Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
186–187 dari 650
1.857–1.866 dari 6.494
| 049.031 | Senapati Ngalaga anangis | jroning [[f. 175v]: jro...ning] nala dènira miyarsa | ingkang paman pituture | ramanira Ki Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | ngarasa yèn kabênêran | dyan sumilih Senapati ing Mêtawis | mlasasih aturira || |
| 049.032 | Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi manira angge | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh manira iki | seba mring Sultan Pajang | inggih karsa ulun | têtêpa anèng Mêtaram | têkèng pati tumuruna anak bejing | myang putu buyut canggah || |
| 049.033 | Kyai Juru Amartani angling | prayogane wicara manira | kita nênêdhaa age | maring Yang dipun asru | ingkang nyata aja kakêlir | Gusti lawan kawula | dèn wruh tunggalipun | kang sinêmbah mapan Alah | kang anêmbah nyatane iku pan gaib | lir satu lan rimbagan || |
| 049.034 | yèn wis yata[1] tingalirèng Widi | lah têdhanên nagara ing Jawa | idhêpa ing sira kabèh | sakèhe para ratu | mapan kita dadia aji | sumèlèha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yang Sukma | têmên-têmên kêna kêdap rasa sami | tunggal jalma myang Sukma || |
| 049.035 | kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | tan awèta kawêtu | selanira mapan kaaksi | dening sri naranata | lir kadi pukulun | dêlingêna pan nalika | laku linggih polah muna lawan muni | pracina dadi nata || |
| 049.036 | lamun kita asebaa isin | maring Pajang mintaa nêgara | têdhanên sangking ing kene | dene doh parêkipun | lamun nyata [[f. 176r]: nya...ta] wadya lan gusti | pan nora wêwangênan | ing Gusti Kang Agung | saangsike[2] ing kawula | kanyatahan lir srêngkara lawan manis | tan kêna pisahêna || |
| 049.037 | mapan kita ya Ki Senapati | sampun nunggal rasa lawan sultan | loro dadi sanunggile | mapan tarkaning ulun | lamun sultan têkaning lalis | dede kang panjênêngan | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi panjênênganira aji | najan anaa liyan || |
| 049.038 | najan kathaha putrane aji | datan liyan kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi galihipun | nanging kita putra sajati | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita sampun pasthi | anggêntosi sri sultan || |
| 049.039 | sira Ki Senapati wus olih | ingkang ujar dadya tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên maring Yang Widi | kita asru brăngtaa || |
| 049.040 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa mantri pamajêgan | padha liwat sakancane | ingandhêg karsanipun | marang Senapati Mêtawis | pamajêgan sadaya | cacah wolung èwu | ing sabên-sabên kang warsa | samya seba anrahakên bulupêti | ing Kangjêng Sultan Pajang || |
186–187 dari 650
| 1 | nyata(Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.32.1). (kembali) |
| 2 | saosike. (kembali) |