Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49–50 dari 149
194–195 dari 650
1.940–1.949 dari 6.494
049.114 ingkang pala witing [[f. 184r]: wi...ting] kayu siji | ana nyadham ana kamropogan[1] | ana matêng ing uwite | tan wêrnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarika kadi jalada |[2] kadya ingkang mêndhung | kinubêngan ing bêngawan | catur kèhe kang dhingin bêngawan warih | pindho bêngawan puhan ||
049.115 rasanira luwih ing nyèki[3] |[4] luwih pêthak bêngawan ping tiga | sajêngkang luwih manise | tan amadha donyèku | kang kaping pat bêngawan nênggih | madu kang luwih rasa | madu ing donyèku | ya ta pinarêk kalihan | Kyai Gêdhe Senapati ing Mêtawis | lawan kusuma rara ||
049.116 Nyai Kidul ratune jim pêri | parayangan lêlêbut[5] sadaya | sagara kidul kuthane | sadaya sami suyud | Ratu Èstri bya mya[6] sakti |[7] pilih kang wong uninga | ing kadhatonipun | kang mêngku ing nusya Jawa | saturune tan liyan têdhak Mêtawis | amêngku Nyai Rara ||
049.117 kang jumênêng ratu tanah Jawi | pasthi kanthi lawan Nyai Rara | kang rumêksa kaprabone | anênggih Nyai Kidul | datan kêna sakit kang galih | ingkang jumênêng nata | rusak prajanipun | Senapati Ingalaga | aningali rêngganing kadhaton wingit | rasa-rasa mijila ||
50. Mijil
050.001 Senapati angandika aris | dhatêng sang lir sinom | baya ingsun kêna ing gunane | atilara lir babot sakêthi | punapa marganing | yèn dhangana mantuk ||
050.002 mèsêm sang rêtna sarya nauri | dening sumarengoh | kudu ngandhêg wong maring dhangkane | bok amulih sapa ingkang pênging | kakung anauri | datan arsa mantuk ||
050.003 najan mantuka yèn lêga bejing | gusti manah ingong | sarta antuk kang pangastu anggèr [[f. 184v]] | ana pratandhane duwe dasih | ngandika Sang Ratih | apa kang dèn jaluk ||
050.004 mapan katingal sakathahing |[8] isane[9] kadhaton | rajabrana miwah kang pangangge | pan sumăngga tan ngrasa darbèni | mujar Senapati | pan sarwi gumuyu ||
050.005 kaya bocah ulun dèn pêpengin | ing raja panganggo | ing Mataram panganggo boh kèhe | kang sun têdha pan amung sadhidhik | kenginêna gusti | umarêk wong ayu ||
050.006 sami piyambak pun Senapati | anèng jro kadhaton | Nyai Rara arum pangucape | nganggo kêlir sapa dèn kèringi | pan sarira iki | sumăngga pukulun ||
194–195 dari 650

 


1 Bandingkan: kamaropokan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.2). (kembali)
2 Lebih satu suku kata. Bandingkan: sari kadi jalada (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.6); sarinya alyir căndra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.6). (kembali)
3 donyèki. (kembali)
4 Kurang satu suku kata: rasanira luwih ing donyèki. (kembali)
5 lêlêmbut. (kembali)
6 dibya myang. (kembali)
7 Kurang satu suku kata: ratu èstri dibya myang sakti. (kembali)
8 Kurang satu suku kata: mapan katingalan sakathahing. (kembali)
9 isine. (kembali)