Wara Susila No. 3.

Tuwanggana bab agami "Para Ahlul 'Ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Kang Maha Asih.

TakiyatPakurmatan
(1) atakiya - tulmuba - roka - tussolawa - tuttoyiba -tullillah. Asala - mungalaeka ayyuha - nabiyyu warohmatullo- hi wabaroka - tuh, asala - mu ngalaena wangala -(1) Sadaya pakurmatan, indhaking kasaenan, tuwin rahmat punapadene sadaya kasaenan, punika kagunganipun GustiAllah. (Wondene) kawilujêngan sarta kasaenan, tuwinrahmatipun Gusti Allah, punika mugi têtêpa ing KangjêngNabi Mukhamad, saha sumarambaha dhumatêng kita, punapadenesumarambah dhumatêng kawulanipun Gusti Allah ingkang samisa-

--- 46 ---

ngiba - di - lla - hi so - liki - n. Ashadu alla - ila - haillalloh - wa ashadu a - na Mukha - madar - rosu - lu -lloh.e, tuwin malih mugi sami têtêpa ing kawilujênganipun.(Sajatosipun) sampun kasêksèn bilih botên wontên pangeraningkang wajib sinêmbah, kajawi namung Gusti Allah piyambak,lan kula ugi sampun anêksèni manawi Kangjêng Nabi Mukamadpunika têmên utusanipun Gusti Allah.
(2) Allo - hu - ma sollingala - sayidina - Mukha - madwangala - a - li sayidina - Mukha - mad.(2) Amila Gusti Allah mugi aparinga rahmat dhatêng KangjêngNabi Mukamad dalah sakawulawarganipun.
(3) Asala - mu ngalaeku m warohmatu - lloh.(3) Sadaya kawilujêngan tuwin rahmatipun Gusti Allah punikamugi lastantun têtêp dhatêng sampeyan, para putra wayahipuneyang Nabi Adam sarta mahluk sadaya.

__________

(1) Takiyat makatên têgêsipun, pakurmatan, inggih takiyat punika ingkang ugi ajêg kita ucapakên ing sabên kita ngabêkti (sêmbahyang – salat), dhatêng Pangeran, kaucapakên [kaucapa...]

--- 47 ---

[...kên] dumunung satêlasing adêganipun (rakangating salat) panêmbah, nalika linggih badhe mungkasi ing panêmbah (salat) ingkang adêganing panêmbah wau pancèn saèstha wujud urmat dhatêng Pangeran Ingkang Maha Luhur, sarana angêmpalakên sadaya pakurmatanipun para raja ing sangalam donya, kakêmpalakên dados satunggal ngalêmpak wontên ing adêganing salat, amila nalika kita rampung anggèn kita urmat dhatêng Pangeran, sarana angunjukakên kalêmpakipun sadaya pakurmatanipun para raja ing sangalan[1] donya, punika pangabêkti kita lajêng ngucapakên takiyat wau, ingkang suraosipun ugi sampun kacêtha sangêt yèn takiyat wau saèstu mêngku lair batosing kasusilanipun panêmbah ingkang luhur (sajati).

(2) Punika salawat nabi, inggih punika pêpuji sae dhatêng nabi panutan kita Kangjêng Nabi Mukhamad S. a. w. sakawulawarganipun, panduking salawat nabi wau, dumunung sukur kita dhatêng nabi panutan kita, inggih punika anggènipun sampun nuntun kita amitêdahakên lampahing panêmbah sajati enz. dhatêng Pangeran kita ingkang maha luhur, mila sampun samasthinipun, kita angsal tuntunan sarta pitêdah Islam lan iman kanthi sagêd anglampahi panêmbah ingkang luhur wau, kita lajêng atur (minăngka piwalês), pêpuji sae dhatêng sariranipun sumarambah sakawulawarganipun (ingkang sami anut tindakipun kangjêng nabi panutan sadaya).

--- 48 ---

(3) Punika salam, inggih salam punika kang kangge amungkasi ing sabên rampunging panêmbah (salat), salat makatên atêgês asung puji wilujêng dhatêng sadaya mahluk ingkang wontên têngên sarta kiwanipun, mila sasampunipun atur pêpuji sae dhatêng kangjêng nabi panutan dalah sakawulawarganipun wau, panêmbah (salat), kita lajêng kita pungkasi salam, inggih punika mengo manêngên sarta mangiwa kanthi angucapakên pêpuji wilujêng, ayêm sarta têntrêm dhatêng para manungsa tuwin mahluk sadaya.

Lah ing nginggil punika purwaka kita (para pangripta W.S.) ingkang kaping tiga, sarana angucapakên takiyat, salawat nabi sarta salam dhatêng para mahluk sadaya. Ing mangke takiyat, salawat nabi sarta salam wau inggih lajêng kenging dipun apilakên sarta dipun mangêrtosi têgês sarta pikajêngipun. Mugi kauningana, waosanipun salat ingkang parlu punika namung tiga (kapetang salawat kalihan salamipun: gangsal) inggih punika nalika wiwit salat (takbiratul ikram) I. angucapakên: Allo – hu Akbar, sarwi angangkat tanganipun kêkalih dumugi poking pilingan lajêng kasidhakêpakên, pikajêngipun angunjukakên urmat ingkang kawitan (angêgungakên Pangeran), sinarêngan ucaping lesan: Allo – hu Akbar, têgêsipun: Gusti Allah punika dzat ingkang maha agung.

--- 49 ---

II. Angucapakên surat: Patekhah kados ingkang sampun kasêbut W.S. No. 2. III. Ngucapakên takiyat sarta salawat dumuginipun salam, dados lugunin[2] waosaning salad punika pancèn botên kathah (panjang) mila inggih botên prayogi sangêt manawi apilaning salat sarta tumindakipun wau dipun wêgahi sangêt, karana salat makatên agêng sangêt pigunanipun, sarta kajawi punika dados rukunipun Islam ingkang ênggêl, inggih ugi dados pratandhaning iman sayêktos, awit saking punika mila W.S. ing wingking inggih badhe ngandharakên lampahing salat saparlunipun.

Wassalam: para pangripta.

__________

Sudarsana.

Limrahipun tiyang dêdamêlan, utawi ngrêmbag babagan punapa kemawon, punika saya lami saya sae, malah salong kenging dipun wastani sampurna, tăndha yêktinipun, tiyang damêl griya, damêl pangangge, pranatan praja, pangajaran sêkolahan sapanunggilanipun, punika sadaya ingkang masthi pundi ingkang kantun piyambak inggih punika ingkang kaanggêp sae saha sakeca dipun lampahi ngakathah, andadosakên kasênêngan, mila inggi[3] lajêng kathah ingkang ajêng, wusana dados majêng, yèn sampun majêng masthi mêngku kamajêngan, bab ewahing dêdamêlan, [dêdamê...]

--- 50 ---

[...lan,] pangajaran sêkolahan, pranatan praja sapanunggilanipun, cara kina tinimbang cara sapunika cêkap kula cupêt samantên kemawon mindhak angêbak-êbaki papan upami kula têrangakên, para maos masthi sampun anguningani tarkadhang wontên ingkang sampun anglampahi piyambak, punapadene bêbasan: alane kăndha dene nyata.

Sapunika gêntos ingkang cinariyos, nanging taksih tunggil raos. Ing nalika jamanipun Kangjêng Nabi Adam jumênêng rasul (utusanipun Gusti Allah) punika sadaya manusa inggih kêdah manut miturut punapa dhawuhipun Kangjêng Nabi Adam wau, sabên santun rasul inggih santun pranatan (sarengat), nanging tumrap piyandêlipun sami kemawon, bilih Gusti Allah punika namung satunggal tur ingkang sipat sampurna (botên butuh barang-barang).[4] Wontênipun sabên santun rasul, santun sarengat, punika mênggahing Gusti Allah amung angrêksa sae saha amurih wilujêngipun manusa ing donya dumugi akherat.[5] Mênggah cacahipun para rasul punika kathah

--- 51 ---

sangêt, nanging ingkang wajib kita sumêrêpi namung 25 iji, inggih punika: 1. K. N. Adam, 2. K. N. Edris, 3. K. N. Binuh, 4. K. N. Hud, 5. K. N. Salèh, 6. K. N. Lud, 7. K. N. Ibrahim, 8. K. N. Ismail, 9. K. N. Iskak, 10. K. N. Yakub, 11. K. N. Yusak, 12. K. N. Sungèb, 13. K. N. Harun, 14. K. N. Musa, 15. K. N. Dawud, 16. K. N. Suleman, 17. K. N. Ayub, 18. K. N. Dulkipli, 19. K. N. Yunus, 20. K. N. Ilyas, 21. K. N. Yusuf, 22. K. N. Jakariya, 23. K. N. Yahya, 24. K. N. Ngisa, 25. K. N. Mukhamad (Sololohu Ngalaihi Wasalam) [6] sadaya sarengatipun para rasul ingkang kasêbut ing nginggil punika ingkang taksih kangge ngantos sabujading jagad, namung sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad s. a. w., amargi K. N. Mukamad s. a. w. punika nabi panutup, inggih nabi sarta rusul ingkang amungkasi sadaya para nabi sarta para rusul, awit sapêngkêripun K. N. Mukhamad s. a. w. punika Gusti Allah sampun botên [bo...]

--- 52 ---

[...tên] badhe yasa utusan malih ingkang parlunipun kautus angewahi sarengating agami malih,[7] dados sarengatipun para rusul punika cècèg kalihan tiyang dêdamêlan punapa-punapa ingkang kasêbut ing nginggil, pundi ingkang kantun piyambak punika ingkang sae piyambak,[8] mênggah sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad punika asipat spurna[9] (yèn dipun ewahi malih bibrah), punapadene amêngku kamajêngan pintên-pintên prakawis, kados ta: kamajêngan pasinaon, pangupajiwa, tatakrama, ngèlmu lair batos. enz. enz. Mila manawi wontên tiyang wantun mastani: yèn agami kita Islam, angalang-alangi kamajêngan, punika tăndha dèrèng jêmbar sêsêrêpanipun dhatêng agami kita Islam.

Sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad s. a. w. (agami Islam punika) sêsipatanipun mênggaha barang makatên, mlêbêt dhatêng pundi-pundi sagêd, botên sêsak, yèn ta mlêbêta ing ciyut, sarta botên logro yèn ta mlêbêta ing wiyar, bêbasan: manut [ma...]

--- 53 ---

[...nut] caraning băngsa watak jêmbar pasabane.[10]

Wusana yèn wontên sadhèrèk kita wanita ingkang badhe andangu bab atur kula ing nginggil, kula tampi klayan bingahing manah, sarta sasagêd kula kula badhe nyaosi katrangan.

Wasalam, Sukati, M. N. Solo.

__________

Bab Kêmajênganing Kawruh Băngsa Wanita Jawi.[11]

Ing sarèhning samangke sêrat pawartos ingkang miji kangge para wanita băngsa Jawi sarta ngangge têmbung sarta sastra Jawi inggih punika: Wara Susila – sampun mêdal, kula rumaos andhèrèk cumêplong manah kula, awit botên sande badhe wontên ingkang kangge sasuluh amadhangi pêtênging manah, ambudi indhaking sasêrêpan warni-warni ingkang migunani tumrap dhatêng băngsa kula wanita, tur kanthi waton agami. Inggih lêrês kawruh-kawruh Eropah utawi kawruh ing atasangin utawi

--- 54 ---

kilenan (cara Wêlandinipun: westersche beschaving) tansah dados pêpenginan kanthi kumêcêr kangge sakănca băngsa wanita, ananging pamanggih kula parlu sangêt kangge wanita tanah Indiya Nèdêrlan, punapadene tumrap kula tiyang Jawi, anggêgêsang kawruh kula kajawèn dêlês, ingkang sae sarta utami.

Sarèhning băngsa kula wanita Jawi, ingkang limrah dèrèng kandêl dhêdhasaring kawruhipun Eropah, sarta dhatêng kawruh kêjawèn ugi taksih cotho, mila kula badhe anêrangakên sakêdhik kangge wiwitan anggiyarakên wêwarah bab warni-warni ingkang kula raos wontên paedahipun.

Kados ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng para wanita băngsa Jawi taksih tipis dhasaring sasêrêpanipun Eropah, mila gagasaning manah kula, kathah sasêrêpanipun dhatêng kawruh Eropah namung waton tiron-tiron, jalaran taksih kirang sêsrawunganipun kalihan wanita băngsa Eropah ingkang golongan alus utawi luhur ing budi. Măngka adat, patrap saha tatacara Eropah sanajan kangge wanita, ugi wontên ingkang awon, ananging wanita Jawi botên sumêrêp, awit dèrèng dhamang sasêrêpanipun dhatêng kawruh Eropah ingkang maton. Amila wanita băngsa Eropah ingkang golongan alus utawi luhur ing budi sarta sampun amumpuni [a...]

--- 55 ---

[...mumpuni] kawruhipun dhatêng adat saha tatacara kajawèn ingkang kangge para luhur, sami mèsêm bilih sumêrêp wanita băngsa Jawi ingkang wiwit sagêd wicantênan têmbung Walandi, anindakakên patrap utawi pratingkah ingkang ngemba băngsa wanita Eropah, jalaran anyêbal saking adat patrap utawi tatacara ingkang tumrap băngsa alus, saya malih botên cundhuk kalihan adat ulawi[12] patrap Jawi ingkang alus.

Kados ta upaminipun prawan Jawi lumampah ing radinan dhampyak-dhampyak kalihan kancanipun, gagujêngan sora sêpên ing kajatmikan Jawi, anggêpipun cara wanita Eropah, punika lugunipun patrap saru, botên parlu yèn katirua.

Saupami para wanita Jawi, sampun kaisèn kawruh Eropah ingkang maton, saha nglênggahi adat tatacara utawi pratingkahipun wanita Jawi ingkang sae, rak saya mungguh, awit amratandhani luhuring kawruh saha nyantosakakên kajawènipun ingkang mulya. Kula têmtu sagêd ngucap, badhe tansah ingalêmbana dening wanita sanès băngsa ingkang sumêrêp ing tatacara sae. Sanadyan kasagêdanipun botên beda kalihan wanita Eropah ingkang pintêr, nanging botên supe dhatêng kautamèning watak jinêm.

Mila pamanggih kula, tumrap băngsa kula wanita Jawi, parlu sangêt anyumêrêpi adat tatacara kula piyambak ingkang sae [sa...]

--- 56 ---

[...e] sukur anyumêrêpi dhatêng têmbung kula Jawi piyambak (botên pêrlu mumpuni ing kasusastran Jawi, cêkap sok ugi sagêd nyêrat saha maos aksara Jawi têmbung Jawi sarta sumêrêp dhatêng têmbung ngoko, madya saha krama (awit têmbung punika ugi dados paugêranipun trêsna dhatêng băngsa sarta nagari wutah rahipun. Amila manawi wanita Jawi lajêng sinau ing têmbung amănca satatacaranipun, nanging botên supe dhatêng kajawènipun, tamtu badhe dados kamulyanipun.

Manawi wanita băngsa Jawi sampun kaisènan kawruh Jawi sarta kawruh mănca, têmtu badhe tuwuh mantêbing manah kangge anyaring pundi ingkang sae pundi ingkang awon, têmahan sagêd anyumêrêpi dhatêng pikajêngipun têmbung nistha, madya utami.

R. a. a; A. T. N.

__________

Rêrêmbaganipun para siswa wanita ing madrasah kitha Sragèn, inggih punika: 1. Suharti = St, 2. Ismartini = In, 3. Suprapti = Spt, Suyatmi = Sm, tuwin sanèsipun malih.

Rêmbag ingkang I Bab Kinang (Gantèn).

St. : Suwawi para sadhèrèk sami rêrêmbagan ingkang piguna,

--- 57 ---

tinimbang nyatur tiyang, dene ingkang badhe kula aturi ngrêmbag ing palênggahan ngriki mangke bab gantèn.

In. : Hla punika, kula condhong, tinimbang rêmbagan omong kosong, langkung utami ingkang mawi piguna, saèstunipun sae pundi ta! Nginang kalihan botên punika?

Spt. : Kanggenipun kula la kok rêmên nginang, margi punika pusaka kita Jawi wiwit kina-makina mila, dhasar taksih tumindak dumugi sapriki, băngsa luhur, dumugi tiyang alit pisan taksih sami nindakakên, malah tumrapipun ing tanah Surakarta, botên ngêmungakên priyantun wanita kemawon ingkang nindakakên, dalasan priyantun kakung inggih taksih kathah ingkang ngarsakakên, kadospundi: dhik Suyatmi?

Sm. : Kula inggih andhèrèk bakyu Suprapti, margi panyawang kula, sadhèrèk kula wanita, kok sajak patut taksih nindakakên anggantèn, kalihan manawi botên, mênapa malih manawi wajanipun dipun sisigi, cêmêng gilar-gilar anyambêr lilèn, lajêng dipun gantèni abrit amèngèr-mèngèr, lajêng ngagêm panasar,[13] kasambi ngêndikan, panyawang kula kok mungguh timên, eman sangêt upami kasuwak, rak inggih ta, bakyu Prapti!

Spt. : Inggih lêrês makatên, kanggenipun sawangan ing Surakarta, [Surakar...]

--- 58 ---

[...ta,] nanging mênggah sanèsipun dèrèng kinar, awit ing nalika kula dhatêng Salatiga, ningali para wanita mudha ing ngriki, sami botên anggantèn, agêm-agêmanipun sarwi pêthak-pêthak, wajanipun katingal pêthak agilar-gilar, bêrsih, wontên ugi ingkang mawi srasah jêne, yèn ngandikan katingal mak taleram, pangraos kula kok inggih malah angrêsêpakên ing pandulu, langkung katimbang ingkang sami nindakakên anggantèn saha lathi (sisigan), punika. Bu Ismartini, kok botên purun rêmbag ta! Kadospundi mênggah sampeyan.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Kamajênganipun Sadhèrèk Èstri.

Kamajêngan tumrap sadhèrèk èstri, punika purugipun dhatêng pundi. Bab punika kula sampun nate damêl karangan kawrat ing

--- 59 ---

sêrat kabar Darmakăndha tuwin sêrat kabar Budi Utama cara Jawi. Kados botên wontên awonipun rêmbag punika kula ambali wontên ing taman Wara Susila ngriki, murih mindhak sumêbaripun, nanging namung kula cariyosakên saprêlunipun kemawon.

Ing jaman sapunika anggêr tiyang mangrêtos prêlunipun lare èstri dipun sakolahakên: supados ngangsu kasagêdan warni-warni, gangge[14] gembolan minăngka sangu anggènipun badhe mrênahakên badanipun ing têmbe wingking sagêdipun: mapan. Sapunika ingkang dados pitakenan: mapanakên badan sagêdipun srêg, punika gêgayuhanipun kadospundi. Manawi kula anggèn kula andunungakên kados ing ngandhap punika.

Ha, ingkang prêlu piyambak sagêdipun anglênggahi nama: jatining biyung.

Na, ingkang kaping kalih sagêda anglênggahi anggènipun sinêbut: ambakoni bale griya.

Ca, kaping tiga sagêda angênggèni nama: timbanganing priya. Lan:

Ra, ingkang kaping sakawan sagêda nglênggahi nama: dados warganing tiyang kathah.

Ha, Kuwajibanipun biyung ăngka satunggal punika: anggulawênthah anak. Upami kadhapuk undhak-undhakan, panggulawênthahing [pang...]

--- 60 ---

[...gulawênthahing] anak punika wontên tigang sap. Sap sapisan anama panggulawênthahing dhiri pribadi (badanipun piyambak), inggih punika panggulawênthahing biyung sadèrèngipun anak dumados ing alam donya. Ing ngriku anak taksih nunggil rah dados satunggal kalihan pun biyung. Mobah-mosik, tandang-tandukipun biyung ing lair miwah ing batos, tuwin pandamêling păncadriya, punika wau sadaya tumusipun dhatêng anak: mèh mêsthi. Awit saking punika manawi pinuju nyarêngi kalamăngsa ingkang makatên, pun biyung kêdah tansah sêsuci, liripun: anêbihakên rêrêgêd, wangsul kêdah anêngênakên lampah kautaman. Têmbung rêrêgêd ing ngriki wiyar têbanipun.

Sap ingkang kaping kalih: panggulawênthahing anak wiwit lair dumugi kalamangsanipun ngancik padoning pamulangan. Ingkang prêlu sangêt wiwit păncadriyanipun lare sagêd rumagang ing damêl, ing ngriku lampahing panggulawênthah (pamrêdi) gawat sangêt. Ing wêktu punika angên-angênipun lare upami siti makatên, nêdha dipun olah (dipun garap), awon saening kadadosanipun limrahipun: gumantung wontên ingkang ngolah.[15]Tujunipun panggulawênthah sap kaping kalih punika

--- 61 ---

nama masang dhêdhasar sagêda dados pancadan kangge anggayuh panggulawênthah sap ingkang kaping tiga. Kajawi punika ngisèni lampah kautaman sagêdipun lare dadosa tiyang ingkang utami gêsangipun, migunani dhatêng bangsanipun.

Sap ingkang kaping tiga: panggulawênthing lare manawi sampun ngancik padoning pamulangan. Kawuningana: murid punika wontên ing tanganipun guru ing sadintên-dintênipun namung sakawan utawi gangsal jam (salêbêtipun wontên ing griya pamulangan), mêdal saking griya pamulangan, inggih nama oncat saking tanganing guru. Manawi jaman rumiyin caranipun lare dipun puruhitakakên dhatêng padhepokan, lare nyantrik manggèn ing pacrabakan wontên ing astanipun sang pandhita, pisah kalihan tiyang sêpuh. [sê...]

--- 62 ---

[...puh.] Tiyang sêpuh wontênipun namung asrah bongkokan. Sapunika botên kenging makatên: guru kalihan tiyang sêpuhipun lare kêdah tumandang sêsarêngan, kêdah dados kalih-kalihing atunggal ingatasipun panggulawênthah sap ingkang kaping tiga wau. Bab panggulawênthah tigang sap wau sanès dintên badhe kula jèrèng malih murih têrangipun, kenginga kangge ular-ular manggalih pamrêdining lare sagêdipun gêsang sae ing têmbe wingkingipun.

Taksih wontên sambêtipun, pun Sut.

__________

Sêrat Pitutur Jati.[16]

(Maongidotul khak)

Karanganipun ingkang sinandi.

Anggêlarakên wêdharing pitutur tumrap sangkan paraning dumadi (manusa) awit saking ngalam awah,[17] lajêng alam donya dumuginipun ngalam barzah (kubur) saengga dumugining alam kalanggêngan (akhirat), [(a...]

--- 63 ---

[...khirat),] makatên malih amitêdahakên kawruh makripat sarta kapitadosan dhatêng jatining Pangeran ingkang murbèng dumadi.

[Dhandhanggula]

1. ingkang măngka purwaning mêmanis | kang pitutur măngka wasitarja | marakna marêk silane | ngriptaa susila yu | tataning rèh arjèng dhiri[18] | sampêt sampurnèng gêsang | sumingkira ing dur | anèng ing donya akirat | dimèn tansah parêk mring jatining Gusti | wikana ing parasdya ||

2. yayah nganti dèn kadi anunggil | tataning kang ngawula Hyang Sukma | ingga awor lan êrahe | nabêtana ing sungsum | gagêbênganing têkad jati | rinukêt rinakêtna | sunare ing kalbu | rakasaa yèn rinusak | kartining kang satru panjanmaning iblis | talènana ing tongat (bêkti) ||

3. pan mangkana ka[19] pitutur jati | kang dèn maksudakên kang mangripta | kang cumanthaka lir dene | angganing sarjana nung | ingkang putus kridhaning ngèlmi | kang nuntun arjèng gêsang | têkèng don tumutur | tumêkaning don kasidan | dimèn dadya lantaran pitêdah jati | mring pra nak putu samya ||

4. dyan tiniti duk murwani nyungging | ring pitutur kang mêngku pitêdah | nuju Kêmis Kliwon rine | tanggal sajuga nuju | ing jêroning Saban kang sasi | warsa Ehe lumaksa | sangkalaning taun | paksa misik murtyatmaja | taun Hijrah sinangkalan barakaning | catur wedha niyata[20] ||

5. bêbukane kang pitutur jati | sadurunge winêdhar rahsanya |

--- 64 ---

kang ngripta yogya dhinginke | nyêbut ing asmanipun | Gusti Allah kang apêparing | kamurahan ing donya | têkèng akiripun | lan kang asih ing akhirat | marang para kawula kang padha mukmin | lan ngêpêng marang tongat ||

6. sakèh puji kagungan Hyang Widhi | de rahmat lan salaming Pangeran | muga têtêp utusane | yèku jêng nabi rasul | ingkang asma Nabyil Umiyi | Mukhamad jêng panutan | kang dadi panuntun | juru slamêting kawula | lan têtêpa ing kawulawarganèki | miwah pra sakabatnya ||

7. nihan wusnya muji kang kadyèki | wiwit mêdhar ing surasanira | pitutur jati karêpe | de witing tuturipun | pinètakên wêwarah saking | talkin kang amêmêngjang[21] | patraping tumutur | kang wus dadi tatacara | ingatase pang-pange sarengat adi | saking agama Islam ||

8. adhuh babo siwayèngsun sami | kaya sira wus wêruh sadaya | talkin kang sun tuturake | apa ta talkin iku | iya iku pitutur jati | marang wong kang yun tinggal | têkèng jangjinipun | lan nalikanya wus tinggal | mêntas rampung kinubur jisimirèki | adat tinalkin sigra ||

Taksih wontên sambêtipun.

__________

ADVERTENTIE

Apakah tuan lupa akan advertentie kami hal kitab-kitab igama Islam yang tersebut dalam W.S. No. 1. dan lagi barang-barang mas intan dan kain batik carik dan cap2an (kasar dan halus) yang tersebut W.S. No. 2. tengoklah pula, dan apabila menghendaki, silakanlah lalu minta pesenan.. "Kami mengaturkan banyak terima kasih kapada tuan-tuan yang telah dan akan memesan adanya" Ab. Siti Sjamsijah & Bok Halad-halad, - Solo.

--- 65 ---

5 Bêsar 1853 (1341) taun: 1, 20 Juni[22] 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI MISS, SADJIJAH. SOEPARMINI S.H.W.

Wisesa sarta Jurucitra AB. Siti Sjamsijah.


sangalam (kembali)
sangalam
luguning (kembali)
luguning
inggih (kembali)
inggih
§ Kados ta: botên butuh garwa, botên butuh putra enz. (kembali)
§ Kados ta: botên butuh garwa, botên butuh putra enz.
§ Punika kaluhuran sangêt karsanipun Pangeran makatên punika, amargi saupami wiwit rumiyin dumugi samangke sarengatipun eyang Kng. N. Adam, botên dipun ewahi, mangke rak lajêng jêjodhoanipun manusa punika kathah ingkang sami ngrabi dhatêng sadhèrèkipun piyambak, enz. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Punika kaluhuran sangêt karsanipun Pangeran makatên punika, amargi saupami wiwit rumiyin dumugi samangke sarengatipun eyang Kng. N. Adam, botên dipun ewahi, mangke rak lajêng jêjodhoanipun manusa punika kathah ingkang sami ngrabi dhatêng sadhèrèkipun piyambak, enz. Suparmini S. H. W.
§ Punika salawat nabi ingkang sunat kaucapakên dening têtiyang Islam manawi mirêng, nyêrat enz. dhatêng asmanipun K. N. Mukhamad s. a. w. dene sanawi[manawi] dhatêng para kangjêng nabi sanèsipun, salawatin[salawatipun]: ngalaihi salam.
Kajawi punika tumrapipun têtiyang Islam sami kawajibakên saraking agami anyumêrêpi asmanipun para nabi salawe ingkang kasêbut wau, inggih para andika nabi cacah 25 wau ingkang asmanipun sami kasêbut wontên ing kitab suci Kuran. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Punika salawat nabi ingkang sunat kaucapakên dening têtiyang Islam manawi mirêng, nyêrat enz. dhatêng asmanipun K. N. Mukhamad s. a. w. dene sanawi[manawi] dhatêng para kangjêng nabi sanèsipun, salawatin[salawatipun]: ngalaihi salam.
Kajawi punika tumrapipun têtiyang Islam sami kawajibakên saraking agami anyumêrêpi asmanipun para nabi salawe ingkang kasêbut wau, inggih para andika nabi cacah 25 wau ingkang asmanipun sami kasêbut wontên ing kitab suci Kuran. Suparmini S. H. W.
§ Amargi sarengatipun K. N. Mukamad s. a. w. punika sampun sampurna, sarta asalipun pancèn anglêrêsakên sarengatipun para tiyang-tiyang ingkang taksih sami angrasuk agaminipun para andika nabi ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang têmênipun sampun sami malèncèng saking jêjêripun. (kembali)
§ Amargi sarengatipun K. N. Mukamad s. a. w. punika sampun sampurna, sarta asalipun pancèn anglêrêsakên sarengatipun para tiyang-tiyang ingkang taksih sami angrasuk agaminipun para andika nabi ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang têmênipun sampun sami malèncèng saking jêjêripun.
§ Sarengatipun para andika nabi ingkang rumiyin inggih sampun sae kangge ing jamanipun, dados tumrapipun ing jaman samangke inggih namung sarengat agami Islam piyambak ingkang masthi sae dipun lampahi ing sabên jaman engga dintên karisakaning alam. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Sarengatipun para andika nabi ingkang rumiyin inggih sampun sae kangge ing jamanipun, dados tumrapipun ing jaman samangke inggih namung sarengat agami Islam piyambak ingkang masthi sae dipun lampahi ing sabên jaman engga dintên karisakaning alam. Suparmini S. H. W.
sampurna (kembali)
sampurna
10 § Lêrêsipun punapa botên sadaya băngsa punika ingkang kêdah sami manut cara pranataning sarengatipun agami Islam, nanging pamanggihipun bakayu punika inggih kasinggihan, liripun manawi kinosokwangsul, sarengat agami Blaslam[Islam] masthi botên badhe kuciwa (kirang sae) manawi dipun lampahi sadaya băngsa ing sangalam donya. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Lêrêsipun punapa botên sadaya băngsa punika ingkang kêdah sami manut cara pranataning sarengatipun agami Islam, nanging pamanggihipun bakayu punika inggih kasinggihan, liripun manawi kinosokwangsul, sarengat agami Blaslam[Islam] masthi botên badhe kuciwa (kirang sae) manawi dipun lampahi sadaya băngsa ing sangalam donya. Suparmini S. H. W.
11 § Karangan punika kados prayogi sangêt manawi para rêdhakturipun sêrat kabar sanès kaparêng mêthik ing sêrat kabaripun, amargi kamajênganipuna[kamajênganipun] para wacita[wanita] ingkang angaum mudha ing samangke kathah ingkang mutawatosi. Red. W.S. (kembali)
§ Karangan punika kados prayogi sangêt manawi para rêdhakturipun sêrat kabar sanès kaparêng mêthik ing sêrat kabaripun, amargi kamajênganipuna[kamajênganipun] para wacita[wanita] ingkang angaum mudha ing samangke kathah ingkang mutawatosi. Red. W.S.
12 utawi (kembali)
utawi
13 § Susur, nanging anggèr Sm. manawi anggantèn prayogi êmpan papana, liripun: sampun ngantos anggantèn mawi susuran panuju kêkesahan enz amargi rumaos kula awonipun radi sangêt, awit kula sampun nate sumêrêp, tiyang kesahan sarimbit, ingkang èstri (pupuran mêlok-mêlok) endah ing warni, dhasar karêngga ing busana, nanging rumaos kula sarêng anggantèn mawi angêmut susur, têka awon sangêt, kilap inggih dhing manawi panuju makatên punika lajêng dipun potrèt, bokmanawi gambaripun katingal.... Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Susur, nanging anggèr Sm. manawi anggantèn prayogi êmpan papana, liripun: sampun ngantos anggantèn mawi susuran panuju kêkesahan enz amargi rumaos kula awonipun radi sangêt, awit kula sampun nate sumêrêp, tiyang kesahan sarimbit, ingkang èstri (pupuran mêlok-mêlok) endah ing warni, dhasar karêngga ing busana, nanging rumaos kula sarêng anggantèn mawi angêmut susur, têka awon sangêt, kilap inggih dhing manawi panuju makatên punika lajêng dipun potrèt, bokmanawi gambaripun katingal.... Suparmini S. H. W.
14 kangge (kembali)
kangge
15 § Makatên ugi mênggah pangolahing kapitadosan, bêbayi ingkang diwasanipun dados tiyang botên iman dhatêng Pangeran, utawi dadès[dados] Yahudi, Nasara, Islam [I...]
--- 61 ---
[...slam,] sarta botên ngèstokakên agamining Pangeran, enz. punika saèstunipun inggih gumantung ingkang ngolah of anggulawênthah (bapa biyung of gurunipun) dhawuhipun Kangjêng Nabi Mukamad s. a. w. makatên: anadene sakèhing bayi kang lair saka guwa garbaning biyunge iku dèn dadèkake (dening Pangeran) ingatase kadadian kang suci (piranti nămpa agama Islam) dene dadine Yehudi, lan kang andadèkake Nasrani, lan dadine Majusi enz. iku saka wong tuwane (bapa biyung, guru of ingkang amêrdi) awit saking punika punapa dhawuhing kadis ing nginggil punika botên dipun ajrihi (dipun kuwatosakên) dhatêng băngsa kita Jawi ingkang sami nyakolahakên putranipun dhatêng pamulangan ingkang ing ngriku pancèn dipun wontêni papêrdèn pangolahing kapitadosan ingkang sanèsipun Islam, manawi băngsa kita botên anguwatosakên, bokbilih putranipun kalajêng ... yèn kalajêng ... harak ... enz dhuh Gusti, băngsa kita mugi katêbihakên saking punika, sarta tuwan têdahakên ing margi ingkang lêrês. P.P. (kembali)
§ Makatên ugi mênggah pangolahing kapitadosan, bêbayi ingkang diwasanipun dados tiyang botên iman dhatêng Pangeran, utawi dadès[dados] Yahudi, Nasara, Islam [I...]
--- 61 ---
[...slam,] sarta botên ngèstokakên agamining Pangeran, enz. punika saèstunipun inggih gumantung ingkang ngolah of anggulawênthah (bapa biyung of gurunipun) dhawuhipun Kangjêng Nabi Mukamad s. a. w. makatên: anadene sakèhing bayi kang lair saka guwa garbaning biyunge iku dèn dadèkake (dening Pangeran) ingatase kadadian kang suci (piranti nămpa agama Islam) dene dadine Yehudi, lan kang andadèkake Nasrani, lan dadine Majusi enz. iku saka wong tuwane (bapa biyung, guru of ingkang amêrdi) awit saking punika punapa dhawuhing kadis ing nginggil punika botên dipun ajrihi (dipun kuwatosakên) dhatêng băngsa kita Jawi ingkang sami nyakolahakên putranipun dhatêng pamulangan ingkang ing ngriku pancèn dipun wontêni papêrdèn pangolahing kapitadosan ingkang sanèsipun Islam, manawi băngsa kita botên anguwatosakên, bokbilih putranipun kalajêng ... yèn kalajêng ... harak ... enz dhuh Gusti, băngsa kita mugi katêbihakên saking punika, sarta tuwan têdahakên ing margi ingkang lêrês. P.P.
16 § Sêrat Pitutur Jati punika kawruhipun, lêrêsipun pancèn dèrèng wancinipun kababar ing W.S. nanging inggih botên dados punapa, malah punika parlu kangge andhasari kasusilan, lan malih W.S. pancèn botên namung kawaos para kakung sarta putri ingkang dèrèng dumugi ing yuswa, sanajan ingkang sampun dumugi ing yuswa inggih sami kaparêng andhanganakên marlokakên maos, awit saking punika mila W.S. punangka[punika] inggih piguna sangêt dhatêng para nèm sêpuh kakung putri. P. P. (kembali)
§ Sêrat Pitutur Jati punika kawruhipun, lêrêsipun pancèn dèrèng wancinipun kababar ing W.S. nanging inggih botên dados punapa, malah punika parlu kangge andhasari kasusilan, lan malih W.S. pancèn botên namung kawaos para kakung sarta putri ingkang dèrèng dumugi ing yuswa, sanajan ingkang sampun dumugi ing yuswa inggih sami kaparêng andhanganakên marlokakên maos, awit saking punika mila W.S. punangka[punika] inggih piguna sangêt dhatêng para nèm sêpuh kakung putri. P. P.
17 arwah (kembali)
arwah
18 Kurang satu suku kata: tataning rèh raharjèng dhiri (kembali)
Kurang satu suku kata: tataning rèh raharjèng dhiri
19 kang (kembali)
kang
20 Sengkalan: barakaning catur wedha niyata (Kêmis Kliwon, 1 Saban 1340 A.J.). (kembali)
Sengkalan: barakaning catur wedha niyata (Kêmis Kliwon, 1 Saban 1340 A.J.).
21 amêmêjang (kembali)
amêmêjang
22 Juli (kembali)
Juli