Wara Susila No. 5.

Tuwanggana bab agami "para ahlul 'ngilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sedya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.

Pamularsihipun Wara Susila ingkang Kaping Kalih.

Nuwun, ing sarèhning ingkang dipun kintuni conto W.S. ngantos kaping 4 (No. 1 dumugi 4) ingkang dèrèng karsa paring pambayaran utawi dèrèng paring katêrangan têtêpipun kaparêng langganan punika manawi katimbang kalihan ingkang lajêng kaparêng langganan salajêngipun lajêng paring pambayaran taksih 250%, dados ing mangke (ingkang taksih 250% wau) ingkang sapalih kita pilihi ingkang masthi botên rêkaos manawi paring kadarman urunan wragad panyithak (ingkang dumunung ambiyantu ugi dhatêng widadaning adêgipun Wara la[1]) taksih dipun sowani W.S. malih, langkung malih ingkang suwau pancèn sampun mundhut langganan sarana paring sêrat anggènipun [ang...]

--- 86 ---

[...gènipun] anggumunakên dene têka botên karsa paring pambayaran, punika inggih taksih dipun sowani W.S. malih, cêkakipun sadaya kita suwun kaparêngipun têtêp dados langganan, ingkang salajêngipun lajêng paringa pambayaran, amargi sarampunging panyithakipun W.S. No. 5 punika, Sêrat Jênênging Panêmbah Jati ingkang badhe kaaturakên lêlahanan dhatêng para lêngganan lajêng wiwit kita cithakakên, bokmanawi sowanipun W.S. ingkang kaping 6 utawi 7 manawi lajêng angsal arta (urunan saking ingkang dèrèng apêparing) ingkang kangge nêbus cithakanipun, insya Allah sampun sagêd nyangking. Mila ing mangke W.S. namung angasih-asih tumuntên dipun paringana pêthukan arta, ingkang kenging kangge marêk sowan ingkang kaping nêm salajêngipun kalihan kangge nêbus badhe cangkinganipun ingkang minăngka atur-atur sawêg kacithakakên wau. Ewadene manawi sadaya wau mêksa ambalenjani tumrap kapitadosan kita, inggih punika botên karsa têtêp dados langganan utawi pancèn botên kuwawi paring pambayaran, makatên wau nama sampun dados bêgjanipun Wara Susila, sarta manawi pancèn botên karsa mangsulakên sadaya W.S. ingkang sampun katampi, malah lajêng kita sidêkahakên sarana ihlas pisan, namung panyuwun kita: pos wisêlipun W.S. ingkang aosipun namung 2 sèn, ingkang kita aturakên sarêng-sarêng kalihan sowanipun W.S. No. 1 utawi [u...]

--- 87 ---

[...tawi] sanèsipun, punika kemawon mugi kaparingna wangsul, wasana Pangeran ingkang anguningani ing sadaya awon sae nrimaha sêdikah[2] kita ingkang kita ihlasakên wau, kagolongna dados ngamal jariyah, inggih punika ngamal ingkang tansah lumampah kasaenanipun. Wondene ubanggi kita, sanajan taun punika kathahipun para lêngganan W.S. dèrèng mitadosi kathahipun, ewadene rèhning kita ngèngêti parlunipun W.S. punika kêdah kawêdalakên: sabên wulan W.S. masthi botên kirang saking gangsal atusan ingkang kita sêbar. Namung kemawon panyuwun kita dhatêng ingkang sanyata sampun anrêsnani (kaparêng langganan) mugi kaparêng ambiyantu anjêmbarakên têbaning Wara Susila, dhatêng para ingkang badhe kaparêng langganan (lakhaola walakuwata illabil tahil ngalihil ngalim).

Pangripta, wisesa sarta juru citra.

__________

Atur Uninga.

Ing simpênan taksih wontên W.S. No. 1. cacah 15 iji (pêndhêtan saking kiyos panyadean sêrat-sêrat ing sêtatiyun[3] Balapan ingkang ing ngriku ugi sade eceranipun sêrat kabar Wara Susila). Dados para lêngganan ingkang mundhut wiwit kwart II (wiwit wulan Juli ingkang kapêngkêr), pundi ingkang pamundhutipun langkung rumiyina sarana paring arta f 1. satunggal rupiyah, taksih, sagêd mundhut W.S. wiwit saking No. 1. W.S. No. 2. (taksih) sampun wiwit ngêwrat, pilêton sêrat: Uni Mumpuni sarta sêrat: Mardiatma, sarta W.S. No. 3. inggih taksih wiwit ngêwrat sêrat: Pitutur Jati (maongidzothul khak).

--- 88 ---

dados para lêngganan ingkang botên mundhut wiwit W.S. No. 1 masthinipun benjing kagungan kêduwung, langkung malih manawi wêdaling W.S. dumugi pungkasaning taun punika lajêng kajilidakên dadosa sêrat agêng, saèstu saya kêduwung ingkang kaping kalih, mila măngga sampun ngantos kantun pamundhutipun. Lan malih W.S. kasimpêna ingkang sae, bokmanawi benjing sabên wêkasaning taun kita sagêd angwontênakên pratelan isèn-isèning W.S. ing dalêm sataun, saèstu saya mêwahi endah sarta adining Wara Susila.

Pangripta, wisesa, sarta juru citra.

__________

Sêrat Pangancaming Bumi lan Piwêlinge Kubur marang Sira kang Padha Bakal Mati.[4]

[Bismillahirrohmanirrokhim] [5]

[Sinom]

1. mudha dama sajatinya | nanging paksa kumabangkit | mêdharkên warsita darma | mèt saking riwayat khadis | swênèh riwayat khadis | ngandikakkên lan satuhu | yèn bumi kang dèn idak | ing pra manungsa kang urip | iku sabên dina tansah ngundang-undang ||

2. gawe giris pangundangnya | kadi ngancam ing pra janmi | kang padha tumitah gêsang | ana ing luhuring bumi | pangundange anganti |

--- 89 ---

warna sapuluh kèhipun | nging pangundange ika | sajatine sung pêpeling | marang sira wong kang padha bakal ngajal ||

3. pangundange winor wulang | he anak Adam sirèki | padha mlaku sira samya | ana ing luhuring bumi | tan wande sira masthi | lumêbu marang wêtêngku | he anak Adam sira | padha maksyat tanpa uwis | wasanamu siniksa nèng wêtêng ingwang ||

4. ringa-ringamu tan ana | sira nèng luhuring bumi | yaiku sok cukakakan | he eling-eling sayêkti | padha guyu sirèki | manggon ana ing luhurku | tan wande sira benjang | nangis nèng jro wêtêng mami | dening sira tan prihatin mring pungkasan (têkaning pati) ||

5. rahsakna têmênan benjang | ing sawuse sira mati | kapriye wasananira | he anak Adam sirèki | ana ing luhur bumi | mêmangan karam sirèku | tan wande sira benjang | bosok dagingira ênting | pinanganan singgat nèng jro wêtêng ingwang ||

6. matimu gagasên dawa | aywa lali sira urip | yèku mung abungah-bungah | he anak Adam sirèki | bungah-bungah tanpa wis | manggon ana ing luhurku | sayêkti benjang sira | ana ing sajroning bumi | masthi bakal ngrasakake kasusahan ||

7. sabab kasênênganira | sok ngumpulkên samukawis | kalawan tindak kang karam | he eling-eling sirèki | ana luhuring [luhur...]

--- 90 ---

[...ing] bumi | ngumpulkên karam sirèku | tan wande sira benjang | ana ing jêroning bumi | anêmahi ajur mumur awakira ||

8. padha rasakna têmênan | pangancamku mring sirèki | he he anak Adam sira | padha gumêdhe nèng bumi | tan wande sira masthi | padha ina nèng wêtêngku | he anak Adam sira | padha lacut sira sami | datan wande gêtun anèng wêtêng ingwang ||

9. Allah wus nitahke sira | anèng jaman padhang iki | he he elinga ta sira | manggon ana ing donyèki | tan wande sira masthi | pêtêngan anèng wêtêngku | he anak Adam sira | padha kêkancan nèng bumi | besuk masthi ijèn anèng wêtêng ingwang ||

10. lah uwus ganêp samangkya | pangancame ponang bumi | marang wong kang bakal ngajal | sinorahkên lawan tulis | muga bisanjalari | nênarik wêdi satuhu | mring sira wong kang gêsang | kang tan wande nuli mati | yèn wus wêdi mrih ngupaya kuwanenan ||

11. ing samêngko paran baya | mrih wani marang ing pati | sayogyane hèh ta sira | wong kang padha bakal mati | mituhua sirèki | marang piwêlinge kubur | kang kasbut ing riwayat | kang sun tuturakên iki | poma-poma wêlinge sira èstokna ||

12. kang kasbut swênèh riwayat | kubur iku sabên ari | uga ngundang-undang sira | kaping lima sabên ari | parlune amêmêling | rèhning sira bakal lampus | ngalih mring alam barjah (kubur) | mrih slamêt patinirèki | nêtêpana piwêlinge limang warna ||

--- 91 ---

13. jênggarang sira ing benjang | anèng alam akirati | wit bisantuk kraton swarga | yèn têmên bisa nêtêpi | nihan pangundangnèki | hèh anak Adam sirèku | padha wêruha ta sira | yèn ingsun iki sayêkti | bakal dadi omahira jèn-ijènan ||

14. namung ta mrih sira nora | wêdi mring têkaning pati | yogya ngupayaa kănca | kêrêp ngaji Kuran Syarip | lan manèh wruha yêkti | yèn ingsun iki satuhu | omah ingkang pêtêngan | murih sira nora wêdi | nglakonana salat kang minăngka damar ||

15. biyasakna iku salat | aja nganti tinggal yêkti | krana iku dadi damar | ana padunungan mami | hèh manèh wruha yêkti | yèn ingsun iki satuhu | ingaran omah lêmah | mrih duwe krasan sirèki | ngupayaa lèmèk ngamal kang utama ||

16. muga-muga sira bisa | antuk akèh ngamal solih | awit mung iki jatinya | kang ngapenakake yêkti | lan sira wruha malih | yèn ingsun iki satuhu | dadi omahe klabang | miwah ula kalajêngking | wêkas ingsun sira golèka panawar ||

17. khambi kalimah bismilah | lan manèh tobat sajati | saking ing maksiyatira | lan muga wêruha malih | yèn ingsun iki yêkti | dadi padununganipun | Nakir kalawan Mungkar | kang bakal nyuwal sirèki | măngka sira angakèhna ing dikrillah ||

--- 92 ---

18. madna kalawan makripat | yèku dikira lawan sir | lire sir rasaning manah | kang supaya sira benjing | bisa anjawab yêkti | mring kang dadi suwalipun | malekat Nakir Mungkar | titi tamat kang piwêling | tinêngêran tri sara angèsthi tunggal[6] (taun Jawi 1853) ||

Ingkang mangripta: S. Hadiwiyata, pangarsaning pangripta: sêrat kabar èstri, Wara Susila.

__________

Piwulangipun Widadari.[7]

Anuju ing satunggiling dintên kula linggih ing sangajêngipun jandhelaning kamar kula, nalika punika panuju wanci sodtên[8] taksih salêbêtipun wêkdal mahrib, dados sampun rêpêt-rêpêt, nanging lintang-lintang ing langit sampun sami katingal panjrah, kados sêsotya sumêbar, sakiwa têngên kula sangêt têntrêm, botên wontên suwantên punapa-punapa, dalasan kêkajêngan sami kèndêl botên wontên ingkang ebah. Sadaya kados-kados anambahi katêntrêmanipun panggenan kula wau. Ing ngriku kula satêngah tilêm satêngah mêlèk, anggèn kula matur makatên wau, jalaran kula mêrêm, nanging satêmênipun kula kraos yèn botên tilêm. Ing salêbêtipun makatên, kula

--- 93 ---

rumaos kados kadhatêngan tiyang, nanging tiyang wau botên kados têtiyang ing jagad ngriki awit rupinipun gumêbyar, sumorot kados surya sawêg malêthèk, kula botên sagêd matur kadospundi praupanipun utawi kawontênanipun, awit nalika samantên kula namung ngraosakên sênênging manah lan asrêping pikiran kula, dene kadhatêngan tiyang kados widadari makatên.

Rumaos kula kula dipun ajak kesah. Samargi-margi kula tansah katêdahakên barang-barang ingkang sae-sae, punapadene sêsêkaran, awit sêsêkaran makatên dados pralambangipun kita para wanita, măngka ing samangke pikajênganipun para wanita badhe ngajêngakên băngsa, widadari wau ing sêmu sumêrêp, manawi kula kapengin sangêt yèn katêdahan marginipun angajêngakên băngsa èstri, mila lajêng cariyos makatên: dêlêngên kêkêmbangan kiye, ana kang isih angkup, ana kang wis mêkar, lan ana kang wis dadi woh. Lan manèh saantarane kêkêmbangan kiye ana kang ala ana kang bêcik. Yèn angkup-angkup mau bisa olèh pangan lan banyu kang bêcik, dadine kêmbang masthi iya sari. Mangkono uga wohe masthi iya anyênêngake. Banyu lan panganing kêkêmbangan mau yèn tumrap marang para wanita iya iku wulang wuruk kang bêcik. Saiki ayo padha ambanjurake laku. Dangu-dangu [Dangu-da...]

--- 94 ---

[...ngu] anggèn kula lumampah tansah kinanthi ing widadari wau dumugi patamanan ingkang sakalangkung sari lan asri. Ing patamanan ngriku kula sumêrêp sêsêkaran ingkang anèh-anèh, wontên ingkang sae wontên ingkang awon. Wicantênipun widadari: Kowe saiki rak wis mangêrti jalarane kêkêmbangan ana kang ala lan ana kang bêcik, mara ayo padha mênyang panggonan liya. Ing pojoking patamanan wau wontên griya alit, sarêng kula sampun dipun ajak lumêbêt, korinipun griya wau lajêng kajêblag sadaya. Ing lêbêt griya wau wontên tanêmanipun kathah, nanging rupinipun botên sêgêr, sami pucêt-pucêt ênggrik-ênggrikên, widadari sumêrêp yèn kula gumun ningali kawontênan ingkang makatên wau, lajêng wicantên: Kowe aja gumun andêlêng barang kang mangkene, mêngko dak kandhani jalarane. Tanduran sajroning omah iki ora kêkurangan pangan lan banyu, nanging kowe wis wêruh dhewe, yèn têtanduran iki ora olèh hawa lan soroting srêngenge babarpisan, mulane padha pucêt, iya iku padha ora duwe cahya babarpisan, anane kowe dak tuduhi iki, pêrlune arêp dak kandhani, satêmêne soroting srêngenge iku pêparinge Gusti Allah, saking gunging sihe marang titahe. Mangkono uga manungsa, iya diparingi sih dening kang maha agung. Sihe Gusti kaparingake arupa agama, sapa-sapa [sapa-sa...]

--- 95 ---

[...pa] kang miturut dhawuhe, kang pindha sunaring srêngenge, masthi bakal nêmu bêrkahing Allah. Amarga sapa manungsa kang bisa makan ing agama, iya iku angèstokake, sayêkti ora beda kayadene ananing têtanduran kang bisa urip bêcik dening jalaran olèh soroting srêngenge, mangkono uga uriping manungsa, yèn bisa nampani sunaring padhange pituduhing agama, masthi iya bakal nêmu kauripan kang sênêng têntrêm lan salamêt salawas-lawase.

Saiki kowe wis mangêrti yèn dêdalane nuntun para wanita, iku ya iku piwulang kang bêcik lan utama, kang wus diparentahake dening agama, mulane kowe aja lali marang agama iku, amarga satêmêne agama iku pancèn kang awèh kêkuwatan lan kamulyan.

Saiki wêlingku ing kowe kalawan bangêt-bangêt, sadulur-sadulurmu para wanita padha kandhanana kapriye lakune agama iku. Liya dina: bokmanawa kowe dak ajak lunga manèh andêdêlêng kaananing jagad. Kowe wêruha, patamanan iki pancèn dak gawe, pêrlune tak anggo sarana anuduhake marang wong kang pancèn kêpengin bangêt marang dêdalan kang utama lan bênêr. Wis samene bae dhisik.

Sarêng widadari dumugi samantên wicantênipun, lajêng musna botên kantênan purugipun. Nalika punika kula èngêt cêtha awêwentehan, [a...]

--- 96 ---

[...wêwentehan,] pramila piwulangipun tansah cumathêt wontên ing batos kula.

Dhuh sadhèrèk kula para wanita, mugi sami karsa anggalih piwulangipun widadari wau, lan malih minăngka pamèstuti kula dhatêng piwêlingipun widadari wau, măngga, măngga, sami amèstuti dhawuhing agami, ingkang punika masthi sanyata adamêl karaharjan kita sadaya ing gêsang langgêng. Wondene ing benjing yèn kula dipun ajak kêkesahan malih ing widadari wau, manawi kula dipun pituturi, insya Allah masthi lajêng kula aturakên piwulangipun.[9]

Bojanagara, 10 Juli 1923

Suk.

--- 97 ---

Para Wanita Wajib Anggêbyur ing Kamajêngan.

Gusti Allah ngandika: Ingsun nyukulake barang-barang iku nganggo jêjodhoan. Dados barang-barang punika masthi kanthi jêjodhoan. Makatên ugi sagêdipun lastantun kawontênanipun inggih kêdah jêjodhoan, wondene makatên wau sagêdipun sampurna kawontênanipun, sajodho pisan inggih kêdah sami sampurna. Ing sarèhning manungsa punika bêtahipun dhatêng jêjodhoan langkung kathah sarta cêtha katimbang thêthukulan, mila sajodho pisan anggènipun kêdah sami sampurna inggih langkung kathah sata[10] langkung cêtha katimbang sanèsipun manungsa. Amila inggih lêrês sangêt bilih kamajêngan anggayuh kasampurnan punika jalêr èstri kêdah sêsarêngan anggêbyur dhatêng kalangan kamajêngan. Kadosdene ingkang sampun kawêca ing dalêm Kuran: mukmin lanang lan mukmin wadon iku siji lan sijine kudu tulung-tinulung, lan prentah panggawe bagus, nyêgah panggawe ala. Dados manawi wontên ingkang ngandika: wong wadon iku miturut wêwarah Islam kudu thêruk-thêruk thok, makatên punika tăndha kirang gêmêtipun dhatêng Kuran, wondene bêbasanipun makatên: andondomi kathok tangan sithok, andondomi klambi tangan siji, măngsa bisaa!!!

Badhe kasambêt-sambêt. Pun A. M.

__________

--- 98 ---

Birrul Walidaèni.

(Ngabêkti of ngajèni ing tiyang kêkalih).

Agami kita Islam amurih sangêt, ingkang supados kita ngajèni dhumatêng bapa babu kita, liripun kêdah adamêt[11] rênaning manahipun, sampun ngantos adamêl sêrik, saking patrap, tindak utawi ucap. Ing sasagêd-sagêd kita kêdah animbangi, saha malês ing katrêsnan punapadene kasaenanipun tiyang sêpuh dhumatêng kita (anak). Awit sayêktosipun katrêsnan saha pangemanipun tiyang sêpuh dhumatêng anak punika langkung agêng sangêt. Mila kita kêdah angrumaosi bilih kapotangan kasaenan wau.

Nalika kula taksih sinau ing pawiyatan Jawi. Angsal dhawuh piwulanging guru kula sapada têmbang Maskumambang. Cobi la[12] wêdharakên ing ngriki:

trêsnanira yayah rena marang siwi | tan ana pêgatnya | lumintu ing siyang ratri | kongsi praptèng ing pralaya ||

Sarêng kula manah-manah, pancèn lêrês sangêt piwulang ing nginggil punika. Sanadyan kula piyambak dèrèng kalampahan angalami gadhah anak, ewadene sarêng kula ningali polahipun tiyang sêpuh kula kêkalih, anggènipun tansah mêmikir ing kasaenaning anakipun (kula sasadhèrèk kula) lajêng sampun ngandêl yêktos, pancèn sanès pikiran ingkang ènthèng, [è...]

--- 99 ---

[...nthèng,] nanging awrating awrat, tur mindêng ing sadintên-dintênipun, dados dosa agêng sangêt, ing saupami kula ingkang tansah dipun pikir, dipun prihatosakên, punika botên animbangana. Agêngipun malih malah adamêl sêrik utawi cuwaning manahipun.

Ing dalêm dalil Kuran saha khadis, sampun sami andhawuhakên bilih kita anak sami kawajiban kêdah bêkti dhumatêng tiyang sêpuh (bapa biyung), makatên punika cocog akalihan piwulangipun para sêpuh-sêpuh ingkang sampun kula pèngêti: ala-ala wong tuwa amalati, lah makatên punika saiba yèn sae, masthi saya malati sangêt.

Satunggiling ayat Kuran andhawuhakên: kita (anak) kêdah asring-asring manjurung puji utawi andêdonga, ingkang suraosipun makatên: dhuh Gusti Alloh! mugi Tuwan aparinga pangapuntên, saha angasihana dhumatêng ing tiyang sêpuh kawula kêkalih, kadosdene anggènipun angitik-itik tiyang sêpuh kawula kêkalih wau dhumatêng kawula, ing rikala kawula taksih alit[13]

Suraosipun ayat ing nginggil punika, andhawuhakên, supados anak kêdah malês kasaenan dhumatêng tiyang sêpuhipun kêkalih.

--- 100 ---

Dalil kadis dhawuhipun gusti kangjêng nabi makatên: aljanatu tahta kidomil umi, têgêsipun: suwarga iku dumunung ing sangisoring dlamakane biyung.

Kadis punika gadhah raos, manawi tiyang sagêd sumungkêm ing biyungipun, punika angsal cêcadhangan sawarga, awit saking punika mugi sami dipun mên-mêna anggènipun sami sumungkêm dhatêng tiyang sêpuh kêkalih.

Wontên dalil khadis malih makatên: wala takullahuma upin. Jawinipun: aja pisan sira ngunèni marang wong tuwanira loro, lawan tatêmbungan, hus (botên sae Red.) têgêsipun kita (anak) sampun ngantos nandukakên têmbung kasar (nyêngol) dhumatêng tiyang sêpuh kêkalih.

Ing jaman sugêng dalêm kangjêng nabi, wontên satunggiling sakabat matur gigat dhatêng kangjêng nabi, manawi tiyang sêpuhipun ingkang sampun jêmpo, tansah ngrêsahi dhatêng piyambakipun, sarta purun anggêgampil mêndhêti barang sêsimpênanipun. Wêktu samantên, kangjêng nabi dhawuh makatên: kowe lan barang darbèkmu iku, darbèke wong tuwamu.

Tuwin sanès-sanèsipun malih, taksih kathah ayat Kuran, saha kadis nabi, punapadene dhawuhing para pujăngga, ingkang nunggil suraos kalihan ingkang sampun kula andharakên ing nginggil punika.

--- 101 ---

Dhuh! Para sêdhèrèk kita wanita, suwawi piwulang saha dhawuh-dhawuh wau sami dipun èstokakên, saha tansah dipun èngêt-èngêt, sanadyan kita sami ngrêbat ing kamajênganing jaman, nanging sampun ngantos sami kasupèn ing piwulang, dhawuhing Kuran saha khadis-khadis wau. Liripun, dipun rêksaa sangêt ing sasampunipun kita pikantuk piwulang saking pawiyatan, sanajan sampun dumugi ing pawiyatan inggil pisan, sampun ngantos lajêng kasupèn dhumatêng tiyang sêpuh kita inggih punika lajêng ambêlandhang mituruti ing sapikajênganipun piyambak, kabêkta saking pangriduning iblis laknat, tangèh lamun aniyata malês ing kasaenaning tiyang sêpuhipun, nanging malah wisuh, jalaran saking wirang anggadhahi tiyang sêpuh ingkang kaanggêp sangandhaping dlamakanipun, punika sampun ngantos.

Lho! Punapa sampun wontên tinonipun, wanita ingkang kados makatên punika? Hêm, mila kula ngêcomèl, ngantos ngêdalakên ayat Kuran saha khadis, punika margi saking mripat kula sumêrêp piyambak, ing wanita wiryawan, gunawan, ingkang lajêng murang sarak, anylèprèti rêrêgêd dhumatêng kita wanita ingkang sami nêdya lumampah ing pêpadhang punika. Cobi kula kojah sawatawis, ingkang mêntas kula sumêrêpi tumrap tindakipun satunggaling wanita ingkang angaum mudha jaman samangke ingkang murang sarak, sarta mungkur ing dununging bêkti dhatêng tiyang sê-

--- 102 ---

puh kêkalih, supados makatên wau dadosa piwulang utawi pêpèngêt dhatêng ing sanès-sanèsipun.

Taksih wontên sambêtipun, R. Suharti, Sragèn.

__________

Ibu Dados Guruning Putra, saha ingkang Andhasari Kawruh.

Lare alit sadèrèngipun kasakolahakên, punika tampinipun piwulang ingkang kathah piyambak saking ibu, amargi ibu ingkang dipun kulinani piyambak, ingkang dipun sumêrêpi tandang-tandukipun ing sadintên-dintên, punapadene ingkang dipun trêsnani. Dados inggih lêrês kemawon manawi ibu punika dados panuntun, dados panuntunipun putra ingkang wiwitan, inggih ingkang paring dhêdhasar.

Manawi solah-bawanipun ibu alus, wêdaling pangandika alus, upaminipun ibu botên nate ngandika kasar, ngêmungakên adamêl rêsêpipun ingkang sami mirêngakên, lare inggih namung badhe niru kemawon, lho, punika ingkang têmtu, mangke gèk cariyos kula punika sinuwal makatên: lah anake si anu kae yèn muni têka car-cor, kaya bocah kurang janganan mangkono, măngka wong tuwane yèn micara prasasat bludru, saka aluse, wangsulan kula: inggih sagêd ugi lêrês pangandika makatên punika, amargi mugi andadosakên [anda...]

--- 103 ---

[...dosakên] kauningan, manawi ing alam donya punika botên wontên barang ingkang sadaya ngêplêki, tanpa mlèsèt ing satunggal-tunggala. Dados satunggal kalih têmtu wontên ingkang lêpat saking petang utawi pathokan, namung ingkang limrah lare punika punapa-punapa mêndhêt tuladha saking ibu, jêr bapa ingkang asring botên kobêr paring pitêdah, saking anggènipun mindêng ing padamêlanipun, sarta kalimrah lare punika ajrih dhatêng ingkang rama, ajrih ingkang mêndiring punika, saking botên kulinanipun. Dados lare manawi badhe takèn punapa-punapa, jogipun dhatêng ibu. Gèk ibu ragi kêthul panggalihanipun, dhasar yèn mangsuli pitakenaning putra kêcokan gugon tuhon[14] (margi kala timuripun botên ngupados kawruh, wasana kirang jêmbar sêsêrêpanipun, têmahan gugon tuhon) punika putra inggih badhe kêthul manahanipun sarta botên sande amasthi inggih kêcokan gugon tuhon, wondene gugon tuhon wau ing têmbe inggih sagêd ical piyambak, nanging manawi sampun kathah tampinipun piwungla[15] saking pamulangan, punapadene manawi sampun kathah wêwaosanipun. [wêwa...]

--- 104 ---

[...osanipun.] [16]

Upami lare pitakèn: ana apa ta bu, aku têka ora awèh linggih ana ing têngah lawang.

Ibu saking anggènipun kirang jêmbaring pamanahan paring wangsulan: o, kuwi ora ilok.

Taksih wontên sambêtipun, SOERONO, Kweekschool Ngayoja.

--- 105 ---

8 Sapar 1853 (1341) taun: 1, 20 Sèptèmbêr 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI, MISS SADJIJAH, Soeparmini, S. H. W.

Wisea[17] sarta jurucitra AB. Siti Sjamsijah.


Susila (kembali)
Susila
sidêkah (kembali)
sidêkah
sêtatsiyun (kembali)
sêtatsiyun
§ Sêrat punika sampun nate kula panjurungakên ing sêrat kabar Al Islam. P. P. W.S. (kembali)
§ Sêrat punika sampun nate kula panjurungakên ing sêrat kabar Al Islam. P. P. W.S.
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab.
Sengkalan: tri sara angèsthi tunggal (1853 A.J.,1922|23 A.D.). (kembali)
Sengkalan: tri sara angèsthi tunggal (1853 A.J.,1922|23 A.D.).
§ Pêpuji kula para rêdhakturipun sêrat kabar Islam, mugi kaparênga mêthik, Piwulangipun Widadari punika wontên ing sêrat kabaripun. (kembali)
§ Pêpuji kula para rêdhakturipun sêrat kabar Islam, mugi kaparênga mêthik, Piwulangipun Widadari punika wontên ing sêrat kabaripun.
sontên (kembali)
sontên
§ Pêpuji kula dhatêng sariranipun yayi Sukarmi, mugi pun yayi tumuntêna katurunan widadari malih, ingkang wasananipun ugi lajêng paring piwulang dhatêng pun yayi, wah, hla, punika bêgjanipun nini Wara Susila, dening udyananipun masthi dados taman ingkang asri sangêt, tumuntêna katurunan malih, dhi. Mangke kula sêlakne anggèn kula nyandhi wontên ing udyananipun nini Wara Susila. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Pêpuji kula dhatêng sariranipun yayi Sukarmi, mugi pun yayi tumuntêna katurunan widadari malih, ingkang wasananipun ugi lajêng paring piwulang dhatêng pun yayi, wah, hla, punika bêgjanipun nini Wara Susila, dening udyananipun masthi dados taman ingkang asri sangêt, tumuntêna katurunan malih, dhi. Mangke kula sêlakne anggèn kula nyandhi wontên ing udyananipun nini Wara Susila. Suparmini S. H. W.
10 sarta (kembali)
sarta
11 adamêl (kembali)
adamêl
12 kula (kembali)
kula
13 § Amin (dhuh Gusti Allah mugi Tuwan anyêmbadani) Suparmini S. H. W. sarta S. Hadiwiyata. (kembali)
§ Amin (dhuh Gusti Allah mugi Tuwan anyêmbadani) Suparmini S. H. W. sarta S. Hadiwiyata.
14 § Têrkadhang manawi putranipun kêrêp gadhah pitakenan, botên dipun wangsuli sarta dipun ulur pitakènipun, nanging malah dipun sêntak, lare lajêng mak pangkêrêt botên mulur pêpikiranipun, makatên punika ibu prasasat adamêl bandhuning putra piyambak. P. P. (kembali)
§ Têrkadhang manawi putranipun kêrêp gadhah pitakenan, botên dipun wangsuli sarta dipun ulur pitakènipun, nanging malah dipun sêntak, lare lajêng mak pangkêrêt botên mulur pêpikiranipun, makatên punika ibu prasasat adamêl bandhuning putra piyambak. P. P.
15 piwulang (kembali)
piwulang
16 § Sirnaning blas, watak gugon tuhon punika ingkang pêrmati: guru kêdah amijèni prakawis sucining taokid dhatêng Pangeran, lah ing ngriku manawi lare sampun matêng (suci) taokidipun, inggih punika ing manah kêbak anggadhahi piyandêl: bilih botên wontên sanèsipun ingkang sagêd damêl barang-barang kajawi manawi botên saking atas ingkang asma Allah ingkang akagungan sipat kuwaos lan karsa (kodrat lan irodat) saèstu lare lajêng sirna gugon tuhonipun babarpisan, satêmah manawi mirêng prakawis ingkang elok-elok kados ta: sanajan mirêng prakawis wontên tiyang sagêd mumbul ing langit sarta ambêlês ing siti pisan, amasthi inggih namung mèsêm kemawon (dados cêkakipun botên watak gumunan, ingkang salajêngipun gampil gugon tuhon). P. P. (kembali)
§ Sirnaning blas, watak gugon tuhon punika ingkang pêrmati: guru kêdah amijèni prakawis sucining taokid dhatêng Pangeran, lah ing ngriku manawi lare sampun matêng (suci) taokidipun, inggih punika ing manah kêbak anggadhahi piyandêl: bilih botên wontên sanèsipun ingkang sagêd damêl barang-barang kajawi manawi botên saking atas ingkang asma Allah ingkang akagungan sipat kuwaos lan karsa (kodrat lan irodat) saèstu lare lajêng sirna gugon tuhonipun babarpisan, satêmah manawi mirêng prakawis ingkang elok-elok kados ta: sanajan mirêng prakawis wontên tiyang sagêd mumbul ing langit sarta ambêlês ing siti pisan, amasthi inggih namung mèsêm kemawon (dados cêkakipun botên watak gumunan, ingkang salajêngipun gampil gugon tuhon). P. P.
17 Wisesa (kembali)
Wisesa