Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49–50 dari 149
195 dari 650
1.941–1.950 dari 6.494
| 049.115 | rasanira luwih ing nyèki[1] |[2] luwih pêthak bêngawan ping tiga | sajêngkang luwih manise | tan amadha donyèku | kang kaping pat bêngawan nênggih | madu kang luwih rasa | madu ing donyèku | ya ta pinarêk kalihan | Kyai Gêdhe Senapati ing Mêtawis | lawan kusuma rara || |
| 049.116 | Nyai Kidul ratune jim pêri | parayangan lêlêbut[3] sadaya | sagara kidul kuthane | sadaya sami suyud | Ratu Èstri bya mya[4] sakti |[5] pilih kang wong uninga | ing kadhatonipun | kang mêngku ing nusya Jawa | saturune tan liyan têdhak Mêtawis | amêngku Nyai Rara || |
| 049.117 | kang jumênêng ratu tanah Jawi | pasthi kanthi lawan Nyai Rara | kang rumêksa kaprabone | anênggih Nyai Kidul | datan kêna sakit kang galih | ingkang jumênêng nata | rusak prajanipun | Senapati Ingalaga | aningali rêngganing kadhaton wingit | rasa-rasa mijila || |
| 50. Mijil | |
| 050.001 | Senapati angandika aris | dhatêng sang lir sinom | baya ingsun kêna ing gunane | atilara lir babot sakêthi | punapa marganing | yèn dhangana mantuk || |
| 050.002 | mèsêm sang rêtna sarya nauri | dening sumarengoh | kudu ngandhêg wong maring dhangkane | bok amulih sapa ingkang pênging | kakung anauri | datan arsa mantuk || |
| 050.003 | najan mantuka yèn lêga bejing | gusti manah ingong | sarta antuk kang pangastu anggèr [[f. 184v]] | ana pratandhane duwe dasih | ngandika Sang Ratih | apa kang dèn jaluk || |
| 050.004 | mapan katingal sakathahing |[6] isane[7] kadhaton | rajabrana miwah kang pangangge | pan sumăngga tan ngrasa darbèni | mujar Senapati | pan sarwi gumuyu || |
| 050.005 | kaya bocah ulun dèn pêpengin | ing raja panganggo | ing Mataram panganggo boh kèhe | kang sun têdha pan amung sadhidhik | kenginêna gusti | umarêk wong ayu || |
| 050.006 | sami piyambak pun Senapati | anèng jro kadhaton | Nyai Rara arum pangucape | nganggo kêlir sapa dèn kèringi | pan sarira iki | sumăngga pukulun || |
| 050.007 | nanging sun têdha aja na gingsir | wasana kararon | pan kawula dhingin malah mangke | manjinga parêkan dadia abdi |[8] andika pinasthi | rat Jawa kang mêngku || |
195 dari 650
| 1 | donyèki. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: rasanira luwih ing donyèki. (kembali) |
| 3 | lêlêmbut. (kembali) |
| 4 | dibya myang. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: ratu èstri dibya myang sakti. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: mapan katingalan sakathahing. (kembali) |
| 7 | isine. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: manjinga parêkan dadi abdi. (kembali) |