Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
184–185 dari 650
1.839–1.848 dari 6.494
| 049.013 | duta kalih sinauran angling | sarta maksih manggung luhur kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap patilasan | lawan garwanipun | sarta kinèn marènana | mangan nginum apakêna ulun maksih | doyan nginum amangan || |
| 049.014 | ulun kinon acukura iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pageneya cinukur | salah gawe ulun puniki | têka para matura | marang sang aprabu | yèn mangkono atur ingwang | duta kalih Wilamarta lan Wuragil | amit mulih mring Pajang || |
| 049.015 | agya lampahira sigra prapti | ing pasohan sang nata sineba | matur mring sultan dutane | pangucape mlasayun | pan kapirsa ing para mantri | ature ingkang duta | marang sang aprabu | Senapati Ingalaga | asêmados kawula kinèn rumiyin | ubanggi anèng wuntat || |
| 049.016 | arsa ingaturna ingkang wêling | Senapati kang duta tan arsa | dadi wiwitaning gawe | karane nora matur | pan cinupêt sakèhing wêling [[f. 174r]] | măngsa nora mirsaa | ing sêmune tanduk | sang nata anulya jêngkar | angadhaton sakathahe para mantri | samya bubar sadaya || |
| 049.017 | datatita lingira ing nguni | kocapa Senapati Ngalaga | risêdhêng anèng dalême | pinarak lan Ki Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | lir purnama iku | rèh andika pakênira | nora seba ingandikan rama aji | tan wande linurugan || |
| 049.018 | ulun iki angaturi peling | kadipundi yèn kita mungsuha | sapa kang kinarya tamèng | mantrinira tan purun | yèn adunên lawan sang aji | Sultan Pajang digjaya | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | anêkani anyidra sri narapati | kapanggih lagya nendra || |
| 049.019 | punang dhustha asru anuduki | kangjêng sultan eca gènnya nendra | lir kapêr mencok rasane | kampuhira tan butul | para garwa kagyat samya jrit | sultan kinarêbutan | kagyat nulya wungu | ningali kang para garwa | samya nangis gumarumung anèng siti | anarka yèn kabranan || |
| 049.020 | layan mangke wongira Mêtawis | nanging dhomas cacahe somahan | yakti dudu timbangane | yèn mungsuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | akêdhik lawan kathah | dede timbangipun | ngitunga kang para putra | tan asisih putra wadya kang sadhidhik | pan sèwu pandumira || |
| 049.021 | rajaputra dununge ingkang sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa Jipang cacahe [[f. 174v]] | lirna kang para mantu | adipati ing Damak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lyan kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu prajurit | mantu putu tan ngetang || |
| 049.022 | adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira nênggih pitung sasra | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | agala[1] asungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | apa margane mênang || |
184–185 dari 650
| 1 | Bandingkan: gêgala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.21.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.20.7; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.7). (kembali) |