Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
189–190 dari 650
1.883–1.892 dari 6.494
049.057 mantri bêksa pan kagiri-giri | kaêngkara[1] ambêk gora gadha | tan agêng ing itungane | sela nulya tinêmpuh | pan bobote anigang dhacin | manmrinira[2] arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh angêrês sinăngga | kang rasa ta lir kapuk salămba sami |[3] ngumbulakên mring wiyat ||
049.058 kadi rupa alap-alap paksi | tiningalan katonnya saalap | tan antora mudhun age | pan sinăngga ing gundhul | pan tinundha sinăngga gigir | ramya dènnya babêksan | yèku umbul watu | ana gendhong lêsung ika | tinitiran jalma akèh kapya nitih | lir toya nanggèng palwa ||
049.059 galaganjur binêksanan kêris | bêksa tumbak lawan bêksa panah | ana ingkang bêksa tamèng | ingumbulakên muluk | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | tinadhahan pupu | lawan tinadhahan netra | amrang lêngên amugêr tumbak lan kêris | pupu têguh tinatah ||
049.060 mantri wira lir banthèng akanin | para tantang lawan para campah | landheyan dèn ugêr age | waos sigra tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane kayun lan baka | tumbak kêris têmêne tan anêdhasi | maring jatining jalma ||
049.061 sigra matur ingkang para mantri | pan kawula adunên ing yuda | ing Mêtaram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan musuh [[f. 178v]] ing rama aji | yèn gusti ngajanana | kawula pan purun | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gingsir | sangking awrate dana ||
049.062 sinaoskên wutahe kang gêtih | lan tugêle ing jăngga kawula | kang minăngka panaure | dana krama tuwanku | datan wontên têmbange malih | nanging têmah prasêca | jilmaa ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | sampun lyan trah paduka ||
049.063 tinarima sakathahe mantri | ingkang sami umatur prasêca | Senapati andikane | sadaya sanak ulun | pintên banggi sagêd mangsuli | ing sih pracayanira | kang marang ing ulun | kang mugi kalujêngana | sami-sami kawula titahing Gusti | Sukma kang mangsulana ||
049.064 nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | ingkang surya mèh surup | Senapati lunga sira glis | arsa anamur lampah | ing pondhokanipun | para mantri pamajêgan | kapargata pondhoke Ki Bocor nênggih | Senapati anamar ||
049.065 Senapati tumulya angrampit | Kyai Bocor nuju lalênggahan | ingadhêp para lurahe | Kyai Bocor amuwus | angrasani kancane mantri | tan wêruh kabêcikan- | ira sang aprabu | Sultan Pajang nora kurang | pasihane mring kancaku para mantri | pamajêgan sêdaya ||
049.066 tanpa [[f. 179r]: ta...npa] gawe pasihane gusti | mring kancaku mantri pamajêgan | apa kang dèn walêsake | marang kangjêng sang prabu | padha suyud mring Senapati | kapencut buja krama | lali mring sang prabu | kaya wong kêna ing guna | sun arani kabèh padha kurang pikir | yèn mungguh kaya ingwang ||
189–190 dari 650

 


1 Bandingkan: anglêngkara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali)
2 mantrinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.56.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.6). (kembali)
3 Bandingkan: karatala lir kapuk salămba sami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.9); karatala lir kapuk salămba sigih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.1.9). (kembali)