Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
192–193 dari 650
1.915–1.924 dari 6.494
049.089 nulya wintang sirna myang wiyati | dyan sumilih [[f. 181v]: sumi...lih] Senapati mujar | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabon |[1] têkèng suta myang putu benjing | buyut pan dadi nata | ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
049.090 Kyai Juru Amartani angling | sutèng ulun Senapati sira | ayya ujub myang kibire | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bêgja têkèng saksana | sira manggih mungsuh | satêngahirèng payudan | yèn nyidraa ujar wintang ingkang bumi | kaya pagenanggeha |[2]|
049.091 kadipundi gèn ingsun ngandêli | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | nora pêsthi tinêmu | beda jalma pêsthi tinagih | ujar dudu lan iya | pasthi yèn katêmu | dene sami lawan kita | rèh sumêja is[3] arane puniki |[4] wênang dudu lan iya ||
049.092 ing saksana yèn prapta ing jurit | nora wurung para lawan mara | kapangguh ing payudane | kalah lan mênangipun | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya puniku | yakti jumênêng nalendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi dadi tawanan ||
049.093 Senapati kèmêngan ing galih | amiyarsa sabdane kang paman | Kyai Juru Martanine | Senapati sumaur | kadipundi rèh dika mangkin[5] | ulun tanpa rerehan | sakarsanira nut | ing saparipolah ingkang | ulun paman dadia karya sawiji | cara sarêm sarêmbat ||
049.094 Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | ana ujar ing dalile | ing Pangeran Kang Agung | gampangêna ing ulun iki | sakèhe kang sinêdya | kang angèl puniku | dhasare anêru brăngta | anjursari kang dèn pêlêng saha dening | lah nêdha linaksanan ||
049.095 ulun[6] ingkang [[f. 182r]] mring Gunung Marapi | pakanira maringa samodra | têdhanên ing Allah dhewe | nyatakêna ing kayun | ing gampange kêrsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | karo pan tumanduk | Senapati Ingalaga | ngetan bênêr manjing wana sigra prapti | anggêbyur Kali Umpak ||
049.096 nglangi bathang anurut ing kali | ana alor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ngulun apanggih | kalawan gustiningwang | mangke ingwang naur | utang ingsun duk ing kina | dyan sinăngga Senapati ing Mantawis | tan têlês dening toya ||
049.097 alor ika purwanira uni | tatkalanya Senapati sira | acangkrama sawangane | Kali Samas kinêbur | kinarakad jambêt myang cundhik | anco lawan pêpêcak | wuwu sèsèr susuk | salir mina sami têlas | ana alor kapanggih dhasaring warih | kagiri-giri gêngnya ||
049.098 pan kasatan mêntas datan kêni | wong Mêtaram samya parêbutan | anyêkêli ing olore | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | alor dibya anung | sigra sira binusanan | ajamang mas akêkalung lulut adi | kang kinarya kêncana ||
192–193 dari 650

 


Biasanya guru lagu u. Bandingkan: kaprabun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.18.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.77.4). (kembali)
Bandingkan: kaya ta kapagguha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.78.10). (kembali)
jais (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9). Bandingkan: zaiz (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali)
Kurang satu suku kata: rèh sumêja jais arane puniki. Bandingkan: rèhning swara jais arane puniki (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9); rèh supêna zaiz arane puniki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: mangkin atau mangken. (kembali)
Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)