Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 59
1 dari 323
1–10 dari 3.223
1. Pêksi[1]
01.001 Bomataka[2] sapta nèng pratiwi | ing Soma Pon Galungan ing tanggal | rongpuluh Madilakire | He awaling katêlu |[3] kang winuryan anèng palupi | putra ing Nayagănda | kang andon anglurug | mring bang wetan mênang aprang | sakondure masisir anjog Sêmawis | saha wadya punggawa ||
01.002 pasisir măncanêgara kêrig | samya [[f. 4r]] umiring kang surèng laga | ing nguni wus madêg raje[4] | duk lagyarsa anglurug | anggantyani rama kang swargi | Susuhunan Mêngkurat | amawi jêjuluk | Senapati Ingalaga | Ngabdurrahman Sayidin Natagami |[5] wau kang winurcita ||
01.003 ing Sêmarang wontên jalma nênggih | têtaruka lawan sutanira | Buyut Kalaweyan rane | sujalma alul laku | Martanaya rane kang siwi | ing nguni duk sang nata | lagya mangkatipun | anglurug maring [[f. 4v]: ma...ring] bang wetan | budhalira saking Têgal nèng jêladri | alayar mring Japara ||
01.004 Kalaweyan kalawan kang siwi | mapag atur sêgah nèng lautan | pan akathah tur-ature | durèn salak kapundhung | pêlêm jambu pijêtan manggis | năngka timun sêmăngka | winrat ing parau | sang narpa nuju kasatan | kang pasêgah katur dhatêng sri bupati | kalangkung kapracaya ||
01.005 duk kadhahar dhatêng sri bupati | dènnya dhahar angraos kajasad | dadya dhawuh timbalane | hèh ya tarima ingsun | binjang lamun sun mênang jurit | ana pitulunging Hyang | yèn ingsun wis kondur | mring Sêmarang amapaga | mêngko sira karia ja milu jurit | mêngkana kang timbalan ||
01.006 Kalaweyan mangkya mirsa warti | yèn sang nata mênang dènira prang | Kalaweyan bungah tyase | asaos atur-atur | dhêdhaharan kang adi-adi | kawarnaa sang nata | sawadya wus rawuh | ing Samarang masanggrahan | Kalaweyan lan anakira anuli | seba marang narendra ||
01.007 tumamèng pasanggrahanira ji | sêdhêng siniwèng para nayaka | pratiwa satriya andhèr | Ki Kalaweyan mangsuk | mundhuk-mundhuk suta nèng wuri | kagyat nata ngandika | bageya Ki Buyut | Kalaweyan dhêku nêmbah | ngaturakên pasêgah têdhaning dasih | sang narpa ris ngandika ||
01.008 lah ta iya atarima mami | Kalaweyan sun pundhut nakira | sun naur sihira akèh | iku sun jungjung lungguh | ingsun sêngkakakên ing nginggil [[f. 5r]: nging...gil] | sun ganjar ing Samarang | sun wèhi jêjuluk | Mas Răngga Yudanêgara | Kalaweyan asujud anèng pratiwi | asru pandonganira ||
01.009 para punggawa samya ngèstrèni | Martanaya sinung aran Êmas | Răngga Yudanêgarane | undhang dalêm misuwur | pinaringan nagri Sêmawis | nata maksih sineba | ing prawara pênuh | arêmbag prênahing pura | naradipa tan arsa kithèng pasisir | Mangunonêng turira ||
01.010 yèn suwawi ngadhaton ing Tingkir | tanah dhahas sang nata tan arsa | Wirawidigda ature | yèn amarêngi kayun | sêsukuning Arga Marapi | ing Logêndèr wastanya | apanjang-apunjung | sri naranata tan arsa | Adipati Urawan umatur aris | pênêd ing Wanakarta ||
1 dari 323

 


Maksudnya Burung Dhandhang: Dhandhanggula. (kembali)
Bomantaka. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) Pon rongpuluh (20) Madilakire (Jumadilakir) He (Ehe): boma antaka sapta nèng pratiwi (AJ 1700). Tanggal Masehi: Minggu 28 Agustus 1774. Pada tahun AJ 1700 dan bulan Jumadilakir hari Sênèn Pon jatuh pada tanggal tujuh (7) begitu juga wuku Galungan. Maka, mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn Pon 7 Jumadilakir AJ 1700 (Senin 15 Agustus 1774). (kembali)
rajèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: Ngabdurrahman Sayidin Panatagami. (kembali)