Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49–50 dari 149
194–195 dari 650
1.938–1.947 dari 6.494
049.112 gapuranya agêng tur ainggil | pucaknyam pinatik ing mirah |[1] itên abra ujyalane | sor baskara dinulu | kucêm dening rêngganing manik | mulya langgêng raina | dening sêsotya murub |[2] kaidêran pêpêthetan | mapan asri jajar lawan kamuning |[3] anjrah puspita mêkar ||
049.113 witing kayu kacananira adi |[4] gadhong[5] sutra pang sami kancana | sarêng kêmbang lawan wohe | warnane wiji iku | patang puluh warnanira sri | soring kathil kêncana | anijèni kayu | kang linungguhan parayangan |[6] warnanira upamane widadari | tan beda lan ing syarga ||
049.114 ingkang pala witing [[f. 184r]: wi...ting] kayu siji | ana nyadham ana kamropogan[7] | ana matêng ing uwite | tan wêrnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarika kadi jalada |[8] kadya ingkang mêndhung | kinubêngan ing bêngawan | catur kèhe kang dhingin bêngawan warih | pindho bêngawan puhan ||
049.115 rasanira luwih ing nyèki[9] |[10] luwih pêthak bêngawan ping tiga | sajêngkang luwih manise | tan amadha donyèku | kang kaping pat bêngawan nênggih | madu kang luwih rasa | madu ing donyèku | ya ta pinarêk kalihan | Kyai Gêdhe Senapati ing Mêtawis | lawan kusuma rara ||
049.116 Nyai Kidul ratune jim pêri | parayangan lêlêbut[11] sadaya | sagara kidul kuthane | sadaya sami suyud | Ratu Èstri bya mya[12] sakti |[13] pilih kang wong uninga | ing kadhatonipun | kang mêngku ing nusya Jawa | saturune tan liyan têdhak Mêtawis | amêngku Nyai Rara ||
049.117 kang jumênêng ratu tanah Jawi | pasthi kanthi lawan Nyai Rara | kang rumêksa kaprabone | anênggih Nyai Kidul | datan kêna sakit kang galih | ingkang jumênêng nata | rusak prajanipun | Senapati Ingalaga | aningali rêngganing kadhaton wingit | rasa-rasa mijila ||
50. Mijil
050.001 Senapati angandika aris | dhatêng sang lir sinom | baya ingsun kêna ing gunane | atilara lir babot sakêthi | punapa marganing | yèn dhangana mantuk ||
050.002 mèsêm sang rêtna sarya nauri | dening sumarengoh | kudu ngandhêg wong maring dhangkane | bok amulih sapa ingkang pênging | kakung anauri | datan arsa mantuk ||
050.003 najan mantuka yèn lêga bejing | gusti manah ingong | sarta antuk kang pangastu anggèr [[f. 184v]] | ana pratandhane duwe dasih | ngandika Sang Ratih | apa kang dèn jaluk ||
050.004 mapan katingal sakathahing |[14] isane[15] kadhaton | rajabrana miwah kang pangangge | pan sumăngga tan ngrasa darbèni | mujar Senapati | pan sarwi gumuyu ||
194–195 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: pucaknya mancinawi sêsotya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: endah sotya murub (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.7). (kembali)
Kurang satu suku kata: mapan asri ajajar lawan kamuning. Bandingkan: apan asri akathah lamun winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.9). (kembali)
Lebih satu suku kata: witing kayu kancanane adi. Bandingkan: witing sêkar kêncana kinardi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.63.1); witing kayu kancana winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.39.1). (kembali)
godhong (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata: kang linungguhan prayangan. Bandingkan: lêligihe [lêlinggihe] parayangan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.39.8). (kembali)
Bandingkan: kamaropokan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sari kadi jalada (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.6); sarinya alyir căndra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.6). (kembali)
donyèki. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: rasanira luwih ing donyèki. (kembali)
11 lêlêmbut. (kembali)
12 dibya myang. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: ratu èstri dibya myang sakti. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: mapan katingalan sakathahing. (kembali)
15 isine. (kembali)