Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
186–187 dari 650
1.852–1.861 dari 6.494
| 049.026 | mendahane kapirsaa nênggih [[f. 175r]] | lyan nagara tuwin ratu sabrang | kang sêngit asru guyune | dene mungsuh sakuthu | yakti narka kang lyan nêrpati | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minusuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah karasa tan madhani |[1] dening suta lan yayah || |
| 049.027 | pangrasane atiningsun iki | lamun sira mungsuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | tan gêgilapên tèngsun | najan ratu sanusa bumi | pan ingsun durung ulap | wus pantês wong jalu | yèn miyosi maring rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing tumbak || |
| 049.028 | pakênira ta Ki Senapati | yèn mungsuha ramanira sultan | tigang prakara inane | kapisan mungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tiga wong tuwa | ingkang para mungsuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa kalanira mêksih cilik | kinêmpit pinèt anak || |
| 049.029 | liring guru ramanira aji | mapan kita winuruk ngagama | tatkala akil balège | tata sare'ngat putus | lawan sira winuruk ngaji | karosan kadigjayan | purwa dibya luhur | kita malêbèng sêgara | datan têlês ingambah lir anèng siti | ingabong tan gêsênga || |
| 049.030 | lan maksalah[2] ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan winurukakên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramanira ji | purwane kita dibya | sêkti ambêk sadu | punapa winalêsêna | marang sultan pan kita sampun amukti | mangku rat bala dhomas || |
| 049.031 | Senapati Ngalaga anangis | jroning [[f. 175v]: jro...ning] nala dènira miyarsa | ingkang paman pituture | ramanira Ki Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | ngarasa yèn kabênêran | dyan sumilih Senapati ing Mêtawis | mlasasih aturira || |
| 049.032 | Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi manira angge | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh manira iki | seba mring Sultan Pajang | inggih karsa ulun | têtêpa anèng Mêtaram | têkèng pati tumuruna anak bejing | myang putu buyut canggah || |
| 049.033 | Kyai Juru Amartani angling | prayogane wicara manira | kita nênêdhaa age | maring Yang dipun asru | ingkang nyata aja kakêlir | Gusti lawan kawula | dèn wruh tunggalipun | kang sinêmbah mapan Alah | kang anêmbah nyatane iku pan gaib | lir satu lan rimbagan || |
| 049.034 | yèn wis yata[3] tingalirèng Widi | lah têdhanên nagara ing Jawa | idhêpa ing sira kabèh | sakèhe para ratu | mapan kita dadia aji | sumèlèha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yang Sukma | têmên-têmên kêna kêdap rasa sami | tunggal jalma myang Sukma || |
| 049.035 | kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | tan awèta kawêtu | selanira mapan kaaksi | dening sri naranata | lir kadi pukulun | dêlingêna pan nalika | laku linggih polah muna lawan muni | pracina dadi nata || |
186–187 dari 650
| 1 | Kurang satu suku kata: mungsuh yayah karasa tan amadhani. Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9); musuh yaya [yayah] angrasa tan na madhani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.24.9). (kembali) |
| 2 | masalah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.29.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.28.1). (kembali) |
| 3 | nyata(Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.32.1). (kembali) |