Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
188–189 dari 650
1.873–1.882 dari 6.494
| 049.047 | ginulawênthah [[f. 177r]: ginu...lawênthah] sakèhe mantri | ingkang pantês binasanan papan[1] | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sajati | ingkang pantês kinakang | kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | binasanan saèstu uwa kang krami | kang pantês binasanan || |
| 049.048 | ari mapan binasanan ari | ingkang pêrnah kaki basanira | kinaki-kaki kramane | mantri samya awuru | samya sênggag[2] sarya anglarih | ana kang ura-ura | kêkawin myang kidung | angêploki ing badhaya | Senapati Ingalaga suka galih | lan mantri pamajêgan || |
| 049.049 | kalangênanira Senapati | angandika samya abêdhayan | kinarya samudanane | ajamang akêkalung | gêlang kana êmêr lan pênding | kilat bau kancona | asêngkang panunggul | intên cinawi apadhang | sang yang surya kasênênan kucêm isin | mapan maring ujala || |
| 049.050 | padha năngga-năngga talam manik | wida sêkar gandane angambar | myang lisah jajêbadane | nulya lungguh ing pungkur | angandika marang ing mantri | pamajêgan sêdaya | angatak satuhu | anglisahi marang sira | amborèhi sêkare gajah anguling | tumrapa anèng kêrna || |
| 049.051 | mantri pamajêgan padha wêdi | aningali marang para graha | dene rumakêt basane | palungguhe mabukuh | padha ngrêpa kongjêm ing siti | mukanira sêdaya | ambêk manah sadu | dening sampun bapa biyang | tarkanira mring Senapati Matawis | tuhu taman [[f. 177v]: tama...n] kumêdhap || |
| 049.052 | Senapati angandika aris | kănca mantri majêgan sêdaya | sampun taha ing galihe | mapan sajrone nginum | pan sumăngga ulun ing rabi | sajawining ing rasa | wiyahe wong nginum | nêdya tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên marang ing masjid | ulun sumăngga alap || |
| 049.053 | mantri pamajêgan pinisalin | pan pinantês lan busananira | sarta lawan sakêrise | barêci kulukipun | sabuk cangap gombyok mas adi | mugèng sariranira | mulêt lir kêkuwung | toya mas abra unjyala[3] | pracalita katub ing maruta milir | lir sudama ngalihnya || |
| 049.054 | acêlona cindhe tanu èsthi | pinarada tinon murub muncar | gêbyar-gêbyar lir thathite | yèn cinincing kang kampuh | pan kasilir ing maruta di | lir pendah kinêpêtan | rasane puniku | pan angrasakakên nikmat | salamine dèrèng suka kadi mangke |[4] ana ing pamajêgan || |
| 049.055 | mantri pamajêgan mangênjali | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palungguhe | dening dibya asuyud | rêtna wadu widadyèng lungit | pa măngka dananira | arêmên dinulu | kita kinudang ing prana | pan kawahan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa sisingan || |
| 049.056 | Senapati Ngalaga marêp ing | wus mulat ing mantri mamajêgan[5] | sampun apranata kabèh | kapya jêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan samya tuhu | ramping-arampinging tanggap | ngêdap sasmita [[f. 178r]] satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga || |
188–189 dari 650
| 1 | paman (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.42.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.39.2). (kembali) |
| 2 | sênggak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.43.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.43.5). (kembali) |
| 3 | ujyala. (kembali) |
| 4 | Biasanya guru lagu i: mangkin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.49.9). (kembali) |
| 5 | pamajêgan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.51.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.51.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.47.2). (kembali) |