Ongka IX. Taun III. Kaping 15 Siyam ing Taun Be, Ongka 1832 [16-12-1902 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama: Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 396 ---

Minăngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Sawal taun Be ăngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 397 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Sawal taun Be punika kêkalih.

1. Dintên Kêmis Lêgi kaping 15 wuku Maktal, dewa Kala tungle tulus, lampahing lintang rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

2. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 24 wuku Wuye, dewa Uma paningron, tulus, lampahing bumi, tunggaksêmi rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Sawal wau mênawi kangge ngêdêgakên griya watakipun enggal alihan, mênawi kangge alih-alihan griya: awon, watakipun asring kaangkah ing tiyang.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi kirang prayogi, watakipun sugih sambutan.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 24 wau salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, nikahan, nanêm wit-witan, damêl sumur saha ngêdêgakên griya.

--- 398 - --

Sêrat Cakrawarti

Sambêtipun ăngka XII kaca 568, Taun II.

[Grafik]

--- 399 ---

Yèn taun Wastu, gunggunging dintênipun ing dalêm sataun 360 dintên.

Yèn taun Wuntu, gunggunging dintênipun ing dalêm sataun 361 dintên.

Yèn taun Wastu ingkang mawi dirga, gunggunging dintênipun ing dalêm sataun 390 dintên.

Yèn taun Wuntu ingkang mawi dirga, gunggunging dintênipun ing dalêm sataun 391 dintên.

Mênggah pratelanipun ing taun Wastu kalihan taun Wuntu, punika lampahipun ing sabên kawan taun Wuntu sapisan, dados ing dalêm kawan taun wau, ingkang tigang taun Wastu, ingkang sataun Wuntu, makatên ing salajêngipun ngantos dumugi sawidak taun Wuntu kaping 15 dèntên panggenanipun ing taun Wuntu, lampahing măngsa prawa awit saking taun 2 inggih punika ing taun biswawisu, lajêngipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Ingkang kasêbut ing nginggil punika sami taun Wuntu sadaya, inggih punika ingkang dipun gunggung dintênipun ing dalêm sataun, [sa...]

--- 400 ---

[...taun,] yèn tanpa dirga 361 dintên, yèn mawi dirga 391 dintên.

Dèntên sanèsipun taun gangsal wêlas ingkang sampun tasêbut[1] ing ngajêng punika sami taun Wastu sadaya, ingkang dipun gunggung dintênipun ing dalêm sataun, yèn tanpa dirga: 360 dintên, yèn mawi dirga: 390 dintên. Mênggah panggenanipun ing dirga awit saking taun 6 salajêngipun dumugi ing taun 60 ing ngandhap punika pratelanipun:

[Grafik]

Wondèntên ingkang dados bêbuka purwaning taun ing măngsa prawa punika, tumapaking tanggap warsa ing nalika saking tigas warsa, kaetang saking wiwitan kala ing kina pisan awit ing taun satunggal, punika nyarêngi lampahipun cakraning surya saking lèr duk awit tumapak mangidul, dumugi sapriki botên têrtamtu sabên tumapaking tanggap warsa nyarêngi ing pangidulipun [pa...]

--- 401 ---

[...ngidulipun] cakraning surya, têrkadhang angantuni têrkadhang angrumiyini, ing salajêngipun makatên, dados kala ing kina ari kalusanipun nalika sawêg sami wiwit ing taun satunggal 118 dintên, ari kalusa samantên wau, dintên awit tanggap warsaning taun surya dumugi tigas warsaning taun rêmbulan kala sawêg sami wiwit ing taun satunggal, sarêng ing mangke kaetang awit saking tanggap warsaning taun subakarti 173 dintên, dumugi tigas warsaning taun Je 1782 dados 87 dintên, dipun wastani arintara, yèn kaetang awit saking tanggap warsaning taun Je 1782 dumugi tigas warsaning taun pilapawa 1729 dados 267 dintên dipun wastani aribyantara.

Dèntên ingkang dipun wastani tigas warsa punika taun ingkang sampun kapêngkêr, tanggap warsa punika taun ingkang sawêg tampi, kaetang awit kala samantên tanggap warsanipun ing taun satunggal, dintênipun pitu dhawah Rêbo, dintênipun gangsal dhawah Paing, mênggah etangipun dhawahing tanggap warsa lumampah ing salajêngipun dumugi sapriki ing ngandhap punika pangetangipun.

Ingkang kaetang rumiyin, lampahipun dintên pitu dhawahing tanggap warsa, punika sabên taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu, dhawahing taun ingkang tampi wêwah 3 têgêsipun [têgêsi...]

--- 402 ---

[...pun] majêng tigang dintên, dados tumapak kawan dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Rêbo, tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Sêtu. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu mawi dirga, dhawah taun ingkang tampi wêwah 5 têgêsipun majêng gangsal dintên, dados tumapak nêm dintên, upami taun ingkang sampun kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Sêtu, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Kêmis.

Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wuntu mawi dirga, dhawahing taun ingkang tampi wêwah 6 têgêsipun majêng nêm dintên, dados tumapak pitung dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Jumungah, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Kêmis, kados makatên salajêngipun ngantos dumugi ing taun 60, ananging yèn nyandhak ing taun 61 lampahing dintên pitu saking taun sawidak ingkang sampun kapêngkêr, dhawahing tanggap warsa ing taun 61 wêwah gangsal, têgêsipun majêng gangsal dintên, dados tumapak nêm dintên, upami taun 60 ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Rêbo, tanggap warsanipun taun 61 ingkang sawêg tumapak dados dhawah Sênèn, ing sapanginggilipun makatên.

--- 403 ---

Wondèntên lampahipun dintên gangsal dhawahing tanggap warsa punika sabên taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu, ingkang tanpa dirga kalihan ingkang mawi dirga, dhawahing taun ingkang sawêg tampi sami botên wêwah, têgêsipun tunggil kalihan tanggap warsanipun taun ingkang kapêngkêr, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Paing, tanggap warsanipun taun ingkang sawêk tumapak inggih dhawah Paing. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu, ingkang tanpa dirga kalihan ingkang mawi dirga, dhawahing taun ingkang sawêg tampi sami wêwah 1 têgêsipun sami majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên dhawah Paing, tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Pon, kados makatên salajêngipun ngantos dumugi ing taun 60 sarêng nyandhak taun 61 lampahing dintên gangsal saking taun sawidak ingkang sampun kapêngkêr, dhawahing tanggap warsa ing taun 61 botên wêwah, têgêsipun tunggil kalihan tanggap warsanipun taun ingkang kapêngkêr, inggih punika wangsul dhawah Paing kados kala ing taun satunggal, ing sapanginggilipun makatên. Taksih wontên sambêtipun.

--- 404 ---

Kawruh Griya

Sambêtipun ăngka VIII, kaca 378, taun III.

Bab 11

Têtêngêr utawi Sarana

Balungan griya punika anjing-anjingan utawi cathokanipun kêdah mawi dipun corèk utawi kagêthêk ing tatah, dhapuring gêthakan warni-warni, wontên ingkang mrapat, wontên ingkang kaistha tapaking pêksi bango, utawi sanès-sanèsipun, pêrlunipun wontên ingkang amung minăngka têtêngêr supados botên kalintu cathokan utawi anjing-anjinganipun, wontên ingkang kaanggêp anggadhahi angsar sae, mênggah têtêngêr ingkang kaanggêp anggadhahi angsar sae wau: kawan warni wujud saha namanipun kados ing ngandhap punika:

1: [Grafik]: narasunya.
2. [Grafik]: ganeya.
3. [Grafik]: nurwitri.
4. [Grafik]: bya-bya.

Sadaya wau sami tumrap wontên badaning pamidhangan, balandar pangêrêt, saka, sunduk, kili, tumpang, singup, utawi badaning balungan sanès-sanèsipun ingkang nama [na...]

--- 405 ---

[...ma] agêng, sami wontên sacêlaking cathokan, utatawi[2] anjing-anjingan, satunggal- satunggaling têtêngêr kêdah sami kalihan têtêngêr ingkang tumrap ing gathukan, utawi anjing-anjingan kancuhipun, kados ta: saka ingkang têngêran narasunya punika balandar pangêrêt utawi pamidhangan saha sunduk kilinipun ingkang pancèn cumathok utawi kaanjingan purusing saka wau ugi kêdah katêngêran narasunya, mênawi ingkang mawi têtêngêr ganeya, gathukanipun ugi sami ganeya, makatên sasaminipun, wondene prênah trêping balungan akalihan têtêngêripun wau kados ing ngandhap punika:

Ingkang têtêngêripun kaprênah lèr wetan, narasunya, kidul wetan, ganeya, kidul kilèn: nurwitri sarta lèr kilèn bya-bya.

Sadaya punika sanadyan griya majêng mangidul mangalèr, mangetan utawi mangilèn, têtêngêr saha prênahipun ugi botên ewah, kados ing nginggil wau.

Upami griya ingkang sakanipun sakawan sisih, pangêrêtipun sakawan, punika ingkang cêlak akalihan pojok lèr wetan têtêngêripun ugi narasunya, kados saka utawi pangêrêt ingkang wontên lèr wetan, dene ingkang cêlak kalihan pojok lèr kilèn, têtêngêripun [têtê...]

--- 406 ---

[...ngêripun] inggih bya-bya, kados saka utawi pangêrêt ingkang wontên lèr kilèn, makatên sapiturutipun.

Upami griya ingkang sakanipun nêm sisih, utawi wolu sisih, pangêrêtipun ugi nêm utawi wolu traping têtêngêripun ugi kados ing nginggil wau, sapintên cacahing saka utawi pangêrêt kabage kalih, ingkang sapalih nunggil têtêngêring pojok lèr wetan, ingkang sapalih nunggil têtêngêring pok[3] lèr kilèn, makatên ugi ingkang sisih kidul.

Wondene têtêngêr ingkang tumrap ing molo tuwin ing andêr patrapipun ugi kados ing nginggil wau, ananging sarèhning molo wau prênahipun wontên ing têngah lêrês, milanipun wontên bedaning patrap sawatawis kados ing ngandhap punika:

Upami griya majêng mangidul sêmu ngajêngakên pojok kilèn, katêmbungakên malumah, molonipun saèstu mujur mangilèn sêmu mangalèr, sisihipun wontên wetan sêmu mangidul, punika ingkang sisih kilèn kêdah katêngêran bya-bya, kados saka ingkang wontên lèr kilèn, amargi bongkot utawi pucuking molo, ingkang wontên kilèn wau prênahipun kapara mangalèr, wondene [wonde...]

--- 407 ---

[...ne] ingkang sisih wetan têtêngêripun kêdah: ganeya, kados saka ingkang wontên kidul wetan, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên wetan wau prênahipun kapara mangidul.

Upami griya ingkang majêng mangidul wau sêmu ngajêngakên pojok wetan, katêmbungakên mêngkurêb, molonipun saèstu mujur mangilèn sêmu mangidul, sisihipun wontên wetan sêmu mangalèr, punika ingkang sisih kilèn kêdah katêngêran nurwitri, kados saka ingkang wontên kidul kilèn, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên kilèn wau prênahipun kapara mangidul, wondene ingkang sisih wetan, têtêngêripun kêdah narasunya, kados saka ingkang wontên lèr wetan, amargi bongkot utawi pucuking molo ingkang wontên wetan wau prênahipun kapara mangalèr, rêringkêsanipun pojoking keblat sakawan wau salah satunggalipun pundi ingkang kapara cêlak, inggih punika ingkang dipun angge waton wujuding têtêngêr ingkang tumrap sawarnining balungan, wondene griya ingkang majêng mangidul lêrês, utawi majêng mangalèr lêrês, botên sêmu majêng ing pojok kilèn, utawi pojok wetan, punika limrahipun wêwaton Jawi botên wontên, utawi botên kenging, amargi [amar...]

--- 408 ---

[...gi] pitajêngipun tiyang Jawi griya ingkang lêrês ajêngipun wau kaanggêp botên prayogi, anjalari kacilakan sapanunggilanipun. Upami wontên griya ingkang wujudipun majêng mangalèr utawi majêng mangidul lêrês, punika ingkang limrah pancèn botên dipun maha, utawi dèrèng sumêrêp dhatêng wêwatonipun bab keblatipun ajênging griya.

Mênggah wêwatoning keblat ingkang makatên wau saking pangintên amung supados lêstantun dipun èstokakên, amargi mênawi botên dipun pratelakakên anjalari kacilakan sapanunggilanipun wau, asring botên patos dipun gêga, wondene pikajênganipun tiyang kina bokmênawi pamêndhêtipun saking sabab saha keblat ingkang salêrêsipun wêwaton saking ubêng saha adêging bumi. Tamat.

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

Sambêtipun ăngka VI kaca 261 taun III.

9. Baduwi

Kacariyos ing tanah Jawi punika taksih wontên tiyangipun Baduwi, punika pamanggènipun wontên pundi, saha kadospundi mênggahing cara-caranipun.

--- 409 ---

Katêrangan: Tiyang Baduwi punika pamanggènipun wontên ing apdhèling Lêbak (Bantên) ing rêdi Kêndhang, ing ngriku wontên satunggaling kampung utawi dhusun nama Cibeo, inggih punika panggenanipun tiyang Baduwi.

Tiyang Baduwi punika kaperang dados kalih băngsa, inggih punika jalma luwar saha jalma dhalêm. Jalma dhalêm punika ingkang angênggèni kampung Cibeo, saha botên kenging langkung saking tiyang 40 semah. Pangagêngipun kalih, Girangpoun kalihan Girangsêrat. Girangpoun punika nguwasani samudayanipun, dene Girangsêrat, damêlipun dipun kèngkèn dhatêng ing pundi-pundi, têtumbas utawi sêsadean.

Sataun sapisan tiyang Baduwi punika wilujêngan utawi kêndhurèn, saha kurban, dirên[4] wastani: kawolu, sabab mangsanipun ugi anuju ing măngsa kawolu: sêkul ingka[5] katêdha, utawi ingkang dipun kandhurèkakên, punika sêkul ingkang dipun êdang kalihan ulam ayam, kancil, kidang sapanunggilanipun, inggih punika dipun damêl: laksa, ingkang dipun wastani laksa dening têtiyang ing Batawi.

Sakawit wosipun dipun galêpung, lajêng dipun êdang, ingkang

--- 410 ---

saperangan kadamêl brahala, kawangun tiyang, sarêng sampun dipun anggèn-anggèni, lajêng kaidêr- idêrakên ing salêbêtipun kampung, salajêngipun dipun sèlèhakên ing wana ing panggenan ingkang sêpên.

Enjingipun, brahala wau sami dipun purugi, bilih botên risak, punika amratandhani badhe sami kabêgjan, saha ing taun ngajêng ugi badhe manggih wilujêng, ananging bilih wontên ingkang risak, punapa malih irah-irahanipun ical? Punika andalajati, bilih têtiyang Baduwi badhe kenging sêsakit, utawi kamăngsa ing sima. Brahala wau lajêng kabêkta mubêng-mubêng malih, têtiyangipun èstri lajêng sami bendrong utawi kothekan, dene lare-lare alit sami umpêt-umpêtan ing griya.

Sanadyan tiyang Baduwi wau angluhurakên asmaning Allah, ananging botên Islam, saha botên pisan-pisan purun angèstokakên dhatêng sarak rasul, sumpahipun makatên: bilih kula dora, sadangu kula gêsang: pantun badhe botên thukul.

Ingkang kathah tiyang Badudi[6] punika botên purun dora, saha botên purun mandung.

Brahalanipun nama: Buda Galing, saha botên wontên tiyang

--- 411 ---

ingkang sagêd sumêrêp, kajawi tiyang ingkang kabêgjan, ciptanipun tiyang Baduwi, Buda Galing punika wujudipun kados tiyang, saha sagêd dados jalêr, utawi èstri, sêpuh utawi ênèm.

Bilih wontên tiyang ingkang badhe pêjah, lajêng kabêkta mêdal saking griyanipun, kasèlèhakên wontên ing siti, botên kenging pêjah wontên ing griya, awit bilih makatên, griya wau kanajisakên.

10. Bawean

Tiyang ingkang mangangge cara kaji, saha panggaotanipun sade sêmbagi sasaminipun, wontên ing toko utawi kaidêrakên, kula pitakèni ngakên tiyang Bawean, punika băngsa punapa, saha padunungan miwah cara-caranipun kadospundi.

Katêrangan: Tiyang Bawean punika angênggèni ing pulo Bawean, inggih punika satunggaling apdhèling ingkang kithanipun nama: Sangkapura, tumut ing paresidhenan Surabaya, ananging mênggah cara utawi adatipun, beda sangêt kalihan tiyang Surabaya, utawi tiyang ing pulo Jawi. Jiwa ing pulo Bawean punika kirang langkung 42.358, ananging sampun kagalih bilih tiyang samantên kathahipun wau manggèn ing

--- 412 ---

pulo Bawean sadaya, kajawi kirang langkung namung sapalihipun, ingkang kathah tiyangipun jalêr sami manggèn ing nagari sanès, awit panggêsanganipun ing pulonipun piyambak angèl sangêt, amila sami kesah dhatêng mănca nagari, kados ta: dhatêng ing nagari Saigon, Singgapura, Dhèli, Lampung, ing pulo-pulo Bangkah, saha Blitong, punapadene ing nagari-nagari salêbêtipun tanah Jawi. Ing ngriku têtiyang Bawean wau sami glidhig, dêdagangan, utawi sanès-sanèsipun, bilih wontên langkunganipun yatra ingkang katêdha, lajêng kakintunakên dhatêng anak bojonipun ingkang kantun wontên ing Bawean. Ing sawatawis wulan utawi taun, bilih sampun gadhah yatra ingkang nyêkapi kangge waragadipun lampah, saha katêdha ing sawatawis dintên utawi wulan: lajêng mantuk, satêlasipun yatra lajêng wangsul dhatêng ing nagari ngamănca malih, dene bilih anggènipun anggaota wontên ing mănca wau dipun raos-raosakên sakeca, anak semahipun lajêng dipun boyongi.

Tiyang jalêr ingkang botên kesah saking siti padununganipun, panggêsanganipun têtanèn saha misaya ulam dhatêng sagantên.

--- 413 ---

Baita-baita kapal saking Singgapura dhatêng Banjarmasin, kesah mantukipun mampir labuh ing pulo Bawean, pêrlunipun botên nginggah ngêdhunakên barang kajawi namung angêdhunakên tiyang saking Singgapura utawi saking tanah Jawi wangsul dhatêng ing Bawean, utawi angêmot tiyang saking Bawean, badhe kesah dhatêng nagari sanès. Tiyang Bawean ingkang kesah ing sawulan-wulanipun, kenging katamtokakên kalih utawi tigang dasa, ananging ingkang wangsul na[7] satunggal kalih.

Têtiyangipun èstri padamêlanipun: nênun, nyulam saha nganam gêlaran, sanadyan tiyang ing ngriku punika rêmên ngangge sinjang sêratan, ananging botên wontên ingkang marsudi sagêdipun nyêrat, dene wontênipun sinjang sêratan, punika tumbas saking Madura utawi saking tanah Jawi.

Sabab saking kathahipun tiyang jalêr ingkang sami abêbara nyambut damêl dhatêng mănca nagari, dados pulo Bawean wau ngantos kenging dipun wastani nagari èstri, awit isinipun mèh tiyang èstri sadaya, prawan-prawan ingkang ngantos lungse ing măngsa kathah sangêt, dene tiyang ingkang sampun răndha, sanadyan saea warninipun, angèl sangêt sagêdipun kalampahan laki malih, sabab tiyang jalêr ingkang nêdya rabi, ingkang kapilih sampun tamtu prawan.

--- 414 ---

Panganggenipun tiyang Bawean punika, jalêripun kados tiyang Malayu (tiyang ing pulo Sumatra), ananging sabab saking kathahipun tiyang sêsadean saking mănca nagari, ingkang sami dhatêng ing ngriku, kados ta: tiyang Mandar, Makasar saha tiyang ing Pêgatan (ing pulo Borneo), dados tiyang Bawean kathah ingkang mangangge cara Bugis, awit têtiyang ingkang sami sêsadean kasêbut nginggil, pangangge saha têmbungipun sami cara Bugis, tiyang Bawean ugi wontên ingkang sagêd têmbung Bugis. Têmbungipun Malayu ingkang dipun angge: Malayu Johor, awit tiyang Singgapura ingkang sami dhatêng ing pulo Bawean, têmbungipun Malayu inggih Malayu Johor.

Têtiyangipun èstri nèm sêpuh: gêlungipun malang, rasukanipun agêng saha landhung, dumugi ing sangandhapipun dhêngkul, lêngênanipun agêng (wiyar), ananging namung dumugi ing sikut. Rasukan wau ngantos angèmpêri kadosdene jubah, tapihipun sarung, saha ingkang kathah, sanadyan dèrèng kaji, sami ngangge makna (= mêkêna), dipun wastani: kêkodhung, utawi ludhung.

Griya-griya payonipun ron nipah, pawonipun nunggil dados sagriya, pagêripun sênthong sanès gêdhèg, namung sarana aling-aling layar sêmbagi kemawon. Sanadyan [Sana...]

--- 415 ---

[...dyan] griyanipun tiyang cêkap, payonipun inggih nipah, wontên ugi ingkang apayon sèng, pagêripun gêbyog, awit tiyang ing ngriku botên purun damêl griya tembok, saha payon gêndhèng, kajawi griya yasanipun kangjêng guprêmèn, kados ta: dalêm asistenan, kantor, saha griya kunjaran. Ing salah satunggalipun padon[8] griya ingkang nglêbêt, dipun sukani jêmbangan isi toya, saha ilèn-ilèn mêdal, pêrlunipun kangge têtoya saha wisuh ing wanci dalu. Jandhelanipun botên wontên ing gêdhèg, wontên ing payon. Têtiyang ing pinggir pasisir salong wontên ingkang yasa griya panggung.

Tiyang Bawean punika botên gadhah aksara piyambak, bilih nyêrat ingkang dipun angge aksara Ngarab, têmbungipun Malayu, botên purun ngangge têmbungipun piyambak. Punapa malih awis ingkang botên sagêd maos Arab, ananging ingkang sagêd nyêrat awis-awis, sabab kulinanipun namung ngaos Kuran sapanunggilanipun, amila tiyangipun jalêr èstri kathah ingkang dados kaji.

Bilih wontên tiyang ingkang kasripahan, sadèrèngipun mayit kakubur, têtiyang ing salêbêtipun kampung ngriku saha sanak sadhèrèkipun, punapa malih tăngga têpalihipun ingkang mirêng, ugi sami dhatêng anglayad sarta ambêkta mori [mo...]

--- 416 ---

[...ri] kalihan yatra, utawi wontên ingkang namung ambêkta yatra kemawon, sakêdhikipun 2½ sèn. Dene têtiyang ingkang sami dhatêng têtulung, botên sami dipun sêgah punapa-punapa kajawi namung sês kalihan gantèn. Kalêrês tigang dintênipun, pitung dintên, kawandasa dintên, saha salajêngipun, têtiyang wau sami dhatêng malih saha ambêkta: wos, sêkul, ulam, panganan.

Bilih wontên tiyang ingkang angabari, semah, anak utawi warisipun pêjah wontên ing purug, sadaya tiyang ingkang mirêng kabar punika sami tuwi saha nangis. Sanadyan pêjahipun sampun sawulan utawi kalih wulan, ananging ing dintên panampinipun sêrat kabar pêjah wau, kaanggêp kalêrês ing dintên gêblagipun, amila ing tigang dintênipun saking panampinipun sêrat wau lajêng dipun wilujêngi malih saha salajêngipun.

Caranipun tuwi tiyang gadhah anak, ingkang kabêkta minăngka pasumbang, lisah petroliyum, utawi lisah kacang, pisang, sawênèh wontên ingkang ambêkta bantal alit, gêlaran alit, punapa malih sêmbagi. Bilih tuwi tiyang sakit, bêbêktanipun sêdhah, sata, utawi wowohan.

Rajakayanipun kados ta: kapal, maesa, lêmbu, [lê...]

--- 417 ---

[...mbu,] punapa malih maenda, caranipun botên dipun kandhangakên, namung bilih badhe kangge kemawon dipun cêpêng, awit ing Bawean punika mèh botên wontên caranipun mêmandung: sabab saking kathahing kewan umbaran sadaya têtanêman kêdah dipun pagêri rapêt saha santosa.

Taksih wontên sambêtipun. Prawirawiyata.

Abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta.

Tirta Usada

Sambêtipun ăngka VIII kaca 363 taun III.

Sampun pintên-pintên kêtatalanipun tiyang sakit ingkang sagêd saras dipun jampèni sarana dayaning toya, miturut piwulangipun Tuwan Kihnê.

Sasampun kula nêrangakên kalayan rêringkêsan, bab patrap-patrap tuwin pêrlunipun anjampèni sakathahing sêsakit, miturut piwulangipun Tuwan Kihnê, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, ananging langkung pêrlu malih sarta amigunani dhatêng para maos, bilih kula amratelakakên satunggal-tunggalipun tiyang ingkang sami nandhang sêsakit warni-warni, sagêd saras dipun jampèni kalihan dayaning toya, sarta têtiyangipun badanipun sagêd [sagê...]

--- 418 ---

[...d] sêgêr kadosdene tiyang ingkang mêntas sakit.

Murih gampilipun anggèn kula amratelakakên dhatêng satunggal-tunggalipun tiyang ingkang sami sakit, kula cariyosakên kados ing ngandhap punika, punapa malih sakathahipun tiyang ingkang sami sakit wau, sampun kasêbut wontên ing sêrat ngèlmi padhukunanipun Tuwan Kihnê, wiwit dipun jampèni ngantos dumugi sarasipun.

Sadèrèngipun kula nyariyosakên satunggal-tunggaling tiyang ingkang sami sakit wau, kula kêdah angètakên[9] dhatêng sintên ingkang badhe anglampahi jêjampi sarana dayaning toya, punika sami anêtêpana punapa ingkang dados piwulang, tuwin awisanipun Tuwan Kihnê, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, sarta ing sasagêd-sagêd sampun nêdha têtêdhan sanèsipun bangsaning ingkang mêdal saking têtanêman utawi cêcukulan, punapa malih sampun ngombe sanèsipun toya tawa.

Bab 1

Sakit ampêg (asmhma) utawi mêngi jêngkêring (roodvonk) sarta sakit gulu (diphtheritis) punapa malih sakit sirah ingkang dados agêng sangêt, sagêd alit malih.

Salêbêtipun wulan Pèbruari 18 ... Nyonyah V.B. dhatêng dalêmipun Tuwan Kihnê, kalihan ambêkta kanakipun[10] jalêr

--- 419 ---

(sinyo) umur 3 taun, sinyo wau sirahipun sakalangkung agêng, awit saking agênging sirah bilih lumampah tansah galoyoran, sarta kêrêp dhawah. Kajawi punika sinyo wau gadhah sakit ampêk, ambêkanipun mêgap-mêgap mêdal ing cangkêm, tuwin kamirêng asênggrag-sênggrog, sasampunipun kapriksa sakitipun, Tuwan Kihnê lajêng ngandika dhatêng Nyonyah V.B. wau, bilih sakiting anakipun rêkaos sangêt, dene ingkang dados jalaraning sêsakitipun: botên sanès namung saking rêsahing panêdhanipun (crêbak), wusana sinyo lajêng kapurih jêjampi adus rêndhêman wêtêng kaping 3 ing dalêm sadintên, sarta têdha tuwin pangombenipun kêdah miturut ingkang sampun kasêbut nginggil, inggih punika namung nêdha sayuran utawi wowohan tuwin roti, ombèn-ombènipun toya tawa. Ing dalêm 14 dintên sêsakitipun lajêng mêdal, awarni sakit: jêngkêring? (oodvonk)[11] ananging rèhning bètên[12] sagêd mêdal karingêtipun, sakitipun jêngkêring rêkaos sangêt, sarêng lêt 2 dintên lajêng santun gulunipun ingkang sakit (diphtheritis) ingkang makatên punika saya andadosakên rêkaosing sakitipun, laminipun ngantos 8 dintên, sarta taksih dèrèng sagêd kringêtên, salêbêtipun 8

--- 420 ---

dintên wau, siyang tuwin dalu sabên lêt 2 utawi 3 jam, sinyo dipun dusi rêndhêman murad, wusana sarêng angsal 8 dintên gulunipun ingkang iring têngên mêdal wudunipun sakêpêl, nanging malah andadosakên prayogi sangêt, awit kenging dipun wastani sampun luwar saking bêbaya, lêt 2, 3 dintên, wudunipun lajêng mêcah, wêdaling nanah akanthi rêrêgêd kathah sangêt. Sarêng lêt 8 dintên kalihan mêcahing wudunipun, sêsakitipun lajêng saras sadaya, ampêkipun lajêng botên nate kumat, punapa malih sirahipun ingkang agêng ugi lajêng sagêd alit pulih kados ing nguni-uni. Mênggah ingkang makatên punika amratandhani bilih salêbêting sirahipun sinyo wau, kathah jatipun ingkang botên sae, ananging lajêng sagêd mêdal saking sarana utawi dayanipun adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad.

Bab 2

Sakin[13] mripat (ingkang winastan sêsakit saking tanah Mêsir). Inggih punika sakit mripat pêthak, tuwin sakit Kepala beraer?

Ing kitha Lipsih wontên rare jalêr sakit maripat, laminipun sampun 4 taun, sarta sampun botên wontên para dhoktêr ingkang sagêd anjampèni, lami-lami rare [ra...]

--- 421 ---

[...re] wau sirahipun dados agêng, kadosdene abuh, inggih punika ingkang dipun wastani: sakit kepala beraer? wau. Wusana rare punika lajêng dipun suwunakên tulung dhatêng Tuwan Kihnê, sasampunipun dipun priksa salêsih, Tuwan Kihnê lajêng ngandika, bilih rare punika sakitipun kambuhan, awit rumiyin sampun nate sakit lajêng saras, nanging sayêktosipun sêsakitipun dèrèng saras sayêktos, salêbêting badanipun taksih wontên sêsakitipun. Embokipun rare wau lajêng matur dhatêng Tuwan Kihnê, inggih têmên anakipun kala sawêg umur 1 taun sampun nate nandhang sakit jêngkêring roodvonk? Dene sasarasipun saking anggènipun sakit jêngkêring badanipun lajêng alum kemawon. Tuwan Kihnê ngandika malih: bilih sêsakitipun jêngkêring sayêktosipun dèrèng ical, taksih manggèn wontên sirah sarta salêbêting badanipun, rare lajêng kadhawuhan adus rêndhêman murad sadintên kaping 4 têtêdhanipun ugi miturut punapa ingkang dados awisanipun Tuwan Kihnê. Wusana sarêng angsal 8 dintên, rare wau maripatipun sagêd mêlèk, sarta lajêng saras kados ing nguni-uni, nanging dèrèng kenging kadamêl mandêng dilah utawi srêngenge, dene kêmahing padharanipun sampun tamkah[14] kuwawi, sabarang têtêdhan ingkang dipun têdha sampun sagêd ajur, [a...]

--- 422 ---

[...jur,] uyuhipun sampun dêrês. Sarêng angsal 14 dintên paningalipun sampun sagêd pulih, sarêng dumuginipun 22 dintên, sakitipun jêngkêring tuwuh malih, ananging dumuginipun 7 dintên malih, sadaya sêsakitipun: jêngkêring tuwin maripat, lajêng saras babarpisan, punapa malih sirahipun sagêd alit malih kados kodratipun lami.

Taksih wontên sambêtipun. Wignyaarja.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

Sambêtipun ăngka VIII kaca 357 taun III.

Bab ingkang kaping tiga

Anglairakên bayi ingkang kalihan lêrês

Rumaos ajrih gadhah anak, titikan badhe gadhah anak, anêsêpi wiwitanipun anêsêpi, barang ingkang kêdah kacawisakên ing patilêmanipun tiyang gadhah, panatanipun patilêman, para tiyang ingkang wontên ing patilêman, panganggenipun nalika uwat, sakitipun badhe gadhah anak, mangkêrêtipun kanthongan bayi, wat badhe anglairakên anak mawi gêtêr, pangundangipun dhoktêr bilih sampun mapan ing patilêman, ingkang badhe nitipriksa anggènipun gadhah anak, riyak êrah, sêmprot [sêmpro...]

--- 423 ---

[...t] jubur, wêdalipun kawah nalika bayi jalêr utawi èstri badhe lair, wancinipun lair, uwat ingkang sangêt ngêdên, mêkrokipun jubur, bayi lair, anggènipun nangsuli usus, ari-ari, panjunjungipun ari-ari, angêmuli dhatêng ingkang gadhah anak, angêlih patilêman, sasampunipun bayi lair lajêng uwat malih mêdalakên rah, sasampunipun luwar jabang bayi botên kejing[15] kesah-kesah, rumêksanipun êmban ing wanci dalu, bêntèripun toya susu sasampunipun gadhah anak, têtêdhanipun tiyang gadhah anak, pangangge kala anêsêpi bayi, anggarapsari kala anêsêpi, wawrat dados garing.

Para tiyang èstri wawrat ingkang sampun kêrêp gadhah anak, mênawi sampun andungkap mangsanipun kathah ingkang anggadhahi manah kuwatos, wangsul ingkang dèrèng nate anglampahi gadhah anak, awis ingkang uwas manahipun, wondene ingkang anjalari ajrih wau, awit saking cariyosipun para êmban utawi tiyang sanèsipun, ingkang watêkipun rêmên angathik-athik ing bab kawontênanipun para tiyang gadhah anak, paedahipun namung andamêl kasangsaran dhatêng ingkang badhe agadhah anak, cariyos makatên wau sampun kaanggêp sarta lajêng kawangsulana makatên: pintên èwu kemawon para tiyang èstri agadhah

--- 424 ---

anak, têka sami karaharjan, wah ingkang cariyos piyambak sampun kêrêp anglampahi gadhah anak, têka botên wontên sabab punapa-punapa, nagari sampun utusan nyidikakên sarta nyêrati, tiyang èstri gadhah anak 200 namung 1 ingkang sangsara sarta andadosakên pêjahipun. Punapa malih upaminipun lotrèi, ingkang 199 mênang, ingkang kawon namung 1, bilih gadhah lot 1 kemawon rak inggih sampun kenging kapasthèkakên mênangipun. Mênawi mangsanipun gadhah anak namung kirang 4 ngahad, kanthongan bayi sampun malorod, sarta wêtêng wontên longgaripun, punika angsring lajêng karaos sakit wêtêng, ananging namung sakêdhap tumuntên kèndêl, awit dede salugunipun sakit wêtêng, lêrêsipun kanthongan bayi wiwit mangkêrêt sakêdhik, minăngka sasmita murih para ingkang sami wawrat acêcawisa punapa ingkang kangge, sarta anataa badhe mapanipun tilêm ing sawanci-wancinipun gadhah anak. Ing salêbêdipun 4 ngahad punika sêdhêngipun anamtokakên punapa êmbokipun sagêd anusoni dhatêng bayi punapa botên, punika namung dhoktêr ingkang sagêd amastaning,[16] bilih ingkang manak sagêd anusoni piyambak, mênawi sagêd prayogi lajêng amirantosa. Kathah pawèstri [pawè...]

--- 425 ---

[...stri] ingkang susu sarta mundrinipun sampun sae sangêt, punika botên susah kaupakara, kalampahanipun kasêsêp dening bayi namung kantun angêntosi măngsa. Dene ingkang wacucalipun langkung tipis, ngantos babak bilih kasêsêp dening bayi, punika mundrinipun kêdah katutup kalihan suwekan sinjang utawi mori, mawi kacêlupa ing branduwin Rum utawi anggur kalihan toya, mênggah panutuping mundri wau sadintên ngantos rambah-rambah, wontên ugi pawèstri ingkang sawêg manak sapisan, ingkang mundrining susunipun langkung alit, bayi ngantos rêkaos panêsêpipun. Bilih murih gampilipun mundri katarika mêdal sakêdhik, ananging saupami kasêrot kalihan gêlas utawi pirantos sanèsipun, punapa malih bilih kasêsêp dening tiyang, punika botên prayogi sangêt, awit sagêd andadosakên manak dèrèng dumugi mangsanipun. Emban sarta rencang èstri sanèsipun sami angrêmbagi mundri dipun trapi cincin timah utawi kajêng, punapa malih lilin, sadaya wau botên migunani, sanadyan sakêdhap mundri sagêd dados agêng, ananging mêksa botên sagêd agêng, dene anggènipun makatên wau awit saking pinggêt kêpêtêl cincin, bilih sampun sawatawis dangu wangsul kados [ka...]

--- 426 ---

[...dos] waunipun, mênggah ingkang prayogi piyambak inggih namung kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, mawi kabutup[17] mori kang sampun kakopoh ing toya branduwin.

Salêbêtipun pitung dintên ingkang wêkasan bilih kraos badhe wawratan kêdah lumampah dhatêng wingking, apêsipun sadintên sapisan, ugi prayogi bilih adus toya angêt.

Ing sênthong patilêman kêdah kacawisan angsang isi mangkok agêng pirantos pangumbahan, sêpon, pasatan uwol, 1 sabun sairis, sarta sanès-sanèsipun ingkang kangge ngêdusi bayi, wah malih rasukan lare 1 kasur 1, kopyah 1, sarta popok ingkang lajêng kangge nalika bayi sawêg lair, aliya punika lisah sladha 1 gêndul eau de cologne 1 gêndul eau des comfres utawi sfiritus 1 gêndul, branduwin ½ gêndul, sinjang komprès, 1 sinjang kabolong têngah kangge tangsul pusêr, 1 gunting 1 bolah ingkang wulêt, ½ tukêl, dom bundhêl 1 wadhah, sabun ingkang dipun cawisakên sampun ingkang kasar, ngantos adamêl babaking kulit bayi, kêdah sabun ingkang alus, lisah sladhah ingkang badhe ngêtrapakên dhukun jalêr, mila prayogi kacawisakên ingkang adhakan, [adhaka...]

--- 427 ---

[...n,] kawadhahan ing lèpèk utawi cangkir. Eau de cologne eau des compres utawi spiritus kanggenipun bilih ingkang manak badhe kalêngêr, eau de Cologne kakopyokakên ing patilêman, utawi mênawi ngantos wawratan wontên patilêman, botên kangge angêdusi bayi, srêbèd komprès kalih srêbèd ingkang kabolong têngah wau kangge pusêr ingkang taksih ganthèt kalihan bayi, gunting kangge anggunting pusêr, nanging bênang saye utawi wol punika kirang wulêt, punapa malih pirantos wadhah latu, punika kala jaman kina kêdah kacawisakên wontên sênthongipun tiyang manak, sarêng asring kapitulungan dening dhukun jalêr wadhah latu wau lajêng botên kangge, awit para êmban bilih lênggah sacêlaking latu asring ngantuk, malah sampun nate kalampahan sukuning bayi kalêbêt nganglo isi mawa, wusana kobong, mila dhukun jalêr botên mrayogèkakên mawi wadhah latu, ananging sarèhning nagari Walandi panggenan asrêp, kêdah mawi latu kadamêl anggaringakên sandhangan têlês. Para èstri ingkang manak kêdah mirantos barang ingkang badhe kangge manak, kados ta: kêmeja, popok sinjang utawi wol, srêbèd, kêmul sarta sinjang cawêt. Wadhah latu kasèlèhakên sacêlaking sênthong, dhukun èstri utawi jalêr bilih nêdha barang pirantos [pi...]

--- 428 ---

[...rantos] lajêng kasukakna. Taksih wontên sambêtipun.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêting cariyosipun Rêsi Abyasa

Sambêtipun Sasadara ăngka VIII kaca 350 taun III.

Ing sadiwasaning para putra sami kadhawuhan tapa dhatêng Saptarga, konduripun sampun sami angsal kanugrahan tinêdhakan Sang Hyang Girinata amaringi kadibyan, ingkang rama langkung suka, lajêng pinasrahan pangawasa sowang-sowang: Radèn Kuru pinasrahan pangawasa angasta panataning karaton, kaparingan nama Radèn Arya Prabu Drêtarasthra. Radèn Pandhu pinasrahan pangawasa angasta paprentahaning praja, kaparingan nama Radèn Arya Prabu Dewayana. Radèn Yama pinasrahan pangawasa angasta pangadilan, pinaringan nama Radèn Arya Prabu Widura. Prabu Krêsna Dwipayana langkung suka rêna ing galih dene putra têtiga katingal limpad ing panggalih cakêp anindakakên kawajibanipun sowang-sowang, lajêng sami kadhawuhan prang catur. Radèn Arya Prabu Drêtarasthra kandhah dening Radèn Arya Prabu Dewayana. Radèn Arya Prabu Dewayana kandhah dening Radèn Arya Prabu Widura, ing wêkasan Radèn Arya [Ar...]

--- 429 ---

[...ya] Prabu Widura katitih dening patitisipun Radèn Arya Prabu Dewayana, ingkang rama langkung suka rumaos sampun pitados sèrèn dhatêng putra. Ing ngriku lajêng animbali ingkang rayi Rêsi Dewabrata kadhawahan angèstrèni anggèning sèlèh kaprabon dhatêng putra ingkang kakarsakakên gumantos kaprabonipun putra ingkang panênggak Radèn Arya Prabu Dewayana, kaparingan jêjuluk Prabu Dewanata, apêparab Prabu Găndawastra. Prabu Krêsna Dwipayana ambagawan wangsul mangun kasutapan dhatêng Saptarga asêsilih nama Rêsi Abyasa. Ing ngriku Rêsi Abyasa sangsaya sinêngkut pabratanipun, sarta tansah anggêlarakên paramarta amrih hayuning jagad sadaya, tansah anyarasakên sêsakit, amanggihakên sarwa murca, ambingahakên para sungkawa andhatêngakên para sêdya, awit saking katarimah tapa bratanipun, sinihan ing dewa, kinamulèn widhadari, misuwur ing jagad dibya sêktinipun sarta waskitha ing saniskara, kathah para ratu sarta para satriya ingkang sami puruhita kadibyan tuwin kasampurnaning jiwa raga, botên ngêmungakên ing tanah Jawi kemawon, sanadyan ing tanah sabrang kathah ingkang sami ngalap kawruhipun sang rêsi.

Samuksanipun Rêsi Abyasa sampun bibaring prang Bratayuda [Bratayu...]

--- 430 ---

[...da] wontên nagari Ngastina pinêthuk rata cahya. Kacariyos sabibaring prang Bratayuda ingkang jumênêng nata wontên nagari Ngastina Prabu Yudhisthira, binathara mêngku ing nuswa Jawi sadaya dalah karaton ing Wiratha ugi kawêngku awit saking karsanipun Prabu Matswapati piyambak, ing nalika punika para nata taksih sami têtuguran wontên ing nagari Ngastina sadaya, ing antawis mèh dungkap sataun kalihan prang Bratayuda ing ngriku wontên cipta sasmitaning dewa, nagari Ngastina kawibawan cahya, dalah surya, căndra, lintang, tuwin bumi langit sami kalimputan ing cahya sadaya, ngantos botên kantênan siyang dalunipun, Prabu Yudhisthira sakadang sarta para nata sami sungkawa sadaya, lajêng sami manungku pudya nêgês karsaning dewa, lajêng wontên parmaning dewa nuruni rata cahya dalah sarati sarta kapal pangiridipun sami cahya sadaya wontên sangajênging panêpèn, sadaya sami sangêt pangunguning galih amung Sri Bathara Krêsna ingkang sampun tampi cipta sasmita punika lajêng matur dhatêng ingkang rayi Prabu Yudhisthira ingaturan nitih rata punika kalihan para kadang sarta para nata gêntos-gêntos, singa ingkang sagêd nitih inggih punika ingkang pinaringan dening dewa, sadaya mangayubagya, ananging botên wontên ingkang sagêd nitih namung kados anapak wêwayangan kemawon sarta raosing [rao...]

--- 431 ---

[...sing] panggalih sami kumêpyur. Sri Bathara Krêsna lajêng matur dhatêng ingkang rayi Prabu Yudhisthira kaprayogèkakên ngaturi ingka[18] eyang Rêsi Abyasa, Prabu Yudhisthira mangayubagya lajêng utusan ingkang rayi Prabu Nangkula Sadewa winêling parluning karya, mangkat lêlancaran rawuh ing Saptarga sampun matur dhatêng ingkang eyang, Rêsi Abyasa lajêng têdhak dhatêng ing Ngastina, para putra wayah suka sadaya lajêng sami ngabêkti gêntos-gêntos, amung Prabu Matswapati malah kinabêktèn dhatêng sang rêsi. Prabu Yudhisthira angaturakên sasolah-tingkahipun nagari Ngastina wiwit kadhatêngan cahya ngantos dumugi rawuhipun sang rêsi punika, ingkang eyang apingungun ananging ing batos sampun tampi ingkang dados karsaning dewa, sang rêsi andangu pambobotipun Dèwi Utari, Sri Bathara Krêsna matur yèn sampun lèkipun, sang rêsi lajêng dhawuh yèn mijil priya kaparabana Radèn Dipayana, sarta sampun wontên ingkang ngêmak sirahipun, sadaya sami kumêpyur ing panggalih dene namanipun têka kaparingakên, Rêsi Abyasa lajêng pamit dhatêng Prabu Matswapati sarta dhatêng para putra wayah yèn badhe nyoba nitih rata cahya, lajêng têdhak kadhèrèkakên para nata sarta para putra wayah, ya ta rata cahya sarawuhipun sang rêsi ebah ingkang kuda pangirid saengga samapta ing damêl, Rêsi Abyasa

--- 432 ---

lajêng nitih, sanalika mirut prabaning cahyaning rata cahya ingkang nglimputi nagari Ngastina, lajêng wontên swara jumêgur ngèbêki jagad, orêk kang pratala molah prakêmpa, sindhung riwut dhèdhèt erawati magênturan, sirêping gara-gara para dewa-dèwi sami nyawurakên sêkar sarta gănda widha adrês tanpa kêndhat angèbêki sakadhaton ing saênggèn-ênggèn gănda mrik arum angambar, tăndha katarima pamuksanipun Rêsi Abyasa, ing ngriku nagari Ngastina lajêng wangsul kados ing wau-waunipun, botên kacariyosakên sungkawanipun ingkang sami tinilar muksa, Prabu Yudhisthira lajêng dhawuh angrukti panuturaning kamuksan sangkêp sagunging cêcaruhan, sinidhikara dening para pandhita brahmana sewa sogata.

Kasêbut ing padhalangan, Rêsi Abyasa warninipun bagus lurus ruruh pasang pasêmonipun dyatmika ing solahbawa, têrus alus panggalihipun, botên kagungan karsa namung sarwa miturut, kabasakakên namung aksara: iya. Sarta tansah dipun paeka dhatêng Rêsi Santanu supados sirnanipun nanging mêksa yuwana, punapadene garwanipun namung satunggal Zie Ambalika.

R. ms. Suwita.

--- 433 ---

Ngèlmi Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ăngka II kaca 75 taun III).

Miturut ingkang sampun katrangakên ing gambar ăngka 1. 2. tuwin 3. lumah mojok tiga punika sanadyana kadospundi kemawon wangunipun, anggêripun sami dhasar sarta inggilipun, inggih sami jêmbaripun.

[Grafik No. 4]

Upaminipun gambar ăngka 4 garis AB // CD:[19]

garis CD kapêndhêt sabagean, upami CE punika kangge dhasaripun lumah mojok tiga kathah, ingkang pucakipun sami dumunung ing saurutipun garis AB kados ta: lumah mojok tiga: ACE CFE CBE sapanunggilanipun, têmtu sadaya wau inggilipun sami kalihan garis AC inggih punika garis sipat gantung saking AB dhatêng CD dados jêmbaripun lumah mojok tiga wau satunggil-satunggilipun =

1 ukuran pasagi X CE X AC

2

Lumah mojok tiga kêkalih utawi langkung, manawi pojokipun tiga pisan nyami, sampun tamtu sami wangunipun. [wangunipu...]

--- 434 ---

[...n.] Dene titikanipun pojok-pojok ingkang sami agêngipun punika (kajawi manawi kaukur):

1. Pojok ukur-ukuran.
2. Pojok ingkang nunggil ênêr.
3. Pojok kosokwangsul.

[Grafik No. 5]

Kados ta gambar ăngka 5 garis AB // CD katrajang ing garis EF andadosakên pojok kathahipun 8.

[Grafik]

--- 435 ---

[Grafik No. 6.]

Gambar ăngka 6 punika inggih panunggilanipun gambar ăngka 5 garis AB // CD katrajang ing garis kêncêng kêkalih AD kalihan BC lajêng kadadosan lumah pojok tiga kêkalih, I. lumah mojok tiga ABE, II. mojok tiga CDE

Miturut ingkang katrangakên ing gambar ăngka 5:

[Grafik]

Ing sarèhning lumah mojok tiga ABE kalihan CDE punika pojokipun tiga pisan nyami agêngipun, amêsthi inggih sami wangunipun ABE CDE.[20]

[Grafik No.7.]

Gambar ăngka 7 punika inggih taksih tunggilipun gambar ăngka 5 tuwin No. 6 garis AB // CD katrajang ing garis kêncêng kêkalih, [kê...]

--- 436 ---

[...kalih,] AE kalihan BE. Kadadosan lumah mojok tiga kêkalih ABE kalihan CDE.

[Grafik]

AEB = CED[21] Awit nunggil ênêr, tur wujudipun pancèn dados satunggil.

Awit saking pojokipun tiga pisan nyami agêngipun, dados ABE CDE.

Lumah mojok tiga ingkang sami wangunipun punika, garis-garisipun (sisihipun) kathah ingkang sami nunggil pamurwatipun, ing ngandhap punika kula pêthiki ingkang badhe pêrlu kanggenipun.

Garis-garisipun lumah mojok tiga ingkang sami wangunipun ing gambar ăngka 6.

[Grafik]

--- 437 ---

Ing gambar ăngka 7

[Grafik]

AB; CD = AE; DE têgêsipun pamurwatipun AB kalihan CD sami kalihan pamurwatipun AE kalihan DE têrangipun, upami AB panjangipun sapratiganipun CD panjangipun AE inggih sapratiganipun DE, kados ta: upami AB = 3M, CD = 9M (AB = saparatiganipun CD), yèn DE = 18M, AE inggih sapratiganipun 18M = 6M.

Utawi: yèn CD tikêl sakawanipun AB, garis DE inggih tikêl sakawanipun AE, kados ta: mênawi AB = 2M CD = 8M = AB X 4 dados mênawi AE = 6M garis DE inggih 6M X 4 = 24M makatên salajêngipun.

Taksih wontên sambêtipun. Kaimpun dening M. Martadiharja.

Mantri guru ing Bagi.

--- 438 ---

Têmbung Cina

Sambêtipun ăngka VIII kaca 384, taun III.

Kati

Sêrat Paramasastra Jawi, ingkang kaêcap ing kantor pangêcapanipun kangjêng guprêmèn ing taun 1877 amratelakakên bilih: kati punika têmbung Cina.

Ingkang punika, kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

Timbangan alit ing nagari Cina, mênawi wawrat cap lak niyo: têgêsipun 16 tail, punika winastan itkin, utawi citkin, bilih singkèk ocyah (kalonthang) amastani: syukking.

Awit sampun dados ngadatipun tiyang Cina, mênawi nyadèni barang, sasampuning katimbang, lajêng wicantên: kakgi, têgêsipun ragi angêt, lajêng ngimbêti malih, adamêl bingahipun ingkang tumbas[22] pitêmbunganipun kukti, têgêsipun dipun imbêti malih, tuwin lajêng wicantên: kati, têgêsipun: dhewe, pikajênganipun: sanak dhewe, adamêl sapêkêtipun[23] dhatêng ingkang tumbas, supados dados lêngganan salaminipun.

Kala jaman kina, tiyang Jawi mirêngakên têmbung: kakgi, kukti,

--- 439 ---

tuwin kati, pangintênipun, bilih timbangan ingkang wawratipun 16 tail, winastan kati, tuwin praboting timbangan wau, tiyang Jawi lajêng amastani: katèn.

Bausastra Jawi (Kawi Javansch Woordenboek) ingkang kaêcap ing kantor pangêcapanipun kangjêng guprêmèn, ing taun 1880 wontên têmbung: kati, tuwin katya, tinêgêsan: wawrat.

Sêrat ingkang ngalamat, Layang Dongènging Sato Khewan, wontên ingkang mungêl: kuping dawa, bok sakati bae, aku ora gêlêm ngrewangi anggawa.

Kate

Suku ingkang cêndhak, ing têmbung Cina, winastan: gahte.

Gah têgêsipun suku.

Te têgêsipun cêndhak.

--- 440 ---

Têrangipun suku cêndhak, kêlanturing têmbung Jawi, dados kate.

Tiyang ingkang badanipun cèndhèk, ing têmbung Jawi winastan: cebol, ananging ayam ingkang makatên winastan kate.

Sêrat ingkang ngalamat Aneka Warta (Aneka Warta) ing Batawi, ingkang kawêdalakên sabên: 14 dintên sapisan. Ing 1 Oktobêr 1900 ăngka 1 kaca 32 nyariyosakên ayam wana ingkang kate, buntutipun kados buntuting pêksi srigunting, punika ayam ingkang alit piyambak.

Sindhenan Jawi, wontên ungêl-ungêlan makatên: kate-kate wana. Tuwin paribasan Jawi wontên ungêl-ungêlan jago kate: wanine ana ing omahe dhewe.

Kuwe, utawi kuwih

Dhaharan ingkang kadamêl galêpung uwos, kêtan tuwin sanèsipun, ing têmbung Cina winastan kwe, kados ta: hwat, kwe, kukwe, kauting kwe, bisokwe, ambong kwe tuwin sanès-sanèsipun.

Kwe wau, kêlanturing têmbung Jawi, dados: kuwo

--- 441 ---

utawi kuwih.

Pustakawarti Juru Martani 4 Januari 1867 ăngka 1 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Para tiyang sagêd pikantuk atumbas kuwe-kuwe, tuwin bêskuwit warni-warni, dhatêng Nyonyah Miski, ing kampung Kabalèn Surakarta.

Pawicantênan:

Kowe mênyanga pasar, aku tukokna panganan:

Untir- untir, kancinglawang, bujanggêlut, gêmbukan, lan manèh mêngko sore tukokna: kuwih mangkok, bulusan (kuwih ku) kuwih lapis, răndharoyal lan putrimandhi.

Băngsa kula tiyang Cina, mênawi angsung dhahar dhatêng Tuwapèk Kong, utawi lêluhuripun, kêdah mawi hwatakwe punika, paugêranipun makatên:

1 pasang lilin abrit, ingkang têngên sinêrat sastra 4 iji, ungêlipun: okjitong ai, têgêsipun: rijêkine kaya samodra wetan, ingkang kiwa sinêrat sastra 4 iji, ungêlipun: syupilamsan, têgêsipun dawaning umur upama gunung Kidul.

1 piring isi: hwat kwe (wontên ingkang agêng wontên [wo...]

--- 442 ---

[...ntên] ingkang alit, ingkang alit kacithak mawi mangkok alit, pramila tiyang Jawi anamakakên: kuwih mangkok), hwat têgêsipun: maju, mumbul, ngadêg, mênga.

1 piring isi: kukwe (panganan gambar kura, tiyang Jawi anamakakên: kuwih bulus), maksudipun sanjang[24] yuswa, awit kura punika sagêd gêsang sèwu taun.

1 piring isi pisang mas.

1 piring isi biko utawi wajik, kacithak ing kukusan alit, maksudipun rêdi.

Sadaya wau dados pamuji tuwin panyuwun, mugi-mugi ingkang angsung dhahar wau sagêda agêng kabêgjanipun, panjang yuswanipun, mumbul rijêkinipun, sugih mas picis rajabrana, sarta sagêd langgêng salaminipun kados dening rêdi.

Sêsajèn wau wontên ugi ingkang ngangge kuwih Cina ingkang winastan samkaedyan.

Sam têgêsipun tiga.

Kae têgêsipun tapêl watês.

Dyan têgêsipun langit.

Maksudipun: triloka.

--- 443 ---

Ing nagari Cina sadèrèngipun wontên agami Budha, botên wontên kuwih triloka wau.

Nyonyah-nyonyah Cina ing tanah Jawi, kuwih triloka wau dipun namakakên: kuwih ăndha.

Tjoa Tjoe Kwan.

Para pambantu mugi sampun anyupèkakên kuwajibanipun rumêngga ing kabar Sasadara sarta Candrakanta, sampun ngantos pêdhot misuwuring asmanipun wontên ing kabar wau, eman-eman. Red.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 396
2. Dintên Sae ... blz 397
3. Cakrawarti ... blz 398
4. Kawruh griya ... blz 404
5. Kalêmpaking kawruh ... blz 408
6. Tirta usada ... blz 417
7. Padhukunan Bayi ... blz 422
8. Ringkêsaning cariyos ringgit purwa ... blz 428
9. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 433
10. Têmbung Cina ... blz 438


kasêbut. (kembali)
kasêbut.
utawi. (kembali)
utawi.
pojok. (kembali)
pojok.
dipun. (kembali)
dipun.
ingkang. (kembali)
ingkang.
Baduwi. (kembali)
Baduwi.
namung. (kembali)
namung.
payon. (kembali)
payon.
angèngêtakên. (kembali)
angèngêtakên.
10 anakipun. (kembali)
anakipun.
11 (roodvonk). (kembali)
(roodvonk).
12 botên. (kembali)
botên.
13 Sakit. (kembali)
Sakit.
14 tambah. (kembali)
tambah.
15 kenging. (kembali)
kenging.
16 amastani. (kembali)
amastani.
17 katutup. (kembali)
katutup.
18 ingkang. (kembali)
ingkang.
19 § Têngêr. Têgêsipun sami lampahipun = sami bênggangipun. (kembali)
§ Têngêr. Têgêsipun sami lampahipun = sami bênggangipun.
20 § Têtêngêr têgêsipun: lumah pojok tiga. Têtêngêr têgêsipun sami wangunipun. (kembali)
§ Têtêngêr têgêsipun: lumah pojok tiga. Têtêngêr têgêsipun sami wangunipun.
21 § Têtêngêr têgêsipun: pojok. (kembali)
§ Têtêngêr têgêsipun: pojok.
22 § Namung tiyang Cina sade jampi, punika timbangipun botên kenging kirang, utawi langkung, tiyang Jawi ing jaman rumiyin amastani: kumêd, awit botên suka yèn dipun têdhani imbêt, pramila lajêng wontên paribasan Jawi: Cina craki, punika ambasakakên tiyang ingkang kumêd sangêt, utawi ingkang etang-etangên. (kembali)
§ Namung tiyang Cina sade jampi, punika timbangipun botên kenging kirang, utawi langkung, tiyang Jawi ing jaman rumiyin amastani: kumêd, awit botên suka yèn dipun têdhani imbêt, pramila lajêng wontên paribasan Jawi: Cina craki, punika ambasakakên tiyang ingkang kumêd sangêt, utawi ingkang etang-etangên.
23 supêkêtipun. (kembali)
supêkêtipun.
24 panjang. (kembali)
panjang.