Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41–42 dari 149
154–155 dari 650
1.533–1.542 dari 6.494
041.053 | ambêranang kadya gunung kawêlagar | anggalong ingkang baris | kandhêg duk samona | anèng wetan bêngawan | miyarsa gusti ngêmasi | wadya ing Jipang | mangu ngrasa yèn kari || |
041.054 | pagunêman sakèhe wadya ing Jipang | gusti sampun ngêmasi | payo ngusi papan | sadaya cumènthèla | kang sawênèh nêdya jurit | sawênèh ngucap | dana walêsing pati || |
42. Asmaradana | |
042.001 | mêngkona Radèn Ngabèi | Loringpasar angandika | kang asta angawe-awe | kèh wong Jipang tingalana | pêpatihmu pralaya | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tumangan || |
042.002 | gustinira wis ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udua iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr ing bêngawan | rêbutên yèn sira purun | lan sêlire wus sun alap || |
042.003 | apan sira ta wong cili | milu-milu apa sira | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | wus rêmbag samya anungkul | sadaya ngulati papan || |
042.004 | samya nabrang ing bênawi | sakèhe kawula Jipang | ngaturakê[1] bongkokane | sêdaya sampun tinampan | wau ta kawarnaa | mapan kasaput ing dalu | kondur sami mêsanggrahan || |
042.005 | ya ta anggunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Panjawi lon wuwuse | Ki Juru apa kang karsa | kita awèha derah | mapan puniki [[f. 150r]: puni...ki] wis lulus | punapa winalangdriya || |
042.006 | manira têka nuruti | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | patine Ki Arya Jipang | pan putra pakanira | ingkang mêjahi satuhu | katura Sang Nata Pajang || |
042.007 | pasthi ganjarane cilik | yèn katura putranira | ingkang nyampuni ing gawe | nora atămpa ganjaran | nora liwat ginanjar | kadi ingkang warni kampuh | daragêm lan kampuh sawat || |
042.008 | utawa kang rupa êncit | pinangana kanggo pira | yèn para aku roro |[2] kang matèni Arya Jipang | katura natèng Pajang | nêgara ganjaranipun | payo yayi dèn arêmbag || |
154–155 dari 650
1 | ngaturakên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.4.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.4.3). Bandingkan: ngaturkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.14.3). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata, Bandingkan: yèn para aku wong rèrèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.8.3); yèn para aku wong roro (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.18.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.8.3). (kembali) |