Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 149
154–155 dari 650
1.540–1.549 dari 6.494
042.006 manira têka nuruti | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | patine Ki Arya Jipang | pan putra pakanira | ingkang mêjahi satuhu | katura Sang Nata Pajang ||
042.007 pasthi ganjarane cilik | yèn katura putranira | ingkang nyampuni ing gawe | nora atămpa ganjaran | nora liwat ginanjar | kadi ingkang warni kampuh | daragêm lan kampuh sawat ||
042.008 utawa kang rupa êncit | pinangana kanggo pira | yèn para aku roro |[1] kang matèni Arya Jipang | katura natèng Pajang | nêgara ganjaranipun | payo yayi dèn arêmbag ||
042.009 Ki Panjawi mangkya angling | inggih alêrês punika | Ki Pamanahan wuwuse | măngsa boronga pun kakang | kang katur natèng Pajang | pan sampun ubayanipun | ing Pathi lawan Mêtaram ||
042.010 Kyai Pamanahan angling | yayi Panjawi dèn rêmbag | marmi ingakên wong roro | pêjahe pun Arya Jipang | duk sêmona winarna | wong têtiga sampun rêmbug | tan ana suwalèng karsa ||
042.011 ya ta kawarnaa enjing | budhal sangking pamondhokan | gumêrah bala syarane | wuwuh gêgaman wong Jipang | lawan kang wadya Pajang | sangsaya kathah dinulu | binokokan sikêp Jipang ||
042.012 sangking gancange kang warti | wus kalokèng sangking Pajang | malah wus katur sang katong | yèn ana warta katular | nênggih Ki Pamanahan | sakulawarga wus kondur | sarta unggul ingkang [[f. 150v]: ing...kang] yuda ||
042.013 Ki Arya Jipang ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | ingkang matèni wong loro | wêdanane wong tamtama | wasta Ki Pamanahan | Ki Panjawi rewangipun | kalih pisan antuk karya ||
042.014 sampun atas ingkang warti | utusane ingkang prapta | enjang sang nata amiyos | pêpêk kang mantri sadaya | andhèr ing pagêlaran | sarêng prapta kang anglurug | ngaturakên kang bokokan ||
042.015 sarêng matur Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ulun ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang kinarya angamuk | katura kangjêng sang nata ||
154–155 dari 650

 


Kurang satu suku kata, Bandingkan: yèn para aku wong rèrèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.8.3); yèn para aku wong roro (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.18.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.8.3). (kembali)