Tembang macapat
Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 107
1 dari 332
1–10 dari 3.311
| 1. Dhandhanggula | |
| 001.01 | amba matur ing tuwan sayêkti | milane kesah saking nêgara | kawratan nandhang wirage | amung paduka ketung | ing supêna tan wontên malih | awit duk mila-mila | kawula pukulun | ing timur praptèng diwasa | ginagulang ing rama amangun jurit | kathah paguroning prang || |
| 001.02 | nuntên diwasa tinari krami | dhatêng rama prabu tyas kawula | tan arsa krama atangèh | ing pangraos pukulun | karêm kaprawiraning jurit | sapa pantês mêngkua | ing sariraningsun | yèn nora nana satriya | prawiraning angungkuli wong sabumi | datan arsa akrama || |
| 001.03 | nuntên kathah wong Cina kang warti | kang ngêdhaton ing nagri Kuparman | saking lêlana wijile | andon prang saking timur | malah mangke datanpa tandhing | Menak Surayèng Jagad | kathah prawira nung | sagung para raja-raja | ngatasangin ing bawahangin kajodhi | ing prang lajêng suwita || |
| 001.04 | mèh kaputêr ngisoring wiyati | tan ana ratu kêlar anandhang | ing prang nanggulang bobote | nêrpati punjul-punjul | kang prawira ing nguni-uni | siji pan durung ana | lumawaning tangguh | wus kasub kaonang-onang | kang pêparab Ambyah Sang Surayèng Bumi [4: 2] | Menak Pêpakuningrat || |
| 001.05 | [...]najaya dimurti | Jayèngsatru prawira digdaya | ing [...] | [...]ra ratu | pitung lêksa lan pitung kêthi | sèwu ratu wêdana | sumbaga nung-anung | ingambil putra panuwa | dene Prabu Nyakrawati ing Mêdayin | ingambil mantu pisan || |
| 001.06 | satriya lus ambêk martèng dasih | sih wadya gung gung ngula wisuda | tan ana rêngat balane | abagus ambêk sadu | mawa cahya amendha sasi | garwanipun têtiga | putri ayu-ayu | ing Mêdayin ing Karsinah | Parangakik pan sami putri prajurit | awit kula miyarsa || |
| 001.07 | inggih brangti kandhuhan pawarti | rama prabu asih apêputra | kawula ingatêrake | binêktan palwa sèwu | satus wêndra warni brana di | pèni-pèni ing Cina | lan pêpatihipun | bapa ji tumut kawula | amung bêkta prajurite tigang kêthi | kawula mung binêktan || |
| 001.08 | prajurit kakung ingkang sakêthi | inggih dhomas prajurit wanodya | dhatêng Kuparman sêdyane | wontên margi pukulun | angsal warti Kuparman sêpi | wontên Kuwari tuwan | marmane anjujul | praptèng Kuwari kawula | panggih suwung dhatêng Yujana mariki | tan lami nuli prapta || |
| 001.09 | badhe lajêng mring paduka Amir | nuntên wontên peling yèn paduka | inggih yèn lagya prang rame | tan galih ing dyah ayu | amung prang kang dipun sukêmi | dadya kawula têmah | bilênglênglêng bingung | kuwur pikir dadi ngawar | ngawur-awur [4: 3: ngawur-a...wur] karya bang lambe [...] | [...] samudana || |
| 001.10 | kêlairan mring Prabu Mêdayin | [...] prang kula pratela | ing tuwan sêrbi batine | duk mila-milanipun | badhe atur surat ing gusti | sagung ingkang pratingkah | punika satuhu | kang mawi gugup punika | gih mênawi kadrawasan ing pawarti | awit saking pamapag || |
1 dari 332