Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310

Judul
Sambungan
1. Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
2. Wara Susila (Edisi 03), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
3. Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
4. Wara Susila (Edisi 05), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
5. Wara Susila (Edisi 06), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
6. Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
7. Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
8. Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
Citra
Terakhir diubah: 23-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wara Susila No. 8.

Tuwanggana bab agami "Para Ahlul 'ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.

Piwulangipun Widadari[1]

Kados ingkang sampun kasêbut ing Wara Susila No. 5. kula sampun gadhah kasagahan, samăngsa-măngsa kula dipun wulang widadari malih, piwulangipun wau badhe kula aturakên para sadhèrèk kula.

Enggal mangke punika botên kathah piwulangipun, nanging manawi kagalih saèstu, panjênêngan sadaya mêsthi lajêng sagêd kraos, bilih piwulangipun punika aosipun kalangkung-langkung (nglangkungi rajabrana).

Sarèhning widadari wau sumêrêp, bilih sêsêrêpan kula dèrèng kathah, mila anggènipun mulang ngangge tuladha. Ingkang kangge [kang...]

--- 130 ---

[...ge] tuladha inggih punika, sêsêkaran lan têtanêman. Sapunika kula sampun sagêd mangêrtos, bilih sêsêkaran lan têtanêman punika botên ngêmungakên dados pralambangipun para wanita, nanging yêktosipun dados pralambangipun sadaya manungsa, amargi ingkang wajib kaajêngakên, punika botên namung kita èstri, nanging sadaya umat, manawi têtanêman karimat sae, saha kajagi supados botên kêkirangan satunggal punapa, mêsthi inggih saya mindhak saenipun, kados-kados warni ingkang endah-endah punika sami mancungul badhe ngurmati saha ambabingah dhatêng tiyang ingkang anjagi.

Makatên ugi tiyang, inggih gadhah kasagêdan lan kakiyatan ingkang dèrèng tangi. Kakiyatan wau inggih sagêd mêdal, jangji tiyangipun purun ngudi. Kadospundi pangudinipun, kados botên sanès kêdah namung sarana gêsang ingkang suci, amargi sayêktosipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung punika botên badhe paring kasagêdan sajatos dhatêng tiyang ingkang dèrèng suci, jalaran tiyang ingkang dèrèng suci punika, manawi pinaringan, amasthi botên badhe sumêrêp aosing kasagêdan pêparingipun Gusti wau. Satêmah saupami pinaringan kasagêdan, punika masthi lajêng kangge sapurun-purunipun, têrkadhang lajêng kangge nindakakên pandamêl awon, pramila ingkang kaparingan kasagêdan sajatos wau namung tiyang ingkang suci gêsangipun, dene [de...]

--- 131 ---

[...ne] yèn tiyang ingkang suci, punika kasagêdan sarta kakiyatanipun mêsthi namung tansah kaangge ngajêngakên lan mitulungi dhatêng para sadhèrèkipun utawi dhatêng sasamining tumitah ingkang sawêg nandhang papa lan sangsara, satêmah dumugining ari punghaskala, inggih punika pêpungkasanipun gêsang ing alam karamean punika, tumimbalipun tumitah wontên ing alaming pêjah (kubur) dumugining kalanggênganipun pisan tansah dipun angkah sagêda sami manggih gêsang, bagya lan rahayu, sarta mulya wontên ing têpêt suci (suwarga Red).

Wondene mênggah ingkang winastan gêsang suci punika, tumrapipun kita têtiyang Islam, namung kêdah miturut dhawuh sarta tindakipun Kangjêng Nabi Muhamad s. a. w. awit kangjêng nabi wau pancèn utusanipun Gusti ingkang amurbèng tuwuh, kautusipun supados dadosa panutanipun sadaya manungsa, sarta andhawuhakên dhatêng kita manungsa, murih anglampahi punapa ingkang dados wajibipun tiyang gêsang.

Piwulangipun widadari wau tumrapipun tiyang ingkang dèrèng suci, ing wiwitan mêsthi dèrèng sagêd ngraos dhatêng kaendahanipun, malah-malah sagêd ugi lajêng kraos botên sakeca lan angèl tumraping napsunipun. Nanging manawi tiyang wau sampun purun angipatakên rêrêgêding kasukmanipun, sarta lajêng kêncêng pangudinipun, dangu-dangu masthi sagêd sumêrêp bilih

--- 132 ---

pitêdahing agami punika pancèn satunggaling hidayat jati ingkang pindha sêsotya ingkang sunaripun kadidene soroting surya, sarta manawi dipun lampahi, masthi lajêng karaos ing manah kadosdene manggih sêsotya ingkang sunaripun andiwangkara wau, lah manawi sampun makatên saèstu lajêng sagêd manggih ingkang dados pamarêming panggalih.

Bojanagara 8 Sèptèmbêr 1923.

Suk

__________

Para Wanita Wajib Anggêbyur ing Kalanganing Kamajêngan.

Sambêtipun W.S. No. 5.

Sarèhning jalèr èstri punika kêdah sami, sami tumandang sêsarêngan, lajêng panggêbyuripun kêkalih dhatêng kamajêngan, utawi hakipun (Hak) punika punapa inggih kêdah kasarêng utawi kasamèkakên babarpisan? We, lah, botên kok sadaya-sadaya kêdah kasami makatên, mangke harak kêplantrang, hm! Pramila sumăngga ta para maos! Kula aturi mênggalih ingkang sayêktos, kula badhe ngaturakên andharan ingkang sawatawis [sawa...]

--- 133 ---

[...tawis] panjang, mangke bokmanawi rak sagêd anambahi gamblang ing jêngandika.

Gusti Allah ngandika:

"Poma! Sira kabèh aja padha angajap (ngajap. Ngajêng-ajêng barang ingkang tangèh lamun kalêksanan. A. M.) marang kaluwihan kang wus kaparingake maring sadhengahira, lanang wadon iku padha duwe panduman saka anggone nindakake (pirantine) pagaweane dhewe-dhewe. Lan padha nênuwuna kaluwihan marang Gusti Allah. Satêmêne Allah iku ngudanèni ing sakabèhe prakara."

Pangandika punika atêgês wontên ugi bedanipun, satêmah bilih kabedakakên tumindakipun, sagêd anjalari kasampurnan tuwin kasusilan, wondene ingkang sami, inggih kêdah katindakakên sami (ing sasagêd-sagêd) kadosdene maksuding ayat ingkang sampun kula aturakên ing W.S. No. 5. Jêr panjênêngan sadaya sampun masthi ngawuningani bedaning kawontênanipun wanita lan kakung, sarta masthi botên badhe kakilapan dhumatêng kawontênan ingkang wontên antawisipun kêkalih wau. Pramila botên nama layak bilih wontên wicantên: pranatan Islam iku bênêr bangêt, lan uga mathis kambi pikiran kang suwung săngka rubeda. Para sadhèrèk! Gèk kadospundi anggènipun botên mak trêp! Tiyang pêrnatan [pêrnata...]

--- 134 ---

[...n] Islam punika kadamêl dening dzat ingkang mranata titah, ing măngka sifatipun dzat wau awêlas asih tur wicaksana lan sampurna. Beda sangêt akalihan pêrnatan karanganipun titah, e, la bok angsala titêl dikados punapa ta? Masthi mêksa inggih aniwasi, awit, kajawi cupêt ing kawêlas asih, inggih botên kuwaos langkung, langkung sampurna (mokhal), mila inggih sampun samasthinipun, pun titah wau tuna dungkap dhatêng kawontênan, satêmah ambilaèni dhadhatêng[2] para ingkang sami fanatik ing pamanggih utawi karanganipun (kadosdene ingkang sampun kacirèn wali-wali) pramila pangajak kula dhatêng băngsa kita mugi sampun pisan-pisan kamikilènên utawi kamingarabên enz,[3] nanging mugi samia kamiislamên, awit ing Islam ngriku sampun angêtrêpi, ing kabêtahan kita sadaya. Katrangan ingkang sawatawis panjang, insya Allah badhe tansah kula aturakên ing madyaning W.S. ngriki, wondene ingkang sampun punika namung minăngka bêbuka, pramila suwawi ta rapa[4] kadang! Kula aturi tlatos, mangke pênggalih panjênêngan rak manthuk-manthuk.

Maaf!!! A. M.

--- 135 ---

Pangêmonging anak.

2.

Sintên ingkang botên trêsna dhatêng anak. Sajatining trêsna dhatêng anak punika botên kadosdene rêmênipun tiyang dhatêng golèk kancana utawi barang ingkang endah-endah sasaminipun, nanging ingkang dhapur anjagi saha mardi dhatêng anak wau sagêdipun [sagêdi...]

--- 136 ---

[...pun] dados tiyang ingkang sae gêsangipun, kadunungan alusing bêbudèn, migunani dhatêng sanak kadang saha bangsanipun, agêngipun sagêd amêwahi sarining buwana.

Angèling angèl punika botên kados anjagi saha amardi lare wiwit lair dumuginipun umur nêm taun, awit punika dhapur andhasari. Samubarang padamêlan, manawi tumindakipun sakawit kalêrêsan, punika kenging kabasakakên sampun angsal sapalihing padamêlan wau (Een goed begin is het halve werk) utawi: manawi sakawit kalêrêsan, ing adat kawusananipun inggih sae (Een goed begin heeft een goed eind), tiyang yasa griya, manawi prêmati anggènipun pasang dhasar (pandhêmèn), kalimrahanipun inggih badhe santosa adêgipun.

Ing ngajêng kula matur: dhapur andhasari, punika beda kalihan: andhasari. Manawi andhasari, masang dhêdhasar, punika kados botên sagêd, jalaran lare punika wiwit lair èstunipun sampun gadhah dhasar piyambak, nanging botên sagêd tumuntên kasumêrêpan. Dhêdhasar wau sagêd ugi sae, nanging inggih sagêd ugi awon. Manawi sae, upamia wujud barang taksih kasar, ngriki kantun ngrampingakên. Manawi awon, ngriki kêdah ngudi dadosipun sae, utawi rèhning punika bab dhêdhasar, têtêmbunganipun kêdah makatên: manawi awon,

--- 137 ---

ngriki kêdah ngudi sagêdipun kasasaban. Makatên kajêngipun têtêmbungan kula: dhapur andhasari. Manawi makatên kados prayogi ngangge têmbung ngêmong, awit ngêmong makatên kêdah angèn kajêngipun ingkang dipun êmong, nanging inggih kêdah anduwa dhatêng kajêng ingkang purugipun botên lêrês. Mangsuli bab dhasar, punika satunggiling prakawis utawi bab ingkang angèl, cobi ing wingking kula badhe anggêlarakên bab punika, nanging inggih namung sagaduging manah kula, apêpiridan kawruh (ngèlmu) jiwaning manungsa (zielkunde) badhe kula gathukakên kalihan sêsêrêpan kula piyambak angsal-angsalanipun anggèn kula nênitèni.

Sapunika nglajêngakên bab pangêmonging lare, gêgayuhanipun kadospundi. Ing nginggil kula sampun matur: sagêda dados tiyang ingkang sae gêsangipun, sagêd srêg anggènipun mrênahakên badanipun wontên ing jaman karamean punika. Sagêdipun makatên apêsipun kêdah kasinungan sarana tigang warni, inggih punika: alusing bêbudèn (sae kêlakuanipun) saras badanipun saha pêcah nalaripun (pintêr). Sarana têtiga wau kenging kula wastani sanjata trimurti tumrap gêsanging manungsa wontên ing alam donya, manawi gothang salah satunggal, gêsangipun botên badhe sagêd srêg, srêg ingkang saèstu punika.

Mênggah rekadayanipun kadospundi. Manawi pamanggih kula ihtiyar ingkang prêmati kêdah adhêdhasar: aja kakehan uni, nanging [na...]

--- 138 ---

[...nging] nuladani. Tilaripun bapak kula, kula dèrèng umur gangsal taun, sapunika sampun nama dados tiyang sêpuh, ewadene taksih èngêt wêwentehan sadaya tindakipun bapak ingkang kenging kula tampi: nuladani, upaminipun: tangi enjing sadèrèngipun malêthèk surya, kula dipun ajak dhatêng lèpèn malampah satêngah pal têbihipun saking griya, ajêg pêndhak enjing. Wontên ing lèpèn bapak botên nate ngatag kula supados adus, tanpa uni bapak cucul pangangge anggêbyur ing lèpèn. Botên usah dipun atag, kula kêpengin tumut. Tuladha (tindak) ingkang makatên punika kenging kula tampèni minăngka dados lêlintunipun uni: le, tangia sing esuk, mlaku-mlaku, adus, nyang awak kêpenak, marakake kuwarasan. Wontên malih, kula èngêt wêwentehan: ing wanci têngah dalu wontên rajatatu (tăngga) kula dipun gigah kaajak nuwèni, ing ngriku bapak kêtingal dhokoh anggènipun ngawaki mulasara tiyang ingkang nandhang tatu. Tindak ingkang makatên punika kenging kula tampèni minăngka dados lintunipun uni: le, sing cancingan dhêmên têtulung ing liyan, makatên sasaminipun. Botên badhe kula lajêngakên agèn[5] kula nyariyosakên lêlampahan kula kalihan bapak kala samantên. Punika wau gagasan kula namung kula angge pasaksèn, bilih sabarang [saba...]

--- 139 ---

[...rang] tindak (doen en laten) ingkang kasatmata ing lare punika sagêd tumancêp ing pangangên-angên, ingkang adhakanipun sagêd anggigah manahipun lare niru tindak ingkang makatên wau. Kosokwangsulipun: miturut cariyosipun biyung kula ugi botên kirang-kirang bapak anggènipun: ngunèni kula adhapur pitutur sae sinartan srênggara mêmanis, nanging sapunika kula têka botên sagêd kèngêtan sakêdhik-sakêdhika, punapa ingkang makatên punika jalaran saking bodho kula, punapa kenging kangge pasaksèn bilih uni punika tumrapipun ing lare prasasat tanpa aji. Samantên kemawon rumiyin, sanès dintên kasambêtan malih.

Sut.

__________

Malaekat.

Drênging manah, sarêng kula maos karanganipun saudara Sukati kasbut ing W.S. No. 6. ingkang nêrangakên prakawis malaekat kalih ingkang nyathêti lêlampahanipun manungsa nalika taksih gêsang, kula badhe ngaturi katêrangan prakawis wontênipun malaekat, jêr malaekat punika pêrlu dipun ngêrtosi dening manungsa, langkung malih tiyang Islam,[6] mangêrtos dhatêng kawontênanipun malaekat punika kalêbêt peranganipun piwulang Islam, saha kalêbêt kuwajiban kita tiyang Islam dados iman. Makatên ugi dados tambahing kapitadosan [ka...]

--- 140 ---

[...pitadosan] kita dhatêng Gusti Allah. Manawi kita sampun ngêrtos dhatêng kawontênanipun malaekat, malah kapitadosan kita dhatêng Gusti Allah punika botên namung dhatêng dzatipun, sanadyan dhatêng sipat kasampurnaning Gusti Allah inggih lajêng saya kandêl (kathah) lan mantêp têtêp ing salêbêting manah.

Mênggah malaekat punika satunggaling titahipun Gusti Allah golonganipun: dzat lan roh, ingkang asalipun katitahakên utawi kadadosan saking nur (padhang) malaekat punika botên jalêr botên èstri, botên pêputra lan dipun putrakakên, botên dhahar lan botên ngunjuk saha botên sare, tur inggih mituhu sangêt dhatêng dhawuhipun Gusti Allah, sarta sagêd molah-malih ing warni[7] punapadene sagêd mangêrtos dhatêng sadaya têmbung lan botên purun ambangkang dhawuhing Gusti Allah. Malaekat punika kawulanipun Gusti Allah ingkang luhur drajatipun.

Botên sadhengah manungsa sumêrêp dhatêng wujuding malaekat, kajawi manawi dipun idini dening Gusti Allah. Manungsa ingkang sampun dipun idini sumêrêp dhatêng wujuding malaekat inggih punika sakathahing rusul lan nabining Gusti Allah. Prakawis wontênipun malaekat punika taksih kathah tiyang ingkang dèrèng pitados,[8] wondene tiyang ingkang maibên dhatêng wontênipun malaekat utawi botên pitados dhumatêng wontênipun [wontênipu...]

--- 141 ---

[...n] malaekat jalaran botên kenging tiningalan sarana mripat, punika saminipun kadidene maibên dhatêng kakuwasanipun Gusti Allah, utawi botên pitados manawi Gusti Allah punika pancèn wontên. Limrahipun tiyang ingkang botên pitados dhatêng kakuwasanipun Gusti Allah punika tiyang ingkang pikantuk piwulang namung sakêdhik (half geleerde) ngakên gadhah kawruh kathah[9] kados ingkang dipun ngandikakakên saudara R. Suharti, ing Wara Susila nomêr 6. Măngka tiyang ingkang maibên dhatêng kakuwasanipun Gusti Allah punika sami kalihan tiyang ingkang maibên dhatêng wujudipun piyambak, tiyang ingkang maibên dhatêng wujudipun piyambak punika kadospundi. Sampun tamtu yèn dipun gêgujêng dening têngu, wasana saking cupêting wêkdal, pramila namung punika rumiyin atur kula, sanès dintên badhe kula sambêt sacêkap lan sasagêd kula.

Cêpu, S. J. S.

Pun Rusmani.

--- 142 ---

Urun Ginêm.

Ibu pangripta, sajatosipun kula botên gadhah hak dipun dhatêngi ingkang putra nini Wara Susila (botên lêngganan), nanging sarèhning sabên wulan nini Wara Susila tinjo ing padunungan kula

--- 143 ---

(ing Tawangsari) prêlu sowan dhatêng dalêmipun guru kula, saking kaparêngipun guru kula, saha kanthi dhanganing panggalihipun nini Wara Susila, sabên dhatêng Tawangsari masthi mrêlokakên tuwi dhatêng griya kula. Kula botên susah ngalêmbana dhatêng endahing warni saha wasising wicaranipun nini Wara Susila, namung kula pêsthèkakên, sintên para wanita ingkang dipun sowani, saha karsa ngraosakên sadaya aturipun nini Wara Susila, masthi kagiwang ing galih. Sangêt cuwaning galih yèn ta nini Wara Susila botên nyowani sabên wêdalipun, sabên-sabên nini Wara Susila lumèngsèr saking griya kula, masthi karănta-rănta manah kula, pangudaraos kula: baya apa wêwalêsku marang nini Wara Susila. Coba dak mêthik kêmbang rêgulo sapasang, karêbèn dianggo cundhuk nini Wara Susila, muga-muga nambahana ing endahing citrane. Mila ibu, ing ngandhap punika kula damêl gêgubahan, mugi wontêna kaparêngipun ibu nyundhukakên wontên mustakanipun nini Wara Susila.

Agami.

Agami, punika (wet) pranatanipun Ingkang Maha Suci, ingkang dipun paringakên dhatêng para nabi utusan, supados dipun tindakakên salajêngipun kawradinakên dhatêng para manusa saprêlunipun. Dene ingkang dados talêsipun agami punika taokid (nyuwijèkakên ing Pangeran) [10] dados agami wiwit K.N. Adam A.S. dumuginipun K.N.

--- 144 ---

Mukamad S.A.W. punika mênggah talêsipun (taokid) sami kemawon, ingkang beda-beda punika sarengatipun.

Taksih kasambêt, Siswiyati.

Apêsing Wara Susila.

Ing sarèhning Wara Susila taun punika lamuk-lamukipun botên sagêd suka kadarman dhatêng ingkang kajangjèkakên wontên wastranipun (sagêd ugi pamonging W.S. malah tambah) mila ing mangke Wara Susila lajêng kumêdah-kêdah nyêlakakên martosakên tujunipun Fonds Dachlan. Sêdyaning Wara Susila amartosakên: sanajan Wara Susila botên sagêd suka kadarman ingkang warni băndha (arta), nanging gadhah pangajêng-ajêng, para lêngganan Wara Susila ingkang sanyata ambêk darma (kabuka ing panggalih dening andharaning gêgubahanipun rara Kayatun, ing W.S. No. 7. masthi lajêng balapan sami rêbat kasaenan paring kadarman kanthi ihlas dhatêng Fonds Dachlan wau, ingkang ancasipun sanyata pancèn mulya kados ing sasisih punika:

--- 145-152] [11]

--- 153 ---

25 Rabingulakir 1854 (1341) taun: 1, 5 Dhesèmbêr 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, Soeparmini S. H. W.

Wisesa sarta Jurucitra Ab. Siti Samsijah.

 


§ Piwulang ingkang kaandharakên yayi Sukarmi punika pancèn patut sangêt yèn ta sinêbuta: piwulangipun widadari, dene rumaos kula pancèn lêbêt, endah sarta mulya sayêktos, namung atur kula dhatêng para maos, para maos sampun mawi anggalih wujuding widadari ingkang mulang dhatêng yayi Sukarmi, wangsul ingkang parlu sami anggaliha dhatêng edining piwulangipun, ingkang bêbasanipun kadosdene piwulangipun widadari. Suparmini S. H. W. (kembali)
dhatêng. (kembali)
§ Nêmbe punika ing parêpatanipun pang B. O. ing Surakarta wontên ingkang sêsorah bab ngèlmi Opvoeding cara Montesorèn sarta Tagorèn, sanajan wontênipun sêsorah Opvoeding kalih warni wau sae, nanging pêpuji [pê...]
--- 135 ---
[...puji] kula wontênipun sorèh[sorah] wau sampun ngantos dados warana (aling-aling), tumrap kaendahanipun dhawuh sarta parentahipun agami ingkang kasêbut ing kitab suci Kuran sarta kadis, salajêngipun sadhèrèk kita băngsa Jawi sampun namung lajêng kami (fanatik) Montesorèn sarta kamitagorènên, enz, sawangsulipun manawi wontên pitêdah saking sintên kemawon, kados ta sanajan saking tiyang ingkang nasabipun alit, enz. punika manawi pancèn angidaki lêrês (pratitis) inggih dipun alapa mumpangatipun (dipun lampahana) karana pitêdah ingkang sae makatên, tarkadhang inggih sagêda dumunung wontên tiyang ingkang botên gadhah titêl punapa-punapa, makatên ugi manawi wontên pangandika ingkang mêndhêt saking ayating Kuran sarta kadis, punika inggih dipun matna ingkang ngantos dumugi kayakinaning manah sayêktos, amargi Kuran sarta khadis punika inggih kathah sangêt ingkang mratelakakên bangsanipun pandhidhikan, ingkang kasumêrêpanipun wau: manawi sampun dipun raosakên ngantos dumugi kayakinaning manah. Wasana nut kula punika sampun dipun tampi anduwa wontênipun pandhidhikan Montesorèn sarta Tagorèn, malah pêpuji kula pamulangan taman siswa (ingkang mawi adhêdhasar kabangsan, sarta opvoeding Montesorèn sarta Tagorèn, makatên ugi ingkang gampil dipun adani pangêdêgipun kanthi sae pranatanipun (ada-adanipun juru sabda) R. M. Suwardi Suryaningrat) ingkang sêsorah opvoeding wau, sagêda tumuntên tumêngkar ngêpang ing sanungswa Jawi. Namung kemawon kula parlu anglairakên kayakinaning manah kula, yèn pamanggih Montesorèn sarta Tagorèun[Tagorèn] wau (enz.) ingkang sae sampun masthi kawêngku wontên dhawuhipun Kuran sarta kadis (agami). P. P. (kembali)
para. (kembali)
anggèn. (kembali)
§ Amargi dados rukun utawi pikêkahipun iman ingkang kaping tiga, rukunipun iman wontên nênêm: 1. kêdah pitados dhatêng wontênipun Pangeran kanthi angèstokakên dhawuh parentah sarta cacêgahanipun, 2. kêdah pitados sarta asih dhatêng wontênipun malaekat, 3e. kêdah pitados sarta ngèstokakên kitabing Pangeran, 4e. kêdah pitados sarta ngèstokakên para nabi utusanipun Pangeran, 5e. kêdah pitados badhe wontênipun dintên kiyamat (sirnanipun jagad saisinipun sadaya) sarta suwarga naraka ingkang sampun kawêca pintên-pintên ayat dhawuhing Pangeran, 6e. sarta kêdah pitados bilih lampahing papêsthèn awon sae punika têrang wontên ing rêgêmaning panguwaosanipun Pangeran. Dene wujudipun papêsthèn awon wau sadaya lampah
--- 142 ---
maksiyat (duraka of botên sae) ingkang botên ingidèn ing sarak (agami) sarta papêsthèn sae punika sadaya lampah sae utawi tongat (sadaya lampah ingkang sagêd dados pangabêkti) ingkang dipun parentahakên sarak, bab punika têrangipun inggih badhe kababar ing sêrat Pitutur Jati (maongidotul khak) nanging para maos lajêng sagêd nyumêrêpi ugi kalayan tumuntên, manawi ngarsakakên mundhut kitab marsudi mursid ingkang ugi andunungakên bab punika, ingkang juru citraning W.S. Inggih anyadhiyani (zie advertentie kitab-kitab ing ăngka 3 W.S. ăngka 4, utawi ing wastraning Sêrat Jênênging Panêmbah Jati). (kembali)
§ Warni jalêr, warni èstri enz. (mancala putra mancala putri). (kembali)
§ Botên namung dhatêng wontênipun malaekat, sanajan dhatêng wontênipun Pangeran inggih kathah ingkang dèrèng utawi botên pitados babarpisan, botên pitadosipun dening jalaran dating Pangeran botên kasat mripat, lah punika dêlêging jalaranipun, milar warni-warnining manungsa ingkang bodho (botên landhêp ngakalipun) punika inggih anjudhêgakên, punapa têdhananipun dipun têdahi bilih wujuding Pangeran punika mêlok-mêlok kados rêca ing candhi, ewadene makatên punika malah kanyataan, liring kanyataan, kathah tiyang ingkang angèdhêp bilih rêca-rêca enz. punika ingkang dipun anggêp dados pangeranipun (ingkang kuwaos) sarta pinitados yêktos bilih punika kenging dipun têdhani punapa-punapa. (kembali)
§ Ingkang kawruhipun kathah sangêt (zeer geleerde) inggih kathah ingkang makatên, tandhanipun kathah para sarjana ingkang angsal titêl Pr. Dr. Mr. Enz. katitik ing karanganipun, malah imanipun dhatêng Pangeran botên wontên babarpisan, nanging tujunipun para sarjana ing Eropah ingkang sami angsal titêl makatên wau, miturut ing sêrat-sêrat kabar Islam ing samangke, kathah sangêt ingkang lajêng iman dhatêng Pangeran, salajêngipun lajêng purun ngèstokakên parentahipun Kuran (agami Islam) pramila makatên wau mugi-mugi tumuntên tumulara dhatêng para sarjana Jawi, sumarambahipun dhatêng sadaya băngsa tuwin umat sadaya. Suparmini S. H. W. (kembali)
10 § Kajawi ingkang ping I taokid (Godsdkunde) inggih punika anjêjêgakên piyandêlipun manungsa, sêdyanipun agami punika wontên malih ingkang kaping II nata budi pakêrti, kasusilan utawi alusing kasukmanipun manungsa (zedeleer) limrahipun kawastanan, ngèlmi Adam utawi tasawuf, III nata gêsang sêsrawunganing manungsa (maatschappelijk leven) limrahipun kawastanan ngèlmi mungamalah, tuwin IV mranata lampahing ngabêkti dhatêng Pangeran (Godsdienstig) limrahipun kawastanan ngèlmi ngibadah utawi fakih. Bab punika sarèhning satunggal-tunggalipun sangêt panjang, sêlot-sêlotipun benjing taun 24 W.S. insya Allah saking sakêdhik, inggih badhe anggêlarakên bab punika. Sup S. H. W. (kembali)
11 Halaman 145-152 hilang. (kembali)