ing tanah Indhiya ngajêng, punika ing tanah Jawi botên wontên. Ingkang dipun mangêrtosi punika namung naga-naga ingkang kocap wontên ing dêdongengan ingkang aslinipun saking têtiyang Indhu.

33. Rêca pêpêthan Bima (?) nyangkêlit dhuwung wontên ing wingking. Jawi Wetan. Sela cêmêng. Sampun kamulyakakên.

Ing pungkasanipun jaman Indhu punika kathah papan-papan ingkang suci karakitan rêca pêpêthan Bima. Ingkang makatên punika awit saking para ingkang anggilut kawruh, gadhah panganggêp, Bima (manunggil kalihan Bathara Siwah ingkang nunggil wujud) punika ingkang paring luwar sarta paring pitulung tumrap luwaring sukma saking kadonyan. Papan-papan suci wau ingkang kathah wontên ing parêdèn, sabab suwarganing para lêluhuripun têtiyang Jawi punika kaanggêp wontên ing parêdèn. Pêpêthan dhuwung wontên ing rêca sela punika awis-awis sangêt.

34. Rêca gupala awujud rasêksa jèngkèng (danawa wanan, danawa ingkang nêdha tiyang). Tulungagung. Sela cêmêng.

Gupala-gupala kados makatên punika karakit wontên ing kiwa têngêning lompongan candhi, prêlunipun anjagèni sampun ngantos kalêbêtan eblis-eblis ingkang jail sarta daya-daya ingkang botên suci.

Ing Gladri

Barang-barang kina ing jaman warni-warni

(Taun Walandi 700-1500)

Karakit ijèn-ijèn.

35. Sirah rêca Budha. Tanah Jawi Têngah. Sela cêmêng.

36. Sirah rêca pêpêthan dewa. Candhi Sajiwan (?), sela cêmêng.

37. Singabarong. Candhi Plaosan, Prambanan, abad kasanga. Sela cêmêng.

Ing gêbyog 32-40 tembor, wadhah pirantosing agami, kados ta: gêntha, bokor, padupan, wadhah toya suci tuwin sapanunggilanipun. Ăngka 38 mawi sangsam ing ngajêng bale (Tuban), 39 gambar wadhah sêkar tunjung (Jawi Têngah), 40 mawi rêrênggan (Jawi Wetan) prunggu.

Manawi kasêbutakên prunggu, punika têrangipun barangipun, ingkang kadamêl campuran kuningan. Campuran punika tumrap barang ingkang kathah-kathah beda-beda, wontên ingkang kathah pêthakanipun, kathah timahipun utawi prasasat sadaya têmbagi.

--- 170 ---

Lêmantun gêdhah. 41 gêntha agêng mawi cundhuk singabarong. Asli saking pondhoking para pandhita agami Budha, ingkang samangke sampun sirna. Pondhokan punika, waunipun wontên ing kidulipun cakêt Candhi Kalasan sarta kadarmakakên sêsarêngan kalihan Candhi Kalasan wau wontên ing taun Walandi 778. Panganggenipun manawi para pandhita sami sêsarêngan nindakakên parluning agaminipun. Prunggu, campuran pêthakan kathah sangêt.

Patilasanipun pondhokan pandhita punika namung kantun umpak sela sawatawis, tumrap sakanipun ingkang baku tratag kangge sadaya para pandhita. Umpak-umpak wau sami wontên ing dhusun sakidulipun Candhi Kalasan.

Ing lêmantun ăngka 63. 42-44 gayung, kanggenipun dèrèng kasumêrêpan. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 64. 45-49 dandang, kuwali dèrèng kasumêrêpan parlunipun. Ăngka 46, 49 Kêdhiri. Sanèsipun saking Ngayogyakarta. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 65. 50-52 dandang, kuwali dèrèng kasumêrêpan parlunipun, ăngka 50, 52 tutup (?) Ngayogyakarta. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 66. 53-54 pêthèn-pêthèn mawi tutup, wontên cluwèkanipun sanga, ing têngah wadhah sabagean awunipun ratu ingtang[4] sampun seda, ing cluwekan sanèsipun wadhah intên sasaminipun ingkang botên patosa sae sarta jêne, pêthakan sapanunggilanipun. Pêthèn-pêthèn wau kacêmplungakên ing sumur ing ngandhap rêca candhi. Inggih pêthèn punika wadhahing guna ingkang sagêd ngêdhakakên sukmaning ratu ingkang sampun surud. Ăngka 53 sela pêthak, 54 sela cêmêng. Amriksanana katrangan ing ăngka 13.

Karakit ijèn-ijèn.

55-57. Goci-goci agêng wêdalan Cina, nanging kapanggih sarana kadhudhuk wontên ing Ngayogyakarta.

Ing lêmantun ăngka 63

Papan ăngka 1. 58-61 tembor-tembor. Ăngka 58 botên mawi rêrênggan. 59 rêrênggan keyongan. 60 rêrênggan sêkar tunjung, 61 rêrênggan wadhah sêkar tunjung. Tanah Jawi Têngah. Prunggu.

Papan ăngka 2. 62 Budha ing Suralaya lèr. Amogasiddha. Nitik traping tangan sawêg angarêm-arêmi manah. Ngayogyakarta. Prunggu.

63. Budha ing Suralaya wetan, Aksobya. Nitik traping tangan sawêg supaos, Ngayogyakarta. Prunggu.

Manawi supaos punika mawi andumuk siti sarta mawi nyêbut dewa èstri ingkang mêngkoni bumi supados anêksènana. Lêlampahan makatên wau kados ta nalika wêwênang-wêwênangipun Budha karêbat eblis Budha.

--- 171 ---

64. Dewaning kasugihan ingkang ngêrèhakên keblat lèr, Kuwera, ratu lêma nglênggahi sêsotya. Ngayogyakarta. Timah.

Rêca-rêca timah pêpêthan dewa punika awis-awis sangêt. Kintên-kintên badhe ingkang kadamêl punika manut wêwatakanipun dewa ingkang kapêtha.

65. Budha Amogasisa (amriksanana ăngka 62), prunggu.

66. Dewa Budha. Namanipun dèrèng kasumêrêpan. Ngayogyakarta. Prunggu.

67. Dewa Budha. Pangayoman Awalokitèswara (amriksanana ăngka 6) Ngayogyakarta. Prunggu.

68. Dewa Brahmana, Brahma, dewa ing Suralaya kidul ingkang gambira. Tugêlan. Ngayogkarta. Prunggu.

69. Budha Aksobya. (Amriksanana ăngka 63). Prunggu.

70. Budha Amitaba. (Amriksanana ăngka 11). Ngayogyakarta. Prunggu.

71. Budha Amitaba. (Amriksanana ăngka 11). Ngayogyakarta. Prunggu.

72. Budha ing pucaking Suralaya. Wairocana. Nitik traping tangan sawêg amêjang ngèlmu pangluwaran. Ngayogyakarta. Prunggu.

73. Budha ing Suralaya kidul, Ratnasambawa. Nitik traping tangan sawêg anggancar karahayon. Prunggu.

74. Budha (ingkang salugu) Sakyamuni sawêg amêjang. Ngayogyakarta. Prunggu.

75. Budha Aksobya (amriksanana ăngka 63). Ngayogyakarta. Prunggu.

76. Dewa kabudan. Pangayoman, Awalokitèswara. (Amriksanana ăngka 6). Ngayogyakarta. Prunggu.

Papan ăngka 3. 77-79 bajra, pasêmon, blêdhèg tuwin pirantos nênung, dipun angge dening pandhita-pandhita Buda manawi nindakakên prêluning agami. Ngayogyakarta. Prunggu.

Kabudan Jawi punika panunggilanipun kabudan ingkang gadhah piwulang bilih luwaring sukma saking lampah nitis sagêd kasêngkakakên sarana nêdha tulung dhatêng kêkiyatlaning[5] eblis. Amila kabudan wau inggih gadhah kawruh anggunani. Kêmpalaning para pandhita Buda ing tanah Jawi ingkang monjo sangêt punika pangakênipun pangampilipun bajra. Pambucalipun blêdhèg dhatêng barang ingkang pancèn tumrap pambucalan, blêdhèg wau tumrapipun para pandhita punika miturut pamanggihipun piyambak mahanani kasêktèn, ingkang kenging dipun angge andamêl rahayunipun piyambak sarta rahayuning liyan.

80. Dilah gantung sumbu kalih. Kêdhiri. Prunggu.

81. Cundhuk gêntha, karêngga mawi garudha, (amriksanana ăngka 19) Ngayogyakarta. Prunggu.

82. Dilah gantung sumbu kalih, mawi karêngga gambar-gambar wayang (guru numpak kapal kalihan murid-muridipun) Ngayogyakarta. Prunggu.

83-85. Dilah-dilah gantung sumbu kalih. Kêdhiri. Prunggu.

--- 172 ---

86-88. Dilah-dilah gantung, tanpa wadhah lisah (86), mawi wadhah lisah paju wolu (87) sarta wadhah lisah bundêr (88). Ăngka 87. Ngayogyakarta. Prunggu.

89. Dilah wangun gajah mina. Tutupipun ical. Kêdhiri. Prunggu.

Papan ăngka 4. 90. Bokor (turbinella) pasêmonipun Bathara Wisnu, ingkang ngangge para pandhita manawi nindakakên parluning agaminipun. Katandhinga kalihan rêrênggan ăngka 59, Ngayogyakarta.

91-93. Gêntha kangge kewan agêng-agêng (liman, kapal) Kêdhiri. Prunggu.

94-95. Klinthing kangge kewan ingah-ingahan alit-alit (munyuk, garangan, pêksi) No. 94. Ngayogyakarta. Prunggu.

96-97. Gêntha kangge lêmbu. Prunggu.

98. Gêntha kangge rajakaya. Prunggu.

99. Gêntha saking pasraman(?) mawi cundhuk lêmbu Andini. Prunggu.

100. Cundhuk, klinthing tumrap para pandhita (amiksanana[6] ăngka 101) awujud lêmbu Andini titihanipun Bathara Siwah. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 64

101-106. Klinthing-klinthing tumrap para pandhita mawi cêpêngan bajra (ingkang ăngka 101 ing nginggil mawi sirah dewa), kangge para pandhita Buda manawi nindakakên prêluning agaminipun. Ăngka 104 Kêdhiri, sanès-sanèsipun. Ngayogyakarta. Prunggu.

107-109. Cêpêngan, klinthing pandhita, awujud dêdamêl (? 107) trisula (108) sarta naga (109). Ngayogyakarta. Prunggu.

Panyêpêngirpuk,[7] klinthing-klinthing wau wontên ing tangan kiwa sarta ing salêbêtipun nindakakên prêluning agami kaungêlakên ngankos[8] dangu marambah-rambah. Panganggenipun barang ingkang mungêl manawi nindakakên prêlunipun agami punika, mulabukanipun sabab ing papan ingkang kangge nindakakên wau, barang-barangipun pandamêl ingkang makèwêdi, kêdah kasingkirakên. Padupan-padupan punika prêlunipun inggih makatên punika (ăngka 110).

110, 111. Padupan, kangge para pandhita manawi nindakakên prêluning agami. Ngayogyakarta. Prunggu.

Papan ăngka 2. 112. Bathari Budha. (Tara) anyêpêngi upacara, nanging botên kasumêrêpan punapa. Namanipun dèrèng kasumêrêpan. Ngayogyakarta. Prunggu.

113. Dawa[9] Budha. Namanipun dèrèng kasumêrêpan. Prunggu.

114. Dewa Budha. Namanipun dèrèng kasumêrêpan. Ngayogyakarta. Prunggu.

115. Budha Wairocana, (mriksanana ăngka 72) nanging akêprabon ratu tuwin botên awujud Budha. Ngayogyakarta. Prunggu.

116. Sang Budha (ingkang salugu) Sakyamuni sawêg amêjang, lênggah wontên ing dhampar awujud wadhah-wadhah sêsotya. Ing pojok-pojokanipun [pojok-po ...]

--- 173 ---

[... jokanipun] mawi singabarong. Ngayogyakarta. Prunggu.

117. Budha Ratnasambawa (mriksanana ăngka 73) Ngayogyakarta. Prunggu.

118-120. Dewa kabudan. Pangayoman, Awalokitèswara mawi tangan sakawan utawi tangan kalih. Ăngka 118 mawi sêkar tunjung, lontar sarta tasbèh. Ăngka 119 mawi sêkar tunjung, tasbèh (?) sarta nagapasa. Ngayogyakarta. Prunggu.

Dewa wau ingkang kapêtha mawi tangan kathah wontên warni-warni. Sabên tangan satunggal nyêpêngi upacara. Saya ing Tibèt, indhaking cacahipun tangan punika enggal sangêt, dene ing tanah Jawi botên patosa. Mênggah dêdongenganipun, indhaking cacah tangan punika tuwuh saking kajêng anglairakên kalêmpakaning wêwatakan, awit saking dipun luluhi dewa-dewa sanèsipun. Ing Tibèt punika wontên Awalokitèswara mawi sirah sawêlas sarta tangan langkung saking satus, satunggal-tunggalipun nyêpêngi upacara.

121. Cundhuk têkên pandhita (krincing) dipun bêkta pandhita-pandhita Budha manawi papriman têdha. Sakawit mawi gêlangan nênêm. Prunggu.

Têkên wau panunggilanipun barang-barang ingkang namung sakêdhik gêgadhahanipun pandhita Budha. Dene barang-barang wau inggih punika bokor kangge papriman (mriksanana ăngka 158), pangangge pandhita, jarum (kangge anjithêt panganggenipun) marisan panyukuran (kangge nyukur sirah) sabuk sarta saringan (kangge nyaring toya, prêlunipun sampun ngantos kalêbêtan sarta mêmêjahi sarana botên kajarag kewan ingkang gêsang, sabab makatên punika kaawisan).

Papan ăngka 3. 122-126. Kaca pangilon, cêpênganipun awangun aksara T. Ăngka 122 karêngga mawi tiyang èstri linggih, tatahan. Ăngka 123, 124 mawi rêrênggan. Kêdhiri. Prunggu.

127-131. Kaca pangilon, cêpênganipun awangun aksara T. Ăngka 127 mawi bolongan-bolongan, tilasipun isi aksara sêkaran ingkang badhenipun bangsanipun jêne, pêthakan sapanunggilanipun. Ăngka 128, 129 mawi aksara sêkaran sampun risak sangêt sarta sampun botên kenging kawaos. Ăngka 129, 131 Ngayogyakarta. Prunggu.

132-136. Kaca pangilon mawi cêpêngan awangun aksaja[10] T mawi rêrênggan lung-lungan tatahan krawangan. Tumrapipun ăngka 136 mawi tiyang èstri sarta tatahan. Ăngka 133-135 Kêdhiri. Prunggu.

137-143. Cêpêngan kaca pangilon mawi rêrênggan warni-warni sarta tatahan krawangan, kados ta gambaripun Arjuna ingkang sawêg tapa, linggih wontên ing sêkar tunjung. Ăngka 137-141 Ngayogyakarta. Prunggu.

Papan ăngka 4. 144-150. Cidhuk toya

--- 174 ---

suci tuwin kangge sanès-sanèsipun. Ăngka 144, 150 Ngayogyakarta. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 65

Papan ăngka 1. 151-155. Dandang, lantingan, kamandhanu. Ăngka 151, 153 Ngayogyakarta. Ăngka 155 Kêdhiri. Ăngka 153 tilas dus-dusan pêthak. Prunggu.

Papan ăngka 2. 156-157. Kêndhil. Ăngka 156 Kêdhiri, ăngka 157 Kêdhu. Prunggu.

158-161. Bokor kangge papriman (?) tumrap pandhita-pandhita Budha (?). Ăngka 159, 161 Kêdhiri. Prunggu.

162-164. Bokor wadhah toya suci kanggenipun manawi nindakakên prêluning agami. Ăngka 162 Ngayogyakarta, 163 Kêdhu, 164 Kêdhiri. Prunggu.

165, 166. Bancik suku tiga kangge bokor wadhah toya suci. Kanggenipun manawi nindakakên prêluning agami. Ăngka 165 Jawi Têngah, 166 Jawi Wetan. Prunggu.

167-169. Bokor wadhah toya suci (?) Ngayogyakarta. Prunggu.

Papan ăngka 3. 170, 171 Èmbèr kangge ngangsu (?) Tulungagung. Prunggu.

172, 17[11] Bokor wadhah toya suci. Ăngka 172, 173, 175 Ngayogyakarta. 174 Kêdhu. Prunggu.

176. Cêpukan. Kêdhu. Prunggu.

177. Tutup lantingan. Kêdhu. Prunggu.

178. Tembor. Kêdhu. Prunggu.

179, 180. Jimat, mawi gambar rajah. Prunggu.

Panganggenipun jimat makatên wau dèrèng kasumêrêpan, nanging kintên-kintên tuwuh saking picis ingkang mawi gambar upacara, sarta wanda-wanda sinandi, pêdhotaning namanipun dewa-dewa Budha sarta ingkang limrah ing nagari Cina. Picis wau bokmanawi dipun angge, sabab murugakên bêgja, jimat.

Papan ăngka 4. 181 Anglo, asli Cina, nanging kapanggihipun kadhudhuk wontên ing siti ing Kêdhu. Prunggu.

182, 183. Tembor alit-alit kangge para pandhita (?). Ăngka 182 Ngayogyakarta. Prunggu.

184. Tembor mawi gambar tunjung. Kêdhu. Prunggu.

185-187. Mangkokan. Ngayogyakarta. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 66

Papan ăngka 1. 188-207. Gêmbung-gêmbung rêca sarta tugêlan-tugêlan sanèsipun, kados ta perenganipun[12] ngandhap tiyang awahana kuda linggih ing lapak, nyêpêngi cêmêthi. Saking pasitèn Majapait. Grabah.

208. 209. Barang bundêr mawi tutup, bangsaning wadhah. Ăngka 208. Pêkalongan. 209. Kêdhiri. Prunggu.

210, 212. Kowah sarta cuwo mawi bancik. Kêdhiri. Prunggu.

211. Wadhah sêkar mawi bancik. Kêdhiri. Prunggu.

--- 175 ---

Papan ăngka 2. 213-262. Sirah-sirah rêca utawi rêrênggan pamujan (?). Saking pasitèn Majapait, Grabah.

Bokmanawi sirah wau wontên sawatawis ingkang rumiyin kacêblokakên ing pêpêthan sri ingkang badhenipun ron lontar utawi asli saking dolanan.

263. Sirah rêca pêpêthan ratu. Jawi Wetan. Sela cêmêng.

264. Sirah brahmana. Prambanan, sela cêmêng.

265. Wadhah toya suci wangunipun mèmpêr têmpolong, mawi ăngka taun (=taun Walandi 1339) Jawi Wetan. Prunggu.

Wadhah kados makatên wau sajakipun botên kangge tumrap lampah agami limrah kemawon, namung manawi wontên lampah kangge ngluwari sukmanipun têtiyang ingkang pêjah. Babad panganggenipun sarta rêrêngganipun botên kasumêrêpan. Wadhah-wadhah makatên wau taksih dipun angge wontên ing Bali sarta ing rêdi Tênggêr.

266. Bokor. Prunggu.

Papan ăngka 3. 267-299. Tugêl-tugêlan pêpêthan kewan tuwin sirah-sirah makluk ingkang ngajrih-ajrihi. Saking pasitèn Majapait. Grabah.

Sirah-sirah wau sirah Kala, sirah garudha anèh gagrag Indhiya wingking, sirah naga tuwin malih sirah kewan rupi kadosdene lêmbu, liman, menda, kapal, sêgawon, pêksi, cêcak sarta sapanunggilanipun. Grabah ingkang jinis kados makatên punika rumiyinipun kathah ingkang kangge pirantos wontên ing pawon.

300-302. Blebekan-blebekan ing sêratan partisara, yasan ing taun Walandi 902. Ngayogyakarta. Prunggu. Mriksanana katrangan ing ăngka 13.

303. Pasrèn wangun saèmpêr makutha (tumrap rêca pêpêthan dewa?). Prunggu kaêdus jêne.

304. Rêca jèngkèng. Jawi Wetan. Lêmpung kacithak. Mawi kabêsêmi.

305. Papan isi pêpêthan tiyang jalêr mengo, tatahan mêndhukul. Jawi Wetan. Sela.

306. Tugêlan rêca. Jawi Wetan. Sela pêthak.

307. Blebekan isi sêratan peranganing partisara yasan ing taun Walandi 880. Ngayogyakarta. Prunggu. Mriksanana katrangan ing ăngka 13. Blebekan isi perangan partisara wau panunggilanipun kalêmpakan gadhahanipun nyonyah Rèsing Wilkên (Resink Wilkens) ing Ngayogyakarta.

308. Bokor agêng. Kêdhiri. Prunggu.

309. Tutup. Kêdhiri. Prunggu.

Papan ăngka 4. 310-340. Tugêl-tugêlan yêyasan sarta rêrênggan-rêrênggan, kados ta rêrênggan wuwung. Saking pasitèn Majapait. Grabah.

--- 176 ---

Kagunan grabah punika rumiyin wontên ing kraton-kraton Jawi kina drajadipun sampun inggil sangêt sarta kajawi kangge pirantos wontên ing pawon, inggih kangge rêrênggan wuwung sarta pojok, blandar sapanunggilanipun. Ing Trawulan (Majakêrta) ing pasitènipun kraton Majapait punika krèwèng grabah kados makatên wau maèwu-èwu sarta atosipun beda-beda sangêt. Papan grabah punika kanggenipun tumrap yêyasan banon (amriksanana ăngka 14).

341-343. Bêndho trètès sarta jêndhul kangge yasa gong(?). Ngayogyakarta. Prunggu.

344. Cêpuk(?). Ngayogyakarta. Timbêl.

345. Kêndhil. Ngayogyakarta. Prunggu.

346. Bokor. Ngayogyakarta. Prunggu.

Ing lêmantun ăngka 48

Papan ăngka 2. 347-370 sêsupe. Ing rainipun mawi aksara-aksara sêkaran mungêl sri, têtêmbungan tuwin sapanunggilanipun utawi mawi mripat, (sela biru, sela abrit sêmu jêne, sapanunggilanipun) utawi rêrênggan sanèsipun. Ngayogyakarta. Jêne. (Sisih kiwa kapara ngajêng).

371-396. Tindhik sarta anting-anting, ingkang kathah-kathah panganggenipun wontên ing ngajêng godhoh. Ngayogyakarta. Jêne. (Sisih têngên kapara ngajêng).

Anting-anting ingkang awrat punika panganggenipun kacanthèlakên wontên ing bolongan godhoh, dene ingkang alit-alit botên kanthil-kanthil, kacublêsakên ing bolongan godhoh.

397-415. Pangangge jêne sela, kados ta kalung tanggalan, bumbung jiman, klinthing, rante, kalung tuwin sapanunggilanipun. Ngayogyakarta. Jêne. (Wingking).

416. Gêlang suku. Panganggenipun dèrèng kasumêrêpan. Ngayogyakarta. Jêne. (Sisih têngên kapara wingking).

417-419. Cêpêngan marisan. Ngayogyakarta. Jêne utawi pêthakan.

420-421. Bokor mawi bancik. Ngayogyakarta. Pêthakan (têngah).

422. Bancik bokor. Ngayogyakarta. Jêne (sisih têngên kapara wingking).

423. Picis awangun kancing. Ngayogyakarta. Jêne. (Têngah kapara ing ngajêng).

424. Picis lêgok têngah, kaêcap. Ngayogyakarta. Pêthakan. (Têngah kapara ing ngajêng).

--- [0] ---

[Grafik]

Awalokitèswara. Abad kaping 9 (ăngka 120).

[Grafik]

Sirahipun Terakota. Majapait. Abad kaping 14 (ăngka 213).

[Grafik]

Cèrèt prunggu. Jawi Têngah (ăngka 154).

[Grafik]

Ukir-ukiran ambrênjul, inêbing kori. Jawi Wetan. Sela. (Ăngka 305).

--- [0] ---

Pratelan Bikakanipun Museum Sanabudaya

Gadhahanipun

Yapha Insêtitut

Sarta lèsêng-lèsêng tuwin karamean, ingkang cundhuk kalihan adêging museum, kakêpyakakên wontên ing Ngayogyakarta nalika tanggal 6 sarta 7 Nopèmbêr 1935

--- [0] ---

Kêpyakan Museum Sanabudaya

Rêbo 6 Nophèmbêr 1935, jam sanga enjing.

Pangarsa Java Instituut Prof. Dr. R.A. Husin Jayadiningrat napukakên pêpanggihan.

Ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, mêdhar pangandika ngêpyakakên bikakipun museum.

Paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta, makili tuwan bêsar gupêrnur jendral waring[13] pangèstu wilujêng.

Kang. Pa. Ar. Suryaamijaya, wakil dalêm sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, paring dhawuh pangèstu wilujêng.

Tuwan Dr. F.D.K. Bosch makili tuwan dhirèktur, pangagênging dhepartêmèn ondhêrwis, kalihan dhirèksi Koninklijk Bataviaasch Genootschap voor Kunsten en Wetenschappen paring pangèstu wilujêng.

Tuwan Dr. F.K.D. Bosch sêsorah bab: kamajênganipun museum ing Indhonesiah.

Tuwan Ir. Th. Karsten sêsorah bab: wawasan bab pandamêlipun griya museum.

(Sêsorah-sêsorah wau kaêwrat wontên ing Pusaka Jawi ngriki).

Para tamu lajêng mriksani museum.

Lêlangên bêksan, gong gêbyar, sumbanganipun sêtèdhê odhêr ing Karangasêm, Bali. Ingkang dados jêjaka, tabuhanipun: 1. gambang, 2. gowak macok, 3. sêkar tinotan, 4. sêkar sungsang, 5. kawitan.

Lêlangên ingkang sampun kapacak ing programah: bêksan pêrangipun Srikandhi mêngsah Mustakawèni, paring dalêm sumbangan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam (margi wontên alangan) botên èstu kagêbyagakên.

Jam sanga sontên.

Lêlangên bêksan, paring dalêm pasumbang Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta.

1. Bêksan golèk (bêksan putri)

2. Pêrangipun Mintaraga mêngsah Kilatawarna (bêksan alus)

3. Pêrangipun Triyăngga mêngsah Pratalamaryam (bêksan gagahan)

Kêmis, 7 Nophèmbêr.

Jam 8.30 enjing: sowan malêbêt ningali kraton.

Jam 9.30 enjing: mriksani museum.

Jam 9 sontên: jogèd Bali, sumbanganipun Ida Anak Agoeng Bagoes Djelantik sêtèdhê odhêr ing Karangasêm.

1. Jogèd legong. Lampahan: Pêngipuk Lasêm, gêndhingipun: bapang, durga, pêlayonan, kuntul, lasêm, batêl, gowak macok.

2. Jogèd baris. Pêrangipun Subali mêngsah Sugriwa. Subali pinêjahan Prabu Ramadewa. Gêndhingipun: gêgilakan, bapang, tabuh tiga, sêlisir kalihan kale.

3. Bêksan arja. Lampahan Alap-alapan Dèwi Yadnyawati, ingkang ngalap Radèn Sămba. Gêndhingipun: batêl, puh bêdhil, tabuh tiga.

4. Bêksan topèng. Lampahan: Ratu Bali Dalêm Bêdhaulu dipun bujuk Patih Mada, ingkang anêlukakên Bali. Gêndhingipun: bapang, jungkèri, kale.

Kêpyakan sarta lêlangên bêksan wau manggèn ing pandhapining museum.

--- [0] ---

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar gêlaripun griya Museum Sanabudaya (platte grond) sampun kasinggêt-singgêt awarni sênthong pintên-pintên sarta jogan wiyar-wiyar.

Satunggal-tunggaling sênthong isi lêmantun mawi dipun nomêri. Ing salêbêting lêmantun wau utawi ing sanginggilipun, dipun angge sèlèhanipun barang ingkang pancèn dipun sadhiyakakên kangge têtingalan, mawi dipun nomêri.

Ing satunggal-tunggaling sênthong sarta ing satunggal-tunggaling lêmantun wontên pratelanipun, bab nama sarta pinangkaning barang-barang ingkang wontên ing ngriku. Barang-barang ingkang kina sampun wontên katalogisipun, barang-barang sanèsipun inggih badhe kadamêlakên katalogisipun.

--- [0] ---

[Grafik]

Pahargyan wanci sontên, nalika bikakanipun Museum Sanabudaya (6 Nopèmbêr 1935) pêrangipun Triyăngga kalihan Pratalamaryam, pêparing dalêm pasumbang Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta.

[Grafik]

Pahargyan wanci sontên, nalika bikakanipun Museum Sanabudaya (7 Nopèmbêr 1935) Topèng ing Bali. Pasumbangipun Anak Agung I Gusti Bagus Jalantik, sêtèdhê odêr ing Karangasêm.

--- 177 ---


srêngenge. (kembali)
srêngenge.
amriksanana. (kembali)
amriksanana.
Prambanan. (kembali)
Prambanan.
ingkang. (kembali)
ingkang.
kêkiyataning. (kembali)
kêkiyataning.
amriksanana. (kembali)
amriksanana.
Panyêpêngipun. (kembali)
Panyêpêngipun.
ngantos. (kembali)
ngantos.
Dewa. (kembali)
Dewa.
10 aksara. (kembali)
aksara.
11 173. (kembali)
173.
12 peranganipun. (kembali)
peranganipun.
13 paring. (kembali)
paring.