Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 149
167–168 dari 650
1.669–1.678 dari 6.494
045.009 raja pandhita ngandika | ki jêbèng Pajang puniki | saparane uwongira | dene mangan angarèni | sultan umatur aris | punika kang tuwan dangu | inggih abdi paduka | pun patinggi ing Mêtawis | angrèh tiyang kawan atus ing Mataram ||
045.010 ngandika raja pandhita | lah sira kona ing ngapti | alinggiha jajar lawan | sakèhe para dipati | nulya ngandikan aglis | kyai agêng ing Mêtarum | wus alinggih ing ngarsa | jajar lan para dipati | angandika kang sinêmbah Giripura ||
045.011 kawruhanira sadaya | sakèhe para dipati | yèn ki gêdhe ing Mêtaram | ing besuk kang wuri-wuri | angrata nusa Jawi | iya anak putunipun | dipati tanah Jawa | kabèh seba mring Mêtawis | ya ta Kyai Agêng Mêtaram miyarsa ||
045.012 kang wirayat panêmbahan | nulya Ki Agêng Mêtawis | asujud ngarsèng pandhita | mangaras pada sang yogi | langkung panuwunnèki | marang sihira Yang Luhur | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | karsaning Yang nora kêna ingowahan ||
045.013 kyai agêng ing Mataram | ngaturi dhuwung satunggil [[f. 162r]: satung...gil] | dhatêng Panêmbahan Arga | Susunan Giri anampik | sagung para dipati | kacaryan sami angrungu | ki gêdhe ing Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | kawarnaa Kang Sinuwun Giripura ||
045.014 ayasaa kang têlaga | sakèhe para dipati | sadaya sami bubuhan | punang talaga wus dadi | mila dipun wêstani | punika Têlaga Patut | ênggone pêpatutan | sakèhe para dipati | ing pasisir kalayan măncanêgara ||
045.015 risampunira mangkana | sakèhe para dipati | samya tinundhung mantuka | wus bubar sangking ing Giri | miwah para nêrpati | Sultan Pajang sampun kundur | ginarêbêg punggawa | gêgaman lir gunung gêni | ambêlabar ingkang wadyabala tăntra ||
045.016 datan kawarna ing marga | sampun rawuh ing nêgari | miwah Ki Agêng Mêtaram | pamit mantuk mring Mêtawis | Sultan Pajang tinangkil | pêpêk punggawa supênuh | miwah kang para putra | santana samya tinangkil | kangjêng sultan aris ingkang pangandika ||
045.017 sakèhe punggawaningwang | ki raka Gêdhe Mêtawis | ing têmbe amutêr Jawa | pinasthi karsaning Widi | turun tumurun benjing | sakèh para mantri agung | kagyat mirsa kang sabda | kang wirayat Sunan Giri | kawarnaa Kyai Gêdhe ing Mêtaram ||
045.018 sarawuhe ing Mataram | injinge miyos tinangkil | pêpêk putra myang sêntona [[f. 162v]: sênto...na] | Kyai Juru Amêrtani | rewangira alinggih | pinarêk ana ing ngayun | pan samya winartanan | kang sabda Susunan Giri | Kyai Juru langkung suka ing wardaya ||
167–168 dari 650