Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 149
167–168 dari 650
1.665–1.674 dari 6.494
045.005 jumênênga nama sultan | punika babade uni | rêsi mantri tata raja |[1] anulya dhêdharan mijil | asêlur sangking puri | sadaya ngambêngan sampun | ingkang para dipatya | alêkas dhahar tumuli | Sultan Pajang atanapi sang pandhita ||
045.006 Sunan Parampèn[2] ngandika | mring sagung para dipati | kabèh anak putuningwang | patuta ingkang abêcik | aja na amimiti | dèn samya ngangge rahayu | dèn sokur ing Yyang Sukma | jênêngira kabèh iki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||
045.007 sakèhe para dipatya | umatur sarya ngabêkti | anuwun jêng panêmbahan | pasihan dalêm kapundhi | tan kawosa mangsuli | ya ta gènnya dhahar sampun | dene ingkang lorodan | ponakawan kang atampi | wus waradin kinèn abukti sadaya ||
045.008 ing sakathah ponakawan | sadaya dipun [[f. 161v]: di...pun] tingali | dening susunan ing Arga | ya ta Ki Agêng Mêtawis | ingkang dinuk ing liring | dènira sang maha wiku | pandhita maha raja | anampani sêmu gaib | nora samar marang Ki Gêdhe Mêtaram ||
045.009 raja pandhita ngandika | ki jêbèng Pajang puniki | saparane uwongira | dene mangan angarèni | sultan umatur aris | punika kang tuwan dangu | inggih abdi paduka | pun patinggi ing Mêtawis | angrèh tiyang kawan atus ing Mataram ||
045.010 ngandika raja pandhita | lah sira kona ing ngapti | alinggiha jajar lawan | sakèhe para dipati | nulya ngandikan aglis | kyai agêng ing Mêtarum | wus alinggih ing ngarsa | jajar lan para dipati | angandika kang sinêmbah Giripura ||
045.011 kawruhanira sadaya | sakèhe para dipati | yèn ki gêdhe ing Mêtaram | ing besuk kang wuri-wuri | angrata nusa Jawi | iya anak putunipun | dipati tanah Jawa | kabèh seba mring Mêtawis | ya ta Kyai Agêng Mêtaram miyarsa ||
045.012 kang wirayat panêmbahan | nulya Ki Agêng Mêtawis | asujud ngarsèng pandhita | mangaras pada sang yogi | langkung panuwunnèki | marang sihira Yang Luhur | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | karsaning Yang nora kêna ingowahan ||
045.013 kyai agêng ing Mataram | ngaturi dhuwung satunggil [[f. 162r]: satung...gil] | dhatêng Panêmbahan Arga | Susunan Giri anampik | sagung para dipati | kacaryan sami angrungu | ki gêdhe ing Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | kawarnaa Kang Sinuwun Giripura ||
045.014 ayasaa kang têlaga | sakèhe para dipati | sadaya sami bubuhan | punang talaga wus dadi | mila dipun wêstani | punika Têlaga Patut | ênggone pêpatutan | sakèhe para dipati | ing pasisir kalayan măncanêgara ||
167–168 dari 650

 


Tanggal: rêsi mantri tata raja (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Bandingkan: uni rêke mantri winisaya punika (S 1537) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.61.3–4). Sangkala ini tampaknya mengacu pada pengukuhan Sultan Pajang sebagai penguasa yang sah setelah pertemuannya dengan Sunan Giri. Namun, alur cerita dalam bagian ini kurang jelas. Lihat lebih lanjut: pêksi astha warna aji (S 1481) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.24.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.49.2). (kembali)
Parapèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.62.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.50.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.25.1). (kembali)