Tembang macapat
Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 64
1 dari 411
1–10 dari 4.109
| 1. Dhandhanggêndhis[1] | |
| 01.001 | mangun puja murwaning palupi | de sang narantara ing Ngayogya- | karta Adiningrat kaot | kyati manguswèng kayun | ayunira kang dèn ulati | mrês ing tyas matah kăndha | sinipta sinamun | samune mêksa katawang | sêdya marna sajarah ing nungswa Jawi | murwèng sing Jêng Nabyadam || |
| 01.002 | kang minăngka wiji kang kinapti | sabakdèng gung kang batal kinarsan | myang kang siya tinitahe | ana sinèh lyan kinud | de Ywang Sukma mangkya dinadi | Kangjêng Abuhu Adam | saha swaminipun | inggih Kangjêng Umi Khawa | Abi Adam apêputra Jêng Nabi Sis | aputra Sang Nurcahya || |
| 01.003 | apêputra Nurrasa gya siwi | Sang Ywang Tugal[2] putra Sang Ywang Wênang | Sang Ywang Guru atmajane | păncatmaja Ywang Guru | Sang Ywang Sambo ingkang pangapti | panênggak Sang Ywang Brama | de pramadènipun | jêjuluk Ywang Mahadewa | sumêndhi Ywang Wisnu wuragil Rêtna Sri | Sang Wisnu [[f. 3r]] madêg nata || |
| 01.004 | amêngku rat tanah nungswa Jawi | kinarya timbanganing agama | Islam ing Arab tanahe | Pusêrngalam saèstu | tanah Jawi ing Gilingwêsi | yèku Mêdhangkamulan | purwanya na ratu | iya Sri Swelamahendra | Mêdhang malah Panataran Gilingwêsi | wus lami antaranya || |
| 01.005 | rêngka nagri wrêsa salah prapti | sindhung dudung pracăndha liwawar | nahan tang awal kandhane | Bathara Brama sunu | Dyah Bramani Tritustha siwi | ring Sang Manuksmanăngsa | patut Darmasunu | Sakutrêm gya Sakri putra | Palasaratmaja Abiyasa siwi | Pandhu putrarjunatma || |
| 01.006 | Sang Bimanyu putra Parikêsit | tanaya Yudayana pêputra | Sang Gêndrayana yogane | Ji Jayabaya Prabu | nulya rêngka ingkang nêgari | Aji Jayabayatma | Jayabaya sunu | anama Jayamisesa | apêputra Jayamijaya asiwi | nama [[f. 3v]] Jayamisena || |
| 01.007 | Sri Kusumawicitra kang siwi | apêputra Prabu Citrasoma | Sri Păncandriyatmajane | Sang Anglingdriya Prabu | putra Mraja Suwelagiri | nging wus anggantya praja | sangking Ngastina gung | mring nagri Purwacarita | ya ing Mêdhang nanging Mêdhang kang ping kalih | dede ing Panataran || |
| 01.008 | kang têdhak tri dasa lan jêng nabi | sinêngkalan wayang Bramahendra | jagat kang winarna ing rèh |[3] nungswa Jawa ngrat agung | nagri Purwakăndha ginupit | Mraja Suwelacala | duk sinaning[4] prabu | tan lami jumênêng nata | tandya mukswa parêng sirna praja tintrim | rat Jawa dadya wana || |
| 01.009 | rêtuning rat datan ana jalmi | brêstha tapis minăngsèng drubiksa | miwah sato manuk kabèh | angkêr rat Jawi langkung | tan kêna ingambah ing grami | lamine dadya wana | pitung atus taun | singa mara mara pêjah | nging tan sêpi tejaning pracina maksih | ingkang mêngku buwana || |
| 01.010 | atmajanya Kangjêng Sri Bupati | Swelamahendra badhe mêngku rat | anurunkên para katong | ing rat Jawi sêdarum | têkap narpa Pajang Matawis | mangkya sang narpaputra | ginaib Ngyang Agung | dèrèng măngsa amêngku rat | mila kyati narpaputra anru brangti | amangun kasutapan || |
1 dari 411
| 1 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 2 | Tunggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 3 | Tanggal: wayang Bramahendra jagat (S 1136). Tahun Masehi: 1214–5. (kembali) |
| 4 | Variasi: sirnaning. (kembali) |