Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906

Judul
Sambungan
1. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 23-09-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Ăngka 3 taun III.]

--- 65 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 1 dari 32

Palisastra.

Sambêtipun Waradarma ăngka 2.

ulêg-ulêg, aran

awan-awan, kaanan

awak-awak, kriya

Dwipurwa

49. Dwipurwa iku karimbag saka dwilingga siilangi aksarane siji lingga ngarêp wandane kang buri, kaya ta:

tirutiru dadi titiru ora kêna tinulis ttiru.

Nanging dwilingga kang apurwa: a (abang) sarta kang sinaroja (susah) apadene lingga têlung wanda: (ngr) ora kêna ginawe dwipurwa, kaya ta:

aab=, susush, nngr, padha ora tumindak.

Mung dwipurwaning tanggap: n sangrimbage saka: tatiru, dadi tinatiru, ora tinitiru, enz.

tiniru, tanggap na,

tiniru-tiru, dwilingganing tanggap na,

tinatiru, dwipurwaning tanggap na,

--- 66 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 2 dari 32

tiru-tiniru, tanggap tarung,

gumilang bawa ma,

gumilang-gilang, dwilingganing bawa ma, mung nganggo oem siji,

gumilang-gilang, dwipurwaning bawa ma saka gagilang,

gilang-gumilang bawa ma, tundha.

t

50. t aksara untu (zie n 10)

51. t q c w p aksara ta ya sastra, tanduke nganggo anuswara n ! v lan m sarta ambuwang atêr-atêre a kaya ta:

nantanglirune:antantangsakatantang
nithik"anthithik"thithik
nyakar"ancakar"cakar
madung"amwadung"wadung
macul"ampacul"pacul.

T

52. Pasangan T (zie K 37)

53. Pasangan ± gêdhe, utawa murda, kanggo ing tata prunggu (zie ! 16) kaya ta:

--- 67 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 3 dari 32

k=j_$ul±nµin±r

tk\

54. Tak, ko, di, tanggap tri purusa,

tak, pratama purusa

ko, madyama

di, utama.

Tanggap ka lan

tanggap na = in

Iku dadi têtimbanganing tanduk têlung prakara (zie ha neuskl. 6) mung beda ing pamikir bae, yèn kang pinikir wong, nganggo tak, kaya ta:

aku}anjupuk rèk
kowe
dhèwèke

nanging yèn kang pinikir barang nganggo tanggap kaya ta:

rèk{tak}jupuk (i en ake)
ko
di
rèk kajupuk}(an[1]en ake)
rèk jinupuk

--- 68 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 4 dari 32

55. s aksara untu (zie n 10)

56. s aksara dantya (zie n 14)

57. s tanduke nya en na (zie c 20)

58. s yèn dadi wêkasaning lingga ana kang bisa nukulake kaya ta:

kuwaliN.}kawangsulK.orakuwasul
kuwalik"
kêndhali"kêndhangsul""kêndhasul
bali{"{wangsul""wasul
bangsulK.D."basul
tali"tangsulK."tasul

59. s dadi atêr-atêring têmbung lingga aran, lingga andhahan Substantief bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:

siji saka: saiji saka: iji

saelo saka: elo

s swara

60. Swaraning s kaperang têlu

a. yèn purwaning lingga aksara ha, sarta karakêtan sandhangan [sa...]

--- 69 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 5 dari 32

[...ndhangan] swara, swarane kaya: a. kaya ta: sasT, saifu, saup, s[aomh

b. yèn purwaning lingga ora kêna pinisah lan atêr-atêre sa, swarane kaya ê. kaya: se[lo[vJ/o (lonjore, ora tumindak, iya iku kang diarani ora kêna pinisah).

c. yèn purwaning lingga kêna pinisah lan atêr-atêre sa, swarane kaya ak. kaya ta: skNgr

Nanging kabèh mau panulise nganggo s bae, kaya ta: sasT, s[lo[vJ/o, sngr.

Ù

61. Ù murda dadi sêsigêging wanda kang ambukani aksara d q kaya ta: puÙQr, [aÙQi (zie n 14)

--- 70 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 6 dari 32

sarta dadi tata prungguning têmbung ana saburining aksara ya, kaya ta: r[fn±|m_&=uyÙfi%ur (zie ! 16)

(Ù murda ora duwe pasangan)

$

62. $ talawya, dadi sêsigêging wanda kang ambukani aksara c j kaya ta:

p$Cim, m$Jif\ (zie n 14)

sarta dadi tata prungguning têmbung kaya ta:

r[fn±|m_&=u$$]$ufirbuptiai=$][gn\ (zie ! 16)

S

63. Pasangan S kêmbang, yèn dadi pasangan ana saburining aksara sêsigêging wanda, kaya ta: xkS

sarta kêna dipanjingi ing N lan pasangan M nanging mung tumrap ing têmbung sawatara, ora bisa lèrèg marang têmbung liyane, kaya ta:

tikSNnangingfinTe[nSNn\ora kêna
sukSM"fipunSM[fosSi"

64. Ăngka 4 sinambungan pasangan S kêmbang = A dadi

--- 71 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 7 dari 32

aksara swara a (zie A 9)

°

65. Pasangan ° talawya, padha bae karo aksarane sarta mung dadi tata prunggu dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta:

dwuhaipun°=%]*uzl& (zie ! 16)

kuP

66. kuP ingaranan s pasuti, mung kanggo ing basa Kawi kaya ta:

amBekuP= = amBekS=

s p

67. Lingga têlung wanda kang apurwa sa, pa, prayoga kapêpêt, dadi beda karo atêr-atêr s p (lingga andhahan)

sêgara, pêkaja}dadi banjur wijang bae, sabên dipêpêt, mêsthi lingga, sartasabên lêgêna mêsthi atêr-atêr.
sapira, palayu

Sandhangan

68. Sandhangan iku warna sawêlas, rolas kalêbu patèn, kaya ta:

--- 72 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 8 dari 32
i}sandhangan swara
u
[
[ o
e
h}sandhangan panyigêging swara
/
=
]}sandhangan ywanjana
}
-
\pangkon

w

69. w p b m aksara lambe

70. w aksara ta ya sastra (zie t 51)

71. w aksara măndaswara (zie y 120)

W

72. Pasangan W ingaran gêmbung, ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: tkW

Taksih wontên sambêtipun.

--- 73 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 9 dari 32

Cariyosipun tiyang kina, lêlêmbat punika wontên, kula inggih ngandêl, wiwit lare dumugi tiyang sêpuh malah ngantos badhe sumurup ing êlèng taksih ngandêl, namung santun salaga kala rumiyin mawi cangkêm mujur, sapunika botên.

Lêlêmbat punika kalêbêt utusaning Allah angganjar sêsakit dhatêng makluk, ungsum bèlèk, palênthing, cangkrang, gabag, sadaya saking pandamêling lêlêmbat, mawi prabawa panas lajêng thukul sêsakitipun, nanging botên ambêbayani, beda kalihan lêlêmbat ingkang ngèrèd nyawa: kolerah, punika mutawatosi sayêktos.

Jangjining Allah mênawi angganjar sêsakit inggih sampun wontên jampinipun gumêlar ing jagad kantun mêndhêt kemawon, ingkang kathah dipun sumêrêpi sawêg brambang lêmpuyang, mênawi dipun jampèkakên dhatêng ingkang jodho: cêsplêng, nanging mênawi dede thukipun dhatêng sêsakit ingkang dipun jampèni inggih botên saras, mila wajibing manungsa namung istiyar ngupados jampining sêsakitipun ingkang jodho, sampun anderah namung sumendhe ing takdir, punika dede karsaning Allah, sakit amêsthi mantun dening jampi, kosokwangsulipun, saras sagêd pêjah tanpa sangkan.

--- 74 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 10 dari 32

Mangsuli lêlêmbating manungsa botên sagêd tumular dhatêng kewan, botên wontên maesa plênthingên, kosokwangsulipun lêlêmbating kewan, inggih botên sagêd tumular dhatêng manungsa, kados ta: maesa dipun têdha ing potho, lêmbu katêdha ing porang, ayam katêdha ing dhingkêl, manungsa kalis ing sêsakit wau, malah bathanging maesa lêmbu asring dipun salibukakên kasade ing jagal, dipun têdha ing tiyang tawar kemawon, ayam ingkang sawêg bêk-bêkan katêdha ing dhingkêl lajêng dipun pragad kaolah sêmur katêdha botên wontên walang-sangkêripun.

Mênggah wontênipun sêsakit wau tijd. amêsthi sirna kajêngipun piyambak, saking kudratullah, mila botên susah dipun kuwatosakên, mindhak ngalit-aliti manah botên sae.

Istiyar ingkang mikantuki mênawi sagêd, kajawi jêjampi, saakal-akalipun mênawi pinanggih jodho, namung istiyar tirah dhatêng tanah parêdèn, utawi kosokwangsulipun tiyang parêdèn dhatêng tanah ngare, punika istingangkah kalis ing sêsakik[2] wau, nanging tiyang langip botên sagêd kalampahan.

Sapunika ngrêmbag sêsakit pès, punika bêgêbluging tikus, inggih punika lêlêmbat ingkang nêdha tikus, pès mênggah ing tikus = potho mênggah ing maesa, dados ing pamikir [pami...]

--- 75 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 11 dari 32

[...kir] lêlêmbat pès botên tumemplok nêdha manungsa, awit dede jodhonipun, wontênipun sagêd nular, saking pinjaling tikus pêjah sumawur kados sinêbar ing jogan sagêd manculat nyakot badaning manungsa, ampuhing wisa sagêd adamêl tiwas, punika ingkang dipun kawekani sayêktos, sampun maibên, tiyang pêjah pès, ingkang gêsang botên ngili, amêsthi tumpês, dening kathahing pinjal pès salêbêting griya, ampuhing wisa botên kenging pinaibên. Wit-witan sagêd gogrog godhongipun têmahan garing pêjah angarang bilih dipun dhawahi dêdamêl ampuh. Tiyang dipun antup kalajêngking, namung sapintên agênging pucuk antup: andharodhog, pinjal tikus ingkang sampun nêsêp rahing tikus ingkang sampun kenging pès, ampuhipun saya botên kenging pinaibên.

Lêlêmbat botên sagêd kasatmata, nanging wontên, inggih punika ingkang winastan baksil (saminipun angin inggih botên kasatmata, nanging inggih wontên) sarèhning wontên, inggih wontên jampinipun, namung sawêg dèrèng pinanggih kemawon.

Nalika kaping 24 Dhesèmbêr 1915 kula katimbalan dhatêng kantor asistenan sarêngan kalihan para redhaktur sawatawis tuwin Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, Kangjêng Pangeran Arya

--- 76 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 12 dari 32

Suryakusuma, Radèn Tumênggung Kartanagara, saha tuwan dhoktêr pès, saha lajêng kakarsakakên dhèrèk tindak mariksani barak dhatêng Margayudan.

Kangjêng tuwan asistèn residhèn mangandikakakên kawontênaning sêsakit pès ingkang ambêbayani sagêd numpês tiyang ingkang katrajang bilih botên dipun prayitnani. Mila kalampahan istiyaring nagari ngwontênakên griya pakèndêlan ngili sadèrèngipun griya rampung dipun dandosi utawi dipun rêsiki, grad I. II. ing Langênarja, grad III. IV. ing Ngadisari (Lawiyan) priyantun ing Mangunjayan (griya sakit lami), tiyang alit ing Sriwadari lami (Kasunanan) sarta ing Bramantakan (Mangkunagaran).

Têtiyang sampun kalintu tampi gênging pitulunganipun kangjêng guprêmèn, angwontênakên sarana panulaking sêsakit wau ngantos lêksan utawi kêthèn rupiyah, punika namung saking gênging pangrêksanipun ngagêsang sampun ngantos pêjah sadèrèngipun măngsa.

Têtiyang ingkang kenging sêsakit pès kabarak, griyanipun dipun êblog, sampun pisan rumaos kinaniaya, sayêktosipun pinalimarma ing parentah sampun ngantos tumpês dening sêsakit wau. Griyanipun risak kadandosan malih dados [dado...]

--- 77 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 13 dari 32

[...s] enggal sêpên mutawatos botên kenging dipun ênggèni ing tikus malih, panyauripun nicil ingkang sagêd bayar, utawi namung kaparingakên lêlahanan ingkang pancèn botên sagêd bayar. Tiyang sakit dipun barak kopèn têdha, jampi sarta pangrêksanipun, sakitipun dipun pulasara ing dhoktêr, mênawi sêsakitipun sampun katingal malanjêr lajêng dipun bêdhèl, kapêndhêt wijinipun, warninipun kados sobrah (sêpon) rinubung ing baksil, jangji sampun kabêdhèl kenging wijinipun: wilujêng, kula nyumêrêpi piyambak tiyang sakit sagriya panjang (los) ingkang dipun bêdhèli planjêripun sami dipun pêrbani sadaya, kula matur pitakèn punapa punika taksih nyumêlangi, dhawuhipun: botên, punika nama sampun saras, kantun ngêntosi sarasing tatunipun kemawon, sarta sêdhêng sampun kuwat, patilêmanipun kanthil gantung alit kalemekan pêrlag, bantal satunggal mawi kêmul kamli, têdhanipun botên sawiyah, olah-olahan koki, katêdha miraos. Tiyang saras kabarak manggèn ing griya alit-alit abêbanjêngan, mawi ambèn inggil kagêlaran kalasa bantal, kaparingan têdha satangsul sadintên, ing ngriku jajan botên kirang tiyang sêsadean kados sakatenan, mênawi sampun luwar saking barakan, măngka [măng...]

--- 78 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 14 dari 32

[...ka] dèrèng sagêd mantuk, dening griyanipun dèrèng rampung dipun dandosi, mondhok ing griyaning sanak sadhèrèkipun botên angsal, parentah sampun anjagèni griya pondhokan alit-alit, mirantos sêsaput prantosipun, dalah gênthong wadhah toya dipun wontêni, ing Sriwadari lami pondhokanipun tiyang kasunanan, ing Bramantakan pondhokanipun tiyang Mangkunagaran.

Tiyang kabarak saras katingal bingar-bingar manahipun, bokmênawi kathah kancanipun punika sarta botên manah kabêtahan, ingatasipun têdha satangsul sadintên, mênggah ing têtiyang alit sampun cêkap, namung nêdha nganggur, galidhig inggih namung angsal satangsul sadintên, tur akanthi kangelan nyambutdamêl. Dados ingkang awrat anglampahi punika tiyang ingkang dèrèng ngraosakên, bilih sampun ngraosakên malah kabelan, katăndha wontên tiyang ingkang kawêdalakên gadhah atur mênawi kalilan nyuwun lêstantun kabarak kemawon, utawi nglagani padamêlan wontên ing barakan, kajawi kaparingan têdha kados sabênipun mugi kaparingan bayaran sapantêsipun kemawon: narimah, nanging botên kaparêng mêksa kawêdalakên, tiyang sampun saras.

--- 79 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 15 dari 32

Dhoktêr, plistêr, apotig sapunggawanipun pêpak sami nyambutdamêl ing kantor pambarakan, cêlak kantor pamotongan, samêkta botên nguciwani, kula kadhawahan nyumêrêpi baksil wontên ing kaca awor rahing manungsa ingkang sampun kagaringakên kalayan pirantos miskruskup, sarta dipun sorahakên akathah-kathah, ingkang wontên kula namung malêngak.

Montor ingkang bêkta tiyang sakit, punika sampun sampeyan ajrihi, sampun sampeyan manah ingkang botên-botên, kadamêl punapa ambêkta tiyang sakit kadamêl awon, sayêktosipun kadamêl sae, dipun jampèni sakitipun supados saras, botên nular dhatêng tiyang sagriya.

Băngsa kula têtiyang Jawi sumăngga sami anggudèl bingung: sampun kêkathahên nok-nik, namung amanaha bapa biyung kula parentah, parentah amêsthi rumêksa dhatêng kawilujêngan kula sadaya, kula namung andhèrèk sabarang karsanipun.

Red.

Sorogan.

Wiyosipun bapak Mas Ngabèi Rêksadipraja, asarêng punika kula misungsung karangan sawatawis sinawung ing sêkar, kathahipun 9 lêmbar, inggih punika pèngêtan nalika tiyang sêpuh

--- 80 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 16 dari 32

kula bandara Radèn Mas Arya Suryakumara, anampèni utusan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, matêdhakakên baboning Sêrat Sri Karongron, manawi bapak andhanganakên sarta pantês tumrap ing titsêkrip: Waradarma, kula nêdha pitulung supados kalêbêtakên. Ananging sampun kasupèn bilih kula sangêt cotho dhatêng pangrakiting sastra, langkung-langkung dhatêng basa Kawi, amila mugi bapak dhanganakên anglêrêsakên.

Pancènipun sampun dangu anggèn kula kapingin niyat puruhita dhatêng bapak ingatasing pangikêting ukara nyêkar, dawêk ing mangke sagêt kalampahan, dening wontên dhadhakanipun.

Lan kauningana, karangan kula punika sawarni ngupados pêndhok, nanging jêbul ingkang badhe angsal sêlut, pangarang Sri Karongron, punapa botên makatên. Wasana sangêt ing panuwun kula.

15/12/15

Darmakumara.

Nampèni utusan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, matêdhakakên buku baboning Sêrat Sri Karongron.

Sinom

1. mèngêti duta sri nata | ing Surakarta nagari | Pakubana ping sadasa | kang mangun arjaning nagri | wus kalok [kalo...]

--- 81 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 17 dari 32

[...k] ing sabumi | sang mulku mahambêk sadu | santa budya bêk darma | marma pra nata lèn nagri | samya rêsêp misungsung bintang pracihna ||

2. nanging mangke tan winarna | mawarna bintang sang aji | jêr kang ngripta tan uninga | wijange sawiji-wiji | mênèk klèntu nglingsêmi | satêmah akarya kusut | nihan wuryaning gita | satata gati mèngêti | duk nalika malêm ri Anggara Krêsna ||

3. kaping dwi Bêsar candrama | Jimawal sangkalèng warsi | tata catur ngèsthi arja (1845) | tabuh sawlas wayah wêngi | sudarmamba nampèni | kalih dutanya sang prabu | samya kliwon sadaya | măngka panganjur wêwangi | Rahadyan Mas Ngabèi Padmadipura ||

4. juga măngka kanthinira | pêparab Radyan Ngabèi | Mangkudipura kalihnya | ngêmban timbalan sang aji | matêdhakakên maring | sudarmamba warni buku | juga baboning Sêrat | Sri Karongron kang supadi | uningaa ing rèh nguni sudarmamba ||

5. wus kapatêdhan pustaka | Sri Karongron tigang jilid | nênggih buku cap-êcapan | cithakan saking drikkrei | B.O. Surakarta di | mangkya dhawuh dalêm prabu | kang lumantar dutendra | sudarmamba pinrih mikir | mrih yogyane ing wuri pangrakitira ||

6. ing rèh karsanya sang nata | Sri Karongron têmbe wuri | kinarya pèngêtan praja | marmanta sanggyaning tulis | saarsa amèngêti | lampahan dalêm sang prabu | jêng

--- 82 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 18 dari 32

susunan samangkya | ingangkah praptaning akir | pinakirtya winot kang pêrlu kewala ||

7. unjukipun sudarmamba | lumantar dutanira ji | tar lyan mung unjuk sandika | mung wus awalèh rumiyin | ing rèh mangkya wus wanci | ngancik ngumuraning sêpuh | têbih saking tarwaca | myat sastra kirang pratitis | gya dutendra jawab aris aturira ||

8. kadi ta sayogyanira | putranta salah sawiji | piniji pinrih maosa | nèng ngarsanta mrih sayogi | jêngandika mung kari | dêlingkên suraosipun | sudarmamba maluya | ring duta mèstu pamurih | wusing sampat dutendra laju pamitan ||

9. duk wau sampun rinilan | myang sinung pudya basuki | tandya bidhal awahana | rata motor gêgirisi | gêrêng swara gumêrit | lir gurnita gumaludhuk | tan darana lumampah | rikat anglêr mêmengini | kang mangripta kadi anggoncèng-goncènga ||

10. mangsuli ingkang winarna | kacarita saunduring | kalih dutaning pamasa | kang mangripta dèn timbali | ring sudarma pinardi | sinung wikan wartosipun | rêking duta narendra | kadi kang kawahyèng ngarsi | samangkana wijiling sabda sudarma ||

11. wruhanta dhuh kulup sira | marmanira ngong timbali | kadi sira wus uninga | mau dhawuh dalêm sang sri | ingkang lumantar saking | iya maring uwakamu | Kamas Padmadipura | sakaro kadangirèki [kadangi...]

--- 83 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 19 dari 32

[...rèki] | Mangkupura sira mèlu amikira ||

12. paran ta sayogyanira | ing rèh sira wus udani | nguni paring dalêm nata | Sri Karongron têlung jilid | kang wus cinithak ing drik | ing samêngko babonipun | kapatêdhan uninga | karsa dalêm kang supadi | mrih biyantu rinilan unjuk prayoga ||

13. ing rèh ngong wus tan tarwaca | marmanta sira ngong piji | naliti kaananira | baboning Srat Sri Karongsih | sarana sabên ari | wacanên anèng ngarêpku | paran bedane baya | lawan kang cinithak ing drik | purnèng sabda kang ngripta atur sandika ||

14. enjang gya miwiti maca | nèng ngarsanirèng sudarmi | guru lagu têmbangira | mrih pana pranawèng kapti- | nira kang amiarsi | sakamantyan kang rumungu | rakiting kang carita | satata kadi umèksi | sawantahe kadi nêmbe kasatmata ||

15. malih wèh ascaryèng driya | urut runtuting panggupit | kadya ngunine tinata | anrus dhawuh dalêm sang sri | pratăndha ikêtaning | ukara saklangkung jumbuh | lawan ajênging jaman | tan măntra ikêtan kawin | pindha jarwa kewala kêdal sakeca ||

16. tur nglungguhi dhong-dhingira | măngka timbalan sang aji | kalamun imbal wacana | kadi boya madal sumbi | tètès tan angowani | lawan dêlêsirèng dhawuh | tanapi unjukira | ingkang samya anampèni | dhawuh

--- 84 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 20 dari 32

dalêm amung salugu kewala ||

17. pramila ingkang mangripta | tan kêndhat sajroning ati | ngalêmbana kang magita | nênggih dhatêng Dyan Ngabèi | Purbadipura yakti | widagda ring ulah kidung | myang pangrakiting basa | bisa wèh rêsêping ati | datan lăngka sinêbut pujăngga raja ||

18. nihanta sarampungira | prapta tamating pangèksi | kongsi sawatara dina | Sri Karongron dera niti | tuhu langkung prayogi | saksana sudarma ulun | sawusirèng pranawa | miyarsa surasèng kawin | Sri Karongron nulya malih angandika ||

19. dhuh kulup sawusing purna | pamacamu Sri Karongsih | têka aku darbèkira | mungguh Sri Karongron iki | ing têmbe yèn wus dugi | kaya-kaya pantês iku | karya pisungsung marang | gênup sêkap lir cênthini | kang samêngko nèng Ledhên praja Nèdêrlan ||

20. kang ngripta atur wotsêkar | punika langkung prayogi | bokmanawi tan sandeya | ing wingking makatên ugi | jêr tuhu maedahi | măngka bêbakuning kawruh | caraning parikrama | ugêring karaton Jawi | mung punika gaduging pamanggih amba ||

21. sigêg gantya kang winarna | warnaning buku bakuning | Sri Karongron mangke arsa | winursita pinèt saking | pandulu srining tulis | awiging pakirtyanipun | pantês lamun cinăndra | wijanging sawiji-wiji | ginupita sagaduging

--- 85 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 21 dari 32

kang mangrêngga ||

22. gênging buku winatara | wiyar kalih likur sènti | panjangnya tri dasa pănca | ukur samya mètêr sènti | kandêl sakawan sènti | mojok tiga pinrada byur | nênggih samaking surat | saking carma winatawis | ingkang kering mawa lat-ilat tangkêpan ||

23. pindha samak Kitab Kuran | kinamus ing sutra abrit | murni tinon maya-maya | sumringah mêngês kaèksi | rinarêngga tulya sri | saking tinta êmas murub | binathik ing lung-lungan | dhaon rumambat ngubêngi | kongsi têpung amojok pasagi panjang ||

24. samak ingkang iring kanan | ing têngah kapara nginggil | cinawi wapênkrun krajan | amawa pari sawuli | lan ron kapas ngubêngi | purwaka asma sang prabu | P.B.X. ing ngandhap | sinêratan sastra latin | ungêlira Kadaton ing Soerakarta. ||

25. ngandhap malih pinandara | sastra Jawi lètêr kursip | kang măngka ngalamatira | mangkana surasèng tulis | Sêrat Sri Karongronsih | iyasan dalêm sang mulku | Sinuhun Jêng Susunan | Pakubuwana mandhiri | ping sadasa ngadhaton ing Surakarta ||

26. nalikanira tumêdhak | martuwi kang rama sang sri | ingkang Sinuhun Jêng Sultan | Hamêngkubuwana kaping | pitu ngadhaton nagri | Ngayogyakarta linuhung | dene ta wau sêrat | ingkang kadhawuhan nganggit | Dyan Ngabèi Kaliwon Purbadipura [Purbadipu...]

--- 86 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 22 dari 32

[...ra] ||

27. mênggah wujuding dalancang | kang măngka papaning tulis | alus lumêr seta mêmplak | nêm atus kaca watawis | langkung amung sakêdhik | winatara pitu likur | sanggyaning kang lêmbaran | rinêngga lir samak jawi | mung bedane boya saking tinta êmas ||

28. miwah lung nginggil pinêgat | purwakaning asma Sang Sri | P.B.X. krun karajan | sabên purwakaning tulis | mawa rinêngga malih | pulas maneka dinulu | sinêling paraosan | pantês kinarya jêjampi | mripat pêgêl yèn kadaud dera maca ||

29. dene wujuding sêratan | carikan Surakarta di | mirit tabêting panyurat | kadi ta sinêrat saking | kalam sruwaning ngarin | kinarya sêtal pènipun | pramila langkung wijang | cêtha boya madal sumbi | sabên pada agêng gumantosing sêkar ||

30. rinarêngga gêgambaran | saking pulas nekawarni | pindha sêkar bêbuketan | muyêg sêmak milangoni | wênèh sumarsana sri | adhalliyah myang sêkar rus | tanapi malih sêkar | nonah nginang sinyo drêgil | lan sanèse pinèt wuryaning kang sêmak ||

31. inggale lamun sinawang | sawastu boya bosêni | pantês sira kang amaca | pra absarining swarga di | tur kang pingitan sami | samăngsa pamaosipun | lamun nanggori sastra | ăngka tuwin sastra latin | dadak kèndêl sapangu sêngadinira ||

32. dhèhèm [dhèhè...]

--- 87 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 23 dari 32

[...m] sarwi mêtêk jăngga | mawanta swara cumêngkling | wèh gumyuring kang miyarsa | ya ta Sang Hyang Udipati | tanggab sasmitèng nuli | marpêki kang sêngadi wuh | tumêlung sung wasita | wijanging sastra mrih rêti | kang liningan mèsêm sarwi balang netra ||

33. dènira kapati lêga | kêclaping netra wèh liring | pindha gêbyaring sasăngka | clêng singa kataman dening | netra kang lindri-lindri | karaos slira sakojur | e la dalah kaliwat | kang gupita kongsi prapti | ing kaswargan (yèn tan klèntu) Ngargapura ||

34. yogya mangsuli carita | isining Srat Sri Karongsih | bedanira akalayan | ingkang wus cinithak ing drig | pungkasaning kang tulis | winot ing katranganipun | sinêkar Dhandhanggula | tri pada măngka nusuli | ulun têdhak sungging luguning sarkara ||

Dhandhanggula

1. anusuli sêkar Dhandhanggêndhis | kang magita ngaturi katrangan | dimèn ladhang panggalihe | kang maos nora kisruh | miwah ingkang sami miyarsi | nênggih sêrat punika | Sri Karongron sampun | amarna nalikanira | sami lênggah munggèng kamar langên adi | Sri Nata Surakarta ||

2. lan kang rama kangjêng narapati | ing Ngayogyakarta pêpanggihan | lawan kang ibu asmane | Kangjêng Ratu Pambayun | jroning lênggah sami among sih | datansah sukarêna | rinèh ing sabda rum | rumabasèng

--- 88 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 24 dari 32

basa arja | sarjuning tyas Sri Nata Surakarta di | nalika angandika ||

3. mring Jêng Ratu Pambayun tinulis | krami bak ayu kangjêng sri nata | marma mangkono wiyose | awit kangjêng sang prabu | ingkang kaping sadasa nguni | duk maksih timurira | kalangkung ingugung | pinundhut putra kang eyang | Gusti Kangjêng Ratu Agêng Pramèswari | Sri Nata Banguntapa ||

Sinom

35. mangsuli sêkar sri nata | kang mangripta têmah klair | ngura gita gatining kang | saking sru bêbêging pikir | gênging kamantyan saking | rumaos katrahan wahyu | de tan ngira wuninga | baboning srat kraton Jawi | boya ngetang maksih tuna samubarang ||

36. titi punahing panitra | ri Buda Wage miwiti | Dhesèmbêr tanggal sapisan | măngsa kanêm wuku Wukir | ăngka sangkalèng warsi | gatining sêdya nrus kalbu | [1915] mangkya ingkang magita | satata tur mangastuti | trah nararya uluning wiraswa tama ||

Nyênyadhang pangaksama

R.M. Darmakumara

Dongèng Siti Rokanah.

Sambêtipun Waradarma ăngka 2.

Gambuh

1. milanipun pukulun | dumadose lêlakon sadarum | botên kenging yèn ngêncêpi salah siki | sayêkti antuk [antu...]

--- 89 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 25 dari 32

[...k] sêsiku | makatên wosing wiraos ||

2. pami panganggêpipun | muhung saking kodrating Hyang Agung | dados mukir lamun minăngka sêsulih | sinungan budi linuhung | dados waranèng Hyang Manon ||

3. wênang murwèng sakayun | nampik milih ing rèh ala ayu | anglêlimbang mêmikir mamrih utami | Hyang Suksma tan nyaru siku | wus pasrah ing karsaning wong ||

4. kul ya ayuhanasu | inrasullun minrabil alamun | maknanipun angucapa sira yêkti | ya dadi utusan ingsun | aywa tumambuh ing batos ||

5. de yèn pangrêngkuhipun | babar ingkang lakon ala ayu | muhung atas saking karsane pribadi | punika budi kapaung | sasat sato wana sigrong ||

6. tan ngrasa ananipun | lamun saking Hyang Kang Maha Agung | tan mèngêti lafal an insanu siri | muwah wa anasi ruhu | êsiring manungsa yêktos ||

7. siring Hyang Maha Agung | marma tantuk yèn mungkir andhaku | ing samangkya utaminirèng ngaurip | angandêl yèn gêsangipun | saking kodrating Hyang Manon ||

8. lawan ngandêl kalamun | lêlakon kang têkèng ala ayu | tarlèn muhung saking iradating budi | awit wontên nyatanipun | sintên kang tumindak awon ||

9. yêkti botên rahayu | lawan sintên kang lumuh sinau | angêngudi pangawikan mrih binangkit | sayêkti cubluk balilu | kosokwangsuling [koso...]

--- 90 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 26 dari 32

[...kwangsuling] lêlakon ||

10. makatên kang tartamtu | mangkya rèhning sampun nyata tuhu | awon sae sangkane saking pambudi | dados sintên kang anggayuh | kautamaning dumados ||

11. kêdah dhêdhasar ayu | lan ihtiyar mrih dayaning kalbu | angêngimpun sangkêpe punang piranti | pirantine kang ginayuh | supadya menggal kalakon ||

12. lan pami wong nênandur | budi măngka wiji kang tumuwuh | nanêm kacang mokal tuwuha kacipir | muwah lamun tan anandur | paran dènnyarsa mamèt woh ||

13. marma yèn arsa brèwu | inggih kêdah sarêgêp manambut | barang karya kang sakintên angsal asil | myang nastiti wruh ing petung | ngati-ati atalatos ||

14. lamun makatên kamtu | nadyan botên sagêd sugih brèwu | inggih cêkap botên ngantos utang silih | ing wêkasan gêsangipun | ayêm tan kongsi rêkaos ||

15. yèn arsa gayuh luhur | kaluhuran karsanta pukulun | acêcawis murih wasisthaning kapti | nadyan lêpat sampun ontung | antuk waskitha ing batos ||

16. namung utaminipun | anggêgayuh wahyaning kang wahyu | inggih kêdah binudi ing lair batin | ing batin ywa sah manungku | amêminta ring Hyang Manon ||

17. lair ambêk darma yu | myang ngêngimpun pangawikan tuhu | lwir sabdanta sadaya tan wontên sisip | dene kang măngka panuntun | mamrih pangawikan [pangawika...]

--- 91 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 27 dari 32

[...n] kaot ||

18. tarlèn talatèn atul | agung karasa-rasèng sastra yu | yasanira pra linangkung jaman nguni | kathah kang samya manawung | wasita langkung kinaot ||

19. kados kakang kasêbut | jroning Kitab Ijadul Ibaddu | amung tudu[3] purwakanirèng dumadi | wiwit tètèsing salulut | têkyan cacahing pirantos ||

20. dwi ahkamudin asung | wasita di uwosing tumuwuh | katri Kitab Kisasul Ambiya sung wrin | dadining Adam ing dangu | têkyaning jumênêng katong ||

21. sakawan kang kasêbut | nama Kitab Abarul Salatun | asung warah wajibing nata linuwih | anuhoni sarak rasul | gangsal kitab winastan wong ||

22. Sipatuna Salatun | santosaning prajendra sawastu | sinangkanan saking sarèh lawan taklim | nêm Kitab Adabulmuluk | kang pantês jumênêng katong ||

23. yèn yuswa sampun cukup | sampun akil lawan alim ngèlmu | sapta kitab nama Adabul Salatin | punika nawung pitutur | ambêking nata kinaot ||

24. wruh ebahing praja gung | myang uninga salwiring pakewuh | lan sasolah-bawaning kawula uning | wolu Pipatul Salatun | sung wangsit kotamèng katong ||

25. kêdah karêm manungku | lan têtêmu pandhita linuhung | bawa rasa sangkan-paraning dumadi | sanga kitab kang sinêbut | Sipatul Wijra cariyos ||

26. wajibing narendra [nare...]

--- 92 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 28 dari 32

[...ndra] nung | bangkit milih mantri kang linangkung | lan sadasa Adabul Wijra sung wêling | uninga ing tindakipun | mantri kang utamèng kewoh ||

27. sawêlas kang sinêbut | jroning kitab ran Bustam Salatun | sung wasita wirasat wujuding janmi | ingkang awon lan kang ayu | sri nata kêdah waspaos ||

Taksih wontên sambêtipun.

Abdi dalêm mantri miji: Mangunwijaya.

Sajarah.

Sambêtipun Waradarma ăngka 2.

Asmaradana

1. tumonton ing gapura tri | dupi antuk wolung warsa | pan linungsur karatone | Hyang Wisnu nulya magawan | tan lami antaranya | jumênêng malih Hyang Wisnu | nèng Mêndhanggêle nagara ||

2. nama Prabu Wisnupati | sarêng lan jumênêngira | Hyang Brama măngka silihe | nèng Gilingwêsi nagara | jêjuluk Brama Raja | sangkalanira dwi prabu | sirna tingaling samodra |[4]|

3. dupyantuk tri dasa siki | warsa sri kalih amuksa | sarta sumèlèh kaprabon | Sri Brama Raja putranya | nama Bramana Raja | akêkutha sang aprabu | nèng Gilingwêsi nagara ||

4. putranya Sri Wisnupati | kêkalih jumênêng nata | Radèn Srigati mbajênge | mandhirèng Mêndhangkamulan | Sri Mapunggung juluknya | ingkang nêm jumênêng [ju...]

--- 93 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 29 dari 32

[...mênêng] ratu | anèng Wiratha sri nata ||

Sinom

1. nama Prabu Basurata | dwi nata jênêngirèki | sujanma lima caturnya | Bramana Raja Narpati | antuk salawe warsi | Prabu Basurata antuk | nênggih tri dasa sapta | sami muksa sri bupati | putranira Prabu Watugunung nama

2. Sri Maharaja Sindhula | jumênêng nata nèng nagri | Mêndhanggalungan sangkala | tanpa obah kang jaladri |[5] antuk limalas warsi | muksa wau sang aprabu | putra gumantya nata | Cingkaradewa Narpati | Mêndhanggalung ingêlih Mêndhangkamulan

3. nalika taun rêmbulan | buta nabda wau dadi | tuk tri dasa sapta muksa | nuntên putranya sang aji | Mahapunggung Narpati | nama Sri Mahawan Prabu | gumanti ingkang rama | duk jênêngira narpati | sinêngkalan pandhita tumutur keblat |[6]|

4. antuk tigang dasa sanga | warsa muksa sri bupati | nuntên Sang Prabu Tritrustha | putra Bramana Raja Ji | nagari Gilingwêsi | gêntosi rama sang prabu | kala taun rêmbulan | trusing sabda waudadi |[7] antuk tigang dasa nênêm warsa muksa ||

5. putra Prabu Basurata | gumanti rama narpati | anèng nagri ing Wiratha | nama Prabu Basupati | sangkala dêgira ji | brêmara angèsthi catur |[8] tigang dasa nêm warsa | jumênêng angalih puri | anèng Ngandongwilis ran Wiratha enggal ||

6. dupi antuk [a...]

--- 94 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 30 dari 32

[...ntuk] sapta warsa | seda Prabu Basupati | nuntên Hyang Bramanawisa | ingkang jumênêng narpati | nèng Mêndhangkamulani | sarta asalin jêjuluk | Maharaja Wisaka | sangkala jênêngira ji | tumingaling atmajanirèng raksasa |[9]|

7. mung antuk dwi warsa muksa | nulya Sri Mahawan siwi | kang sêpuh jumênêng nata | gumanti Wisaka Aji | nama Sri Wahanèki | sangkala duk jênêngipun | caturing janma lima |[10] antuk tri taun ngêmasi | nuntên putranira Sang Prabu Tritrustha ||

8. nama Prabu Parikênan | gumanti rama sang aji | nèng Gilingwêsi sangkala | diyu sutaning rasêksi |[11] seda antuk nêm warsi | nuntên putranya Sang Prabu | Sri Mahawan kang mudha | nama Sri Kala Narpati | anggêntosi karatonirèng sudarma ||

9. sangkala duk jênêngira | rasaning wong mingis-mingis |[12] antuk pănca warsa seda | putra Prabu Basupati | nama Sri Basumurti | nèng Wiratha madêg prabu | janmosik yêksangkala |[13] antuk rolas warsa lalis | arinata gumanti anèng Wiratha ||

10. Prabu Basukèsthi nama | sangkala adêgira ji | bahni hèrnawa maruta |[14] muksa wolu likur warsi | putra gumanti aji | nama Keswara Sang Prabu | duk ing taun rêmbulan | sikara nabdèng rasêksi |[15] tuk sangalas warsa seda sri narendra ||

11. putra kang gumanti raja | nama Prabu Basukêthi | jêjulukirèng pamasa [pama...]

--- 95 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 31 dari 32

[...sa] | Basukeswara ping kalih | titi jênêngira ji | janma sanga asêsiyung |[16] antuk sawidak sapta | warsa muksa sri bupati | nênggih nuntên Sang Bagawan Palasara ||

12. jumênêng anèng Ngastina | nama Dipakeswara Ji | kala ing taun rêmbulan | sirna caturing mêmanis |[17] antuk limalas warsi | muksa wau sang aprabu | kasêlan jênêngira | Bagawan Santanumurti | ajêjuluk Parampara Wiku Raja ||

13. akadhaton nèng Ngastina | wênang jumênêngkên aji | marma duk ing jênêngira | anêtêpakên narpati | putra Sri Basukêthi | nama Matswapati Prabu | anèng nagri Wiratha | Sang Prabu Santanumurti | duk angasta pangawasa parampara ||

14. anuju taun rêmbulan | angèsthi tata mêmanis |[18] antuk pitung warsa mekrad | dene duk jênêngirèki | Sang Prabu Matswapati | apan misih tunggal taun | mekrad tuk satus warsa | Sri Dipakeswara siwi | kang jumênêng anèng nagari Ngastina ||

15. jêjulukirèng pamasa | Krêsna Dwipayana Aji | sangkala ing adêgira | barat ngobahkên mêmanis |[19] antuk salikur warsi | sèlèh kaprabon sang prabu | marang putra taruna | Pandhudewanata Aji | dene Sang Aprabu Krêsna Dwipayana ||

16. laju magawan mring arga | Ngrêtawu araning wukir | subrata amati raga | jêjuluk Biyasa Rêsi | nalika dêgira [dê...]

--- 96 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-03, #906: Citra 32 dari 32

[...gira] ji | Pandhudewanata Prabu | nuju taun rêmbulan | obah angèsthi mêmanis |[20] antuk kawan likur warsa praptèng seda ||

17. ginantyaning raka nata | jêjulukirèng narpati | Maha Prabu Dhrastharata | sangkala adêgira ji | nêngèng căndra ing ardi |[21] jumênêng antuk nêm taun | sumèlèh marang putra | pambajêng Sri Kurupati | ajêjuluk Maha Prabu Suyodana ||

18. mandhirèng nagri Ngastina | titi duk jênêngira ji | obahing bumi kasasta |[22] kumondhang amêngku bumi | suyut sanuswa Jawi | tuk tri dadasa sanga taun[23] | seda prang bratayuda | dene kang sumilih aji | putranira Prabu Pandhudewanata ||

19. pambajêng Sri Yudhisthira | duk ing taun sitarêsmi | pandhawa lima nabda[24] |[25] pan mung antuk limang warsi | sumèlèh sri bupati | mring Dyan Abimanyu sunu | wayah Dyan Dananjaya | nama Radèn Parikêsit | ajêjuluk Maha Prabu Dipayana ||

20. titi duk ing jênêngira | nuju taun sitarêsmi | samar oyaging ancala |[26] antuk tri dasa nêm warsi | muksa sri narapati | putra gumanti kaprabun | julukirèng pamasa | Yudayaka Sri Bupati | adêgira nudhu[27] ing taun rêmbulan ||

Taksih wontên sambêtipun.

 


§ i kriyaning tanggap ka lan na, ora oleh iliniru an. (kembali)
sêsakit. (kembali)
tuduh. (kembali)
Tanggal: sirna tingaling samodra (430). (kembali)
Tanggal: tanpa obah kang jaladri (460). (kembali)
Tanggal: pandhita tumutur keblat (477). (kembali)
Tanggal: trusing sabda waudadi (479 taun căndra). (kembali)
Tanggal: brêmara angèsthi catur (480). (kembali)
Tanggal: tumingaling atmajanirèng raksasa (513). (kembali)
10 Tanggal: catur ing janma lima (514). (kembali)
11 Tanggal: diyu sutaning rasêksi (515). (kembali)
12 Tanggal: rasaning wong mingis-mingis (516). (kembali)
13 Tanggal: janmosik yêksangkala (561). (kembali)
14 Tanggal: bahni hèrnawa maruta (543). (kembali)
15 Tanggal: sikara nabdèng rasêksi (572 taun căndra). (kembali)
16 Tanggal: janma sanga asêsiyung (591). (kembali)
17 Tanggal: sirna caturing mêmanis (640 taun căndra). (kembali)
18 Tanggal: angèsthi tata mêmanis (658 taun căndra). (kembali)
19 Tanggal: barat ngobahkên mêmanis (665). (kembali)
20 Tanggal: obah angèsthi mêmanis (686 taun căndra). (kembali)
21 Tanggal: nêngèng căndra ing ardi (710). (kembali)
22 Tanggal: nêngèng căndra ing ardi (710). (kembali)
23 Lebih satu suku kata: tuk tri dasa sanga taun. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: pandhawa lima manabda. (kembali)
25 Tanggal: pandhawa lima nabda (755). (kembali)
26 Tanggal: samar oyaging ancala (762 taun căndra). (kembali)
27 nuju. (kembali)