Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 149
189–190 dari 650
1.886–1.895 dari 6.494
| 049.060 | mantri wira lir banthèng akanin | para tantang lawan para campah | landheyan dèn ugêr age | waos sigra tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane kayun lan baka | tumbak kêris têmêne tan anêdhasi | maring jatining jalma || |
| 049.061 | sigra matur ingkang para mantri | pan kawula adunên ing yuda | ing Mêtaram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan musuh [[f. 178v]] ing rama aji | yèn gusti ngajanana | kawula pan purun | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gingsir | sangking awrate dana || |
| 049.062 | sinaoskên wutahe kang gêtih | lan tugêle ing jăngga kawula | kang minăngka panaure | dana krama tuwanku | datan wontên têmbange malih | nanging têmah prasêca | jilmaa ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | sampun lyan trah paduka || |
| 049.063 | tinarima sakathahe mantri | ingkang sami umatur prasêca | Senapati andikane | sadaya sanak ulun | pintên banggi sagêd mangsuli | ing sih pracayanira | kang marang ing ulun | kang mugi kalujêngana | sami-sami kawula titahing Gusti | Sukma kang mangsulana || |
| 049.064 | nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | ingkang surya mèh surup | Senapati lunga sira glis | arsa anamur lampah | ing pondhokanipun | para mantri pamajêgan | kapargata pondhoke Ki Bocor nênggih | Senapati anamar || |
| 049.065 | Senapati tumulya angrampit | Kyai Bocor nuju lalênggahan | ingadhêp para lurahe | Kyai Bocor amuwus | angrasani kancane mantri | tan wêruh kabêcikan- | ira sang aprabu | Sultan Pajang nora kurang | pasihane mring kancaku para mantri | pamajêgan sêdaya || |
| 049.066 | tanpa [[f. 179r]: ta...npa] gawe pasihane gusti | mring kancaku mantri pamajêgan | apa kang dèn walêsake | marang kangjêng sang prabu | padha suyud mring Senapati | kapencut buja krama | lali mring sang prabu | kaya wong kêna ing guna | sun arani kabèh padha kurang pikir | yèn mungguh kaya ingwang || |
| 049.067 | atandhinga wulêde ing kulit | myang karosan lawan kadigjayan | atêmua ngêndi gone | samêngko ingsun purun | katêmua besuk sun wani | kapengin têmên ingwang | arêp atatêmu | arsa ingsun ayonana | sun cobane marang kêris ingsun iki | yèn tan busik tan babak || |
| 049.068 | kêrisku Si Kêbodhêngên iki | yèn adade ingkang kuna-kuna | nora pilih ing jalmane | tan ana wong kang têguh | kang katiban pêsthi yèn mati | najan nora pasaha | amêsthi yèn lampus | Senapati Ingalaga | dèn prayitna yèn sira bakal ngêmasi | rabimu ari răndha || |
| 049.069 | pasthiningsun arêp ngaku gusti | marang Senapati Ingalaga | yèn nora pasah kulite | ya ta ing besuk dalu | kapiyarsa mring Senapati | Ki Bacor wuwusira | mèngsêm jrone kalbu | Ki Bocor nora uninga | yèn Ki Gêdhe Senapati namur sandi | lungguh ana ing latar || |
189–190 dari 650