Tembang macapat
Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 37
1 dari 119
1–10 dari 1.190
| 1. Puh Roning Kamal[1] | |
| 01.01 | satriya kabèh ta sira | samya rêmên aningali | tumingal ing saryya sêkar | angidêri pulo asri | gandanya marbuk wangi | satriya ika wau |[2] malah supe ing lapa | gangsal siyang gangsal latri | laminira ing pulo wus têpung gêlang || |
| 01.02 | cêlak parnahira mêntas | prapta ênggèning bênawi | angrasani sapa lupa | angrempong soring têngguli | lagya kesah duk uni | padha batên bêkta sangu | lagya samya wêcana | yayi kapariyèn iki | awak isun yayi têka lêsu lupa || |
| 01.03 | Selagănda wuwusira | kawula mangkatên malih | sakêlangkung lêsu lupa | kapengin amanggih bukti | samar mintara maning | saking angganingsun lêsu | Selara miyarsa |[3] sêsambatira sêkali | kapiluyu katiga arêrangkulan || |
| 01.04 | adhuh kakang sanak ingwang | kawula mangkatên malih | katiga lara karuna | pan salamine lumadi | duk ana ing nagari | tautate mukti tuhu | mangke têmahan papa | angraos ina kêsèsi | Selasyara sêsambate lir gêrantang || |
| 01.05 | adhuh rama tingalana | putra tuwan kawlasasih | ora wurung yayi kita | pêjah anèng pulo [[f. 67v]: pu...lo] iki | Selagănda nauri | wadeanèki tan têmu | ingkang dadi têtămba | pêrih atiningsun iki | Selarasa matur dhatêng ingkang raka || |
| 01.06 | yèn mangkatên ta lah kakang | andika kantun ing ngriki | pacuwan andika kesah | kawula mangke ngulari | wowohan kang binukti | lamun ta panyananingsun | pulo puniki têngah | pantês ana dhukuh mangkin | lah kantuna wong kêkalih kula kesah || |
| 01.07 | Selasyara aris mojar | adhuh ariningsun gusti | wus katêdha ing sihira | aja lunga sira yayi | barêng sapati urip | aja na pisah lan ingsun | yayi sapa wikana | singit têmên pulo iki | sira lunga mêna[4] ana durbiksa |[5]| |
| 01.08 | Selarasa wuwusira | kakang dika mêntamali | gêdhongana kuncènana | ing pati tan kêna gingsir | wus panduming Yyang Widi | saning tulis lokil mafpul | têka dika kantuna | kang raka ngandika aris | lah ta iya yayi dèn pênêd ing marga || |
| 01.09 | pan sampun Ki Selarasa | nêngah i[6] pucuk tumuli | anut wukir lêbak-lêbak | ningali toya awêning | ing sabrangan kaèksi | bêbanjaran wohe agung | apêlêm wohe [[f. 68r]] sinang | ambawang bêmbêm bêm kawèni |[7] jêruk jingga salak kapundhung rambutan || |
| 01.10 | sakathahe kang wowohan | pan lagya sêdhênge mohi | sêmăngka jiga[8] lan nanas | cêpêdhak lan jêruk lêgi | duryan langsêb lan manggis | angrêmpayok wohe atub | sagayuhan pan kêna | dhukuhe[9] pan runtuh sami | pan kasêrang dhatênge ngangin prabawa || |
1 dari 119
| 1 | Nama pupuh Roning Kamal ini merupakan sejenis wangsalan untuk pupuh Sinom. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: satriya punika wau. Bandingkan: satriya katiga wau (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.10.6). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa miyarsa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.12.7). (kembali) |
| 4 | mênawi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.16.9). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sira lunga mênawi ana durbiksa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.16.9). (kembali) |
| 6 | ing (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.18.2). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: ambawang bêmbêm kawèni. (kembali) |
| 8 | jingga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.19.3). (kembali) |
| 9 | dhukune. Bandingkan: dhuku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.19.8). (kembali) |