Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 149
157–158 dari 650
1.565–1.574 dari 6.494
042.031 jêngkar sang nata tinangkil | gumêrah suwaraning bala |[1] sang prabu sampun ngadhaton | ya ta ingkang kawarnaa | ingkang tămpa nêgara | pan sampun jinujung lungguh | Ki Panjawi awibawa ||
042.032 anama Ki Agêng Pathi | cacah wolung èwu pasrah | wus kalampahan kang anom | sampun atămpa nêgara | kantun Ki Pamanahan | angajêng-ajêng kalangkung | ing ubayane sang nata ||
042.033 ciptane sajroning ati | nadyan kathaha nêgara | liyan sangking Mêtarame | pan asru lênggananira | dèn palaur amagang | punika raosing kalbu | Kyai Gêdhe Pamanahan ||
042.034 Ki Juru amituturi | pun yayi dèn sabar uga | măngsa wandeya kalakon | pundi wontên ratu cidra | pan lagi dèrèng măngsa | dhatêng ingantos [[f. 152r]: inga...ntos] karuwun | sampun anyakiti manah ||
042.035 ya ta kawarnaa malih | Kangjêng Sultan Pajang karsa | undhang para mantri kabèh | ing Sêtu kala awatang | samya ngage-angeya[2] | sêsumping lan kampuh sindur | nulya prapta măngsa watang ||
042.036 Ki Pamanahan miyosi | angangge sador larangan | pulasing pucuk bung ampèl | kang para mantri sadaya | takèn Ki Pamanahan | sampun dika kamipurun | ngangge larangane nata ||
042.037 akathah dika puruni | sampun angangge mangkana | bung ampèl larangan gêdhe | nauri Ki Pamanahan | inggih puniki tăndha | bupati kang lagi tuwuh | sami kèndêl ingkang ngucap ||
042.038 sangsaya alami-lami | anênggih sri naranata | tan ana pangandikane | kang manah nora dêrana | dening sang nata cidra | amung wirange kang ketung | Kyai Gêdhe Pamanahan ||
042.039 nulya kesah mring Banglampir | nutugakên apratapa | saya ginagas wirange | pan alami tan sineba | merang kanane lênggah | dèn palaur adhêdhukuh | dèn sakiti kang sarira ||
042.040 anêkung raina wêngi | Kyai Gêdhe Pamanahan | angêningakên tingale | anênêdha ing Pangeran | tanpa dhahar lan nendra | mung cidrane sang aprabu | ketang sajroning sêngkara ||
157–158 dari 650

 


Lebih satu suku kata: gumêrah swaraning bala. Bandingkan: gumêr syaraning pawongan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.29.2). (kembali)
ngangge-anggeya. (kembali)