Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
187–188 dari 650
1.863–1.872 dari 6.494
049.037 mapan kita ya Ki Senapati | sampun nunggal rasa lawan sultan | loro dadi sanunggile | mapan tarkaning ulun | lamun sultan têkaning lalis | dede kang panjênêngan | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi panjênênganira aji | najan anaa liyan ||
049.038 najan kathaha putrane aji | datan liyan kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi galihipun | nanging kita putra sajati | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita sampun pasthi | anggêntosi sri sultan ||
049.039 sira Ki Senapati wus olih | ingkang ujar dadya tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên maring Yang Widi | kita asru brăngtaa ||
049.040 datatita lingira ing nguni | kang kocapa mantri pamajêgan | padha liwat sakancane | ingandhêg karsanipun | marang Senapati Mêtawis | pamajêgan sadaya | cacah wolung èwu | ing sabên-sabên kang warsa | samya seba anrahakên bulupêti | ing Kangjêng Sultan Pajang ||
049.041 kawêrnaa Ki Bacor anênggih | sampun mangkat sangking wismanira | ing dhusun Ngroma wêstane | sarêng lan kancanipun | sampun dhatêng nagri Mêtawis | amisah pondhokira | Ki Bacor winuwus | tan rêmbug lan kancanira [[f. 176v]: ka...ncanira] | sadyanira Ki Bacor sawolèng kapti | lan kancane sadaya ||
049.042 sakathahe ingkang para mantri | pamajêgan wus mandhêg sadaya | arakit pamondhokane | sadaya samya suyud | marang Senapati Mêtawis | mung Ki Bacor punika | sadyanirèng kalbu | gène arsa ngayonana | digjayane Senapati ing Mêtawis | mangkana ciptanira ||
049.043 cinarita Ki Bacor ing nguni | bêbanthènge mantri pamajêgan | babang[1] pring kaduk kawanèn | nora kêna angrungu | wong micara kaduk sathithik | mèmpêr Ki Arya Jipang | wantêre kalangkung | ingugung mring Sultan Pajang | pan kinarya macane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
049.044 ingandikan mring Ki Senapati | mantri pamajêgan cumundhuk ngarsa |[2] abukuh ing palungguhe | samya jêjêl supênuh | mung Ki Bacor kang nora prapti | pamajêgan sadaya | samya saos atur | kawula atur uninga | abdi dalêm pun Bacor awon kang ati | sumăngga ingkang karsa ||
049.045 amiyarsa[3] ing ature mantri | Senapati Ngalaga ngandika | sun tarima ing ature | suka sajrone kalbu | aningali kang para mantri | Senapati Ngalaga | ambêk manah sadu | amundhut êbrêm waragang | para mantri sadaya dipun kalihi | sawêg tigang dhêdhasar ||
049.046 Senapati angandika aris | sakathahe kănca pamajêgan | dipun emut sadayane | padha mangan anginum | sabên dina ulun puniki | anumpu kang manjangan | sun karya anginum | miwah banthèng lan maesa | kidang kancil wêdhus kalawan jêjawi | tămbra ulam saraga[4] ||
187–188 dari 650

 


bangbang. (kembali)
Lebih satu suku kata: mantri pamajêgan cundhuk ngarsa. (kembali)
Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
paraga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.41.10; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.38.10). (kembali)