Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
193–194 dari 650
1.929–1.938 dari 6.494
049.103 Nyai Kidul mulat jagat ênting | kang kasăngga dènirèng buwana | tan ana jalma liyane | mung Senapati iku | ingkang ngadêg pinggiring tasik | tan ana lyan katingal | nanging jalma luhung | Nyai Kidul sigra mujar | baya iki kang gawe obahe tasik | antya dènira rusak ||
049.104 Nyai Kidul sigra mudhun prapti | ing pinggire sidhêku mangrêpa | iki dhukuh ing tasike | sigra mangsah cumundhuk | marang Senapati Mêtawis [[f. 183r]] | Nyai Kidul manêmbah | mangusap ing lêbu | tumungkul sigra mangrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | grananara[1] mamya[2] muka |[3]|
049.105 Nyai Kidul sigra matur aris | risang dibya paduka ilangna | aru-ara ing galihe | lêtuh kang ponang banyu | saisine ingkang jaladri | pan andika gustiku |[4] jruning jagat iku | pan kagungane sêdaya | mapan anut sakarsa andika gusti | jim lawan parayangan ||
049.106 tanpa gawe dika jalma luwih | têka ngrusak gêgaweyandika | sakarsa panduka angrèh | yèn kita darbe kayun | parayangan kalawan êjêm |[5] adunên yèn apêrang | ngalahakên musuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para aji | tanah Jawa sadaya ||
049.107 parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | kita dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | nanging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | eca manahipun | amirsakkên wuwusira | Nyai Kidul wus narka yèn mêngku bumi | ratu tanpa singsingan ||
049.108 sakathahe isining tasik |[6] wus waluya kang mati sadaya | samnya[7] lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul pan mantuk | sarêng mangkat sarwi anolèh |[8] mèsêm sarwi ngujiwat | Senapati dulu | pyuh manah tanpa jamuga | kadi Panjangputra tibèng sela gathik | sirna sakèh wêweka ||
049.109 sêmonira ika ngajak mulih | maring Senapati Ingalaga | mapan wruh pasang ciptane | salungane Nyi Kidul [[f. 183v]: Kidu...l] | Senapati pan anut wuri | prapta têlêng samodra | tan têlês ing banyu | nulya prapta jroning pura | sarêng linggih Nya Kidul lan Senapati | anèng bale kancana ||
049.110 Senapati Ngalaga ningali | patamanan balene kancana | ing nguni iku purwane | bale ingkang rinêbut | dening Gathutkaca ajurit | kalawan Si Anoman | bale iku runtuh | tumiba têlêng sêgara | gih puniku kang tinunggu dening nyai | ingkang bale kancana ||
049.111 panataran luwih ing donyèki | sinêngbaran[9] manik mutyaara | itên[10] jumantên widuri |[11] sêlaka pagêripun | asri tinon rêgane[12] puri | tan ana sasamanya | kancana lir murub | mugèng langit upamanya | yèn dinulu sawarnane ingkang manik | lan gêbyare sêsotya ||
049.112 gapuranya agêng tur ainggil | pucaknyam pinatik ing mirah |[13] itên abra ujyalane | sor baskara dinulu | kucêm dening rêngganing manik | mulya langgêng raina | dening sêsotya murub |[14] kaidêran pêpêthetan | mapan asri jajar lawan kamuning |[15] anjrah puspita mêkar ||
193–194 dari 650

 


grananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali)
myang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: grananira myang muka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali)
Biasanya guru lagu a: pan gustiku andika. (kembali)
Biasanya guru lagu i. Bandingkan: êjim (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.107.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.57.5); êjin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.106.5). (kembali)
Kurang satu suku kata: sakathahira isining tasik. (kembali)
samya. (kembali)
Biasanya guru lagu i: anolih. (kembali)
sinêbaran. (kembali)
10 intên (dan di tempat lain). (kembali)
11 Biasanya guru lagu e(o): widure. (kembali)
12 rênggane. (kembali)
13 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pucaknya mancinawi sêsotya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.2). (kembali)
14 Lebih satu suku kata. Bandingkan: endah sotya murub (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.7). (kembali)
15 Kurang satu suku kata: mapan asri ajajar lawan kamuning. Bandingkan: apan asri akathah lamun winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.9). (kembali)