Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49 dari 149
192–193 dari 650
1.920–1.929 dari 6.494
049.094 Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | ana ujar ing dalile | ing Pangeran Kang Agung | gampangêna ing ulun iki | sakèhe kang sinêdya | kang angèl puniku | dhasare anêru brăngta | anjursari kang dèn pêlêng saha dening | lah nêdha linaksanan ||
049.095 ulun[1] ingkang [[f. 182r]] mring Gunung Marapi | pakanira maringa samodra | têdhanên ing Allah dhewe | nyatakêna ing kayun | ing gampange kêrsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | karo pan tumanduk | Senapati Ingalaga | ngetan bênêr manjing wana sigra prapti | anggêbyur Kali Umpak ||
049.096 nglangi bathang anurut ing kali | ana alor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ngulun apanggih | kalawan gustiningwang | mangke ingwang naur | utang ingsun duk ing kina | dyan sinăngga Senapati ing Mantawis | tan têlês dening toya ||
049.097 alor ika purwanira uni | tatkalanya Senapati sira | acangkrama sawangane | Kali Samas kinêbur | kinarakad jambêt myang cundhik | anco lawan pêpêcak | wuwu sèsèr susuk | salir mina sami têlas | ana alor kapanggih dhasaring warih | kagiri-giri gêngnya ||
049.098 pan kasatan mêntas datan kêni | wong Mêtaram samya parêbutan | anyêkêli ing olore | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | alor dibya anung | sigra sira binusanan | ajamang mas akêkalung lulut adi | kang kinarya kêncana ||
049.099 nulya sira nguculakên aglis | alor ika sampun sinung aran | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir baskara ujyala sami | lamun tinon ing toya | pangagennya murub | lir palwa ingabong ika | saparane samya gawok kang ningali | mapan ratuning mina ||
049.100 Senapati anganyut ing kali [[f. 182v]] | mapan kandhêk anèng ing Bangkawa | ngadêg samodra pinggire | alun sêgara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadya gêlap | gêdhene sagunung | tan owah ing warnanira | sandeya tyas Senapati masukêt ing | manah dèrèng kabuka ||
049.101 Senapati manahira wani | malêbua sajroning samodra | sangking ewuh ing margane | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | sigra dhatêng kang plahara | umyus mêsês bayu badranira angin | anug kayu rug sêmpal ||
049.102 sêgaranya gumêtêr awêdi | toya minggah lir ngungkuli arga | Senapati ing lêbune | kagnyat[2] Nyai Ra Kidul | duk tumurun dènira linggih | arsa amanggihana | kang ngontêrkên banyu | baya ingaran kiyamat | mêngko iki Nyai Kidul adhatêngi | tumêkèng pinggirira ||
049.103 Nyai Kidul mulat jagat ênting | kang kasăngga dènirèng buwana | tan ana jalma liyane | mung Senapati iku | ingkang ngadêg pinggiring tasik | tan ana lyan katingal | nanging jalma luhung | Nyai Kidul sigra mujar | baya iki kang gawe obahe tasik | antya dènira rusak ||
192–193 dari 650

 


1 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
2 kagyat. (kembali)