Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
184 dari 650
1.831–1.840 dari 6.494
049.005 kangjêng sultan ratu dibya sêkti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salămba anane | sakèhe wadya ngrungu | padha kagyat sajroning ati | dene sami miyarsa | pangêndika ulun | wadya matur awotsêkar | jêng sang nata kawula miyarsa warti | Risang Sutawijaya ||
049.006 satuhune tan sohan nêrpati | arsa balik anganti jalaran | mantri pamajêgan kilèn | ingandhêg sadyanipun | kangjêng sultan ngandika aris | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa [[f. 173r]: ma...ringa] Mêtaram | dèn waspada pratingkahe Senapati | Ngalaga ing Mêtaram ||
049.007 duta kalih sampun binisiki | mangusapi lêbu ing suku sang | duta kalih mêsat age | anitih kuda maprung | aglis prapta nagri Mêtawis | Senapati pan sonya | Lingpura[1] sinusul | sigra dhatêng ing Lipura | Senapati kapanggih luhuring waji | tan arsa yèn mudhuna ||
049.008 Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Ki Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun sangking jaran age | dhawuhakên kang wuwus | kangjêng sultan mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | aris dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun sangking waji | Senapati Ngalaga ||
049.009 maksih amanggung anitih waji | jêngandika utusaning nata | nisthaning mantri tandange | dene mudhun karuhun | sangking kuda kang dèn timbali | maksih manggung nèng kuda | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang angutus sarupa lan duta singgih | dening wus tunggal rasa ||
049.010 Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Ki Ngêbèi Wilamarta nêdha | mudhun sangking jaran age | adhawuhakên wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn tan wruh kang timbalan | rama ji pan mundhut | Senapati Ingalaga | duta kalih mangkya mudhun sangking waji | Senapati Ngalaga ||
049.011 maksih manggung anèng luhur waji | Ki Ngabèi Wilamarta mujar | Kyai Gêdhe Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | mapan sampun uninga | yèn duta sang prabu | tan akarsa [[f. 173v]] ngudhunana | sangking jaran pêkênira lawan mami | tuhu duta kang nistha ||
049.012 Senapati angandika aris | Ki Wuragil lawan Wilamarta | baya ingutus sang katong | duta kalih amuwus | dahat ulun putraning aji | angêmban pangandikan- | ira sang aprabu | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | lan kinèn akurèswa[2] ||
049.013 duta kalih sinauran angling | sarta maksih manggung luhur kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap patilasan | lawan garwanipun | sarta kinèn marènana | mangan nginum apakêna ulun maksih | doyan nginum amangan ||
049.014 ulun kinon acukura iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pageneya cinukur | salah gawe ulun puniki | têka para matura | marang sang aprabu | yèn mangkono atur ingwang | duta kalih Wilamarta lan Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
184 dari 650

 


Lipura (dan di tempat lain). (kembali)
Di atas kata "akurèswa" ini tertulis "[a]parasa" rupanya sebagai koreksi. Bandingkan: myang kita akurisa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.12.10; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.10); myang kita akurèsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.11.10). (kembali)