Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 149
160 dari 650
1.591–1.600 dari 6.494
043.017 kyai agêng ing Giring sru angling | inggih adhi turun kaping lima | kula aganti warise | Ki Pamanahan muwus | tan kawasa [[f. 155r]: ka...wasa] manira pêsthi | sintên uninga benjang | karsane Yyang Agung | Ki Agêng Giring angucap | cêluk-cêluk turun ping nêm kula adhi | turun ping pitu kula ||
043.018 Kyai Pamanahan tan nauri | Kyai Juru lajêng lampahira | tan winarna ing margane | lampahira glis rawuh | padhêgkahan[1] ing Kêmbanglampir | Ki Juru Pamanahan | nêngêna rumuwun | Kang Sinuwun Kalijaga | duk sêmana karsanira mituturi | nulung kang sakit manah ||
043.019 nora samar tingale asidik | mapan wikan sadurung winarah | pandhita têrus tingale | sakêdhap nulya rawuh | kang sinuwun ing Kêmbanglampir | Ki Juru Pamanahan | anungkêmi suku | susunan ing Kalijaga | angandika ki jêbèng apa marmaning | anyakiti sarira ||
043.020 dene sira tan tulus angabdi | iya maring ki jêbèng ing Pajang | dene wus tunggal kawruhe | Ki Pamanahan matur | marang guru sarya ngabêkti | anuwun panêmbahan | mila botên purun | asuwita ratu cidra | kang ubaya dhatêng kawula ing nguni | mangke tan kalampahan ||
043.021 mèngsêm ngandika sang maha yêkti | aja para ki jêbèng angucap | manira wus wêruh kabèh | sarasaning atimu | nanging mêngko payo amulih | marang nagara Pajang | sun atêr sirèku | apanggiha arinira | mapan sira wus tunggal rasa sajati | lawan ki jêbèng Pajang ||
043.022 singa ingkang dudua ing kapti | yêkti ingsun ingkang matutêna | aja na salah [[f. 155v]] karsane | wus lumampah sang wiku | Kyai Pamanahan umiring | prapta laju mring pura | sang nata tumurun | têdhak sangking ing dhêdhampar | gupuh ngaras ing pada sang maha yêkti | wus ngaturan pinarak ||
043.023 sampun tata katiga alinggih | kang sinuwun aris angandika | ki jêbèng apa karane | para nyidrani wuwus | ubayane tan dèn luwari | marang ing kakangira | dhingin wus asanggup | Mataram dadi ganjaran | timbangane lawan nagara ing Pathi | kadangmu kang taruna ||
043.024 Ki Panjawi kalakon atampi | ganjarane nagara Santênan | kang tuwa durung kalakon | tămpa ganjaranipun | Sultan Pajang matur ngabêkti | pramila dèrèng kasrah | dhusun ing Mêtarum | dhatêng pun kakang kang tuwa | dene maksih sêkar garèng ing Mêtawis | akathah ingkang wona ||
043.025 inggih pun kakang kawula sungi | nagari lyanl[2] ingkang sampun gêmah | ing Jipang pênêt liyane | dening dhusun Mêtarum | tiyangipun maksih akêdhik | ya ta kangjêng susunan | uninga ing sêmu | karsane sultan ing Pajang | lan batine Kyai Pamanahan nênggih | sang pandhita uninga ||
043.026 kang sinuwun angandika aris | pagenea ki jêbèng mêngkana | wong uwis dadi jangjine | aja cidra ing wuwus | nadyan ala sanajan bêcik | dadi ubayanira | ing Pathi Mêtarum | paringêna kakangira | ing Mataram aja na ujar ping kalih | tulusa dadi kadang ||
160 dari 650

 


padhêkahan. (kembali)
lyan. (kembali)