Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
45 dari 149
167–168 dari 650
1.666–1.675 dari 6.494
| 045.006 | Sunan Parampèn[1] ngandika | mring sagung para dipati | kabèh anak putuningwang | patuta ingkang abêcik | aja na amimiti | dèn samya ngangge rahayu | dèn sokur ing Yyang Sukma | jênêngira kabèh iki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat || |
| 045.007 | sakèhe para dipatya | umatur sarya ngabêkti | anuwun jêng panêmbahan | pasihan dalêm kapundhi | tan kawosa mangsuli | ya ta gènnya dhahar sampun | dene ingkang lorodan | ponakawan kang atampi | wus waradin kinèn abukti sadaya || |
| 045.008 | ing sakathah ponakawan | sadaya dipun [[f. 161v]: di...pun] tingali | dening susunan ing Arga | ya ta Ki Agêng Mêtawis | ingkang dinuk ing liring | dènira sang maha wiku | pandhita maha raja | anampani sêmu gaib | nora samar marang Ki Gêdhe Mêtaram || |
| 045.009 | raja pandhita ngandika | ki jêbèng Pajang puniki | saparane uwongira | dene mangan angarèni | sultan umatur aris | punika kang tuwan dangu | inggih abdi paduka | pun patinggi ing Mêtawis | angrèh tiyang kawan atus ing Mataram || |
| 045.010 | ngandika raja pandhita | lah sira kona ing ngapti | alinggiha jajar lawan | sakèhe para dipati | nulya ngandikan aglis | kyai agêng ing Mêtarum | wus alinggih ing ngarsa | jajar lan para dipati | angandika kang sinêmbah Giripura || |
| 045.011 | kawruhanira sadaya | sakèhe para dipati | yèn ki gêdhe ing Mêtaram | ing besuk kang wuri-wuri | angrata nusa Jawi | iya anak putunipun | dipati tanah Jawa | kabèh seba mring Mêtawis | ya ta Kyai Agêng Mêtaram miyarsa || |
| 045.012 | kang wirayat panêmbahan | nulya Ki Agêng Mêtawis | asujud ngarsèng pandhita | mangaras pada sang yogi | langkung panuwunnèki | marang sihira Yang Luhur | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | karsaning Yang nora kêna ingowahan || |
| 045.013 | kyai agêng ing Mataram | ngaturi dhuwung satunggil [[f. 162r]: satung...gil] | dhatêng Panêmbahan Arga | Susunan Giri anampik | sagung para dipati | kacaryan sami angrungu | ki gêdhe ing Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | kawarnaa Kang Sinuwun Giripura || |
| 045.014 | ayasaa kang têlaga | sakèhe para dipati | sadaya sami bubuhan | punang talaga wus dadi | mila dipun wêstani | punika Têlaga Patut | ênggone pêpatutan | sakèhe para dipati | ing pasisir kalayan măncanêgara || |
| 045.015 | risampunira mangkana | sakèhe para dipati | samya tinundhung mantuka | wus bubar sangking ing Giri | miwah para nêrpati | Sultan Pajang sampun kundur | ginarêbêg punggawa | gêgaman lir gunung gêni | ambêlabar ingkang wadyabala tăntra || |
167–168 dari 650
| 1 | Parapèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.62.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.50.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.25.1). (kembali) |