Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807

Judul
Sambungan
1. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
2. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
3. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
4. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
5. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
6. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
7. Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Kaping 15 Jumadilakir Be 1832][1]

Minăngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Rêjêp taun Be ăngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 253 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Rêjêp taun Be punika amung wontên satunggal dintên Ngahad Pon tanggal kaping 16 wuku Julungwangi, dèwa Sri wurukung dadi aras kêmbang bumi kapêtak, rakamipun dhawah padu, saenipun kangge damêl pawon, pasang talês (pondhêmèn) sangatipun wiwit jam 1.13 mênut dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Rêjêp wau mênawi kangge ngêdêgakên griya awon, watakipun kêras, kangge alih-alihan ugi awon.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi sae, watakipun sugih anak, sugih mas salaka luhur drajatipun.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, tangal kaping 16 wau salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, ningkahan, nanêm wit-witan, damêl sumur saha ngêdêgakên griya.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun Sasadara ăngka IV kaca 161.

Abyasa, Krêsna Dwipayana, Suktinaprawa, Wyasa.

Punika putranipun pambajêng Prabu Dwipakiswara, ing Ngastina, [Ngasti...]

--- 254 ---

[...na,] inggih Rêsi Palasara patutan saking Dèwi Durgandini, garwanipun kêkalih sami putrinipun Prabu Darmamuka ing Giyantipura, ingkang sêpuh Dèwi Ambika ingkang anèm Dèwi Ambalika, putranipun têtiga kakung sadaya, pambajêng Prabu Drêstharasthra = Dhêstharata, patutan saking Dèwi Ambika, panênggak Prabu Dewanata = Pandhu Dewanata, waruju Arya Prabu Widura = Yamawidura, kalih punika sami patutan saking Dèwi Ambalika. Rêsi Abyasa miyos sarêng sami kakung kalihan ingkang rayi Radèn Seta warni cêmêng mulus kalihan bule, miyosipun taksih wontên nagari ing Wiratha. Dipun paringi nama dening ingkang eyang Prabu Wasupati, ingkang sêpuh cêmêng nama Radèn Krêsna, pêparab Radèn Suktina, ajêjuluk Radèn Putrawyasa, ingkang anèm bule nama Radèn Seta, pêparab Radèn Setama, kasêbut nama Radèn Setatama, ingkang rama Rêsi Palasara langkung merang dene pêputra mêdal gondhang kasih mila ing dalu lajêng lolos kondur dhatêng Saptarga. Kacariyos Rêsi Abyasa warninipun awon, cêmêng mulus agêng inggil gagah prakosa nityandik muka sirung wok bris jenggot godhèg wok asimbar jaja, sarêng ingkang rama jumênêng nata wontên nagari ing Ngastina lajêng pamit dhatêng ingkang eyang badhe sowan ingkang rama dhatêng Ngastina kalilan [kalila...]

--- 255 ---

[...n] mawi kairid ingkang paman Radèn Durgandana, punika lajêng dipun andhêg botên kaparêng kondur dhatêng Wiratha, lajêng kapuruhitakakên dhatêng Sang Maharsindra Dewa winulang saliring guna kasantikan jaya-kawijayan sarta panjing sêraping pêjah, saha lajêng kapuruhitakakên dhatêng Sang Sogata Jawalagni winulang saliring kaprawiran sarta patrap pangulahing prang, punapa malih lajêng puruhita dhatêng gandarwa Raja Swala winulang saliring kawruh siluman, kuwasa mancala putra mancala putri, manjing ajur-ajèr amujudakên wêwarnèn saniskara, sarta kuwasa mêsat kados pêsating jêmparing. Ing samuksanipun ingkang rama saking karsanipun ingkang eyang botên kagêntosakên nata, namung kadadosakên raja pandhita wontên ing Saptarga, dene nagari ing Ngastina kaparingakên wangsul dhatêng Rêsi Santanu, ananging lulus dados raja pandhita kemawon, sarta kabawah dhatêng nagari Wiratha. Mênggah ingkang kadhawahan ngêmong: Patih Smarasanta, Patih Duma, Sogata Jawalagni tuwin jaksa Wiku Salya, sami kaparingan nama dhanghyang sadaya. Kacariyos Rêsi Abyasa saking sangêting sungkawa tansah mêmpên wontên ing pahoman, sarta botên karsa ngandika-ngandika, para dhanghyang sami putêk ing manah angraosakên bêndaranipun dene sampun antawis sataun botên karsa

--- 256 ---

ngandika namung kèndêl kemawon. Anuju satunggiling dintên Rêsi Abyasa lênggah sajawining sanggar palanggatan kaadhêp para dhanghyang sakawan sami angêngimur sungkawa winor cariyos sudarsananing kina ingkang sami kataman sungkawa kados lêlampahanipun Rêsi Abyasa wau. Sarêng Rêsi Abyasa sampun karsa ngandika, para dhanghyang lajêng sami matur amrayogèkakên ngenggar-enggar panggalih sabên bangun enjing tindak mubêng-mubêng anamur lampah ing sadumuginipun, Rêsi Abyasa mangayubagya. Kalampahan ing sabên bangun enjing sadèrèngipun katingal sunaring sayêm praba Rêsi Abyasa kadhèrèkakên para dhanghyang tindak anamur lampah konduripun yèn sampun wanci wisan damêl, ngantos antawis taun anggènipun Rêsi Abyasa nglampahi makatên, kacariyos anggènipun manggih lêlampahan elok kaping sakawan, ingkang rumiyin wontên dhusun ing Ngawanti aningali sakathahing têgil pasabinan sami bêra, lajêng andangu dhatêng bêbuyutipun ing ngriku nama Praharana: karananing sami bêra, wangsulanipun awit saking kaparaging ama warni-warni, kados ta: tikus, pêksi, ulêr, walang, waraha, têrkadhang kidang sangsam, maesa, lêmbu, inggih asring purun ngrêrisak têtanêman, mênawi ingkang ambăndakalani kenging dipun băndawasani, wangsul ama [a...]

--- 257 ---

[...ma] ingkang botên katingal punika pakèwêd anggènipun ngakal, botên sagêd sirna saking sarana, botên mêndha saking japamăntra, yèn winisesa malah marawasa, dene katingalipun namung yèn têngah dalu warninipun kados rare alit kathahipun tanpa wicalan, wontên ingkang mastani mênthèk, wontên ingkang mastani janggitan, sabên anglangkungi têgil pasabinan pantun ingkang dipun langkungi kadadosanipun sami ambrêgadag abrit kalajêng gabug, ewasamantên yèn karsa angyêktosakên prayogi sipênga ing ngriki, ingkang anamur lampah sagah badhe sumêrêp ing kayêktosanipun, lajêng ingacaran lumêbêt dhatêng pakarangan, sarêng ing wanci dhatênging ama ingkang anamur lampah kairid dhatêng pasabinan dening pun Praharana, sadaya sami ngungun ningali ama gumêlar tanpa petangan, ingkang anamur lampah lajêng sami tumandang marawasèng ama, kalampahan sirna sadaya saking prabawanipun Rêsi Abyasa, sasirnaning ama wontên jawata tumêdhak awêwarah, nama Sanghyang Caksu jawataning ama sadaya, mangèstawa ênggèning Rêsi Abyasa kuwasa nyirnakakên ama, sarta aparing pituwas musthikaning sri sawabipun tulus kang sarwa tinandur, kalihan têgil pasabinan sauruting Saptarga sadaya rinêksa salaminipun botên kaparag ing ama, namung ing sabên taun ingandikakakên [ingandika...]

--- 258 ---

[...kakên] mêmule barêsih dhusun, sarta aparing pemut utamining wong agung kêdah kagungan kanthi tiyang ingkang sumêrêp pratikêling among tani, pikantukipun sagêd angarang murwating siti ingkang awon sae, sagêd mantês pananêming tanêm tuwuh, Rêsi Abyasa nampèni musthika nêmbah matur nuwun sandika, Sanghyang Caksu lajêng muksa, ingkang namur lampah kondur dhatêng patapan. Ingkang kaping kalih Rêsi Abyasa sampun badhe kondur anggènipun namur lampah kapêthuk durjana sêsanga bêkta rajabrana lajêng narajang purun, ingkang namur lampah panggah ananggulangi, para durjana kalindhih sami nungkul nyuwun gêsang, dinangu karananing soroh amuk, benggoling durjana matur sajarwa nama Yudhistha ing dhusun Rabasa mêntas ambêbahak dhatêng griyaning nangkoda sugih nama juragan Supa ing dhusun Madya, mila nararang[2] purun awit jagaruna bokmênawi tiyang Madya sami nyêgat margi. Para durjana lajêng dipun irid dhatêng dhusun Madya dalah sabêbêktanipun pisan, dumuginipun ing ngriku juragan Supa kapanggih taksih winiyungyung, linuwaran dhatêng sang namur lampah, dinangu yêktining kabahakan, aturipun inggih sayêktos nanging botên wontên ingkang tandang tulung, tăngga têpalih kadhatêngakên dinangu karananing botên tandang tulung, aturipun awit sami botên mirêng sabawaning durjana

--- 259 ---

utawi sambatipun ingkang kabahakan.

R.M. Suwita.

Pêpadhang

Sambêtipun Sasadara ăngka II kaca 59.

Daya gêtêr wau lumembak ambêkta pêpadhang, sarta gumolong tumangkar rêrambatan swasana, kadosdene gumolong saha tumangkaripun swara ing swasana, bedanipun: gêtêripun swasana panyakupipun dhatêng lembaking pêpadhang botên dêdêr kadosdene tumangkaripun swara, nanging panyakupipun malang miturut dununging pêpadhang, inggih punika dipun wastani gêtêring pêpadhang panyakupipun malang, kados ta upaminipun tangsul ingkang kapênthang kêndho utawi tangsuling piyul snaar ingkang kêntho[3] pamênthangipun, bilih kadhêdhêt ingkang sêru sarta ingkang rikat ing pungkasanipun ingkang sasisih, ebahipun tangsul sampun mêsdhi[4] mandhêlang-mandhêlong maradini ing tangsul wau sadaya ngantos dumugi ing pungkasanipun tangsul ing sasisihipun, ingkang makatên punika kawastanan: tumangkaring ebahipun tangsul ngênêr turut awak-awaking tangsul, nanging patraping gêtêripun malang.

Swasana ingkang winastan Aher ing têmbung Walandi punika sangêt alusipun, binasakakên lêmbat ingkang botên [botê...]

--- 260 ---

[...n] kenging jinumput, agêng angêbaki jagad, awit saking lêmbatipun swasana ether ngantos sagêd rumêsêp dhatêng saranduning mripat sadaya, lembaking pêpadhang anduwa dhatêng otot-otot saha bêbayu pirantosing paningal ingkang sami rumakêt ing sisihipun mripat ingkang wingking, awit saking punika tiyang sagêd sumêrêp dhatêng pêpadhang, kadosdene tumangkaripun daya bêntèr ugi awit saking tumularing ebahipun hawa. Prakawis saranduning mripat ingkang magêpokan kalihan bab pêpadhang, ing wingking badhe kula cariyosakên sarêngan kalihan bab lampahipun sorot tumandukipun ing mripat. Lembaking swasana ingkang nangkarakên pêpadhang lampahipun anglangkungi rikat tinimbang ingkang nangkarakên bêntèr, tumangkaripun daya bêntèr ing swasana randhat, makatên malih tumandukipun ing mripat saha rumêsêpipun dhatêng klamaring mripat ingkang sisih nglêbêt de retina inggih randhat sangêt, amila wontênipun hawa bêntèr punika botên kasatmata, namung mênawi lampahing lembakipun swasana ingkang nangkarakên bêntèr wau gêtêripun sangêt punika sawêg sagêd kêtingal padhang, inggih alon rikating gêtêripun swasana punika ingkang tumandukipun ing maripat mahanani wêwarnèn warni-warni, ing wingking badhe kula cariyosakên sêsarêngan [sê...]

--- 261 ---

[...sarêngan] kalihan bab pasang rakitipun mripat manungsa Bouwvan hetmenschelijkoog tuwin bab kosokwangsulipun wêwarnèn Hetcontrast der kleuren.

Taksih wontên sambêtipun, R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

Sambêtipun ăngka IV kaca 174, taun III.

4. Sagantên kêjogan toya botên lubèr

Sagantên punika rintên dalu tansah kêjogan toya saking lèpèn sasaminipun, sabab punapa botên kêbak-kêbak saha lubèr.

Katêrangan: Salugunipun toya-toya saking lèpèn punika jogipun dhatêng sagantên sadaya, ananging sagantên punika wiyar sangêt, tikêl tiga kalihan wiyaripun dharatan.

Kagaliha toya ingkang kawadhahan ing wadhah ingkang cèpèr, punika pangukusipun utawi asatipun enggal, makatên ugi toya sagantên, sabên dintên sapintên kemawon ingkang ngukus, saking wiyaripun sagantên wau: sabab saking kathahipun toya ingkang ngukus, dados [da...]

--- 262 ---

[...dos] sanadyan sagantên punika tansah kêjogan toya saking lèpèn-lèpèn, mêksa botên sagêd kêbak.

5. Toya sagantên asin

Punapa sababipun toya sagantên punika asin.

Katêrangan:

Toya sagantên punika kirang langkung ingkang 3,43 pêrsèn, kadadosan saking lunturanipun barang ingkang atos, kados ta: klurnatrium chloornatrium utawi sarêm, klurmahnesium chloormagnesium mahnesium sulphat magnesium sulphaat saha salsium sulphat Calcium sulphaat inggih punika kapur sela utawi gamping, ananging ingkang kathah piyambak, klurnatrium utawi sarêm, inggih punika wontên 78,32 pêrsèn saking perangan 3,43 pêrsèn wau.

Toya sagantên punika anggènipun gadhah raos asin pait, sabab saking klurnatrium, utawi sarêm, klurmahnesium saha mahnesium sulphat, barang ingkang ajur wontên ing toya sagantên punika, ingkang kathah asalipun saking ing dharatan, ingkang sampun pintên-pintên èwu taun dipun ilèni toya lèpèn, ingkang ambêkta lunturanipun barang-barang wau dhatêng sagantên.

Woworanipun toya lèpèn, ingkang 50 pêrsèn langkung [lang...]

--- 263 ---

[...kung] punika salsium karbonat Calcium carbonaat inggih punika kapur utawi gamping ingkang sampun kawoworan kulsur koelzuur dene sarêmipun namung sakêdhik, ananging sanadyan makatêna, sarêng dumugi ing sagantên sarêm wau sagêd 78,32 pêrsèn, dene salsium karbonat wau kantun sakêdhik, awit: mayuta-yuta kewan sagantên sabên dintên pêrlu ngangge salsium karbonat wau, inggih punika kangge kulitipun utawi kijingipun, ananging sarêmipun botên kalong-kalong, sanadyan toya wau ngukus, sarêmipun ugi kantun, sabab saking punika, sarêm ingkang maèwu-èwu taun kabêkta ing toya lèpèn saking sakêdhik, lami-lami ngalêmpak dados kathah.

Lèpèn-lèpèn ingkang anglangkungi sêtèpên steppen ugi ambêkta sarêm dhatêng tlaga-tlaga. Bilih toya tlaga wau botên wontên pambucalanipun, raosipun ugi asin, kados ta talaga ing Dhudhêse doedezee (ing Asiyah) sarêmipun 21,7 pêrsèn, talaga Utah Uta utawi talaga sarêm agêng, ing Amerikah lèr, sarêmipun 13,4 pêrsèn.

Piritan saking buku ingkang nama Onsê Planit Onze Planeet karanganipun Tuwan Dhoktêr H. Bêling Dr. H. Blink.

--- 264 ---

6. Pulo Jawi

Sabab punapa, saha wiwit ing nalika punapa, siti padunungan kula punika dipun wastani: pulo Jawa.

Katêrangan: Kasêbut ing sêrat ingkang nama Yapha Java karanganipun Tuwan Pèth Veth nyariyosakên nama: Jawa, asalipun awit jaman kina, saha: Jawa, punika têmbung Indhu, dene ingkang sakawit ngangge nama punika, tiyang sarjana nama Potolomeus Ptolomeus ingkang ing salêbêtipun windu Walandi ingkang kaping kalih, manggèn wontên ing kitha Alèksandêr Alexander ing tanah Mêsir: tanah-tanah Insulindhah Insulinde punika dipun namani ngangge têmbung Indhu: Yaba diyu Jaba dioe (diyu têgêsipun nagari). Saha ing sêrat kidungan Indhu, ingkang pangarangipun dugi-dugi ing salêbêtipun windu Walandi ingkang kaping kalih, pulo-pulo ing sawetan tanah Indhustan, dipun wastani: Yawa dwipa Jawa dwipa (dwipa têgêsipun nagari). Kajawi saking punika tiyang Cina nama Pha Hian Fa Hian ing salêbêtipun taun Walandi 414 baitanipun labuh, bilih botên wontên ing tanah Jawi, inggih ing tanah Sumatra, tanah wau dipun wastani: Ye Pho Ti Je pho thi saking pamanggihipun tiyang ingkang sampun alim ing têmbung Cina, ungêl-ungêlan [ungê...]

--- 265 ---

[...l-ungêlan] wau kajêngipun inggih Yawa diyu Jawa dioe ingkang dipun ewah manut kêdaling ilatipun Cina.

Potolomeus nêrangakên nama wau, Yaba Jaba têgêsipun siti ingkang kathah jawa utawi jawawutipun (awut, têgêsipun alus), têmbung: Yawa Jawa utawi Yaba Jaba kaungêlakên ing tiyang ngriki: Jawa, sabab aksara j (ya) asring kalintu dados dj (ja) kados ta têmbung Walandi: yas jas yongênês jongens yan jan dipun santuni kêdalipun dados jas, jongos, jan.[5]

Nama: Jawa, ing pulo Jawi piyambak, pinanggihing sêratan ingkang wontên ing sela, salêbêtipun taun Walandi 1343.

Ananging dèrèng kantênan, tanah ingkang pundi, ingkang dipun wastani: Yawa dwipa Jawa dwipa utawi Yaba diyu Jaba

--- 266 ---

dioe sabab Sumatra, tanah Jawi, Madura, Bali Lombok, taksih dados satunggal, dene pêthalipun tanah Jawi kalihan Sumatra sawêg ing salêbêtipun taun Walandi 1208 kalihan Madura ing taun Walandi 1254 saha kalihan Bali ing taun 1293 lami-lami tiyang Ngarab ambedakakên, tanah Sumatra dipun wastani tanah Jawi alit, tanah Jawi dipun wastani tanah Jawi agêng, sabab sanadyan pulonipun langkung alit, ananging kawontênanipun langkung misuwur tinimbang tanah Sumatra wau.

Sundha

Ingkang dipun wastani tiyang Sundha punika pamanggènipun wontên ing pundi, saha kadospundi mênggahing adat lêlampahanipun.

Katêrangan: Ingkang dipun wastani tanah Sundha dêlês punika paresidhenan ing Priyangan, ingkang kalêbêt ing tanah Jawi Kilèn, saantawisipun paresidhenan ing Batawi, Krawang, Cirêbon, Banyumas, sagantên Indhi, saha paresidhenan ing Bantên, tiyang Priyangan punika sadaya têmbungipun Sundha, saha kenging dipun wastani ingkang têmbungipun sae piyambak, tinimbang têmbung Sundha sanèsipun, têgêsipun botên kawoworan ing têmbung Malayu tuwin Jawi, kadosdene têmbung Sundha ing Cirêbon, Krawang

--- 267 ---

saha Bantên. Wontên ugi ingkang kawoworan têmbung Jawi, Malayu utawi Ngarab, ananging pêrlunipun kangge ngalusakên, kados ta: paèh, kagantos waphat (têmbung Ngarab, têgêsipun: seda), niyat kagantos maksud (têmbung Ngarab, têgêsipun karêp), inggih punika kadosdene băngsa Walandi nyantuni salah satunggaling têmbungipun, ing têmbung Prasman, pêrlunipun namung kangge ngalusakên pawicantênan.

Pitêmbungan saha tatakramanipun tiyang Sundha Priyangan punika alus, andhap asor, têbih dhatêng napsunipun. Dhatêng pangagêngipun ajrih sangêt, punapa malih alitan manah, saha têbih dhatêng lampah kadurjanan, rajapêjah, kècu, begal, pandung sasaminipun, bilih katimbang kalihan paresidhenan sanèsipun, kenging kawastanan botên wontên. Ananging têtiyangipun wêgah sangêt angudi indhakipun kasagêdan, punapa malih ajrih mêdal saking asal kalairanipun. Kajawi saking punika tiyang Sundha punika taksih pitados sangêt dhatêng panggorohan saha barang ingkang gaib-gaib, angèl sangêt sagêdipun miturut dhatêng barang ingkang lêrês. Dene panggêsanganipun, kajawi têtanèn, sapunika sampun wontên ingkang nyoba nanêm tèh, kopi saha kinah. [ki...]

--- 268 ---

[...nah.] Dhatêng dêdagangan botên purun sangêt nindakakên, kadosdene têtiyang Jawi, Cina sasaminipun. Dêdamêlanipun kados ta: tiyang ing Ciawi: nganam gêlaran, tiyang ing dhistrik Indhi-Iyang, Garut saha Sukaraja: nyêrat sinjang, tiyang ing dhistrik Singaparna: damêl wadhah sês, wakul, wadhah gantèn sasaminipun, tiyang ing dhistrik Cidamar saha ing Batuwangi, damêl lampit pênjatos sasaminipun, bab pamisayanipun ulam ing sagantên saha ing rawa-rawa, kenging dipun wastani botên andadosakên kauntunganipun, sabab botên sagêd nyade dhatêng măncanagari, awit saking botên gadhah reka sagêdipun ulam wau tahan ngantos lami.

Bab Têdhanipun

Tiyang Priyangan punika, kajawi priyantunipun, têdhanipun sêkul kadosdene têtiyang Jawi saha têtiyang Sundha sanès-sanèsipun, lawuhipun sambêl kalihan sarêm, saha karêm sangêt dhatêng lalaban, kacang, timun, terong, lobak sapanunggilanipun, punapa malih dhatêng lalaban ingkang pait saha gêtir ingkang gandanipun botên eca, kados ta: pare, terong ngor, pête, jengkol. Tene[6] panêdhanipun ulam, ingkang kathah sarana dipun masin, bilih daging maesa, lêmbu

--- 269 ---

sasaminipun, panêdhanipun namung dipun bakar kemawon, saha dipun sarêmi sawatawis, awit dhatêng olah-olahan cara Walandi botên ajêng. Wancinipun nêdha, sapisan enjing sadèrèngipun tapak nyambut damêl, kaping kalih sontên, sasampunipun nyambut damêl, inggih punika kadugi jam satêngah gangsal, utawi jam 5 sontên. Sasampunipun nêdha: lajêng ngombe wedang tèh utawi bubuk, dene siyang, sadangunipun ngaso saking anggènipun nyambut damêl, namung ngombe wedang tèh utawi bubuk, pacitanipun juwadah, wajik, utawi sanès-sanèsipun têtêdhan ingkang lêgi-lêgi, ananging botên doyan tatêdhan ingkang mawi tigan, kajawi para priyantunipun, punika karsa sabab saking sampun nate utawi kulina woworan kalihan băngsa Walandi.

Bab Panganggenipun

Panganggenipun kadosdene tiyang Sundha sanès -sanèsipun, inggih punika ngangge ikêt, sarung, rasukan cêkak. Priyantunipun bilih garêbêgan, ugi mangangge kadosdene priyantun Jawi, ananging botên kulukan saha kampuhan, priyantun agêng wontên ingkang ngagêm sapatu, dene priyantunipun alit, saha têtiyang alit, namung ngangge caripu utawi trumpah kemawon.

--- 270 ---

Priyantun ing Priyangan punika botên sabên dintên kairing songsong kadosdene priyantun Jawi, wêdalipun songsong namung bilih garêbêgan kemawon, dene padintênanipun, ingkang kangge pratăndha caping ingkang dipun cèt saha kapraos, kadosdene cèt saha praosing songsongipun.

Sêmbahipun tiyang Sundha punika mirah sangêt, sampun ingkang priyantunipun agêng, botêna dipun sêmbah, lurahipun dhusun kemawon, ugi pikantuk sêmbah.

Têtiyangipun èstri panganggenipun sinjang utawi sarung, slendhang, rasukan kurung cêkak, mawi kancing gulu, dhadha tuwin tangan, ananging tiyang èstri ing salêbêtipun kitha tuwin semahipun para priyantun, sapunika rasukanipun kêbayak cêkak, kadosdene rasukanipun nyonyah Walandi, gêlungipun nelad gêlungipun nyonyah Cina.

Tiyang ngangge-angge ingkang patrapipun katingal singsêt namung tiyang ing Bandhung, amila dados têtuladanipun têtiyang ing kabupatèn sanès-sanèsipun, ing salêbêtipun paresidhenan Priyangan. Bab Anggènipun Gêgriya

Griyanipun tiyang Priyangan punika panjang, ujuripun mèh tikêl kalih tinimbang alangipun, wuwungipun ugi panjang,

--- 271 ---

kadosdene wuwungipun griya Cina. Ananging sapunika sampun kathah ingkang nelad cara Walandi saha Jawi, kados ta: limasan sasaminipun. Griya-griya wau sadaya kacara langgar, inggiling longkanganipun watawis kalih kaki, andadosakên longan, longan wau kangge kandhang ayam, kambangan, menthog, utawi banyak, ing lêbêt griya wontên sênthongipun patilêman saha wadhah barang tuwin pangangge, lotèng utawi para(?)nipun kangge wadhah uwi, jagung, sata sapanunggilanipun. Ing sangajêngipun griya dipun sukani ambèn, kangge nampèni saha amanggihi tamu jalêr, dene tamu èstri panampinipun, saha anggènipun manggihi wontên ing griya, lêbêtipun mêdal ing kori butulan, awit tiyang èstri botên kenging lêlinggihan kalihan tiyang jalêr ingkang sanès akrabipun piyambak, ewadene sapunika sampun kathah ingkang yasa griya gêdhong sasaminipun saha rêrêngganipun griya ugi sampun kathah ingkang cara Walandi, punapa malih têtiyang ing salêbêtipun kitha, saha priyantun-priyantunipun. Bab Anggènipun Salakirabi

Caranipun tiyang salakirabi ing Priyangan, warni kalih, inggih punika: nanyaan, têgêsipun tiyang jalêr anglamar tiyang èstri. Mulung mantu, têgêsipun tiyang jalêr ingkang

--- 272 ---

katêdha têtiyang sêpuhipun lare èstri, badhe kapêndhêt mantu. Dene cara ingkang sapisan, inggih punika tiyang jalêr nakèkakên dhatêng tiyang èstri, sakawit tiyang sêpuhipun lare jalêr kengkenan satunggalipun tiyang, ingkang patitis wicantênipun, dados rêmbag anakèkakên dhatêng tiyang sêpuhipun lare èstri, anakipun sampun gadhah pacangan punapa dèrèng, bilih dèrèng: saupami wontên ingkang angajêngi, punapa suka dipun takèkakên, bilih lare èstri wau dèrèng wontên pacanganipun, saha tiyang sêpuhipun suka dipun takèkakên punika purun anampèni panêmbungipun, sintên ingkang badhe nakèkakên anakipun èstri, tiyang sêpuhipun lare jalêr lajêng kintun sêrat dhatêng tiyang sêpuhipun lare èstri, dipun kanthèni barang mas intên, kados ta: sêsupe, paniti, utawi susuk kondhe, minăngka panglamar. Bilih tikang[7] sêpuhipun lare èstri wau nyondhongi, barang panglamar katampèn, saha amangsuli sêrat, suraosipun sampun nyondhongi ingkang dados kajêngipun badhe besan, punapa malih dintên badhe ijabing paningkah tuwin panggihipun, ugi lajêng katamtokakên babarpisan. Botên antawis dintên tiyang sêpuhipun lare èstri kengkenan anyukani barang, yatra utawi namung sêrat [sê...]

--- 273 ---

[...rat] kemawon, pratăndha kêkancinganing rêmbag, utawi paningsêt, mênawi rêmbag wau wudhar, barang-barang wangsul dhatêng ingkang gadhah, bilih makèwêd, kenging lajêng macak gugat ing parentah pangulon.

Mênawi dintên ijabing paningkahipun wau sampun cakêt, tiyang sêpuhipun lare jalêr sami dhatêng ing griyanipun badhe besan, kairingakên sanak sadhèrèkipun, saha ambêkta barang ingkang badhe kangge ing pangantèn èstri, kados ta: sinjang, slendhang, rasukan, wadhah gantèn, sêsupe, paniti, pirantos patilêman, pirantos pawon, piring, cangkir sapanunggilanipun, kajawi saking punika wontên malih kados ta: uwos, maesa, wowohan, lisah, têtêdhan, kajêng obong, inggih punika sasrahan. Dene tiyang sêpuhipun lare èstri ugi nyadhiyani anggèn-angkènipun[8] badhe pangantèn jalêr, kados ta: ikêt, sarung, dhuwung sapanunggilanipun, barang-barang wau lajêng kadadosakên satunggal, dipun wastani: barang bawak awewe (bêktanipun pangantèn èstri) saha barang bawak lalaki (bêktanipun pangantèn jalêr), ananging barang ingkang warni mas intên utawi ingkang kathah rêginipun, mawi dipun pèngêti ing buk, bokbilih ing têmbe wontên aralipun pêgatan, utawi salah [sa...]

--- 274 ---

[...lah] satunggilipun wontên ingkang pêjah, pangulu sagêd nyumêrêpi têrang, pundi barang bêktanipun tiyang jalêr, saha bêktanipun tiyang èstri.

Sarêng sadaya wau sampun rampung saha griya sampun dipun pajang, inggih punika kalêrês ing dintên ijabing paningkahipun, pangantèn jalêr èstri lajêng sami dipun dusi, saha kakêrik. Pangantèn jalêr lajêng dipun dandosi cara Ngarab, mawi sorban, rasukan jubah, botên kenging ngangge anggèn-anggèn ingkang dipun karamakên, kados ta: mas, salaka saha sutra. Sasampunipun ngangge-angge lajêng dipun arak dhatêng masjid, kanikahakên, bilih sampun: têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku dipun dumi yatra saha gantèn, nama ipêkah. Sawangsulipun saking masjid, botên kajujugakên ing griyanipun pangantèn èstri, kèndêl wontên ing satunggaling griya ingkang sampun kasudhiyakakên, ing ngriku pangantèn jalêr santun pangangge ingkang sae-sae, manut kacêkapaning tiyang sêpuhipun. Pangantèn èstri inggih sampun dandos, lajêng katumpakakên kareta sasaminipun, mêthuk pangantèn jalêr dhatêng ing griya panggenanipun dandos wau. Pangantèn kêkalih lajêng kalênggahakên jèjèr, kaarak ngangge têtabuhan. Sarêng dumugi ing latar, lajêng katampèn dening para [pa...]

--- 275 ---

[...ra] sêpuh, saha sanak sasèrèkipun,[9] sadumuginipun ing ngajêng kori, lajêng wontên tiyang ingkang nyêbarakên yatra ingkang kauworakên kalihan uwos (udhik-udhik) kalihan nêmbang, namanipun: nyawêr. Pangantèn jalêr la[10] ngidak tigan ayam, ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ing tunjangan (= pipisan) pangantèn èstri dipun cêpêngi upêt kalihan kêndhi isi toya. Sasampunipun tigan kaidak, sukunipun lajêng kaslomod ing upêt[11] saha dipun wisuhi ing toya kêndhi wau satêlasipun, pangantèn èstri lajêng kabêkta malêbêt ing griya, pangantèn jalêr kantun ing jawi, kori kainêbakên. Salah satunggalipun tiyang ingkang wontên ing griya lajêng cariyos, bilih kori botên badhe kaêngakakên, mênawi botên katêdha wênganipun sarana nêmbang. Salah satunggalipun tiyang ingkang wontên ing jawi lajêng nêdha wênganipun kori, sarana lagu sêkar. Sasampunipun kalêksanan, kori lajêng kaêngakakên, pangantèn jalêr kabêkta malêbêt ing griya, kalinggihakên jèjèr kalihan pangantèn èstri, angajêngakên sêkul sarampadanipun, ingkang sampun kasadhiyakakên kangge pangantèn, botên [botê...]

--- 276 ---

[...n] dangu sasampunipun dipun dongani slamêt, lajêng sami nêdha sêsarêngan tiyang kathah (walimah). Dene rampadan sadhiyan pangantèn wau, sêkul punar, panggang ayam wêtah, kalihan kêlan pondhoh. Têtêdhanipun warni-warni, wontên ingkang dipun rêngga sarana gambar-gambar, aksara utawi ukara, kados ta: salamat pangantèn, salamat têtamu, salamat makan, wontên ingkang karêngga ing makutha raja Walandi aksara W (W) saha wontên ingkang kawangun kewan, kados ta: bajul, ulam, maenda, ayam, kabalêbêd ing dalancang sasêkaran, kawangun kadosdene kewan taksih gêsang.

Pangantèn wau salêbêtipun pitung dintên, botên kenging nyambut damêl, kajawi among sênêng: namung mara tamu ing para sêpuh-sêpuh, saha pangagêngipun, kairingakên sanak sadhèrèkipun, ambêkta angsal-angsal warni sarung, dene tiyang ingkang dipun dhatêngi ugi lajêng anyukani praboting griya bala pêcah panjang piri[12] sasaminipun.

Bab ingkang kaping kalih, inggih punika bilih sangkanipun rêmbag saking èstri, caranipun nikah utawi patrap- patrapipun sami kemawon kalihan ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, kaotipun namung pangantèn jalêr botên angwontênakên punapa-punapa (sasrahan) amung sapikajêngipun [sapi...]

--- 277 ---

[...kajêngipun] piyambak, sabab sampun dados têtanggêlanipun tiyang sêpuhipun lare èstri. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Têmbung Cina

Sambêtipun ăngka IV kaca 168 taun III.

Cing

Têbu ingkang sampun kagiling, toyanipun sampun kacamboran kapur, sarta sampun kagodhog rêsik, inggih punika kilang, ing têmbung Cina winastan: jing.

Juru masak gêndhis, ing tanah Jawi, inggih amastani: jing, utawi: jingah, têgêsipun: bêning, utawi: bêningan.

Kêlanturing têmbung Jawi dados: cing, utawi: cèng.

Sêrat Ongcyakdêngsêngba, tuwin sêrat Kongsulwiu, nyariyosakên, ing nagari Cina, awitipun wontên gêndhis batu, makatên:

Ing jamanipun Sang Prabu Tongtaecong, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun Mèsèhi 763.

Kacariyos, ing salêbêtipun taun Mèsèhi 766-

--- 278 ---

779: wontên satunggaling wasya[13] apêparab: Cahwesyo: ing satunggaling dintên numpak kuldi pêthak minggah ing rêdi Sansan, lajêng ngadêgakên griya kambêngan, sarta dêdunung ing ngriku, mênawi badhe tumbas uwos, sarêm, kajêng, sayuran sapanunggilanipun, namung kasêrat ing dlancang, dipun kanthèni arta, ginendhongakên ing gêgêring kuldinipun.

Lampahipun kuldi sasampuning dumugi ing pêkên, para tiyang sampun sami sumêrêp, lajêng sami nguculi lapaking kuldi, sarta sami nyadèni punapa ingkang sinêrat ing dlancang wau.

Ing satunggaling dintên, kuldi wau saking pêkên badhe mantuk dhatêng rêdi, lampahipun kasêsa, nangsak têgalanipun tiyang sèwi, angrisakakên tanêmanipun rosan, ingkang gadhah rosan nêdha têtêmpah, wasya wau wicantên:

Jibiti imcya widongsong litongsipwe, têgêsipun: kowe durung wêruh, yèn têbu diolah sarta dilêrêmake bisa dadi gula is (ijs), bathine bisa tikêl sapuluh.

Punika minăngka pituwasing kalêpataning kuldi wau.

--- 279 ---

Kalampahan lajêng damêl gêndhis ingkang winastan: dêngsêng, utawi: pingdêng, têgêsipus:[14] gêndhis is, ing têmbung Jawi winastan: gêndhis batu.

Cèng

Para prajurit ing nagari Cina, mênawi sinau main sabêt, jêmparing, sanjata utawi lumpat-lumpatan, sasampuning sagêd utawi pratitis, punika winastan: cing, têgêsipun: sae, titis, makatên ugi tiyang ingkang sinau sanès-sanèsipun, mênawi sampun sagêd, inggih winastan: cing, utawi: cingkong.

Para jêjaka, utawi lare alit ing tanah Jawi, mênawi dolanan bênthik, tuwin lumpat-lumpatan, bilih sagêd angêjlogi panggenan ingkang tinamtokakên, winastan: cing, utawi cèng.

Cêngkuwèh

Bligo, ing têmbung Cina winastan: tangkhwa. Mênawi dipun damêl manisan, inggih ugi winastan: tangkhwa.

Ing têmbung Jawi, kêlantur dados tangkuwèh, têngkuwèh, cangkuwèh, utawi: cêngkuwèh.

Bramartani 10 Sèptèmbêr 1895 ăngka 71 wontên têmbung cêngkuwèh wau, ungêl-ungêlanipun makatên:

Ing têngah pêkên Têkaran bawah Nawagiri, kadhatêngan tiyang,

--- 280 ---

ingkang kenging winastan tanpa sangkan tanpa paran, katarik saking gugon tuhon kathah têtiyang sami dhatêng amunjung warni-warni, wontên têtêdhan, tèh, cêngkuwèh, gula batu, tai kucing ...

Rêtna Dumilah 18 Juni 1897 ăngka 46 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Nyambat sarana nyukani pituwasing kangelan, awarni gêndhis tèh lan cêngkuwèh.

TJOA TJOE KWAN.

Katrangan

Sasadara ăngka II, taun III kaca 91, Babah Kho Ing An juru sêrat kapala kampung Cina ing Klathèn, ingkang tansah ambudi sarta amarsudi indhaking samukawis kawruh kasagêdan, mratelakakên panjurung kula: bab pagêblug sêsakit kolerah, ingkang kapacak ing Sasadara ăngka I taun II, lugu mêthik saking buku têmbung Jawi cap-capan guprêmèn.

Ngèstokakên dhawuhipun rama juru pangripta, ing ngandhap punika kula ngaturi katrangan.

Kula punika lugunipun balilu, cotho ing bab kasusastran, mila pantês ugi sagêdipun namung nêdhak sungging utawi [uta...]

--- 281 ---

[...wi] amêmêthik kemawon. Mênggah pratelanipun Babah Ga Ing An kula botên selak. Lasar sayêktosipun ugi wontên buku bab sêsakit kolerah cap-capan guprêmèn. Inggih punika 1e têmbung Malayu sastra Walandi karanganipun Tuwan J.A. Aeckerlin 2e. buku têmbung Jawi sastra Jawi. 3e. buku sastra Ngarab têmbung Jawi mawi sêkar. 4e. sastra Ngarab têmbung Sundha mawi sêkar. Buku 3e, 4e kasêkarakên dening Radèn Tumênggung Jayadiningrat.

Punapa Babah Ga Ing An sampun nandhingakên karangan panjurung kula ing Sasadara, kalayan buku 2e. cap-capan guprêmèn? Ing sêrat pananggalan taun punika babaran Samarang G.C.T. van Dorp & Co. ugi wontên karangan, bab panyakit kolerah, kasêkarakên dening Mas Padmadiharja, guru bantu ing Pacitan. Karangan punika punapa ugi lugu mêthik buku 3e. cap-capan guprêmèn?

Sanadyan sêrat sêrat wau sami nunggil suraos, jêr babonipun satunggal (buku 1e) ananging mênawi Babah Ga Ing An, ingkang ambudi sarta amarsudi indhaking samukawis kasagêdan, karsa nandhingakên, tartamtu katitik sadaya bab patraping têtêmbungan tuwin pangikêting ukara.

Sêsorah bab pagêblug sêsakit kolerah, sampun [sampu...]

--- 282 ---

[...n] kagiyarakên ing akathah, ewadene têtiyang awis ingkang ngèstokakên. Wah malih têtiyang bumi ingkang taksih ngêkahi bab gugon tuhon, tamtu para maos botên kakilapan. Mila pêrlu kula panjurungakên ing Sasadara, sêrat punika taksih dipun aji-aji dening pamaosipun ingkang condhong tuwin rêmên. Mugi-mugi suraosipun karangan wau dadosa pêpèngêt, sokur bage sèwu sagêd lumèbèr dhatêng ingkang taksih kumandêl gugon tuhon, awit saking pamardining para kawogan, darapon kaèstokna sêsorahipun ingkang mupangati.

Ing ngajêng kula ngaturakên panjurung waosan wêwarah panulak sêsakit kolerah, anggèn kula nêdhak buku (3e) sastra Ngarab têmbung Jawi kasêkarakên dening Radèn Tumênggung Jayadiningrat. Sarèhning Sasadara botên nate macak karangan ingkang mawi sêkar, mila rama juru pangripta aparing dhawuh dhatêng kula (ingkang sêsinglon nama: Mas Gunadirja, ing Lorog Pacitan Zie sosodoro tahoen I) sêsorah wau prayogi kaanggita: karangan têmbung Jawi wantah, amurih para maos sagêd dhamang suraosipun. Wondene buku 3e. sastra Ngarab têmbung Jawi ingkang kasêbut ing nginggil, ukaranipun dhasar kirang urut kalihan [kali...]

--- 283 ---

[...han] babonipun buku têmbung Malayu, bilih kula têdhak têmbung Jawi wantah tartamtu sangsaya kathah nalisiring ukaranipun, măngka kula tumbas buku 2e. ing pangêcapan guprêmèn, pinuju têlas, ngantos sapunika ugi dèrèng rampung panyithakipun malih. Mila buku 1e têmbung Malayu kula têdhak ing têmbung Jawi, botên ketang dipun gêgujêng dening para sarjana, awit têtêmbunganipun sigug, ukaranipun kathah ingkang lêpat. Mawi kula pratelakakên: kajawèkakên dening Tan Sing Cwan, dados kalêpatanipun kabêbah ing kula.

Mênawi karangan wau lasar anggèn kula nêdhak sungging: lugu mêthik buku 2e, têmbung Jawi cap-capan guprêmèn, tartamtu kula têrangakên pisan, botên pilaur ngêntosi pratelan saking Klathèn. Jêr kula botên melik pangalêmbana, sarana kêkudhung êlar mêrak, sanadyan adi: mênawi namung warana kemawon. Sanadyan awon bilih awonipun piyambak. Makatên upaminipun.

Karangan panjurung kula ing Sasadara ăngka I taun II, katêdhak malih ing têmbung Malayu dening sêsulihing redhaktur Sêlomprèt Mêlayu, kala Tuwan Alkêmah marêngi pamit kesah Zie selomp Melajoe 1901 No. 68. sanadyan têmbung Jawi kalayan Malayu, ugi katitik pangikêting ukara [uka...]

--- 284 ---

[...ra] saha têtêmbunganipun, wah malih wêwahan karangan kula piyambak ing Sasadara: bab tiyang ingkang sumarah ing takdir salajêngipun.

Ingkang punika, kula sumăngga para maos ingkang jêmbar jajahanipun, tamtu botên kasamaran.

Mugi sampun dados panggalihipun Babah Ga Ing An, utawi kaduk bela tampi, kula botên nêdya gumêndhung sumakean, drêngki dahwèn, namung sadarmi kemawon, sarta ngèstokakên dhawuhipun rama juru pangripta, kula ngaturi katrangan ingkang panjang punika: amurih dhamangipun para maos, sampun ngantos kula kagalih: ambradhat karanganing liyan kaakên anggitanipun piyambak, titi.

Cobolo balilu, TAN SING TWAN, ing Surakarta.

Kawruh Topèng

Sambêtipun ăngka IV kaca 159.

Sarêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 ing Kartasura, anglangkungi kathah têtanggapan saking sanès nagari, abdi dalêm salêbêting nagari, yèn badhe nanggap topèng inggih dhatêng pun Gunalêsana, saha [sa...]

--- 285 ---

[...ha] pandamêlipun topèng inggih prayogi, asring kakarsakakên nopèng ing para luhur, wiwit kala samantên wontênipun lêlampahan topèng nama Jaka Panjaring, dados jêjêripun lêlampahan topèng wontên tiga, Jaka Sêmawung, Jaka Bluwo, Jaka Panjaring, punika tumrap mênawi topengan ngantos sadintên, upami namung topèng barangan inggih namung sakêdhap, inggih ing sakenging-kengingipun kemawon, anggêripun anjogèd sarta mawi banyolan.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 ing Surakarta, dhalang topèng anama Mothi, punika kacariyos sae damêlanipun topèng, saha kathah kasagêdanipun matrapakên jogèdipun topèng piyambak-piyambak, sarèhning ing wêkdal punika kathah para tiyang ingkang sagêd jogèd topèng, saking pamardinipun dhalang topèng, dados tiyang satunggal sagêd anjogèdi topèng ngantos kalih, utawi tigang warni, dene ingkang kawical kathah larasing jogèdipun amung Kalana sêpuh akalihan Kalana ênèm, kaotipun, Klana sêpuh mawi sindhèn, Klana ênèm tanpa sindhèn, saha jogèdipun Gunungsari, têmbungipun padhalangan, Klana Gunungsari punika jogèdipun mawi kiprah,

--- 286 ---

inggih punika jogèd sadèrèngipun minggah utawi dhawahing gêndhing asantun larasing jogèd wau.

Mênggah topèng damêlan ing Surakarta, kala samantên ingkang sae garapanipun Mothi kalih pun Cawijaya, dene ingkang kapirit wandanipun, Klana sêpuh Dasamuka bêlis, Klana nèm mirit wandanipun Boma gusèn, mênggah topèng sanès-sanèsipun ugi mirit wandaning ringgit kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

Ing sawontênipun dhalang Mothi wau, wiwit wontên lampahanipun topèng Narawăngsa, mêndhêt gancaring lampahan ringgit gêdhog.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4 ing Surakarta, punika rayi dalêm ingkang sinuhun, nama Kangjêng Pangeran Arya Singasari, karsa yasa topèng saha wandanipun, Klana sêpuh kairibakên wandanipun Boma gusèn, wiwit punika ing Surakarta topèng salampahan cacahipun 80 iji, saha wiwit wontênipun topèng kasêrat rambut utawi godhègipun, ewadene topèng ing padhalangan cacah saha wandanipun taksih miturut adat kina, ing nalika punika ingkang kacariyos sae panglananipun 1. nama pun Jala, 2. nama pun Gala, sami putunipun Sadăngsa

--- 287 ---

dhalang ing Palar, ingkang kacariyos natah ringgit Bathara Guru, wontên salêbêtipun pratelan ringgit, sapêjahipun dhalang tukang damêl topèng ingkang nama Mothi wau, pun Jala punika tumut garap topèng ing Singasarèn, dene pun Jala wau sarêng sampun sêpuh karan Ki Obrus, mênggah yasan Klana ing Singasarèn punika 3, kaparingan nama 1. Gègèr, 2. Gilap, 3. Gêblag. Kajawi punika kathah panunggilanipun, nanging botên kacariyosakên, wondene ing padhalangan ingkang dados pêpilihanipun topèng damêlanipun Pak Obrus wau, saha kala samantên ing nagari Surakarta kathah para luhur ingkang yasa topèng. Taksih wontên sambêtipun.

Sidhikala IX

Candhakipun ăngka IV kaca 154.

Bab 3

Agêng alitipun lintang pêpitu Planeet

Kasêbut ing sêrat Elementa- Astromica têmbung Latin, pujăngga Batlimus namung mratelakakên agêng alitipun surya kalihan rêmbulan kemawon, botên mratelakakên agêng aliting lintang sanès-sanèsipun. [sanès- sanèsi...]

--- 288 ---

[...pun.] Sanadyan botên kapratelakakên dening pujăngga Batlimus, ewadene tumrapipun ingkang sampun sumêrêp aluraning etangan sarta ukuraning surya kalihan rêmbulan inggih gampil kemawon, awit sampun wontên ingkang kaangge têturutan.

Pujăngga Batlimus amratelakakên, rêmbulan punika mênawi kalêrês wontên ing auj, têgêsipun wontên panggenan ingkang têbih piyambak saking ing bumi, punika midhêlèinipun sami kalihan midhêlèining surya, kasawang saking ing bumi agêngipun angacaki 31 3 dagigah, kang măngka midhêlèining rêmbulan punika 5/17 sipun midhêlèining bumi, sarta midhêlèining surya punika samidhêlèining bumi kaping 5½, dados agênging rêmbulan punika sapara tigang dasa sanganipun agênging bumi, dene agênging surya punika saagênging bumi kaping 166.

Anêtêpakên ukuran ingkang sampun rambah-rambah katindakakên sarana pirantos, midhêlèinipun lintang buda punika sawanganipun saking bumi sapara gangsal wêlasipun midhêlèining surya, midhêlèinipun lintang sukra kasawang saking bumi sapara dasanipun midhêlèining surya, midhêlèining lintang anggara yèn kasawang saking bumi sapara kalih dasanipun midhêlèining surya, lintang wrahaspati yèn kasawang saking [sa...]

--- 289 ---

[...king] bumi midhêlèinipun sapara kalih wêlasing midhêlèinipun surya, dene midhêlèinipun lintang tupak, kasawang saking bumi sapara wolulasipun midhêlèining surya.

Awit saking ukuran ingkang sampun kasêbut wau kawruh etang sagêd amanggihakên bilih midhêlèinipun lintang buda punika sapara wolulikuripun midhêlèining bumi, midhêlèining lintang sukra tigang para dasanipun midhêlèining bumi, midhêlèinipun lintang anggara sami midhêlèining bumi langkung sapranêman. Midhêlèinipun lintang wrahaspati samidhêlèining bumi kaping 49/16 midhêlèinipun lintang tupak, samidhêlèining bumi kaping 4½.

Makatên ugi sêrat Elementa Astronomica mratelakakên bilih agêngipun lintang buda punika sapara kalih likur èwunipun bumi, agêngipun lintang sukra sapara tigang dasa pituning bumi, agêngipun lintang anggara saagênging bumi langkung 5/8 agêngipun lintang wrahaspati saagênging bumi kaping 95, agêngipun lintang tupak saagênging bumi kaping 91.

Sapunika kenging kagêrba, lintang Planeet pêpitu dalah bumi punika ingkang agêng piyambak surya, lajêng lintang wrahaspati, lajêng lintang tupak, lajêng lintang anggara, lajêng bumi, lajêng lintang sukra, lajêng rêmbulan, lajêng ingkang alit piyambak lintang buda.

--- 290 ---

Mênggah ukuran midhêlèining lintang-lintang saha agêng alitipun ingkang kasêbut ing nginggil wau, sayêktosipun ing petang botên cundhuk, ewadene sarèhning dèrèng kantênan pundi ingkang lêrês utawi pundi ingkang lêpat, mila namung kalugokakên punapa sasuraosipun sêrat Elementa Astronomica kemawon.

Bab 4. Lampah utawi ubêngipun lintang pêpitu

Satunggal-tunggalipun lintang Planeet pêpitu dalah phalak-phalakipun sadaya punika sami lumampah mangetan, kabêkta dening ubêngipun phalak buruj, awit saking punika mila aujipun lintang Planeet pêpitu sarta jaujhahar utawi naubaharipun sami mingsêr saking panggenanipun, dene ubênging phalak buruj utawi mingsêripun auj sarta jaujhahar lan naubahar wau miturut pangukuripun pujăngga Batlimus, ing dalêm 100 taun namung sadarjah dados têmu gêlangpun [15] 36000 taun.

Mila lintang-lintang ingkang sami dumunung ing phalak buruj sami winastan lintang tawabit, têgêsipun lintang têtêp, punika awit saking lampahipun mangetan kabêkta dening ubêngipun phalak buruj wau rikat rindhikipun rampak, botên wontên kaotipun, dados wanguning krompolanipun [krompolani...]

--- 291 ---

[...pun] têtêp kemawon, botên sagêd ewah, sawênèh pujăngga wontên ingkang mastani mila dipun wastani lintang têtêp, awit saking mingsêdipun sakêdhik sangêt, ing dalêm satus taun namung sadarjah, mèh botên wontên tiyang ingkang umuripun dumugi satus taun, ngantos sagêd angyêktosi mingsêripun lintang-lintang wau, dados prasasat têtêp kemawon tanpa mawi ewah.

Surya punika lampahipun warni kêkalih, ingkang sapisan kabêkta saking ubêngipun phalak karijul markajh, lumampah mangetan ing dalêm sadintên sadalu udakawis 59 dagigah, ingkang kaping kalih kabêkta dening ubêngipun phalak buruj, ugi lumampah mangetan, ing dalêm sataun-taun namung sadarjah, awit saking lampah warni kêkalih wau lampahing surya kenging kagêrba têmu gêlangipun wontên ing phalak buruj laminipun 365 dintên 5 jam 48 mênut 45 sêkondhê.

Lampahing rêmbulan punika warni gangsal, ingkang sapisan anggènipun kalangan wontên ing phalak tadwir, angubêng markajhipun phalak tadwir, mênawi pinuju wontên ing nginggilipun markajh, lampahipun mangilèn, nanging yèn wontên sangandhaping markajh, lampahipun mangetan. Ingkang kaping kalih markajhipun phalak tadwir wau ugi akalangan wontên [wo...]

--- 292 ---

[...ntên] ing phalak kharijul markajh, angubênging[16] markajipun phal[17] kharijul markajh wau lampahipun mangetan. Ingkang kaping tiga markajipun phalak kharijhul markajh wau ugi kalangan wontên ing kaluwêngan alit angubêngi markaji phalak buruj, inggih punika tunggil kalihan markhajing bumi, lampahipun mangilèn, kosokwangsul kalihan lampahipun markajhi phalak tadwir. Ingkang kaping sakawan, kajawi phalak ingkang sampun kasêbut wau rêmbulan ugi gadhah phalak malih, markajhipun nunggil markajhing phalak buruj, sarta inggih kêplok kalihan phalak buruj, phalak punika katrajang dening kaluwêngipun phalak mail dados kalah, panrajangipun wau wontên ing kalih panggenan, dene panggenan panugêlipun wau ingkang satunggal nama ras, utawi jaujhahar, satunggalipun nama danab utawi naubahar, phalak wau ugi kalangan angubêngi markajhipun lampahipun mangilèn, kosokwangsulipun lampahing phalak buruj, punika ugi andadosakên mingsêring jaujhahar kalihan naubaharing rêmbulan mangilèn, ingkang kaping gangsal, rêmbulan ugi mingsêr mangetan kabêkta dening ubênging phalak buruj kados lintang Planeet sanès-sanèsipun, punika ugi andadosakên mingsêripun jaujhahar lan naubaharing rêmbulan mangetan. Dados mingsêripun jaujhahar lan naubaharing rêmbulan [rê...]

--- 293 ---

[...mbulan] punika warni kalih, ingkang sapisan mangilèn kaping kalih mangetan.

Taksih wontên candhakipun, Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarphah.

Pangungun

Panjêblugipun na gondhèl ing patamanan Sasadara saya lami saya sangêt, ngantos Sasadara ăngka V katingal orêg, agonjang-ganjing. Têtanêmanipun ingkang sami dipun rênani dhatêng para lêngganan, sirna larut abosah-basih sami êsol, makatên ugi juru tamanipun kasangsaran sangêt, kagubêd-gubêd ing oyod-oyodan ngantos botên sagêd ebah. Ewasamantên, sarèhning sampun dumugi ing pantogipun, kula gadhah pangajêng-ajêng tumuntênipun sirêp. Sintên ingkang kalêpatan ing bab punika. Inggih kyai juru taman piyambak, awit karsa angurup-urupi (?) Red. Urêk urêk damêl êlèng wontên ing lêbêt taman ngantos kalih panggenan. Sarêng kula tutupi murih sampun ngantos ngămbra-ămbra têka malah lajêng anjêblug, jumêgur anggêgêtêri ngantos kula katut apothar- pathir.

Adhuh, sangêt ing panalăngsa kula ningali kyai juru

--- 294 ---

taman, makatên ugi badan kula piyambak cineda sarta ingerang-erang ing bab kabaudan kula angrimbag têmbung naruwe, gagasaku, inggih-inggih enz. sanajan kula sasampunipun ningali nutipun rama juru pangripta karaos kaduwung saking kiranging paniti kula, ananging kula inggih sampun narimah sarta lajêng rumaos ing cotho kula dhatêng pangrimbaging têmbung, lan kula botên supe ngaturi sêrat panuwun dhatêng rama juru pangripta, dene sampun karsa (?Red) paring pêpèngêt, namung têmbung kêcap-kêcip, punika saèstu saking têmbung kêcip, botên saking lingga: kêcap (sukur, Red).

Dhuh, para kănca kula mantri guru, sangêt ing panuwun kula, mênggah pangrêmbagipun: na gondhèl, prayogi kinèndêlna samantên kemawon, awit badhe angămbra-ămbra tanpa guna. Ingkang sênêng sami awaton pujăngga kina, ingkang botên awaton kanyataan, sami kêncêngipun, sami wrêngkêngipun, dados inggih badhe tanpa wusana. Prayogi sami angrujaka sêntul kemawon sinambi ngêntosi dhawuh saking kangjêng guprêmèn.

Ing sajatosipun anggèn kula sami purun tumbas Sasadara punika, gadhah pangajêng-ajêng angindhakakên kawruh Jawi, awit wêdaling Sasadara wontên ing têlênging karaton dalêm Surakarta (jêbul botên Red) dados pangintên kula

--- 295 ---

sami, inggih kathah kawruh Jawi ingkang adi pèni kasorahakên ing taman ngriku. Kawontênanipun sapunika inggih sampun katêmahan, nanging dèrèng patos kathah, ewasamantên sêlot-sêlotipun taksih kenging dipun ajêng-ajêng.

Mugi pajampuwa pangajêng-ajêng kula punika. Amin.

Suwarta. Mantri guru ing Dêmak.

Kula amrayogèkakên kèndêlipun pangrêmbaging na gondhèl, sarta kula rumaos ingkang kalêpatan, amêminihi utawi anguthik-uthik na pruthul sawêg dhedhe, la, dipun cakar dhowak-dhowak, maklum sampeyan sadaya kemawon ingkang kula suwun. Anggèr: anggèn sampeyan maringi bêsêl na gondhèl dhatêng kula: sangêt ing panuwun kula, benjing sampeyan kula walês, kula saosi sawo mênila matêng-matêng, punika kadhahar eca, nanging sampun kathah-kathah, mênawi nyakit -nyakiti padharan. Sisah. Saha sampeyan kula kêthik, sukêt godhong sampun ngantos wontên ingkang mirêng, mugi kaagêma piyambak kemawon.

Mas Kramawiyata sarta Mas Rêksawiyata punapa botên sagêd, tiyang prakawis rèmèh makatên.

Duka sampeyan: inggih, amargi saking rèmèh kintên kula malah botên sagêd.

Dèrèng mêsthi, paribasanipun wontên, giri lusi janma tan kêna ingina.

--- 296 ---

Coba sampeyan matur piyambak.

Kula sampun matur, nanging kèndêl kemawon.

Punika rak sawêg kagalih, benjing măngsa sandeya paring katrangan dhatêng kula: botên, sampeyan srantosakên kemawon, ta, rumiyin, sampun kêsêsa-sêsa, mindhak kêsakit-sakit galihipun, huh kisruh galihe anggèr Suwarta, nyakit-nyakiti botên kenging, kêsakit-sakit kenging.

Tingalipun sapunika dipun sêpuhi priyantun mantri guru ing Banjarnagara ingkang damêl wangsulan, dede Mas Rêksawiyata nanging kok inggih taksih bab na gondhèl malih.

Sampeyan matur ta, kula aturi nyandèkakên kemawon, kula sampun bosên, aluwung andumugèkna pangalêmipun dhatêng tuwan insêpèktur ing bab kabaudanipun dhatêng têmbung Jawi, sarta ngumukakên agênging balanjanipun, supados botên angsal pocapan, kêkathahên, punika kula mathuk, awit mindhak adamêl tambahing mirising manahipun para priyantun mantri guru.

Pangeram-eram, pangeram-eram, manungsa sagêd wicantên basanipun piyambak-piyambak, sampurna sarêng kalihan gêsangipun.

Awit saking punika mila kula kamipurun ngina dhatêng para propesor ing bab oreanipun têmbung Jawi, awit panjênênganipun băngsa Walandi, kosokwangsulipun băngsa Jawi sinau têmbung Walandi, sanadyan ngantos angrêngkakakên rodhaning èngêtanipun inggih mêksa kantun, langkung malih pamancahing têmbung Jawi ingkang kaangge ing pawicantênan, băngsa Walandi saya botên panggih-pinanggih ing ugêring panyêrat, kados ta: sêdhit verk v. sadhuwit.

--- 297 ---

kunjuk verk v. aku anjaluk, botên, kuluk kiwe verk v. iki wae, botên: kie enz. Beda kalihan wancahan ingkang sampun kalêbêt ing piwulang, kados ta: dhegus verk. V. gêdhe bagus, mangke dipun wangsuli priyantun mantri guru ing Banjarnagara yèn kabaudanipun tuwan insêpèktur ing bab rimbag, dene bab wancahaning têmbung ingkang botên kenging kapathok (criyosipun priyantun mantri guru ing Banjarnagara: botên kenging kapathok, tarkadhang wontên tiyang ingkang balanjanipun alit sagêd mathok) punika pancèn botên kalêbêt ing wulangan. Dados, sapunika ngrêmbag ingkang kalêbêt ing wulangan, tanggap na pinăngka, punapa saking lingga: năngka, amêsthi pangandikanipun priyantun mantri guru ing Banjarnagara saking lingga: săngka, sabab punapa botên sinăngka, dhatênging pa saking pundi, punapa anèh utawi mrojol saking ugêr sarta punapa botên wontên tunggilipun rimbag ingkang makatên, sarèhning tuwan insêpèktur dipun alêm baud dhatêng têmbung Jawi, priyantun mantri guru ing Banjarnagara mênawi dhangan kula aturi matur, mugi kaparênga paring katrangan, utawi mugi ta parêng mulang dhatêng sariranipun, pangrimbagipun têmbung: pinăngka wau, bilih dhatêng kula, pandonganipun priyantun mantri guru ing Banjarnagara, mênawi dhangan, kula sampun sagêd, sarta sampun sumêrêp panunggilanipun. Suwawi kula ladosi, punapa anggalih rimbag, punapa suraos, utawi punapa damêl ukara, kula andhèrèk kemawon, namung mênawi anggalih panambang: ne, jlêg tanpa sangkan, kula solo.

Lêpating pangêcap Sasadara ăngka IV kaca 187 r. 4 v.o. taun 1062 lees 1602.

--- 298 ---

Ing Sasadara ăngka V kaca 224, ingkang kawêdalakên ing taun punika wontên panjurungipun Mas (R?) Rêksawiyata guru ing Banjarnagara mungêl makatên: panganang, gorengang, wisesa na lingga caraka Yoja. Katrangan têtiyang Ngayogya ingkang kaprah sami ngangge pakêcapan wisesa na lingga: gorengan, panganan.

R.L. Mangkudimêja.

Sok makatêna panjurungipun Mas Rêksawiyata: dora, sayang.

Red.

Panjurungipun M (R?) Sasrasudirja kandhidhat guru ing Karanganyar bab arusing sagantên, saupami ingkang manjurung kaparêng nêrangakên pisan wontênipun arusing sagantên ingkang mawi magêpokan wiskundige aardrijkskunde pandugi kula saya mindhak têrangipun dhumatêng para maos, pangarang sampun mêsthi botên kêkilapan mênawi wontênipun arusing sagantên wau botên namung saking angin ajêg kemawon Passaatwind punika pêncaripun, mênggah witipun punapa botên prayogi kacariyosakên pisan, tumuwuh saking: 1o ubênging jagad ing indhênipun aswenteling der aarde 2o saking kumukusipun toya sagantên, verdamping 3o saking kandêl tipisipun cêcaruban sarêm.

--- 299 ---

Verschillende Zoutgehalten enz enz anggèn kula gadhah pamrayogi ingkang makatên punika botên tuwuh saking cipta sumagêd, namung supados mindhak têrangipun.

R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

 


Tanggal: 15 Jumadilakir Be AJ 1832. Tanggal Masehi: 19 September 1902. (kembali)
narajang. (kembali)
kêndho. (kembali)
mêsthi. (kembali)
§ Pratelan ing nginggil punika aksara ya, dados ja, kathah èmpêripun, sanadyan: wa, ba, inggih makatên ugi sagêd linta- lintu swara, amargi sami aksara lambe kalêbêt warga kados ta: têmbung wae = bae, wicaksana = bijaksana, wuwuh = buwuh, sawêlas, patbêlas, wibisana = bibisana, wangsul = bangsul, sapanunggilanipun. Red. (kembali)
Dene. (kembali)
tiyang. (kembali)
anggèn-anggènipun. (kembali)
sadhèrèkipun. (kembali)
10 lajêng. (kembali)
11 § Dèrèng wontên katranganipun yêktos, utawi ethok-ethokan, saupami yêktos kasihan tujunipun wontên ingkang badhe jampèni dhoktêr èstri. Red. (kembali)
12 piring. (kembali)
13 § Wasya punika têmbung Indhu ingkang kêlanturing têmbung Cina, dados: hwesyo, têgêsipun: sudagar, juru jaring, tiyang tani tuwin para kriya. Awit nalika băngsa Cina wontên ingkang manjing agami Budha, lajêng apêparab: Hwesyo. Tj, Tj. K. (kembali)
14 têgêsipun:. (kembali)
15 gêlangipun. (kembali)
16 angubêngi. (kembali)
17 phalak. (kembali)