Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
185–186 dari 650
1.846–1.855 dari 6.494
049.020 layan mangke wongira Mêtawis | nanging dhomas cacahe somahan | yakti dudu timbangane | yèn mungsuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | akêdhik lawan kathah | dede timbangipun | ngitunga kang para putra | tan asisih putra wadya kang sadhidhik | pan sèwu pandumira ||
049.021 rajaputra dununge ingkang sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa Jipang cacahe [[f. 174v]] | lirna kang para mantu | adipati ing Damak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lyan kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu prajurit | mantu putu tan ngetang ||
049.022 adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira nênggih pitung sasra | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | agala[1] asungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | apa margane mênang ||
049.023 lir antigan sela ingkang kapit | wong Mêtaram upama antigan | wadya Pajang lir selane | pasthi tigan kang rêmuk | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | Mêtaram lir timun | yakti măngsa tumandhinga | ingkang timun pala duryan anindhihi | jênêng duryan kang mênang ||
049.024 kadya sasi wadya ing Mêtawis | pama surya wadyanirèng sultan | yèn raina mijil age | sasi kucêm dinulu | merang maring ujyala nênggih | pasthi surêm kang cahya | dening surya dulu | pama gêni wong Mêtaram | wadya Pajang lir udan mijil ing langit | gêni sêksana pêjah ||
049.025 kadipundi ta Ki Senapati | pêkênira amungsuha sultan | lir kita ngunggahi dhewe | ngandêlakên yèn têguh | rosanira dibya myang sakti | têpung pupu ing benjang | akantaran bau | lan ramanira jêng sultan | ulun iki amirang kucêm ningali | muka mantri ing Pajang ||
049.026 mendahane kapirsaa nênggih [[f. 175r]] | lyan nagara tuwin ratu sabrang | kang sêngit asru guyune | dene mungsuh sakuthu | yakti narka kang lyan nêrpati | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minusuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah karasa tan madhani |[2] dening suta lan yayah ||
049.027 pangrasane atiningsun iki | lamun sira mungsuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | tan gêgilapên tèngsun | najan ratu sanusa bumi | pan ingsun durung ulap | wus pantês wong jalu | yèn miyosi maring rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing tumbak ||
049.028 pakênira ta Ki Senapati | yèn mungsuha ramanira sultan | tigang prakara inane | kapisan mungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tiga wong tuwa | ingkang para mungsuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa kalanira mêksih cilik | kinêmpit pinèt anak ||
049.029 liring guru ramanira aji | mapan kita winuruk ngagama | tatkala akil balège | tata sare'ngat putus | lawan sira winuruk ngaji | karosan kadigjayan | purwa dibya luhur | kita malêbèng sêgara | datan têlês ingambah lir anèng siti | ingabong tan gêsênga ||
185–186 dari 650

 


Bandingkan: gêgala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.21.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.20.7; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.7). (kembali)
Kurang satu suku kata: mungsuh yayah karasa tan amadhani. Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9); musuh yaya [yayah] angrasa tan na madhani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.24.9). (kembali)