Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
191–192 dari 650
1.910–1.919 dari 6.494
049.084 Kyai[1] Juru widyahdyèng[2] [[f. 181r]: wi...dyahdyèng] ing wadi | mapan wikan ciptèngira suta | tumulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Lipura kadhatun | tumulya sira kapêdhak | Kyai Gêdhe Senapati pan aguling | nginggil sela gêgilang ||
049.085 Kyai Juru Amartani angling | sarwi gugah marang Senapatya | awungua dipun age | apa ana ing luwur[3] | dènnya guling kotbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyèt sigra wungung[4] | tumingal aris ngandika | apa sira mancorong ing luhur iki | satuwuk dèrèng mulat ||
049.086 wus tangia sigra dènnya angling | wruhanira jênêng ulun wintang | wêwarta marang dhèwèke | dening sira anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | uwis sêdhêng marènana | gya muliha kang dira[5] pêlêng wus kêni | sru brăngta mati raga ||
049.087 mapan sira jumênêng Mêtawis | dadi nyata amêngku ngrat Jawa | sineba ing ratu kabèh | debya sêkti pukulun | para ratu ing tanah Jawi | kalah dèn ta sadaya | kabèh padha nungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Mêtawis | Jawa tanpa sisingan ||
049.088 buyutira jumênêng Mêtawis | ing Mêtaram suka awibawa | sugih rêtna kêncanane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagaranira rêngka | myang wintang kumukus | grahana sasi lan surya | gugur gunung udan awu lan karikil | pratăndha nagri rusak ||
049.089 nulya wintang sirna myang wiyati | dyan sumilih [[f. 181v]: sumi...lih] Senapati mujar | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabon |[6] têkèng suta myang putu benjing | buyut pan dadi nata | ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
049.090 Kyai Juru Amartani angling | sutèng ulun Senapati sira | ayya ujub myang kibire | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bêgja têkèng saksana | sira manggih mungsuh | satêngahirèng payudan | yèn nyidraa ujar wintang ingkang bumi | kaya pagenanggeha |[7]|
049.091 kadipundi gèn ingsun ngandêli | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | nora pêsthi tinêmu | beda jalma pêsthi tinagih | ujar dudu lan iya | pasthi yèn katêmu | dene sami lawan kita | rèh sumêja is[8] arane puniki |[9] wênang dudu lan iya ||
049.092 ing saksana yèn prapta ing jurit | nora wurung para lawan mara | kapangguh ing payudane | kalah lan mênangipun | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya puniku | yakti jumênêng nalendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi dadi tawanan ||
049.093 Senapati kèmêngan ing galih | amiyarsa sabdane kang paman | Kyai Juru Martanine | Senapati sumaur | kadipundi rèh dika mangkin[10] | ulun tanpa rerehan | sakarsanira nut | ing saparipolah ingkang | ulun paman dadia karya sawiji | cara sarêm sarêmbat ||
191–192 dari 650

 


Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
widyagdyèng. Bandingkan: widagdyèng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.1); widigdèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.1); widadya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.13.1); widagdèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.71.1). (kembali)
Bandingkan: luhur (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.14.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.73.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.80.4). (kembali)
wungu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.14.7; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.73.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.80.7). (kembali)
sira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.15.9). Bandingkan: dera (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.81.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.81.9). (kembali)
Biasanya guru lagu u. Bandingkan: kaprabun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.18.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.77.4). (kembali)
Bandingkan: kaya ta kapagguha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.78.10). (kembali)
jais (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9). Bandingkan: zaiz (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali)
Kurang satu suku kata: rèh sumêja jais arane puniki. Bandingkan: rèhning swara jais arane puniki (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9); rèh supêna zaiz arane puniki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali)
10 Terdapat dobel sandangan: mangkin atau mangken. (kembali)